Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Panatacara F

Total questions: 55

Worksheet time: 27mins

Name
Class
Date
1.

kang ora kalebu perangan utawa bagian panatacara yaiku...

a)

sapa, aruh

b)

ancasing gati

c)

salam pambuka

d)

mbahas materi

2.

tanggap ing kahanan utawa tanggap keadaan adicara kanggo panatacara diarani...

a)

mawwat

b)

matanggap

c)

magatra

d)

maraga

3.

suprapto karo suprapti kuwi bocah kedhana-kedhini mloka-mlaku bola-bali neng pasar.

ukara ing dhuwur ana ing tembung...

a)

suprapto-suprapti

b)

bola-bali

c)

mloka-mlaku

d)

kedhana-kedhini

4.

apa tegese tembung entar " lunyu ilate"?

a)

pinter omongan

b)

seneng mangan

c)

ngemut permen

d)

elek omongane

5.

wong kang sabar kui tembung entare...

a)

gedhe ndase

b)

abang kupinge

c)

jembar dadane

d)

dawa ususe

6.

yen wong kang seneng nulungi wong liya iku tembung entare....

a)

gedhe balunge

b)

dawa tangane

c)

entheng tangane

d)

jembar dadane

7.

endi kang kalebu tembung rurabasa?

a)

ngombe dhawet

b)

nggodhog banyu

c)

nggodhog sego

d)

menek wit klapa

8.

simbok lagi nggodhog wedang ing pawon.

ukara kanggo mbenerke ukara kasebut yaiku...

a)

simbok lagi nggodhog banyu ing pawon.

b)

simbok lagi nggodhog wedang putih ing pawon.

c)

simbok lagi nggodhog wedang rondhe ing pawon.

d)

simbok lagi nggodhog wedang ing dhapur.

9.

ukara ngisor iki kang nganggo tembung rura basa yaiku....

a)

ibu lagi nggodhog beras.

b)

sumiyem nguleg sambel neng cowek,

c)

Sardi menek wit krambil ning mburi omah.

d)

Parto tuku dhawet ningg nggone Yu Sum.

10.

kang kacandra nanggal sepisan yaiku perangan awak arupa...

a)

bathuk

b)

weteng

c)

alis

d)

mripat

11.

Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ....

a)

Panata adicara

b)

Pambagyaharja

c)

Panata acara

d)

Pambiwara

e)

Pranata laksitaning adicara

12.

”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara iki kalebu perangan ....

a)

salam pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

atur pangayubagya

d)

tetepungan

e)

atur puji syukur

13.

Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan ....

a)

Pambuka

b)

Rantaman adicara

c)

papan surasa

d)

Panutup

e)

Atur puji syukur

14.

Jinise teks pamedhar sabda iku akeh banget. Pamedhar sabda kang ngemu wigati nampa rawuhe tamu diarani ....

a)

atur wilujeng

b)

atur pasrah

c)

atur pangayubagya

d)

atur pakurmatan.

e)

atur panampi

15.

Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ....

a)

nutup adicara

b)

nata lan nulis rantamane adicara

c)

nata lakune adicara

d)

mbukak adicara

e)

maca adicara

16.

”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara iki mathuke digunakake ing perangan … .

a)

pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

atur panutup

d)

rantaman adicara

e)

isi

17.

Kang duwe wenang/tugas medharake atur pasrah penganten kakung ing adicara temu manten ....

a)

panatacara

b)

dhuta/utusan tiyang sepuh kakung

c)

pamedhar sabda pambagya

d)

wakil tuan rumah

e)

dhuta/sulih kang hamangku gati

18.

Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo… .

a)

artikulasi

b)

lafal

c)

wirama gendhing

d)

intonasi

e)

vokal

19.

Kang ora kalebu syarate dadi pranatacara ing ngisor iki yaiku ....

a)

wasis ing olah basa lan sastra

b)

sugih ing kawruh

c)

besus ing busana

d)

nuhoni trah utama

e)

tansah ngugemi subasita/tata krama

20.

Menawi wekdalipun sampun kaseplan mepet saking rantaman, panatacara utawi pamedharsabda tamtu badhe matur kanthi … .

a)

seru lan cetha

b)

lumintu

c)

ngelantur

d)

cekak aos

e)

ngambra-ambra

21.

Hamedhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….

a)

Wara-wara

b)

Pambagyaharja

c)

Pasrah

d)

Pranatacara

e)

Dhagelan

22.

Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan :

Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.

Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….

a)

Ringkesan

b)

Pambuka

c)

Surasa

d)

Basa

e)

Panutup

23.

Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….

a)

Penganten putri

b)

Penganten lanang

c)

Sesulih kang duwe gawe

d)

Pranatacara

e)

Sesulih saking penganten kakung

24.

Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Surasa

d)

Panutup

e)

Salam panutup

25.

Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ….

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Surasa

d)

Wasana

e)

Salam panutup

26.

Pamedhar sabda inggih menika….

a)

tiyang ingkang remenipun ngendika

b)

tiyang ingkang ahli ngendika

c)

tiyang ingkang asring ngendika ing sangajengipun tiang kathah

d)

tiyang ingkang mboten nindakaken ayahan medhar sabda

e)

tinga ingkang ngendika wonten ngajengipun mikrofon

27.

Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda/sesorah kedah ngudi….

a)

tut wuri handayani

b)

adigang adigung adiguna

c)

ajining dhiri gumantung saka lathi

d)

ajining raga gumantung saka busana

e)

olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara

28.

Basa ingkang komunikatif rikala sesorah utawi rikala dados pranatacara inggih menika kedah nggatosaken bab-bab ing andhap menika, kejawi ...

a)

Sinten ingkang gineman;

b)

Sinten ingkang dipunajak gineman;

c)

Sinten ingkang dipunginemi;

d)

Basanipun sakwontenipun

e)

Swasana nalikanipun gineman;

29.

10. Rikala sesorah Sikep sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken inggih menika, kejawi ...

a)

Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar watawis kalih jobin

b)

Jumeneng kanthi kapitadosan dhiri

c)

Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku

d)

Polatan katingal suméh, namung katingal kadamel-damel

e)

Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila

30.

15. Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun ..

a)

anteb saha manteb

b)

tanggap swasana

c)

pocapan cetha

d)

jumeneng jejeg

e)

membat mentulipun swanten

31.

Ing salebeting acara temtu kemawon wonten paraga ingkang ngayahi jejibahan ngandharaken / maosaken titi rantamaning (lakuning) acara / nglantaraken lampah cak-cakaning acara. Paraga menika dipunsebut….

a)

Pambagyaharja

b)

Juru pambagya

c)

Pengisi acara

d)

Pranatacara

e)

Sesorah

32.

Wonten ing salebeting acara menika wonten pranatacara ugi wonten sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Tegesipun pranatacara lan sesorah menika wonten persamaan saha ugi wonten perbedaan. Ing ngandhap menika babagan pranatacara saha sesorah ingkang leres inggih menika….

a)

Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi

b)

Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara.

c)

Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab

d)

Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan

e)

Pranatacara kedah nggatosaken wicara, wirama, wiraga lan wirasa, dene sesorah menika boten prelu

33.

Dipuntingali saking basanipun, pranatacara wonten ing pahargyan temanten menika kedahipun boten ngginakaken basa padintenan, utawi kedah ngginakaken basa ingkang endah, utawi dipunsebut….


a)

Basa alus

b)

Basa kiasan

c)

Basa paramasastra

d)

Basa rinengga

e)

Basa pranatacara

34.

Mas Singgih kadhapuk dados pranatacara wonten ing acara pengetan dinten kamardikan benjang siyang. Langkung rumiyin mas Singgih nyerat peranganing teks pranatacaranipun. Ing ngandhap menika ingkang boten kaserat dening mas Singgih awit boten kalebet perangan teks pranatacara inggih menika....



a)

Salam pambuka



b)

Atur puji sokur dhumateng Gusti


c)

Atur kasugengan


d)

Wedharing gati


e)

Atur pambagyaharja

35.

Pranatacara migatosaken andhap ing-gilipun suwanten, cepet alonipun suwanten, sora lan lirihipun suwanten. Prekawis punika ateges migatosaken .

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

e)

wasis

36.

Ing ngandhap menika ingkang kedah dipungatosaken nalika nindakaken sesorah, kejawi….

a)

wiraga

b)

wirama

c)

malaksana

d)

wiyaga

e)

busana

37.

Kula minangka pambiwara wonten ing adicara kalenggahan punika, mbok bilih wonten tutur atur ingkang kelantur kula nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Andharan kasebat tuladha atur….

a)

atur pambagya

b)

atur panuwun

c)

atur panutup

d)

atur pasrah

e)

atur panampi

38.

Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi….

a)

tut wuri handayani

b)

adigang adigung adiguna

c)

ajining dhiri gumantung saka lathi

d)

ajining raga gumantung saka busana

e)

olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara

39.

Para pepundhen ingkang dahat kinabekten. Para tamu ingkang … kepareng kula matur ing ngarsa panjenengan sadaya kinen ngaturaken pambagyaharja ing ari kalenggahan menika. Tembung ingkang trep kagem njangkepi ukaran ing n ginggil inggih menika….

a)

kula ajrih

b)

kinurmatan

c)

kula tresnani

d)

nembe ngasta

e)

paring ngelmu

40.

Nuwun, bapak-bapak, ibu-ibu tuwin para rawuh kakung sumawana putri pambela sungkawa ingkang winantu ing karaharjan.Ing kalenggahan menika kula nampi jejibahan minangka sulih sariranipun Bapak Kaeroni sakulawarga ingkang nandhang sungkawa, tinilar dening bapak Surahman pisah salami-laminipun, sowan wonten ing pangayunaning Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Pramila, jalaran kawontenan saha bebeging penggalih Bapak Kaeroni boten saged matur piyambak wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.

Reroncen tetembungan ing nginggil trep dipun-aturaken dening pamedhar sabda minangka paraga .

a)

panatacara

b)

wakil keluwarga nandhang sungkawa

c)

keluwarga panandhang

d)

wakil pambela sungkawa

e)

sesepuh pangarsa kampong

41.

Para rawuh ingkang dahatsinudarsana,

Cekap semanten anggen kula paring ular-ular dhumateng putra panganten sarimbit. Awit saking sawabing berkah dalah pangestunipun Para rawuh, mugi-mugi pitutur luhur punika saged dados pagering gesangipun putra panganten, temah punapa ingkang jinangka sageda jinangkah, memayu hayuning kaluwarga.

Minangka panutuping atur, bokmenawi wonten atur miwah solah bawa kula ingkang mranani penggalih, kupat bumbune santen, kalamun lepat nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tembung ular-ular ngemu teges.…

a)

pantes ditiru

b)

pantes sinudarsana

c)

nasehat

d)

sesorah

e)

pasrah ubarampe

42.

Kolik priya, priyagung Anjani putra.Ukara ing ndhuwur kuwi klebu basa rinengga jinis....

a)

Purwakanthi lumaksita

b)

Saloka

c)

Purwakanthi sastra

d)

Paribasan

e)

Purwakanthi swara

43.

Tembung-tembung kang wis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar utawa tembung kang ora salugune diarani....

a)

Entar

b)

Pepindhan

c)

Bebasan

d)

Wangsalan

e)

Yogyaswara

44.

Jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya, lir, kadya, pindha, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani....

a)

Purwakanthi

b)

Bebasan

c)

Yogyaswara

d)

Pepindhan

e)

Paribasan

45.

Saka ukara ing ngisor iki kang kalebu jinis purwakanthi guru swara yaiku....

a)

Sapa salah bakal seleh

b)

Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa

c)

Runtang-runtung rerentengand

d)

Kinasihan kadya mimi lan mintunae

e)

Rinengga ing busana kang edi endah

46.

Gatekna struktur teks sesorah ing ngisor iki!

1. Wasana

2. Salam panutup

3. Atur pakurmatan

4. Salam pambuka

5. Surasa

6. Puji syukur marang Gusti

  1. 7. Ngenalake


Urut-urutan struktur teks pranatacara kang trep yaiku ...

a)

4 – 3 – 6 –7- 5 – 1 – 2

b)

4 – 6 – 5 – 1 – 3 – 2-7

c)

4 – 3 – 5 – 6 – 1 – 2-7

d)

4 – 5 – 3 -7– 6 – 1 – 2

e)

4 – 6 – 5 – 3 – 1-7 – 2

47.

Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten saha bapak ibu ingkang bagya mulya. Kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Ageng, ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya satksih pinaringan karaharjan sarta kawilujengan.Sajroning sesorah ingkang kacethak miring punika kalebet perangan ...

a)

Atur pakurmatan dhateng para rawuh.

b)

Atur puji syukur dhumateng Gusti ingkag Maha Kuasa.

c)

wasana basa ngenani pangarep-arep

d)

Atur panuwun dhateng para rawuh.

e)

Atur pangapunten dhateng para rawuh menawi katah kalepatan nalika dados pranatacara.

48.

Wacanen pethilan teks sesorah ing ngandhap punika!

Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

Pethilan teks sesorah ing ndhuwur kalebu struktur ...

a)

Pambuka

b)

Ancasing gati

c)

Puji syukur

d)

Atur Pakurmaan

e)

Penutup

49.

Wacanen pethilan teks sesorah ing ngandhap punika!

Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing rèh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.

Ukara ing inggil kalebet perangan sesorah bab …

a)

Salam pambuka maring para rawuh

b)

Purwaka sesorah

c)

Panutup

d)

Salam Panutup sesorah

e)

Nyuwun pangapunten

50.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes sinudarsana.

Tembung pantes sinudarsana tegese….

a)

pantes disegani

b)

pantes dihormati

c)

pantes ditiru

d)

pantes diajeni

e)

pantes disenengi

51.

Salah sawijining ciri khas Pranatacara nalika ana ing adicara kesripahan (lelayu) yaiku migunakake basa sing ringkes, lugu, lan luwih nekani rasa (emosional). Yen dibandhingake karo adicara pahargyan temanten (mantenan) sing basane rinengga, endah, lan kebak pepindhan (metafora), analisis apa sing paling logis ngenani anane prabedan gaya basa kasebut?

a)

Ing adicara kesripahan, pamrayoga (nasehat) luwih wigati tinimbang tetembungan kang endah, mulane basane kudu lugu.

b)

Pranatacara kesripahan luwih gampang ditindakake amarga ora mbutuhake gladhen basa rinengga sing rumit.

c)

Basa rinengga bisa disalahartikake minangka ora ngajeni marang kulawarga sing lagi nandhang sungkawa, mula kudu disingkiri.

d)

Pranatacara kudu nyelarasake swasana batin (emosi) lan konteks sosial adicara. Kesripahan mbutuhake empati lan keseriusan sing diwujudake liwat basa lugu, beda karo mantenan sing kebak kabungahan.

e)

Para rawuh ing adicara kesripahan wis padha ngerti karepe adicara, saengga basane ora perlu diendah-endahake.

52.

Sawijining Pranatacara nalika ngaturake atur pambagya ing adicara tirakatan kamardikan nggunakake struktur atur kaya mangkene:

  1. Salam Pambuka

  2. Atur Puji Syukur

  3. Atur Pakurmatan (Nyebut para rawuh kanthi urut)

  4. Wedharing Gati (Wosing Acara)

  5. Atur Panuwun lan Nyuwun Pangapura

  6. Panutup Analisisen urutan kasebut! Babagan apa sing ora trep lan kudu didandani supaya luwih cocog karo urutan baku Pranatacara?

a)

Atur Puji Syukur kudu dilebokake ing urutan kaping 1, sadurunge Salam Pambuka.

b)

Atur Pakurmatan luwih trep yen manggon ing urutan kaping 2, sawise Atur Puji Syukur, sadurunge Salam Pambuka.

c)

Atur Pakurmatan (Nyebut para rawuh) luwih trep yen manggon ing urutan kaping 2, sawise Salam Pambuka lan sadurunge Atur Puji Syukur.

d)

Atur Panuwun lan Nyuwun Pangapura kudu dipisah lan dilebokake sawise Wedharing Gati lan sadurunge Panutup.

e)

Urutan kasebut wis bener, amarga urutan Pranatacara iku fleksibel gumantung kabutuhan.

53.

Yen ana Pranatacara sing lagi ngaturake adicara pengajian, dumadakan ana listrik mati (mati lampu) nganti pirang-pirang menit. Minangka Pranatacara sing profesional, dheweke ora panik lan bisa ngisi wektu kosong kasebut kanthi tetep gawe swasana tetep tentrem. Analisisen saka kahanan kasebut, kaprigelan (keterampilan) Pranatacara sing paling dominan ditampilake yaiku?

a)

Olah Busana: Amarga tetep ngadeg kanthi prigel senajan peteng.

b)

Olah Swara: Amarga tetep bisa ngomong kanthi swara seru sanajan tanpa mikrofon.

c)

Olah Basa: Amarga panggunaan basa Krama Inggil sing cocog ing swasana peteng.

d)

Kaprigelan Improvisasi: Kemampuan kanggo ngganti rencana utawa ngisi wektu kanthi spontan lan cocog ing kahanan sing ora disangka-sangka (dadakan).

e)

Kaprigelan Mic Checking: Amarga wis apal carane cek mikrofon kanthi cepet.

54.

Ana Pranatacara nindakake adicara kanthi sikep (gestur) ngadeg jejeg, tangan ngapurancang, lan pandhangan (pandangan mata) sumèh (ramah) nanging mantep (tegas). Analisisen! Yen dideleng saka babagan Olah Raga (Solah Bawa), wujud sikep kasebut nglambangake (melambangkan) apa sing paling trep?

a)

A. Pranatacara sing kesusu lan ora sabar.

b)

Pranatacara sing kurang persiapan.

c)

Sikep andhap asor (rendah hati), ngajeni (menghormati), lan siap nindakake jejibahan kanthi profesional.

d)

Sikep sing isin lan wedi.

e)

Pranatacara sing kurang sehat.

55.

Pranatacara sing apik kudu bisa mangerteni (memahami) filosofi sawijining adicara tradhisi Jawa, umpamane urutan upacara adat ing Manténan. Analisisen! Apa akibat (konsekuensi) paling gedhe yen Pranatacara ora ngerti filosofi kasebut, sanajan basane wis alus?

a)

Adicara bakal dadi luwih ringkes.

b)

Adicara dadi luwih lucu.

c)

Pranatacara bakal kliru anggone ngaturake makna utawa nglajengake urutan adicara sing sakral, saengga makna tradhisi kasebut dadi ilang.

d)

Para rawuh ora nggatekake.

e)

Panggonan adicara bakal luwih rame.