wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN PAS 1 BAHASA JAWA K6

Total questions: 56

Worksheet time: 56mins

Name
Class
Date
1.
Teks kang isine nerangake carane nindakake samubarang kanthi bener, awujud undhak-undhakan kanthi urut-urutane supaya ancas kang dikarepake bisa kawujud, diarani ....
a)
Teks narasi
b)
Teks prosedur
c)
Teks deskripsi
d)
Teks argumentasi
2.
Informasi kang anyar lan bener uga diwartakake ing media cetak lan elektronik kelebu ....
a)
pawarta
b)
Sesanti
c)
unen-unen
d)
Pariwara
3.
Ukara kang ngemot prentah, penjaluk utawa larangan kanggo nindakakae samubarang ing teks prosedur, yaiku ....
a)
imperatif
b)
interogatif
c)
pitakon
d)
deklaratif
4.
Ibuku tuku janur kanggo gawe kupat. Janur iku arane godhong . ..
a)
asem
b)
mlinjo
c)
kelor
d)
kelopo
5.
Warga Gresik saiki ora kudu adoh-adoh kanggo nikmati agrowisata menyang kutha-kutha tanggane. Wisata sing padha uga bisa ditemokake ing Desa Kebon Agung, Ujung Pangkah, sing nawakake wisata petik buah naga. Lokasi pemetikan buah naga iki ditempuh sejam perjalanan kanti jarak 36 km saka pusat kutha Gresik. Pitakon sing mathuk mungguhe teks ing dhuwur, yaiku ....
a)
Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
b)
Ing ngendi papan wisata petik buah naga?
c)
Pira ambane wisata petik buah naga?
d)
Kepriye swasana wisata petik buah naga?
6.
Dhong- dhinge swara saben pungkasane gatra tembang macapat diarani . . ..
a)
Guru lagu
b)
Guru wilangan
c)
Guru gatra
d)
Guru satra
7.
Ing ngisor iki conto langkah-langkah sing cococg karo tata cara nggawe endhog asin, yaiku ....
a)
Sijine endhog dilebokke ing lengo godhog
b)
pilih endhog sing cilik lan pecah
c)
pisah putih endhog karo kuninge
d)
Endhog diumbah nganti resik saka rereged
8.
Irah-irahan ing ngisor iki sing trep kanggo teks prosedur gawe samubarang yaiku …
a)
cara nyemprot tetuwuhan nganggo insektisida
b)
cara ngethok kain flanel
c)
cara ngombe obat batuk
d)
cara nggawe plastisin
9.
Teks prosedur ngandharake kegiyatan-kegiyatan kang kang kudu ditindakake supaya pamaca bisa kanthi tliti ngetutake proses nggawe, nindakake penggawean utawa nggunakake piranti. Pratelan kasebut kelebu … teks prosedur.
a)
ringkesan
b)
katrangan
c)
tujuan
d)
dudutan
10.
Jenise tembang macapat kuwi ana ....
a)
9
b)
10
c)
11
d)
12
11.
Guru gatra yaiku ....
a)
Cacahing larik saben sapada
b)
Swara ing pungkasaning gatra
c)
Cacahing wanda saben sagatra
d)
Cacahing wanda saben sapada
12.
Teks tembang macapat Sagung pra rawuh sedaya Mugi pinayungan nugraha yekti Asih trisna Allah satuhu Tansaho kasarira Puja puji syujur saha sembah sujud Konjuk ing ngarsa paduka Gusti Allah maha suci Tembang sapada ing dhuwur kuwi kalebu jinise tembang macapat, yaiku tembang ....
a)
pangkur
b)
pucung
c)
Durma
d)
Sinom
13.
Guru wilangan lan guru lagune tembang pangkur yaiku ....
a)
10i – 6o - 10e – 10i – 6i – 6u
b)
8i – 8a – 8e/o – 7a – 8u – 8a
c)
12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i
d)
8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i
14.
Teks tembang macapat Pucung Murid iku wajib bekti lan mituhu Pituturing dwija Sabarang reh nganti-ati Tata krama empan papan katindakno Tembang pucung ing dhuwur nduweni teges ....
a)
Dadi murid kudu manut lan sopan marang guru
b)
Dadi murid kudu ngati-ati
c)
Dadi murid sing taberi
d)
Dadi murid kudu nggawa papan
15.
Negriku Indonesia Nut jaman kapungkur tetep nyawiji Nunggal ingkang den ginayuh Karaharjaning bahasa Tembung sing katulis kandel tegese ....
a)
Kari siji
b)
Dadi siji
c)
Mung siji
d)
Kurang siji
16.
Cara nggoleki guru lagu sajeroning tembang yaiku ....
a)
Ngitung cacahe larik saben padha
b)
Ngitung cacahe wanda
c)
Ngetung cacahe pada
d)
Ngoleki swara ing pungkasaning larike tembang
17.
Guru gatrane tembang dhandhanggula yaiku ....
a)
8
b)
9
c)
10
d)
11
18.
Ngombe es degan rasane seger banget. Degan iku arane wohe ....
a)
pelem
b)
duren
c)
kelapa
d)
nangka
19.
Bledug iku arane anak gajah,yen kowe iku arane anak . ....
a)
sapi
b)
dara
c)
kethek
d)
jaran
20.
Kutha Gresik duweni panganan khas wujude . .....
a)
Sega boran
b)
Sega krawu
c)
Sega jagung
d)
Sega kucing
21.
Cacahe wanda saben sagatra diarani....
a)
Guru lagu
b)
Guru wilangan
c)
Guru gatra
d)
Guru swara
22.
Saiki aku tuku cempe papat, limang wulan engkas cempeku wis dadi....
a)
bebek
b)
wedhus
c)
sapi
d)
pitik
23.
Sing kalebu jinise purwakanthi guru sastra yaiku....
a)
dirajang -rajang koyo brambang, di iris iris kaya buncis
b)
sluman ,slumun, slamet
c)
ayo maju-ju,jupuk pari-ri,rina wengi-ngi,ngirim surat
d)
Kembang menur ditandur ing pinggir sumur
24.
Bapak pucung,saben dina tansah bingung Badanira panjang Tutukira pan pesagi Saben dina pucung nguntal buntutira Tembang Pucung ing dhuwur batangane ....
a)
sepur
b)
layangan
c)
sabuk
d)
anting
25.
Bocah sing kulina maca teks informasi bisa jembar wawasane lan ....
a)
Kurang kawruh
b)
Kethul pikirane
c)
Nambahi kawruh
d)
Nambahi beban pikiran
26.
Karangan kang ngandharake kedadean kanthi urut wektu utowo kronologi diarani…
a)
Teks narasi
b)
Teks prosedur
c)
Teks deskripsi
d)
Teks argumentasi
27.
Teks kang isi lan andharane ngajak-ajak, narik kawigatane liyan, ngyakinake,, lan ndayani iku diarani teks …
a)
Teks narasi
b)
Teks persuasi
c)
Teks deskripsi
d)
Teks argumentasi
28.
Teks arupa andharan utawa pawarta sing bisa menehi katrangan, nambah kawruh lan jembarake wawasan diarani ...…
a)
Teks narasi
b)
Teks persuasi
c)
Teks informasi
d)
Teks argumentasi
29.
Guru gatrane tembang pucung yaiku….
a)
4
b)
5
c)
7
d)
8
30.
Mlebu metu mlakune mesthi miring yaiku…
a)
sepatu
b)
sapu
c)
benik
d)
dompet
31.
Debog iku arane wit ....
a)
aren
b)
gedhang
c)
klapa
d)
jambe
32.
Aksara Jawa ing dhuwur, Yen ditulis nganggo aksara latin unine ….
a)
mangan sate
b)
mangan soto
c)
mangan roti
d)
mangan sapi
33.
Kanggone wong sing lagi keluwen senajan sega mung… bisa dadi tamba.
a)
sapulukan
b)
salonjor
c)
sajanjang
d)
sapengadep
34.
Sing padha antarane paribasan lan saloka yaiku...
a)
tegese entar
b)
Nganggo gambaran arupa kewan
c)
lumrahe ono jejere
d)
Tetembungane ora keno diwolak-walik
35.
Aku seneng nyawang bu Retno, rambute…
a)
ngandan-andan
b)
miji timun
c)
mucuk eri
d)
nanggal sepisan
36.
Duren kuwi rasane enak banget, ning daginge ora akeh amarga isine gedhe. Isi duren arane ….
a)
beton
b)
klungsu
c)
pongge
d)
kenthos
37.
Bocah- bocah ora pareng rame, bapak lagi sare ing kamar. Sing klebu karma inggil yaiku…
a)
ora
b)
sare
c)
rame
d)
pareng
38.
Santen toyo klopo, cekap semanten atur…
a)
napa
b)
kawula
c)
sapa
d)
bapa
39.
Kecipir mrambat kawat ora mampir yen kethok …
a)
liwat
b)
merapat
c)
mapak
d)
sambat
40.
Sanajan mung diwenehi beras ….wong iku wes seneng atine
a)
satetes
b)
sagegem
c)
salembar
d)
sawuli
41.
Ibuku nyimpen bumbu kanggo masak ana ing ....
a)
gudang
b)
gredhu
c)
bothekan
d)
bangsal
42.
diwaca ....
a)
sapi lan jaran
b)
kebo lan jaran
c)
sapi lan kebo
d)
jaran lan sapi
43.
Nabok nyilih tangan, ukara iki kalebu…
a)
bebasan
b)
paribasan
c)
saloka
d)
purwakanti
44.
Saiki Ayah tuku pedhet papat, limang wulan engkas pedhete wis dadi....
a)
menthog
b)
wedus
c)
sapi
d)
kebo
45.
Wit waru neng pinggir pager. Sregep sinau mesti….
a)
pinter
b)
klenger
c)
seneng
d)
susah
46.
Sing klebu jinise dwilingga semu yaiku tembung…
a)
ondhe-ondhe
b)
Nyilah- nyilih
c)
pringas -pringis
d)
ngguya -ngguyu
47.
Kanggo ngarani awak sing apik- apik diarani ….
a)
parikan
b)
panyendhu
c)
bebasan.
d)
panyandra
48.
Tenbung “bocah-bocah” kelebu jinise tembung ....
a)
dwipurwa
b)
dwiwasana
c)
dwi lingga
d)
entar
49.
Bola lampu ditemokakeh karo…
a)
Galileo
b)
J. Baird
c)
Thomas Alva Edison
d)
Marconi
50.
Seneng maido nanging uga seneng menehi, iku paribasane …
a)
criwis cawis
b)
becik ketitik ala ketara
c)
adigang adigung adiguna
d)
kebat kliwat
51.
Gogor iku anake macan,yen tobil iku arane anak ….
a)
ceceg
b)
tekek
c)
kadal
d)
nyambik
52.
Papan kanggo ngingu kewan galak diarani….
a)
pagupon
b)
patarangan
c)
kurungan
d)
kerangkeng
53.
Papan jembar kang manggon ing tengahe kutha diarani….
a)
pendapa
b)
alun-alun
c)
paseban
d)
lapangan
54.
Sing nemokake televisi yaiku….
a)
Galileo
b)
J. Logie Baird
c)
Thomas Alva Edison
d)
Marconi
55.
Aliva ngundhuh limaran arep disayur bening. Limaran iku aran godhonge ….
a)
gedang
b)
klopo
c)
kelor
d)
lombok
56.
Leluhur, tetamba, jejupuk, iku kelebu tembung…
a)
dwipurwa
b)
dwiwasana
c)
dwi lingga
d)
entar