wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Formatif Crita Wayang lan Drama

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 14mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen kang patitis!

         Negara Amarta lagi ketaman pageblug. Negara kang maune kebak kabungahan  dadi kaya lelagon sedhih prihatin. Akeh kawula kang esuk lara sore mati, uga sore lara isuk wis ora nututi.  Kedadeyan mau kawiwitan saka murcane kabeh gaman pusaka piyandele para Pandhawa. Negara kang gedhe obore adoh kukuse iku ing endi-endi keprungu swara tangis lan sesambat.

Setting panggonan kang ana ing crita wayang ing dhuwur yaiku …

a)

Astina

b)

Amarta

c)

Sawojajar

d)

Madukara

e)

Dwarawati

2.

Coba gatekna wacan ing ngisor iki!

Prabu Ramawijaya nalika lelana sajroning alas Dhandhaka sekaliyan karo garwane yaiku Dewi Sinta, lan didherekake dening rayine kekasih Raden Lesmana. Saking mbangunturute karo ingkang ramane yaiku Prabu Dasarata ing Ngayodya, satriya Rama karo garwane ninggal kamukten lelana menyang alas. Raden Lesmana ora keri, setya tuhu ngiringake sedulir tuwa menyang alas.

...

Paraga kang dadi garwane Prabu Rama ana ing wacan kasebut yaiku …

a)

Lesmana

b)

Dasarata

c)

Dewi Kunthi

d)

Dewi Sinta

e)

Dewi Madrim

3.

Wacanen kang patitis!

Sumantri mara menyang papane Prabu Darma Wasesa sawadyabalane supaya lunga saka negara Magada. Prabu Darma Wasesa ngajak adu kaprawiran marang Sumantri. Sakjane Sumantri ngaturi supaya ngandhani yen Dewi Citrawati kuwi ora tresna marang Prabu Darma Wasesa. Sumantri ngaturi supaya Prabu Darma Wasesa sawadyabalane gelem kondur. Eman-eman yen ana ratu dadi kembang pocapan, arep mengku putri wae malah wurung. Prabu Darma Wasesa nesu amarga pocapane Sumantri. Akhire perang antarane Prabu Darma Wasesa sawadyabalane karo Bambang Sumantri.

Miturut teks kasebut, Prabu Darma Wasesa duka amarga ...

a)

Sumantri mara ing negara Magada

b)

pocapane Sumantri

c)
  1. Prabu Darma Wasesa ngajak adu kaprawiran

d)
  1. Wadyabala teka saka negara Magada

e)
  1. Dewi CItrawati ora tresna marang dheweke

4.

Wacanen kang patitis!

BEGAWAN KILATBUWANA

Begawan Kilatbuwana yaiku guru ana ing negara Astina. Tujuane Begawan Kilatbuwana yaiku murungake perang Baratayuda. Ananging, Prabu Kresna ora sarujuk. Miturut Prabu Kresna, carane bisa murungake perang Baratayuda yaiku Duryudana mbalekake negara Astina marang para Pandhawa sautuhe. Banjur Begawan Kilatbuwana murka lan nundhung Prabu Kresna.

Miturut Begawan Kilatbuwana, syarat rukune Pandawa lan Kurawa yaiku patine Prabu Kresna lan getihe Semar. Kanggo mateni Semar, Begawan Kilatbuwana ngutus Janaka lan Bramangkara lan ngutus Duryudana kanggo ngoyak Prabu Kresna.

...

Miturut Begawan Kilatbuwana sing bisa murungake perang bharatayudha yaiku ...

a)

Duryudana kudu mbalekake negara Astina marang pandhawa.

b)

Getihe Ki Lurah Semar lan matine Prabu Kresna.

c)

Duryudana kudu mbalekake Astina marang Begawan Kilat Buwana.

d)

Pandhawa lan punakawan kudu mulih ing negara Amarta.

e)

Pandhawa kudu mbalekake negara Astina marang kurawa.

5.

Gatekna ukara-ukara iki!

1)    Saka Praja Astina.

2)    Sing ngalahake Sengkuni

3)    Duwe kakang asmane Balarama/Baladewa

4)    Duwe adhik asmane Srikandhi

5)    Saka Praja Dwarawati

6)    Dadi kusire Arjuna ing perang Baratayuda.

Ukara-ukara ing dhuwur sing trep/pas karo paraga iki yaiku ...

a)

1, 3, 5

b)

2, 3, 5

c)

2, 3, 6

d)

3, 4, 5

e)

3, 5, 6

6.

Gatekna andharan iki!

Punawakan yaiku pamonge para pandhawa lan ksatria kang tumindake becik uga jujur.

Coba jodhokna gambar wayang punakawan iki karo jenenge!

a)

1.

Semar

b)

2.

Gareng

c)

3.

Petruk

d)

4.

Bagong

7.

Jangkepana pacelathon ing ngisor iki!

Amira    : “Nuwun sewu Bu Dini”

Bu Dini : “Ana apa nduk?”

Amira     : .... (sepurane bu, aku arep njaluk tanda tangan)

Bu Dini : “Oh ya.”

Amira : “Matur nembah nuwun bu.”

Ukara kang pas kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ...

a)

Sepurane Bu, njaluk tanda tangane ya.

b)

Pangapunten bu, kula badhe nyuwun tapak asma.

c)

Sori Bu, kula badhe njaluk tapak asma.

d)

Pangaputen Bu, kula nyuwun tanda tanganipun.

e)

Sepurane Bu, tak nyuwun tapak asma ya.

8.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Yu Tumi : “Sampeyan kalawingi menapa siyos dugi arisan?”

Yu Pinah: “Mboten Yu, kula kalawingi wonten adicara wonten Surabaya.”

Pacelathon kasebut nggunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama ngoko

9.

Gatekna ukara iki!

Eyang kakung sampun mirsani ringgit wacucal wonten Balai Kota.

Tembung mirsani basa ngokone, yaiku ... 

a)

ngrungokake

b)

njaluk

c)

ndelok 

d)

menehake

e)

ngomong

10.

Gatekna andharan iki!

Jodhokna ukara-ukara ing ngisor iki miturut unggah-ungguh basane!

a)

Bapak nembe kondur saking kantor.

1.

krama alus

b)

Sampeyan napa siyos wangsul sakniki?

2.

krama lugu

c)

Njenengan wis dhahar sega goreng iki?

3.

ngoko alus

d)

Aku arep numpak sepur.

4.

ngoko lugu

11.

Jangkepana tugelan pacelathon iki!

Pak Rudi : “Tuku apa Tina?”

Tina : ... (Aku arep tuku gula telung kilo wae)

Manut pengtrapane unggah-ungguh basa, ukara kang cocog kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ...

a)
  1. Kula ajenge mundhut gula telung kilo mawon.

b)
  1. Aku arep utang gula patang kilo kemawon.

c)
  1. Kula ajenge nyalap gendhis tigang kilo kemawon.

d)
  1. Kula ajeng tumbas gendhis tigang kilo kemawon.

e)
  1. Panjenenganipun badhe mundhut gendhis tigang kilo kemawon.

12.

Gatekna pethikan pacelathon ing ngisor iki!

Harya Suman: "Ngger Kurupati."

Kurupati: "Kula, Paman Haryo Suman."

Harya Suman: "Wis manjing Wana Mandhalasara, ngger?"

Kurupati: "Nggih sampun prapteng Wana Mandhalasara, Paman."

Pethikan pacelathon ing ndhuwur ngrembug babagan Wana ...

a)

Kukila

b)

Wanara

c)

Tirta

d)

Dhandhaka

e)

Mandhalasara

13.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Agung: "Loh Bu, Bapak kok dereng tindak kantor?"

Ibu: "Ya le, mengko Bapak arep tindak Surabaya."

Agung: "Wah, menawi kula ugi ndherek tindak nggih, Bu? Sampun dangu ndherek boten sowan simbah. Menawi pareng kula badhe dhahar rumiyin lajeng adus.

Saka pacelathon kasebut, ature Agung kang durung trep miturut unggah-ungguh basa yaiku ...

Bisa milih loro wangsulan.

a)

dhahar

b)

tindak

c)

ndherek

d)

sowan

e)

kula

14.

Gatekna pethikan Teks Drama iki!

Ibu : “Bawang Putih!”

Putih : “Dalem, kula Bu.” (marani ibu kang lagi lungguh ing latar)

Ibu : “Iki ana emas picis raja brana saka ngendi, nyolong ya?”

Putih : “Aduh ngapunten, mboten bu?”

Ibu : “Halah apa, ngapusi saiki. Hayo ngaku!” (karo nggepok nggawe sapu)

Putih : (Nangis) “Mboten bu, kula mboten nyolong.”

Ibu : (Nggetak) “Lha entuk kok ngendi ki!”

Putih : “kula diparingi kaleh simbah ingkang mapan wonten sakiwaning lepen bu.”

Ibu : “Halah, masak ana wong pinggir kali kok nduweni emas akeh ki. Eh Bawang Putih, awas yen goroh!”

Setting panggonan sing ana ing tugelan crita Bawang Merah Bawang Putih ing dhuwur yaiku ana ing ...

a)

mburi omah

b)

plataran

c)

pinggir kali

d)

kandang

e)

pawon

15.

Wacanen kang patitis!

Jonggrang  : “Waduh iki piye? Masa aku kudu nampa panglamare wong kang mejahi Ramaku?"

Emban : “Nyuwun sewu gusti, kula inggih bingung.”

Juru Taman : “Bandhung kondhang sekti mandraguna mesthi wae bisa mbangun sewu candi. Nyuwun sewu den ayu, pripun menawi menika dipunrekadaya mawon.”

Jonggrang   : “Kepriye kuwi larah-larahe paman?”

Juru Taman : (nyembah) “Panjenengan maringi wekdal dhateng Bandhung namung ngantos wayah jago kluruk. Menawi klurukipun niku namung apus-apus mawon pripun den ayu?”

Jonggrang   : “Dadi direkadaya amrih pupus sayembarane?

Juru Taman : “Leres gusti.”

Jonggrang   : (Mesem)“Matur nuwun. Saiki budhala klumpukna para emban supaya nabuh lesung, mbakar damen numbuk pari, gawenen supaya kaya-kaya wis esuk!”

...

Watake Roro Jonggrang sing digambarke ing wacan ndhuwur yaiku ...

a)

welas asih, seneng tetulung

b)

gampang trenyuh, seneng dialembana

c)

gampang bingung, teges

d)

gampang nesu, seneng tetulung

e)

sakarepe dhewe, gelem rekasa

16.

Wacanen kang premati!

Ing sawijining desa, ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku lagi bel mulih sekolah Sardi marani Jono.

Sardi  : “Jon, ayo engko dolan!” (Nggeplek pundake Jono)

Jono  : “Gaweanmu dolan ae. Kaya wong pinter wisan. “

Sardi  : “Halah gayamu, gelem apa ora kowe?”

Jono  : “Dolan ing ngendi lho?”

Sardi  : “Ya emboh ... Pokoke dolan ben kaya cah gaul ngono lho ... .”

Jono  : “Emmm ... ayo lek ngono. Nanging wegah aku lek sampek maghrib maneh!

Sardi  : “Hehehe, ora-ora.”

Miturut crita dhuwur, busana kang dinggo Sardi lan Jono, yaiku …

a)

busana preman 

b)

busana dolanan

c)

seragam sekolah

d)

seragam olahraga

e)

busana mlaku-mlaku

17.

Gatekna ukara-ukara iki!

(1) Njenengan wis dhahar ta?

(2) Sampeyan naminipun sinten?

(3) Bu Dhe ora kagungan radio.

(4) Pak Lik isih sare amarga sayah.

(5) Benjing bapak tindak dhateng Malang.

(6) Kowe wis rampung nggarap PR?

Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko alus yaiku ...

a)

(1), (2), (3)

b)

(1), (3), (4)

c)

(1), (4), (6)

d)

(2), (3), (5)

e)

(3), (5), (6)

18.

Wacanen kang premati!

"Kula kinten menapa ingkang sinuwun Prabu dhawuhaken punika leres. Aswatama punika rak putranipun Kakang Pandhita Durna inggih sampun samesthinipun menawi tansah mbela sarta nutup-nutupi tiyang sepuhipun. Perlu kamangertosan bilih kakang Durna punika ketingalipun tata gelar mbela dhateng Prabu Duryudana, amargi pancen mapan wonten ing Ngastina. Nanging sejatosipun kakang Durna punika langkung condhong dhateng para Pandhawa." ature Patih Sengkuni kang ngatonake watak julige.

Adhedhasar teks ing ndhuwur, watake paraga Patih Sengkuni yaiku ...

a)

seneng ngapusi liyan

b)

seneng nyacad liyan

c)

kepengin diajeni liyan

d)

seneng ngalembana

e)

seneng yen dialembana

19.

Wacanen kang patitis!

Sawise antuk palapuran saka Patih Sengkuni ngenani kahanan kang dumadi ing perenging Argakelasa mesthi wae anjalari Prabu Duryudana duka yayah sinipi. Madege paguron ing gunung Argakelasa dianggep mbebayani tumrap kalenggahane Prabu Duryudana. Mulane Prabu Duryudana ora sarujuk anane paguron kasebut. Lumantar Patih Sengkuni ngutus marang para wadyabala Ngastina supaya mbubarake paguron sing dipandhegani dening Bima Suci kasebut.

Tegese tembung "duka yayah sinipi" jroning teks ing ndhuwur yaiku ...

a)

seneng banget

b)

wedi banget

c)

nesu banget

d)

serik banget

e)

gething banget

20.

Wacanen kang premati!

Sawijine wektu Pak Adi karo Bu Adi lelenggahan ing ruwang tamu. Pak Adi takon marang Bu Adi bab kahahan putrane (Amir) kang rong dina kepungkur nandhang kacilakan.

Pak Adi: Priye bune kahanan Amir saiki?"

Bu Adi: Kawontenane Amir sae kemawon, Pak. Ingkang dipunraosaken namung sukunipun Adi njarem sekedhik

Pak Adi : "Ya wis alhamduillah yen ngono. Saiki bocahe neng ngendi? Mbok ya dikon mrene!"

Bu Adi: "Mir, Amir! Mrenea le, iki lo ditimbali Bapak! Karo Danar, mrene pisan nglumpuk dadi siji kene."

Bu Adi: "Lha endi adhimu Danar, kok ora diajak mrene?"

Amir: "Inggih, Bu." (Merga sikile isih lara, sinambi trantanan gondhelan tembok Amir metu) "Dhik Danar taksih sinau, sanjangipun benjing badhe ulangan." (Ora watara suwe Danar uga metu saka njero kamare)

Danar: "Inggih Bu, wonten dhawuh. Wonten napa kok nímbali kula?"

Bu Adi :"Sakjane ya ora ana apa-apa. Ya mung pengin ngumpul bareng-bareng."

Pak Adi : "Iki mumpung Bapak pas ana ngomah, ayo padha ngumpul bareng-bareng kene!"

Temane teks drama ing ndhuwur yaiku ...

a)

kasengsarane wong urip

b)

kerukunan ing kulawarga

c)

perlune seneng tetulung

d)

perlune sregep sinau

e)

guyub rukun karo tangga

21.

Wacanen kang premati!

Sawijine wektu Pak Adi karo Bu Adi lelenggahan ing ruwang tamu. Pak Adi takon marang Bu Adi bab kahahan putrane (Amir) kang rong dina kepungkur nandhang kacilakan.

Pak Adi: Priye bune kahanan Amir saiki?"

Bu Adi: Kawontenane Amir sae kemawon, Pak. Ingkang dipunraosaken namung sukunipun Adi njarem sekedhik

Pak Adi : "Ya wis alhamduillah yen ngono. Saiki bocahe neng ngendi? Mbok ya dikon mrene!"

Bu Adi: "Mir, Amir! Mrenea le, iki lo ditimbali Bapak! Karo Danar, mrene pisan nglumpuk dadi siji kene."

Bu Adi: "Lha endi adhimu Danar, kok ora diajak mrene?"

Amir: (Merga skile isih lara, sinambi trantanan gondhelan tembok Amir metu) "Dhik Danar taksih sinau, sanjangipun benjing badhe ulangan." (Ora watara suwe Danar uga metu saka njero kamare)

Danar: "Inggih Bu, wonten dhawuh. Wonten napa kok nímbali kula?"

Bu Adi :"Sakjane ya ora ana apa-apa. Ya mung pengin ngumpul bareng-bareng."

Pak Adi : "Iki mumpung Bapak pas ana ngomah, ayo padha ngumpul bareng-bareng kene!"

Adhedhasar teks drama kasebut, penganggone basa ngoko lugu yaiku pirembugan antarane ...

a)

Danar marang Ibu

b)

Bapak marang Ibu

c)

Ibu marang Bapak

d)

Amir marang Ibu

e)

Amir marang Bapak

22.

Wacanen kang patitis!

Sawijine dina Raden Sumantri sowan ing ngarsane ingkang rama Resi Suwandageni, saperlu nyuwun pamit anggone bakal suwita ing ngarsane Sang Prabu Harjuna Sasrabahu ratu gung binathara ing Maespati. Raden Sumantri duwe adhik siji jenenge Raden Sukasrana. Nalika Raden Sumantri arep sowan menyang negara Maespati, adhine arep melu, nanging Raden Sumantri ora gelem dieloni jalaran isin ya merga Raden Sukasrana rupane ala banget.

Andharan sing bener karo isine teks ing ndhuwur yaiku ...

Bisa milih loro wangsulan.

a)

Raden Sumantri arep suwita marang ngarsane Resi Suwandageni.

b)

Raden Sumantri arep suwita mring Sang Prabu Harjuna Sasrabahu.

c)

Sedulure Raden Sumantri kuwi mung siji jenenge Raden Sukasrana.

d)

Raden Sumantri suwita ing Maespati ngajak adhine Raden Sukasrana.

e)

Sumantri ora gelem dieloni Sukasrana amarga isin adhine rupane bagus.

23.

Wacanen kang patitis!

Sawijine dina Raden Sumantri sowan ing ngarsane ingkang rama Resi Suwandageni, saperlu nyuwun pamit anggone bakal suwita ing ngarsane Sang Prabu Harjuna Sasrabahu ratu gung binathara ing Maespati. Raden Sumantri duwe adhik siji jenenge Raden Sukasrana. Nalika Raden Sumantri arep sowan menyang negara Maespati, adhine arep melu, nanging Raden Sumantri ora gelem dieloni jalaran isin ya merga Raden Sukasrana rupane ala banget.

Sing dadi paraga jroning teks ing ndhuwur yaiku ...

Bisa milih telu wangsulan.

a)

Raden Sumantri

b)

Dewi Citrawati

c)

Raden Sukasrana

d)

Dewi Ambalika

e)

Prabu Harjuna Sasrabahu

24.

Gatekna ukara iki!

“Mbah lanang lagi ngrungokake campursari.”

Ukara ing dhuwur menawa didadekake basa krama alus dadine yaiku ...

a)

Eyang kakung nembe midhangetaken campursari.

b)

Eyang kakung nembe ngrungokaken campursari.

c)

Mbah lanang lagi midhangetake campursari.

d)

Mbah jaler lagi ningali campursari.

e)

Eyang jaler nembe mirengake campursari.

25.

Wacanen kang premati!

Raden Sadewa ya Raden Tangsen iku asma nalika isih timur kang wis tininggal kondur ing kasidan jati dening ibune. Critane Sadewa palakrama: Ing negara Selamitra ana ratu jejuluk Prabu Rahsadewa, patihe aran Rahsanegara. Putrine asma Dewi Rahsawulan. Pinuju ing dina pasowanan agung Prabu Karna lan Patih Sengkuni nglamar Dewi Rahsawulan kanggo Raden Dursasana. Durung nganti entuk wangsulan ketekan sowane Raden Arya Gathutkaca uga nglamar Dewi Rahsawulan kanggo Raden Sadewa. Wusanane Prabu Rahsadewa nyampekake patembayan “Sinten ingkang saged ndunungaken katresnan sejati, badhe kula dhaupaken kaliyan Rahsawulan”. Ing taman Rahsawulan lagi lenggah ing bale wewangunan. Sadewa kandha: “1) Katresnan kang wigati, marang Gusti Kang Akarya Jagad, 2) Tresna bapa biyung maratuwa lanang wadon, munggahe sedulur tuwa, lan 3) Marang gurunadi (guru, bojo), tresnane lair trusing batin. Kurawa ngoyak Rahsawulan lan Sadewa kang disaut Gathutkaca banjur dilebokake kancing gelung. Ing kancing gelung kekarone wus ora bakal bisa uwal lan ucap katresnan.

Sambung rapete crita “Sadewa” karo kauripan saben dina yaiku ...

a)

Sapa sing gelem rekasa dhisik anggone ngupaya mula sedyane bakal kagayuh.

b)

Tumindak ala lan becik ing panguripan bakal oleh walesane dhewe-dhewe.

c)

Sapa sing nandur kebecikan mula mbesuke bakal ngundhuh kabagyan.

d)

Yen pingin nggayuh pepenginan kudu sing tenanan lan kanthi ilmu kang becik.

e)

Kabeh pepenginan lan gegayuhan iku ana dalane dhewe-dhewe.