Worksheetsdrama tradisional bahasa jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 25mins
"Tangga" pangucapane ing swara jejeg yaiku...
Tonggo
Tanggo
Tongga
"Kanca" pangucapane ing swara jejeg yaiku...
Konco
Kanco
Konca
"Paman Ken Sora dados Nayapati"
Panulisan aksara Jawa sing bener kanggo tembung ing nduwur yaiku...
ꦦꦩꦤ꧀ꦑꦺꦤ꧀ꦱꦺꦴꦫꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦟꦪꦥꦠꦶ
ꦦꦩꦤ꧀ꦑꦺꦤ꧀ꦱꦺꦴꦫꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦪꦥꦠꦶ
ꦥꦩꦤ꧀ꦑꦺꦤ꧀ꦱꦺꦴꦫꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦪꦥꦠꦶ
ꦦꦩꦤ꧀ꦑꦺꦤ꧀ꦯꦺꦴꦫꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦟꦪꦥꦠꦶ
"Tlalene gajah kuwi tatu"
Yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi...
ꦠ꧀ꦭꦭꦺꦤꦺꦒꦗꦃꦏꦸꦮꦶꦠꦠꦸ
ꦠꦭꦺꦤꦺꦒꦗꦃꦏꦸꦮꦶꦠꦠꦸ
ꦫꦗꦃꦏꦸꦮꦶꦠꦠꦸ
ꦠ꧀ꦭꦭꦺꦤꦺꦒꦗꦃꦏꦸꦮꦶꦩꦠꦸ
Tembung ing ngisor iki yen ditulis aksara jawa sandhangan pepet yaiku...
Lele
Duren
Sepet
Sendok
Aksara murda ing aksara jawa digunaake nalika...
Tembung ing awal ukara
Nulis jenenge uwong lan kutha
Nulis jenenge Raja
Tembung sakwise titik
Sandhangan ing dhuwur jenenge...
Wignyan
Layar
Pangkon
Pengkal
1) ꦲꦢꦶꦒꦁ꧈ꦲꦢꦶꦒꦸꦁ꧈ꦲꦢꦶꦒꦸꦤ
2) ꦮꦶꦠꦶꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦏꦏꦸꦭꦶꦤ
3) ꦧꦥꦏ꧀ꦔꦸꦤ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦺꦴꦥꦶꦏꦫꦺꦴꦩꦕꦏꦺꦴꦫꦤ꧀
4) ꦔꦸꦤ꧀ꦝꦸꦃꦮꦺꦴꦲꦶꦁꦥꦏꦼꦂꦠꦶ
5) ꦦꦿꦧꦸꦄꦗꦶꦱꦏꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦣꦺꦴꦫ
Saka pilihan ing dhuwur, kang kalebu paribasan Jawa yaiku...
1
1, 2, 4
1, 2, 5
2, 4, 5
ꦩꦱ꧀ꦲꦢꦶꦭꦸꦔꦩꦼꦚꦁꦯꦺꦴꦭꦺꦴ
Mas ida tuku roti ing kana lo
Mas edi mangan ing Solo
Mas Adi turu menyang Solo
Mas Adi lunga menyang Solo
"Prabu Kaméswara”. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku...
ꦥꦿꦧꦸꦑꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫ
ꦥꦿꦧꦸꦑꦩꦼꦱ꧀ꦮꦫ
ꦦꦿꦧꦸꦑꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫ
ꦦꦿꦧꦸꦑꦩꦼꦱ꧀ꦮꦫ
Tembung “Da Ta Sa Wa La” ing Aksara Jawa nduweni teges...
Ana utusan
Padha kekerengan
Padha digdayane
Padha nyunggi bathange
Asmane abdi Prabu Ajisaka yaiku...
Gathotkaca lan Sembada
Dora lan Sembada
Sembada lan Pandawa
Dora lan Janaka
Ing ngisor iki kang kalebu drama tradhisional Lodrug, kajaba....
Balada Sukarsih
Rara Mendut
Sarip Tambak Oso
Branjang Kawat
Titikane Kethoprak sing bener yaiku....
1) Nganggo basa baku/krama
2) Nyritakake crita rakyat Jawa Timuran
3) Nganggo basa Jawa Timuran
4) Setting panggonan ing Kraton, utawa kerajaan
5) Ing awal pementasan nggunaake tari Gambyong
1, 2, 3
1, 2, 3, 4
1, 4, 5
2, 4, 5
Wacanen pethikan teks drama ing ngisor!
Senopati Gonjang& : “Kula ngaturaken puja lan puji dhumateng Kanjeng Adipati.”
Senopati Wijang
Adipati Hendro Katong : “Ya..ya.. tak tampa puja lan pujimu, pangestuku wae tumrapa kowe kabeh ya”
“Gonjang lan kowe Wijang, apa ta sebabe dina iki kowe tak timbali mara ing kene?”
“Pancen ana bab kang wigati sing bakal tak dhawuhke marang kowe.”
Senopati Gonjang : “Lajeng bab punapa Kanjeng? Kok sajak wigatos sanget.”
Adipati Hendro Katong : “Bloko wae, aku kepengin duwe garwa prameswari, wanita kuwi ora liya Dewi Kumala Retno, putra saka Adipati Bojonegoro”
Saka teks ing dhuwur kepriye watake senopati..
h
Ora patah semangat
Wicaksana
Jujur
Manut prentah
Wacanen pethikan teks drama ing ngisor!
Senopati Gonjang& : “Kula ngaturaken puja lan puji dhumateng Kanjeng Adipati.”
Senopati Wijang
Adipati Hendro Katong : “Ya..ya.. tak tampa puja lan pujimu, pangestuku wae tumrapa kowe kabeh ya”
“Gonjang lan kowe Wijang, apa ta sebabe dina iki kowe tak timbali mara ing kene?”
“Pancen ana bab kang wigati sing bakal tak dhawuhke marang kowe.”
Senopati Gonjang : “Lajeng bab punapa Kanjeng? Kok sajak wigatos sanget.”
Adipati Hendro Katong : “Bloko wae, aku kepengin duwe garwa prameswari, wanita kuwi ora liya Dewi Kumala Retno, putra saka Adipati Bojonegoro”
Saka teks ing dhuwur ing ngendhi latar papane...
Pasewakan
Pasar
Pawon
Pendapa
Tari kanggo pembuka kethoprak yaiku tari...
Tari bedayan
Tari gambyong
Tari gandrung
Tari remo
1. Wacanen pethikan teks drama ing ngisor!
Jaka Tarub
Para nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudhun saka kahyangan arep adus
ing bumi.
Nawang Sekar : “Ayo dulur, dolan menyang bumi.”
Nawang Lintang : “Wah... ayo! Nanging dolan menyang ngendi?”
Nawang Sari : “Aku nduwe pamikiran, ayo adus ing tlaga wae”
Para Nawang : “(Nggawa slendhange) Ayo...!”
Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing ndhuwur watu gedhe.
Nawang Sekar : “Wah...seger tenan banyune”
Nawang Sari : “Iyaa bening banget”
Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub lewat lan ndingkik para
Nawang sing lagi adus.
Jaka Tarub : “Wah... sapa kuwi? Ya Jagad Dewa Bathara, ayu-ayu tenan rupane.”
Pesan moral kang bisa diteladhani saka crita ing dhuwur yaiku...
ulung tinulung marang sapadha-padha
Kudu duweni pamikiran kanggo plesir
Ajining raga gumantung ing busana
Goleka Widodari ing pinggire tlaga
Bab wigati kanggo bisa nemtokake pesen moral saka pangripta, kudune...
Nggawe cengkorongan saka isi crita
Mangerteni kanthi temen isine crita
Maca bolak-balik teks crita
Mangerteni tokoh lan penokohan crita
Pangerten drama tradhisional kang bener yaiku...
Drama kang nggelar crita jaman biyen lan ngemu crita kasekten salah sawijining pawongan.
Drama kang nggelar crita wayang tradhisional
Drama kang nggelar crita salah sawijing pawongan
Drama kang nyeritaake kasekten sawijing pawongan ing jaman saiki
Tembung “Drama” asale saka basa... kang ateges...
Yunani, aksi
Inggris, aksi
Yunani, sandhiwara
Inggris, solah bawa
ing mujudake kain penutup panggung perangan ngarep kang bisa dibuka tutup cundhuk klawan kebutuhan yaiku...
Layar
Backdrop
Skeneri
Panggung
skenario
Sing mujudake dekorasi kang nyengkuyung lan nguwatake swasana pagelaran diarani...
Skenario
Skeneri
Backdrop
Panggung
Layar
"Ya Allah, Gusti. Kena apa anakku dadi owah kaya ngene? Apa luputku, Ya Allah. Yen Pancen Dheweke dudu anakku, mula apuranen dheweke sing wis ngina aku iki. Ning, yen dheweke bener anakku si Malin Kundang, mula ukumen si anak durhaka iki!"
Iki mujudake basa kanggo...
Epilog
Dhialog
Monolog
Narator
Prolog
Sing mujudake gerakan-gerakan kang nindakake paraga minangka wujud penghayatan peran yaiku...
Mimik
Gestur
Akting
Pantomimik
Pantomim
Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga....
Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika
Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton.
Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diiringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri.
Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern.
perangan crita kang nepungake (mengenalkan) para paraga ing crita kasbeut, watak wantune, (karakter), latar papan, paggonan, lan wektu dumadine crita, lan minangka wiwitane mlebu ing sajroning crita diarani....
orientasi
komplikasi
resolusi
koda
Drama kang nyritakake uripe manungsa saben dina, kanti tujuwan aweh patuladhan tumrap urip bebrayan diarani drama....
moderen
komedi
tradisional
tragedi
Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna, lan isine tarkadhang ora kalebu ing nalar diarani drama....
moderen
komedi
tradisional
tragedi
Wong sing tugase ngatur lakune pentas drama saka wiwitan nganti pungkasan diarani ...
sutradhara
skenario
produser
editor
artis
Drama kang isine kisah sing lucu diarani ...
tragedi
operet
kethoprak
pantomim
dhagelan
Umume sandhiwara migunakake alur ...
wolak-walik
flash back
mundhur
maju
campuran
Pesen utawa nilai moral kang disampekake marang pamiyarsa kalebu salah siji saka struktur teks drama kang aran ...
tema
amanat
dudutan
koda
dhialog
Ing ngisor iki kang ora kalebu struktur intrinsik drama, yaiku ...
latar
paraga
dhialog
amanat
alur
Sandhiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake ...
antawacana (dhialog)
indra pangrungu (audhio)
indra pangecap utawa pangrasa
audhio visual elektronik
perkakas kang canggih
Sandhiwara mujudake genre (asil) cipta sastra sing nggambarake ...
uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk
uripe manungsa lumantar crita ing dhuwur panggung
uripe manungsa lumantar kesenian tradisional
uripe manungsa lumantar sutradara
uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan
Paraga tunggal kang ora menehi kalodhangan tumprap liyan kanggo melu-melu guneman arane ...
epilog
prolog
dhialog
monolog
setting
Guneman ing antarane paraga loro utawa luwih sajroning drama arane ...
prolog
epilog
monolog
dhialog
setting
Kegiyatan drama diwiwiti kanthi ..., kang diucapake dening paraga utama.
monolog
prolog
dhialog
epilog
setting
Sawijining aksi utawa solah bawa, utawa crita kang dipentasake dening paraga-paraga diarani ...
geguritan
drama
sesorah
kethoprak
pranatacara
