wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Kisi² ASAS BEJE XII SMT 1

Total questions: 50

Worksheet time: 1hrs 9mins

Name
Class
Date
1.

Pariwara duweni ancas persuasif yaiku tegese ....

a)

Ngenalake barang dagangane

b)

Menehi info babagan produk

c)

Mromosikake prodhuke

d)

Ngajak supaya konsumen tuku

e)

Nyepakake kupon gratisan

2.

Basa kang digunakake sajrone pariwara, kajaba....

a)

Gampang ditampa

b)

Sipate pangajak

c)

Cekak aos

d)

Ora ngapusi

e)

Ukarane ora mranani

3.

Kang klebu jinise pariwara layanan masarakat yaiku....

a)

1, 2, 5

b)

1, 4, 5

c)

2, 3, 4

d)

2, 3, 5

e)

3, 4, 5

4.

Pariwara bisa mangerteni prodhuk tartamtu, wujud pelayanan jasa, apa dene kabutuhan, mula pariwara duweni fungsi....

a)

Ekonomi

b)

Pendhidhikan

c)

Sosial

d)

Komunikasi

e)

Pemasaran

5.

Pariwara inggih menika salah sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) ingkang dipundamel dening produsen ingkang dipunandharaken lumantar medhia utawi papan panggenan umum ingkang katujokaken marang bebrayan agung. Bab ingkang prelu dipunmidhangetaken anggenipun damel pariwara, kajaba ....

a)

Ukaranipun cekak aos

b)

Basanipun prasaja, gampil dipuntampi lan dipahami

c)

Surasanipun ora kasunyatan

d)

Seratanipun lan gambaripun narik kawigatosan

e)

Sipatipun ajak-ajak

6.

Pariwara iku bisa diandharake lumantar medhia apa wae. Medhia kang bisa digunakake kanggo ngandharake pariwara, kajaba ....

a)

Internet

b)

Tv

c)

Radhio

d)

buku tulis

e)

Kalawarti

7.

Tembung kang digunakake sajroning teks pariwara iku kudu bisa nggatekake kabutuhane konsumen, menehi solusi, lan menehi kawigaten, ateges teks pariwara iku nggunakake struktur tembung kang....

a)

Informatif

b)

Argumentatif

c)

Nggugah

d)

Persuasif

e)

Duweni panggerak

8.

Ing ngisor iki kang ora kalebu dasanamane pranatacara, yaiku ....

a)

MC

b)

Pambiwara

c)

Pranataca adicara

d)

Pranata titilaksana

e)

Pranata sasmitaning adicara

9.

Hamurwakani atur, langkung rumiyin kaparenga kula handherekaken panjenengan sedaya ngonjukaken sembah saha puji syukur ing Ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung inggih awit lumunturing kanugrahanipun, satemah kita sedaya saged makempal ing papan menika saperlu hangestreni ing malem midodareni.

Perangan panatacara kasebut kalebu ing perangan....

a)

Atur puji syukur

b)

Atur pakurmatan

c)

Atur pangapura

d)

Atur pangandikan

e)

Atur agunging panuwun

10.

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, ajisepuh, saha sesepuh ingkang tansah anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang satuhu dahat kinurmatan. Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pangayomaning kawula, mliginipun Bapa Pamuji minangka Kepala Desa Sukamakmur ingkang satuhu kinurmatan. Panjenenganipun kadang besan sutresna Bapa Agus miwah ibu ingkang satuhu pantes hanampi pakurmatan. Boten kesupen dhumateng para rawuh, para pilenggah kakung sumawana putri, saha para sananak kadang wredha muda tumaruna ingkang tansah winengku ing suka rahayu.

Adicara kang kalampahan manut pethikan teks panatacara kasebut yaiku ....

a)

Selapanan

b)

Pawiwahan mantu

c)

Pahargyan tingkeban

d)

Pambiwara kesripahan

e)

Sarasehan budaya jawi

11.

Kawilujengan, karaharjan, rahamat saha berkahipun Allah pangeran ingkang Maha Agung mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya ingkang sami rawuh lan makempal ing siyang punika kanthi ngawontenaken upacara adat jawi panjenenganipun Ibu Sumarmi ingkang sampun nggarbini utawi pinaringan wiji sejati saking Gusti Kang Murbeng Dumadi sampun umur jangkep pitung sasi utawa sapta candra.

Adicara kang kalampahan manut pethikan teks kasebut yaiku ....

a)

Mitoni

b)

Ngupati

c)

Supitan

d)

Selapanan

e)

Tedhak siten

12.

Para Bapak, para ibu ingkang kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekaken titi laksananing adicara selapananing dinten menika, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis. Kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten ...

a)

Acara

b)

Wektu

c)

Makempal

d)

Pangapura

e)

Urut-urutan

13.

Kang kudu digatetake nalika dados pranatacara yaiku ...

a)

Kendel micara lan nguwasani materi

b)

Kendel micara tanpa nguwasani materi

c)

Nguwasani micara tanpa kendel micara

d)

Ora kendel micara lan nguwasani materi

e)

Waton micara ing sakngajenge tiyang kathah

14.

Saka pranyatan kasebut ingkang kirang trep nalika dadi pranatacara yaiku nomer ....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

15.

Saka pethikan teks pranatacara kasebut adicara kang kalampahan yaiku ....

a)

Mitoni

b)

Ngupati

c)

Selapanan

d)

Tedhak siten

e)

Tingkeban

16.

Tembung ‘dhuhkita’ nggadhahi teges ....

a)

Seneng

b)

begja

c)

mulya

d)

Jirih

e)

Sungkawa

17.

Saka pethikan teks kasebut pranyatan ing ngisor iki kang ora trep yaiku ....

a)

Pambiwara kasebut wonten ing adicara kesripahan

b)

Adicara wiwitan yaiku upacara shalat jenazah

c)

Struktur teks pranatacara kasebut mapan ana ing pambuka

d)

Struktur teks pranatacara kasebut mapan ana ing intine adicara

e)

Adicara kapungkasi kanthi andum berkat minangka slametan kanggo almarhum

18.

Ing ngisor iki kang dudu jenenge aksara jawa yaiku ..

a)

Aksara Carakan

b)

Aksara Palawa

c)

Aksara Dentawyanjana

d)

Aksara legena

19.

Sandangan kang gunane ngannggo nyigeg wanda (mati aksara h) yaiku

a)

Wegyan

b)

Pengkal

c)

Ceceg

d)

. Pangkon

20.

Ing ngisor iki kang ora kelebu sandangan panyigeg yaiku ....

a)

Pangkon

b)

Ceceg

c)

Wegyan

d)

Taling tarung

21.

Ing ngisor iki kang kalebu sandangan aksara jawa kajaba...

a)

Wulu

b)

Suku

c)

Taling tarung

d)

Pa ceret

22.

Ing ngisor iki kang kalebu sandangan aksara jawa kajaba...

a)

Wulu

b)

Suku

c)

Taling tarung

d)

Pa ceret

23.

Cacahing aksara legena yaiku ...

a)

. 10

b)

. 15

c)

20

d)

25

24.

Ing ngisor iki kang dudu jenenge aksara jawa yaiku ..

a)

. Aksara Carakan

b)

. Aksara Palawa

c)

Aksara Dentawyanjana

d)

. Aksara legena

25.

HA Na Ca Ra Ka. Tegese ya iku ??

a)

Ana Utusan

b)

Pada Saktine

c)

Podo kerengan

d)

Pada mati

26.

Dumadining aksara jawa iku saka cerita ....

a)

Ramayana

b)

Ajisaka

c)

Mahabarata

d)

Ki Ageng Pandanarang

27.

Amrih lampahing adicara saged sae, pranatacara kedah nggatosaken, kajawi....

a)

Mangertosi kepara apal urut-urutaning adicara

b)

Saged makarya sesarengan kaliyan paraga sanesipun

c)

Mangertos peprincenipun saben acara

d)

Mangertos menapa kemawon unjukan kaliyan dhaharan

e)

Tumanggap saha nuhoni keparengipun ingkang hamengku karsa

28.

Sarat dados panatacara inggih punika, kajawi....

a)

Ayu

b)

Cetha swarane

c)

Trapsila

d)

Komunikatif

e)

Pocapan cetha

29.

Para Bapak, para ibu ingkang kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekaken titi laksananing adicara pengaosan rutin dinten ahad, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis. Kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara pengaosan rutin dinten ahad ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten ...

(Kapethik saking buku Prigel Basa Jawa kelas X)

Tembung "reroncen" ana ing nduwur nduweni teges ... .

a)

urut-urutane

b)

acara

c)

wektu

d)

kumpul

e)

pangapura

30.

Para tamu minulya kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan. Mestuti dhawuh pangandikanipun ingkang hamengku karya, kula minangka pambiwara pahargyan ing dalu menika nyuwun idin palilah lan pangestu panjenengan sedaya badhe maosaken rantaman acara ing dalu menika ….


Tegese tetembungan hamengku karya, ing teks pethikan panatacara kasebut yaiku ....

a)

nduwe gawe

b)

akeh gaweane

c)

lagi gawe

d)

gawe-gawe

e)

cekel gawe

31.

Pranatacara kedah kagungan sekawan perkawis ing ngandhap punika, kejaba...

a)

Wiraga

b)

Wirama

c)

Wirasa

d)

Wicara

e)

wibawa

32.

Sikap sarira ingkang kirang mranani wekdal dados pranatacara, kejaba...

a)

Jumeneng kanthi lelambaran suku setunggal

b)

Jumeneng kanthi suku sakelangkung mekar

c)

Jumeneng kanthi suku sakelangkung rapet

d)

Jumeneng kanthi semangat

e)

Jumeneng kirang imbang

33.

Tembung liya Pranatacara kaya ing ngisor iki kejaba….

a)

Pambiwara

b)

Pranataadicara

c)

Pranata titilaksana

d)

Juru demung

e)

MC

34.

Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara kedah saged mangertos … .

a)

Paramasastra

b)

Unggah-ungguh

c)

Tatakrama

d)

Unggah-ungguh lan tatakrama

e)

Serat wedhatama

35.
  1. 8. Gatosaken teks pranatacara ing andhap menika!

  2. "Keparenga  kula  mambeng  saha  nggempil  kamardikan  panjenengan  sadaya,  awit  kula  piniji saking panitya, kinèn ngaturaken urut reroncèning acara ing wekdal menika."

Pethilan teks ing inggil menika kalebet bagian ...

a)

Panutup

b)

Atur pakurmatan

c)

Pambuka

d)

Ancasing gati/isi

e)

Salam panutup

36.

6.      Bab-bab ingkang boten kedah dipun-gatosaken nalika dados pranatacara inggih menika ...

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wiraga

d)

Wirasa

e)

Winata

37.

4. Supados anggenipun ngayahi/nglakoni jejibahan/tugas saged kasil sae, pramila tiyang ingkang badhe dados pranatacara boten kedah gladhi bab ...

a)

olah swara

b)

olah basa

c)

olah sastra

d)

olah raga

e)

olah boga

38.

3.      Patraping sarira/badan ingkang mranani/nyenengke nalika dados pranatacara inggih menika ...

a)

jumeneng kanthi greget

b)

jumeneng kanthi kaken/kaku

c)

jumeneng kanthi loyo

d)

jumeneng kanthi lelndhehan

e)

jumeneng kanthi rame

39.

2.      Ewah-ewahaning pasuryan ingkang mranani/nyenengke nalika dados pranatacara inggih menika ...

a)

mbesengut

b)

suntrut

c)

mrengut

d)

sumringah

e)

cengenges

40.

sing di arani pariwara komersial yaiku.....

a)

pariwara kang dipasang ing media TV

b)

pariwara kang digawe lan di pasang migunakake teknik elektro

c)

pariwara bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno asil utowo keuntungan

d)

pariwara kang isine layang layang

e)

pariwara kang digunakake kanggo nyampekne informasi

41.

Salah sijine strategi supaya barang bisa payu ing pasaran yaiku kanthi menehi pangerten marang konsumen babagan......... produk kang ditawakake tinimbang produk liyane.

a)

keluwihan

b)

kekurangan

c)


katerangan

d)

kecocogan

e)

regane

42.

Ing ngisor iki kudu digatekake nalika nulis pariwara, kejaba....

a)

isine objektif lan jujur

b)

basane gamblang

c)

ana mupangate

d)

ora bisa dipahami

e)

narik kawigaten

43.

iklan ngandhap menika kang kalebu iklan pendhidhikan inggih menika.....

a)

b)

c)

d)

e)

44.

Miturut jenise, teks iklan kasebut kalebu iklan...

a)

TV

b)

Radhio

c)

Tinulis/brosur

d)

Kampanye

e)

Sayembara

45.

Iklan ing ngisor iki kagolong jenis ...

a)

Uleman

b)

Panjaluk

c)

Komersial

d)

Layanan masyarakat

e)

Piranti olahraga

46.

Iklan kasebut kagolong jenise komersial. Apa sing ditawakke iklan kuwi?

a)

Tarif nelpon murah

b)

Uleman

c)

Unjukan

d)

Layanan masyarakat

e)

Lampu

47.

Tembung kang digunakake ing pariwara iku kudu cetha, bersahabat, lan komunikatif, ora ngayawara apa maneh nganti nglalekake wektu penayangan.

Bab kasebut mujudake salah siji syarat panggunaan tembung ing pariwara, yaiku ....

a)

Efektif

b)

Efisien

c)

Nggugah

d)

Persuasif

e)

Nduweni tenaga gerak

48.

Pariwara kang duwe piguna kanggo nggerakake perubahan standar urip kang ditemokake dening kabutuhan manungsa mujudake fungsi....

a)

Sosial

b)

Komunikasi

c)

Pemasaran

d)

Ekonomi

e)

Budaya

49.

Nalika ngedol sawijining barang prelu....

a)

Wara-wara

b)

Pariwara

c)

Sesorah

d)

Pidhato

e)

Pawarta

50.

Jenis teks pariwara ing dhuwur yaiku ….

a)

Pariwara TV

b)

Pariwara niaga/ penawaran

c)

Pariwara layanan masarakat

d)

Pariwara radio 

e)

Pariwara luar ruangan