Font size
WorksheetsBhs jawa 7 Ganjil
Total questions: 60
Worksheet time: 48mins
1. Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem.
Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Kolaborasi
b. Idhentifikasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
2. Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata: kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.
Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Idhentifikasi
b. Kolaborasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
3. Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake maneka warna wahana kanggo dolanan, kayata : kreta kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang papan panggonan kasebut.
Paragraf ing dhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku ….
a. Idhentifikasi
b. Klasifikasi
c. Kolaborasi
d. Deskripsi bageyan
4. Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau.
Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan
Yen bu guru dhawuh prayogane bocah - bocah kudu ngrungokake, amarga pituture bu guru iku becik yen ditindhakak.
Tembung dhawuh ing dhuwur kalebu tembung .…
a. Wilangan
b. Kahanan
c.Panyilah
d.Kriya
Sampun setunggal taun anggenipun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki .
Tembung “kawruh” ing ndhuwur kalebu tembung ….
a. Aran
b. Wilangan
c. Kahanan
d. Katrangan
Kalawingi Budhe Narmi tindhak menyang Surabaya amarga arep dherek lomba nembang macapat.
Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Cara
b. Wektu
c. Upaya
d. Panggonan
Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.
Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya
Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....
a. Menyang
b.Sendang biru
c. Para pengunjung
d. Kendaraan umum
I. Aku tuku gula ing pasar
II. Kula tumbas gendhis wonten ing peken
III. Kula mundhut gula ing peken
IV. Kula mundhut gendhis ing peken
Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….
a.1
b.2
c. 3
d.4
Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.
Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a.Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b.Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c.Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d.Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.
Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka" kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka ….
a. Sesulihing Gunung Arjuna
b. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
c. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
d. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang
Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.
Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung coklat
c.Candi penataran
d.Pesarean bung karno
Telaga Sarangan iku dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih 16 km saka kutha.
Tembung kurang luwih yen karunut miturut macane nggunakake swara ….
a. U jejeg, A jejeg, U jejeg, I miring
b. U jejeg, A miring, U jejeg, I jejeg
c. U miring, A miring, U jejeg, I jejeg
d. U miring, A jejeg, U jejeg, I miring
Mbah Sastra duwe pekarangan kang amba banget, dhewekke seneng ngingu kewan, akeh maneka warna kewan kang ana ing pekarangan kayata : sapi, wedhus, kebo, pitik, kelinci, bebek, menthog.
Manut teks ing dhuwur tembung kang nganggo swara miring yaiku ….
a Sapi
b. Kebo
c. Kelinci
d. Wedhus
Sawise lulus saka STOVIA, Dr Soetomo banjur nerusake perjuwangane ing Kutha Surabaya. Liwat organisasi Budi Utomo. Dr. Soetomo uga ngedegake organisasi putri Mardika, yaiku sawijine organisasi kewanitaan kang nerbitake ariwarti Darma Kandha, sawijining surat kabar kang digunakake propaganda merjuwangake kamardikan.
Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
a. Surasa
b.Wasana
c. Pembuka
d. Identifikasi
1. Wekasan Riwayate
2. Perjuwangan lan lelabuhan
3. Riwayat Pakaryan
4. Asal Usul tokoh
5. Anugrah kang diterima
1. Pranyatan nomer … lan … ing dhuwur kalebu isi panutup / wasana teks profil.
a 2 lan 3
b. 1 lan 5
c. 2 lan 4
d. 1 lan 3
Tokoh iki salah sawijining tokoh ing bal balan ( sepak bola ) kang ana ing Negara Indonesia dhewekke nalika dadi pemain bal-balan iku dadi kapten kang kasil gawa tim Indonesia dadi juwara ngrebutake piala AFF tahun 2013, Saka watake kang teges lan disiplin, mimpin kanca kancane dadi tim kang kuat lan bisa dibanggaake.
Paraga utama crita ing dhuwur yaiku …
a. Syahrul
b. Evan Dimas
c. Leonel Missi
Valentino Rossi
Lelabuhanipun Bung Hatta kangge Negara Indonesia kathah sanget, piyambakipun aktif wonten organisasi kepemudaan, salah satunggaling perjuwangan saking Bung Hatta inggih menika dados wakiling bangsa Indonesia ana ing Perundingan yaiku Konferensi Meja Bundar kang dianakake ing negari Walanda kang isine nyuwun datheng negara ing donya lan negri Walanda kedaulatan Indonesia amargi bangsa Walanda iku melu ngatur pemerintahan Indonesia kamangka Indonesia wis mardika. Saliyane iku Bung Hatta uga gadhah jejuluk yaiku Bapak Koperasi Indonesia amarga kiprahipun kangge kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat damel koperasi.
Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
a.Surasa
b.Wasana
c.Pambuko
d.Identifikasi
Wingi Dina nyilih buku ceritamu amarga dewekke seneng 2. Potlote apa wis kokbalekake
3. Payunge digawa bapak
4. Amarga kowe bali dhisik dadi tasmu dakgawakna
Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku … Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ….
a. Nyilih
b. Gawakake
c. Dakgawakkake
d. Kok balekake
1. Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambar ing ngisor iki tuladhane paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….
a. B.J Habibi
b. Ir Soekarno
c. Jendral Sudirman
d. Bung Tomo
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 22 lan 23!
Bu Lastri priyantun saking Ngayogyakarta, piyambakipun remen marang budaya Jawi mligine wonten ing nembang, yen nembang swantenipun sae. Tembung “ nembang “ yen karunut pikantuk ….
a. Seselan ( N )
b. Sisipan ( in )
c. Ater ater ( N )
d. Ater ater ( Ny)
Pakaryan ( penggawean ) bu Lastri inggih menika ….
a. Niyaga
b. Sinden
c. Waranggana
d. Dalang
1. Ing Tahun 2004 ing Negara Yunani dianakake pesta olahraga kang disengkuyung dening para atlit sadonya, ana salah sawijining paraga saka Negara Indonesia kang antuk juwara ing olahraga badminton yaiku Taufik Hidayat.
Taufik Hidayat uga sinebut pahlawan amarga ….
a. Nyiptakake teknologi
b. Berjuang mbela kamardikan
c. Berjuang ing bidang Pendidikan
d. Kasil nggowo emas ing Olympiade
Kaprigelane nggunakake biola nuwuhake cipta lagu kayata Indonesia Raya, Di Timur Matahari lan sapanunggalane. Saka kuwi dheweke banjur diwenehi anugrah Pahlawan Nasional.
Tembung “kaprigelane“ ing dhuwur nduweni teges ….
a. Pakaryane
b. Sakbenere
c. Irah-irahane
d. Keterampilane
Sanajan Punakawan (Semar, Gareng, Petrok lan Bagong iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya sing duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti sing ditindakake. Punakawan sing jujur, prasaja lan ora neka-neka.
Crita wayang ing dhuwur nuduhake unsur ....
a.Latar
b. Tokoh
c. Watak tokoh
d. Pesen/Amanat
KARNA TANDHING
Perang Bharatayuda tambah dina ora mendha, ananging sansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambune anyir ludirane para prajurit campur bangere bathang kewan tunggangane.
Perang Bharatayuda yaiku perang antarane ....
a. Bharata lan Yuda
b.Pandawa lan Karno
c.Kurawa dan karno
d. Pandawa lan Kurawa
Wacanen dialog ing ngisor iki!
Anak: Assalamualaikum
Ibu : Waalaikumsalam, piye kabarmu Nak ?”
Anak : Alhamdulillah, kabar sae Bu.”
Ibu : Sliramu apa wis mangan, Nak ?”
Anak : ...
Manut unggah-ungguhe, ukara sing bener kanggo mangsuli pitakone Ibu yaiku ....
a. Wis, Bu, mau isuk aku wis mangan.
b. Wis, Bu, wau enjing kula wis nedha.
c. Sampun, Bu, wau enjing kula sampun dhahar.
d. Sampun Bu, kalawau enjing kula sampun nedha.
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 29 lan 30!
Ninggal Arjuna sing atetawang tangis sinambi mbopong kunarpana Sang Adipati Karna tumuju pakuwone Pandawa. Kunarpane Adipati Karno karukti dening para kadang Pandawa kairing donga puji. Iku minangka bukti yen tali paseduluran apa maneh tunggal bapak lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot kerana urusan donya.
@ Teks narasi ing nduwur kalebu struktur .…
a. Klimaks
b.Resolusi
c.Reorientasi
d.Amanat
1. Dudutan/ kesimpulan sing bisa dijupuk saka paragraf ing nduwur njelasake nilai .…
a. Unggah-ungguh
b.Tata krama
c.Budi pekerti
d.Sopan santun
1. 1) Orientasi
2) Resolusi
3) Komplikasi
4) Klimaks
5) Reorientasi
6) Koda/ amanat
Urutan struktur teks narasi ing ndhuwur kang baku yaiku ….
a. 1 – 3– 2 – 4 – 5 - 6
b. 2 – 6 – 4 – 1 – 5 – 3
c.3 – 4 – 1 – 5 – 6 - 4
d. 1 – 3 – 4 – 2 – 5 – 6
1. Menawi makaten Kakang Adipati Karna, monggo enggal karampungaken jejibahan punika.” Arjuna atur sembah lan sumadiya nyengklak kreta perang, semono uga Adipati Karna.
Miturut struktur teks narasi, paragraf ing dhuwur kalebu bagean ....
a.Orientasi
b.Resolusi
c.Komplikasi
d.Amanat
Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis (dicepaki) ubarampene (kelengkapan) sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan.
Tembung sang bagaskara tegese ....
a. Bumi
b.Lintang
c. Rembulan
d. Srengenge
Para pahlawan rela ngorbanake jiwa raga kanggo bangsa lan negara Indonesia.
Tembung jiwa raga kalebu jinise tembung ....
a. Entar
b. Garbo
c. Saroja
d.Dasanama
1. Pantai Pelang endahe pancen kondhang
Pantai Prigi bisa andudut ati.
Tembung andudut ati kalebu tembung ….
a.Purwokanti
b.Tembung entar
c..Tembung Sarojo
d.Tembung dasa nama
Pak Kardi pingget atine jalaran wis diapusi putrane dhewe.
Tembung pingget atine tegese ....
a. Sabar
b.Jengkel
c. Seneng
d.Loro atine
Crita wayang kulit lan wayang wong pada, mung beda paragane/ tokoh. Lakone jupuk saka kitab Mahabarata utawa Ramayana. Salah sawijine paraga (tokoh) yaiku Pandhawa.
Kang diarani panengahe Pandhawa
a.Bimo
b.Arjuno
c.Sengkuni
d.Duryadana
1. Tembung kang gunane kanggo ngurmati wong sing diajak omong-omongan, yaiku:
1. Wong sing durung kenal
2. Wong enom marang wong tuwa
3. Wong sing luwih dhuwur drajat lan pangkate
Manut unggah-ungguh basane
katrangan ing nduwur kalebu basa ....
a.Kromo Alus
b.Kromo Lugu
c.Ngoko Alus
d.Ngoko Lugu
Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 40 – 43!
YEN ING TAWANG ANA LINTANG
(Pangripta: Anjar Any)
Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa, nimas
Sun takokne pawartamu
Janji-janji aku eling, cah ayu
Sumedhot rasane ati
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas
Tresnaku sundhul wiyati
Reff: Dhek semana janjimu disekseni
Tindak-tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur, katutuh, kapatuh, pan dadi awon.
Rakitaning tetembungan ing nduwur diarani ….
a. Purwakanthi guru lagu
b. Purwakanthi Lumaksito
c. Purwakanthi guru swara
d.Purwakanthi guru lagu
Semaken irah-irahan/ judul tembang ngisor iki!
· Cidra
· Caping Gunung
· Suwe Ora Jamu
· Stasiun Balapan
· Cublek-cublek Suweng
· Gundhul-gundhul Pacul
· Yen ing tawang ana lintang
Tembang ing nduwur kang kalebu tembang dolanan yaiku ....
a. Cidra, suwe ora jamu
b. Stasiun balapan, caping gunung
c. Cublak-cublak suweng, gundhul-gundhul pacul
d. Yen ing tawang ana lintang, cublak-cublak suweng
Semaken ukara ngisor iki!
1. Tatune methunthung mentheng-mentheng.
2. Anggonmu golek rejeki aja brangasan, sing penting sluman, slumun, slamet.
3. Bagas iku pancene ndablek ditimbali ibune inggah-inggih nanging ora kepanggih.
4. Jaman saiki golek jodho ora bisa ngawor, kudu didheleng babat, bibit, bobot, bebete.
Ukara nomer … lan ... migunakake purwakanthi guru sastra.
a. 2 lan 3
b. 4 lan 2
c. 3 lan 1
d. 1 lan 4
1. Gamelan sing diunekna bareng-bareng kanthi cara sing bener bakal ndadekna suara kang enak dirungakno. Gamelan nduweni ... titi laras.
1 Macem
2 Macem
3 Macem
4.Macem
Yo para kanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhange kaya rina
Rembulane kang awe-awe
Ngelingake aja turu sore
Tembung “rembulan” tegese ....
a. Candra
b. Kartika
c.Panggonan
d. awang-awang
1. Wacanen pacelathon/ dialog ing ngisor iki!
Irma : “ Ran, sesuk apa sida ulangan Basa Jawa?”
Rani : “ Sida Ir, apa kowe ora ngerti?”
Irma : “ Ora, jalaran aku pertemuan minggu kepungkur ora mlebu sekolah amarga lara.”
Rani : “ Yen ngono mengko sore sinau bareng bae ya Ir, ning omahmu.”
Irma : “ Ya, kebeneran aku mengko tak ngajak Sinta.”
Rani : “ Ya tak enteni tekamu, kae bel sekolah wis muni, ayo ndang mlebu kelas .”
Pacelaton/ dialog ing nduwur migunakake ragam basa ….
a. Ngoko lugu
b. Kromo lugu
c.Kromo alus
d. Kromo inggil
Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake maneka warna wahana kanggo dolanan, kayata : kreta kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang papan panggonan kasebut.
Paragraf ing dhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku ….
a. Idhentifikasi
b.Klasifikasi
c.Kolaburasi
d.Deskripsi bagean
1. Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata: kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.
Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....
a. Identifikasi
b. Kolaburasi
c.Klasifikasi
d.Deskripsi bagean
Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake maneka warna wahana kanggo dolanan, kayata : kreta kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang papan panggonan kasebut.
Paragraf ing dhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku ….
a. Identifikasi
b. Klasifikasi
c. Kolaborasi
Deskripsi bagean
1. Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....
a.Menyang
b.Sendang biru
c.Para pengunjung
d. Kendaraan umum
Adikku nggawa buku Matematika kanggo sinau.
Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d.Panggonan
1. Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.
Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c.. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
Pitakonan ing ngisor iki gawenen basa kromo madya
1. Ibu nandor kembang ono ing ngarep omah lan wati sinau basa jawa
(a)
2. Bapak tuku sego neng warung ngarep omah
(a)
3. Mbak rina tuku klambi neng pasar ngawi
(a)
4. Simbah lungo menyang suroboyo numpak bus Mira
(a)
5. Bapak ngombe es ibu maem sego rawon
(a)
Bapak budal menyang kantor karo nggonceng mbah putri menyang toko kelontong
Kang mas Bayu budal menyang jakarta golek penggawean
Arman saiki wes kelas 7 ono ing Kalimantan
Saiki omae Pak lurah ono ing kuto Palembang wes di bangun Apik
Saiki Ayo podo sinau bareng soale minggu ngarep wes wayae ujian semester ganjil
