NEW
Font size
WorksheetsPIDATO & PEWARA
Total questions: 40
Worksheet time: 30mins
Ing ngisor iki nuduhake struktur teks sesorah kang runtut yaiku ...
Purwaka - salam pambuka - surasa basa - salam panutup
Purwaka - wigatine - surasa basa - salam panutup
Purwaka - surasa basa - wusana - salam panutup
Salam pambuka - pangarep arep - surasa basa - salam panutup
Perangan sesorah kang nyebutake sapa wae sing rawuh ing adicara kasebut kanggo paring pakurmatana disebut ...
Surasa basa
Wigatine / dudutan
Salam pambuka
Panyapa
Perangan teks sesorah kang ngandharake pangajab (harapan) kanggo para rawuh/tamu yaiku ...
Salam pambuka
Purwaka
Pangarep-arep
Salam panutup
"Kula gadhah pangajeng-ajeng mugi-mugi sasampunipun kagiyatan punika, ketrampilan para mudha taruna Desa Arjosari saged ngembangaken wirausaha."
Pethikan ukara ing dhuwur kalebu struktur sesorah ...
Salam panutup
Wusana
Pangarep-arep
Dudutan
Ing ngisor iki perangan sesorah wusana yaiku ...
Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan muji syukur.
Mugi kaprigelan para kadang mudha taruna ing desa mriki saya sae.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten tindak-tanduk ingkang kirang prayogi kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Matur nuwun,
Wassalamualaikum Wr.Wb.
Perangan sesorah arupa ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake, diarani ...
Surasa basa
Dudutan
Wusana
Purwaka
Sesorah ringkes (singkat) kang diandharake dening pembawa acara (MC) diarani uga ...
Sesorah pambuka
Sesorah sambutan
Sesorah pengarahan
Sesorah laporan
Sesorah kang isine nglaporake sawijining tugas utawa kagiyatan, diarani ...
Sesorah laporan
Sesorah pertanggungjawaban
Sesorah pengarahan
Sesorah peresmian
Ukara sesorah ing ngisor iki nganggo basa ora resmi yaiku ...
Bapak/ibu guru ingkang satuhu kinurmatan.
Para lenggah ingkang kinurmatan, menawi wonten kiranging atur kula nyuwun sih samodra pangaksami.
Mugi-mugi gegayuhan kula lan kanca-kanca saged gangsar .
Rencana kagiyatan Karang Taruna kangge ngisi mangsa liburan akhir taun pelajaran punika.
Sing wigati saka tata basane teks sesorah yaiku ...
Nganggo basa rinengga lan kebak paribasan
Komunikatif lan gampang dipahami wong akeh
Nganggo ragam basa Ngoko Lugu ing kabeh acara.
Kudu nganggo basa Jawa baku ing saben acara.
Bab-bab kang kudu digatekake sajroning nulis teks sesorah, kajaba ...
Mangerteni perangan teks sesorah
Topik teks sesorah selaras karo wektu lan kahanan
Ngandharake materi sesorah kanthi lengkap tanpa lingkup lan watesan
Mangerteni sapa sing bakal midhangetake sesorah
Para pinisepuh tuwin sesepuh ingkang dhahat pinundhi-undhi. Ingkang hamengku karsa Bapak/Ibu Dwijono miwah gotrah ingkang dhahat kinurmatan.
Pethikan ukara kasebut kalebu...
Purwaka
Salam Pambuka
Panyapa
Surasa basa
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digatekake supaya basa kang digunakake komunikatif lan trep, yaiku ...
Cacahe sing diajak guneman
Sapa sing diajak guneman
Swasana nalika guneman
Sapa sing digunemake
Perangan sesorah wasana utawa panutup isine yaiku ing babagan ...
Pangajab (harapan) sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake
Salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kpareng rawuh
Nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring pakurmatan
Atur panuwun sarta nyuwun pangapura manawa ana kekurangan utawa kaluputan anggone ngandharake sesorah
Sesorah peresmian yaiku...
Sesorah ringkes kang diandharake dening pembawa acara utawa MC
Sesorah kang isine nglaporake sawijining tugas utawa kagiyatan
Sesorah kang diandharake dening wong kang nduweni dhampak kanggo ngresmekake samubarang
Sesorah kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa kagiyatan
Salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh, kalebu perangan sesorah ...
Salam pambuka
Purwaka
Panyapa
Wusana
Salam pungkasan marang para rawuh/tamu ana ing perangan sesorah ...
Salam pambuka
Purwaka
Panyapa
Salam panutup
Nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara kasebut kanggo paring pakurmatan, kalebu perangan sesorah ...
Salam pambuka
Panyapa
Purwaka
Salam panutup
"Raosipun awrat sanget tumrap kula sakanca ninggalaken pawiyatan punika."
Tembung awrat duweni teges ...
Angel
Abot
Susah
Bungah
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digatekake supaya basa kang digunakake komunikatif lan trep, yaiku ...
Cacahe sing diajak guneman
Sapa sing diajak guneman
Swasana nalika guneman
Sapa sing digunemake
Kulawarga Bapak Sudrajad Djiwandana ugi nyuwun idi pangestu saking panjenengan sami, mugi-muugi pinanganten kekalih saged rukun anggenipun mangun bale wisma. Mugi-mugi pinanganten kekalih mangkenipun saged atut runtut rerentengan ngantos kaken ninen-ninen, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah.
Andharan kasebut kalebu ...
Purwaka
Surasa basa
Pangarep-arep
Wusana
Kulawarga Bapak Sudrajad Djiwandana ugi nyuwun idi pangestu saking panjenengan sami, mugi-muugi pinanganten kekalih saged rukun anggenipun mangun bale wisma. Mugi-mugi pinanganten kekalih mangkenipun saged atut runtut rerentengan ngantos kaken ninen-ninen, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah.
Tembung bale wisma duweni teges ...
Omah-omah
Balai desa
Tetanggan
Urip bebrayan
Makaten ingkang saged kawula aturaken minangka sesulih kulawarga Bapak Sudrajad Djiwanda sekaliyan, mbok bilih anggenipun mangayubagya panjenengan sami wonten caweting aruh, lungguh, suguh, sarta rengkuh, ingkang hamengku karsa nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, lan sateruse.
Andharan kasebut kalebu ...
Purwaka
Surasa basa
Pangarep-arep
Wusana
Makaten ingkang saged kawula aturaken minangka sesulih kulawarga Bapak Sudrajad Djiwanda sekaliyan, mbok bilih anggenipun mangayubagya panjenengan sami wonten caweting aruh, lungguh, suguh, sarta rengkuh, ingkang hamengku karsa nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, lan sateruse.
Tembung sesulih duweni teges ...
Wakil
Mimpin
Imam
Kulawarga
Salam pungkasan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh, diarani salam ...
Taklim
Karaharjan
Pambuka
Panutup
Sawijining paraga kang duweni jejibahan nglantarake titi laksana ing sawijining adicara, diarani...
Pambagyaharja
Tanggap wacana
Pranatacara
Pamedharsabda
Patrape pranatacara kudu nuduhake tata krama utawa tata trapsila, bab kasebut minangka salah sawijining perangan kang kudu digatekake anggone nindakake pranatacara ing babagn ....
Busana
Tindak-tanduk
Basa
Ngadi sarira
Busana lan ngadi sarira kudu salaras karo kahanan ing adicara, tujuwane yaiku ...
Supaya katon nengsemake marang para tamu
Amarga ana paribasa ajining raga saka busana
Busana kang endah ndadekake paragane katon sulistya
Amarga busana uga dadi punjering kawigaten marang para tamu
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digatekake nalika sesorah, yaiku ...
Swara lan pocapan cetha
Enggal-enggal dirampungi
Nggatekake tata rakite ukara
Nggunakake unggah-ungguh basa
Ing ngisor iki kang ora kalebu ancase nindakake tanggap wacana, yaiku kanggo ...
Menehi informasi kang wigati
Menehi pitutur
Nyacad wong liya
Menehi motivasi
Isine pambuka ing teks pewara, kajaba ...
Atur panuwun marang Gusti
Atur pakurmatan
Atur panuwun marang para rawuh
Nyebut sapa wae kang rawuh
Atur panuwun awit saka kawigatosane para rawuh, lan nyuwun pangapura manawa ana kakurangan anggone nglumantarake adicara. Kalebu ing struktur teks pawara ...
Pambuka
Wos
Panutup
Salam panutup
Atur panuwun awit saka kawigatosane para rawuh, lan nyuwun pangapura manawa ana kakurangan anggone nglumantarake adicara. Tembung kawigatosan duweni teges ...
Mirengake
Micara
Gladhi
Sesorah
Pangarep-arep kang kaucap saka pranatacara tumrap adicara kang wis dilumantarake, kalebu struktur teks pewara ...
Panutup
Pambuka
Pangajab
Wosing pranata
Salam pakurmatan kang pungkasan marang para tamu kalebu ing perangan teks pewara ...
Salam panutup
Panutup
Pambuka
Salam pambuka
Sing diarani wosing pranatacara yaiku ...
Pangarep-arep saca acara kang dilumantarake
Nyebut sapa wae kang rawuh
Rantaman adicara kang arep dilaksanakake
Salam pakurmatan kang pungkasan
Anane pranatacara duweni jejibahan supaya acara, kajaba ...
Rancak
Runtut
Gangsar
Rame
Para priyagung kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinudarsana,
Tembung kakung duweni teges ...
Mbah Kakung ingkang sepuh
Pejabat
Pengurus desa
priya/putra
Para priyagung kakung miwah putri ingkang satuhu pantes tinuladha.
Tembung tinuladha duweni teges ...
Diconto
Dikurmati
Diundhi--undhi
Diagungake
Sumangga kita ngaturaken pudyastuti sukur konjuk ing ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring pinten-pinten nikmat lan kesaenan. Tembung kesaenan duweni sinonim...
Kabecikan
Kasarasan
Kakuwatan
Kasehatan
