wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa kelas 4 yudhistira

Total questions: 10

Worksheet time: 58mins

Name
Class
Date
1.

Pandhawa iku sebutan kanggo anak ... lanang kabeh

a)

loro

b)

telu

c)

papat

d)

lima

2.

Prabu Puntadewa iku ratu ing....

a)

Amarta

b)

Astina

c)

Ayodya

d)

Awangga

3.

Prabu Puntadewa nduweni watak....

a)

seneng ngapusi

b)

boros

c)

jujur

d)

nangisan

4.

Perang antara Pandhawa lan Kurawa diarani....

a)

Pandhawa tandhing

b)

Baratayuda

c)

Kurawa tandhing

d)

Ramayana

5.

Ing ngisor iki sing ora klebu paraga Pandhawa, yaiku....

a)

Yudhistira

b)

Janaka

c)

Sadewa

d)

Baladewa

6.

Sapa asmane rama lan ibune Yudhistira?

(a)  

7.

Tegese Ajatasatu iku opo?

(a)  

8.

Ing perang Baratayuda, Pandhawa perang karo sapa?

(a)  

9.

Jlentrehna apa kang diarani Sindhen?

(a)  

10.

Prabu Drestarastra ing nagara Astina lagi mimpin sraschan kang dirawuhi dening Adipati Yama Widura, Patih Sengkuni, Resi Drona, lan Resi Krepa Ana ing srasehan kasebut Adipati Yama Widura lapuran babagan para Pandhawa kang wis bisa mbukak sabagean Alas Wanamarta dadi papan padunungan anyar, kang diwenehi jeneng Kraton Amarta, kanthi ibu kutha Indraprasta. Ing papan kono iku sadurunge dadi nagrine bangsa jin kang jenenge Kraton Mertani. Anonging, para jin iku bisa ditumungkuli dening Raden Puntadewa lan adhi-adhine
Ing srasehan kasebut, Adipati Yama Widura uga ngandharake undangansaka Raden Puntadewa bilih ngarep ngarep tumekane Prabu Drestarastra lan para sesepuh liya ing upacara Jumenenging nata Raden Puntadewa, kang bakal kaleksanan pitung dina maneh. Patih Sengkuni nyelani pacelathon. Dheweke nuduh para Pandhawa ora duwe tata krama merga ora mara dhewe lan ngundang Prabu Drestarasta kang wis dianggep kaya bapake dhewe. Lan lucune maneh, para Pandhawa malah ngakon pamane masrahake undangan kasebut. Kaya mangkono iku Patih Sengkuni nyemoni Adipati Yama Widura.
Adipati Yama Widura banjur njlentrehake menawa para Pandhawa dina iki isih padha ewuh numata kutha Indraprasta lan nyiapake sakabehing Sarana kanggo jumeneng natane Raden Puntadewa Ngenani undangan kanggo Nagara Astina, malah Adipati Yama Widura dhewe sing gelem mbiyantu, dudu para Pandhawa sing ngutus dheweke.

Prabu Drestarastra ngrasa bungah. Ewadene kawitane dheweke kepincut lan manut karo siasate Patih Sengkuni subaya nyilakani para Pandhawa kanthi menehi tugas mbukak alas Wanamarta kang angker. Saikine dheweke seneng keprungu kabar lima ponakane kasebut kasil mbangun nagara anyar ing kono. Prabu Drestarastra banjur nyaguhi dheweke bakal teka ing Indraprasta pitung dina maneh kanggo menehi restu marang jumenenging nata Raden Puntadewa. Dheweke banjur mbubarake srasehan lan mlebu ing kedhaton.

Ana ngendi anggone Raden Puntadewa jumeneng nata?

(a)