NEW
Font size
WorksheetsLATIHAN BASA JAWA 7 LELAGON
Total questions: 20
Worksheet time: 27mins
Didi Kempot klebu penyanyi kang kondhang jenenge nganti mancanegara, amarga dheweke sregep nulis lan nyanyi tembang….
dolanan
dangdut
macapat
campursari
Tembang Kreasi Anyar Jawa iku ana loro jinise, yaiku ... .
Tembang Dodolan lan Tembang Campursari
Tembang Dolanan lan Tembang Campursari
Tembang Dangdut lan Tembang Campursari
Tembang Dolanan lan Tembang Dangdutan
Tembang sing iringane arupa campuran saka iringan modern lan tradhisional diarani tembang ... .
Campuran
Campursari
Campur-campur
Dolanan
Sing kalebu tembung panggandheng yaiku …
Apa, pira, kaya
Apik, resik, padhang
Karo, nalika, lan
Loro, akeh, sepuluh
Gundhul-gundhul Pacul, Suwe Ora Jamu, Cublak-cublak Suweng, lan Gugur Gunung.
Irah-irahan ing dhuwur klebu irah-irahan … .
tembang dolanan
tembang dangdut
tembang macapat
tembang campursari
Tembang-tembang sing nganggo Basa Jawa iku lumrahe ana titi laras lan cakepane. Cakepan iku tegese padha karo … .
nada
titi laras
lirik/syair
tangga nada
Tembang Dolanan iku lumrahe ditembangake .... nalika dolanan.
Wong-wong
Kewan-kewan
Bocah-bocah
Dhewe-dhewe
Nembangake Tembang apa wae kalebu nalika nembangake Tembang Kreasi kudu diwenehi rasa supaya bisa kepenak dirasakake. Perkara iki ing Basa Jawa diarani ... .
wicara
wirama
wiraga
wirasa
Turi-turi putih, suwe ora jamu, buta galak, jamuran, ilir-ilir, swara suling. Iki kelebu tembang kreasi anyar yaiku wujude campursari tembang....
Sekar gendhing
Langgam
Macapat
Dolanan
Tembang kreasi anyar kuwi nuruti kesenengane para pandhemen, supaya lagu-lagu Jawa bisa disenengi dening sapa wae. Ing ngisor iki seng kelebu tembang kreasi anyar yaiku....
Tembang “Prau Layar” lan tembang tengahan
Tembang gedhe lan lan tembang macapat
Tembang macapat lan tembang “Kangen”
Tembang “Kangen” lan “Sewu Kutha”
Sing diarani tokoh idhola yaiku ....
Tokoh sing kepingin disenengi wong
Tokoh sing durung tau dikenal wong
Sawijine tokoh sing paling digetingi
Sawijine tokoh sing paling digandrung
“Aku dikongkon mas Bayu tuku kacang karo roti”. Ukara basa ngoko lugu kasebut yen diowahi dadi basa krama alus, yaiku....
Kula dikengken mas Bayu tumbas kacang kaliyan roti
Kula dipun utus mas Bayu tumbas kacang kaliyan roti
Kula dipun utus mas Bayu mundhutaken roti
Kula diutus mas Bayu mundhutaken kacang
Teks profil tokoh uga diarani teks biografi, teks kasebut kelebu teks....
Narasi
Persuasi
Deskripsi
Argumentasi
Bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan keluwargane, diarani....
Penutup
prastawa
orientasi
reorientasi
Apa bedane orientasi lan reorientasi kang ana ing strukture teks profil tokoh ?
Orientasi ngandharake bagean umum, reorientasi ngandharake bagean penutup
Orientasi ngandharake ngandharake bagean penutup, reorientasi ngandharake bagean umum
Orientasi ngandharake kahanan, reorientasi ngandharake peristiwa utawa masalah sing pernah dialami tokoh
Orientasi ngandharake pandangan lan pemawase penulis marang sing diceritakake, reorientasi ngandharake jenengm papan lairan, lan keluwargane tokoh sing diceritakake
Jroning teks profil tokoh ana rong macem tembung, salah sijine tembung sing isih asli lan durung owah saka asale diarani tembung....
Garba
Lingga
Camboran
Andhahan
Tembung sing wis owah saka asale merga oleh wuwuhan, kecambor, kerangkep, lan kawancah diarani tembung....
Garba
Lingga
Camboran
Andharan
Basa krama iku digunakake kanggo sapa wae?
Anak marang wong tuwa
Wong tuwa marang anak
Guru marang murid
Simbah marang bapak
sakiki, sesuk, awan, bengi
Tembung-tembung iki klebu jinise tembung ....
tembung aran
tembung wilangan
tembung kahanan
tembung katrangan
Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang.
Tembung wewengkon tegese ...
dunung
bagean
wilayah
panggonan
