wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian Teks Pawarta

Total questions: 20

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.
Apa kang diarani pawarta iku?
a)
pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten sawijine kahanan sing wujude fiksi utawa nonfiksi
b)
pawarta yaiku Informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining kedadeyan kang dumadi
c)
pawarta yaiku wacana kang awujud crita babagan kewan
d)
Pawarta yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan)
e)
Pawarta yaiku tulisan kang nawarake samubaraang marang pamaca
2.
Titikan utawa ciri saka pawarta, yaiku…
a)

ora nyebutake wektu

b)

anane unsur intrinsik

c)

nduweni sifat karangan

d)
informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H
e)
basane ambigu
3.
Perangan pawarta kang wigati, amarga nemtokake saripati/inti pawarta lan nggambarake sakabehe pawarta, yaiku bagian…
a)
headline
b)
deadline
c)
lead/teras berita
d)
body
e)
irah-irahan/judul
4.
Perangan pawarta kang nuduhake papan kedadeyan lan jeneng media massa, diarani…
a)
headline
b)
deadline
c)
lead/teras berita
d)
body
e)
irah-irahan/judul
5.
Salah siji teknik utawa tahapan nalika nulis teks pawarta, yaiku…
a)
nyebutake pihak-pihak sponsor
b)
dudutan kudu akurat kanthi didukung opini
c)
milih tembung asing
d)
nemtokake teras berita (lead)
e)
pocapane kudu cetha
6.
Kang kalebu etika nalika nulis pawarta yaiku…
a)

ditulis adhedhasar fakta

b)

kudu ana gambar utawa grafik

c)

ngembangake imajinatif

d)

kudu ana nilai budaya

e)

kepentingan dhuwit utawa sponsor

7.
Kepiye carane nulis pawarta supaya bisa narik kawigaten pamaca?
a)
Ditulis kanthi urutan wektu
b)
Dipengaruhi dening pandhangan pribadhi
c)
Ditulis nganggo tembung ambigu/makna ganda
d)
Milih basa nengsemake nganggo ragam basa ngoko lan krama
e)
Gunakake alur sing dienjah-enjah
8.
Bab kang kudu digatekake nalika maca pawarta yaiku tata busana kang sopan lan sikep sarira kang sae, uga duweni solah bawa kang sae. Bab kasebut diarani…
a)
wicara
b)
wirasa
c)
wirama
d)
wiraga
e)
wigati
9.
Pamedhoting frasa kang trep, alon lan serune swara, alon lan cepete maca, nggatekake tanda waca. Bab iku kalebu bab sing kudu digatekake nalika maca pawarta kang diarani…
a)
wicara
b)
wirasa
c)
wirama
d)
wiraga
e)
wigati
10.
"Dina Jumat, 28 Oktober 2022 para siswa ing SMAN 1 Ngemplak, ana kegiyatan upacara bendera.” Saka pethilan pawarta iku, unsur pawarta sing ora ana yaiku...
a)

what (apa)

b)

why (kenengapa)

c)

where (ing ngendi)

d)

when (kapan)

e)

who (sapa)

11.
Unsur pawarta kang nuduhake pitakonan alesane ''kenengapa prastawa iku dumadi'' yaiku …
a)
What
b)
Who
c)
When
d)
Where
e)
Why
12.
Wong bisa diarani pinter nyemak pawarta, menawa nuduhake tandha-tandha indhikator, ing antarane kudu bisa mratelakake intine pawarta lan bisa menehi wangsulan pitakon 5W+1H, sing ora kalebu unsur mau yaiku …
a)
What
b)
Who
c)
When
d)
How
e)
Hour
13.
Kadadeyan iku lagi wae kelakon/dumadi utawa isih anget-angete, isih rame dadi rerasaning wong akeh. Pratelan iku kalebu sipate warta yaiku …
a)
Obyektif
b)
Cekak aos
c)
Faktual
d)
Aktual
e)
Lugas
14.

1)Radhio, 2)koran, 3)Tipi, 4)Website, 5)majalah, 6)Youtube, Kang kalebu pawarta jinis tulisan yaiku....

a)
1), 3), 6)
b)
1), 2), 3)
c)
2), 4), 6)
d)
2), 4), 5)
e)
4), 5), 6)
15.
Dalan kabupaten saka wilayah kecamatan Sreseh tumeko kutha Sampang rusak lan padha growok, kendaraan roda 2 utawa roda 4 sing arep liwat ing dalan iku kudu ati-ati lan waspada. Tekan saiki dalan iku durung didandani karo pemerintah dhaerah Sampang. Ghani (25 taun) warga sing liwat dalan iku ngeluhkake bab dalan sing rusak iku,” tekan saiki isih rusak padahal dalan iku wes suwe rusak nanging durung di dandani”. Ucape Ghani wektu ditemoni radar Jawa Pos kala wingi. Akibat dalan sing rusak iku mau, ndadekna akeh wong sing nganggo kendaraan roda 2 utawa roda 4 ngalami kecelakaan ana ing dalan iku. Ukara ing ngisor iki kang trep/jumbuh karo isi pawarta ing dhuwur yaiku...
a)
dalan ing daerah kecamatan Sreseh tumeko kutha Sampang rusak lan padha growok
b)
saiki dalan kang rusak kuwi wis didandani dening pemerintah daerah Sampang
c)
ora ana warga kang ngeluh babagan dalan sing rusak lan padha growok iku
d)
akibat dalan sing rusak iku mau, ndadekna akeh wong sing padha milih numpak kendaraan umum
e)
dalan kang rusak kuwi ditutupi nganggo uwit-uwitan
16.
PAGELARAN WAYANG KULIT ROADSHOW 3 KECAMATAN SURAKARTA – Pagelaran wayang kulit ingkan dipun tindakaken dening kelompok dalang remaja Surakarta utawi DARMASUTA wonten ing 3 kecamatan ingkang mapan wonten ing Surakarta. Menika ditindakaken sesasi ping 3 saben malem minggu, inggih punika tanggal 9, 16, 23 sasi April 2022 lan kagiatan kasebut “SAFARI RAMADHAN 1433 HIJRIAH”. Kecamatan ingkang kanggenan kangge kagiatan kasebut inggih punika kecamatan Jebres, Laweyan, lan Banjarsari. Tino Widya, ngendika “kagiatan niki saget nimbulaken dampak ingkang positif khususipun kangge masyarakat-masyarakat sekitar ingkang mapan wonten ing kota Surakarta’’, miturut Tino, minangka dados ketua pelaksana kagiatan kasebut. Kagiatan kasebut dipun tindakaken dening anggota dalang remaja Surakarta lan persiapanipun kangge nindakaken kagiatan kasebut dipuntindakaken kanthi latian sareng sareng wonten ing Radio Suara Slenk dalemipun pak Warseno Slenk ingkan mapan wonten ing Pajang, Makam Haji. Kagiatan kasebut lumampah kanti lancar lan angsal respon ingkang positif saking masyarakat sekitar. Topik pawarta kasebut yaiku…
a)
Kesenian
b)

Kasarasan/kesehatan

c)

politik

d)

ekonomi

e)

karesikan

17.
Kang dirembug ing pawarta kasebut yaiku…
a)
Babagan masarakat
b)
Babagan panguripan
c)
Babagan pasa sasi ramadhan
d)
Babagan keraton
e)
Babagan pagelaran wayang
18.
Prastawa kasebut mapan ana ing...
a)
safari ramadhan
b)
Makam haji
c)
Kecamatan Jebres, Laweyan, lan Banjarsari
d)
Taman sriwedari
e)
Masjid ing kutha Solo
19.
Wilujeng siyang para miyarsa. Siyang iki, Senin Paing, surya kaping 27 Maret 2023, pinanggih malih kaliyan kula Ahmad Fariza, lumantar radhiyo "Siswa Patuladhan" SMA Aldakarejo, badhe kaandharake pawarta cekak nanging wigati "Sempalan Prastawa Wigati". Ukara menika kalebu jinis pawarta... amarga....
a)
Pawarta lisan amarga digiyarake lumantar radhiyo
b)
Pawarta lisan amarga digiyarake lumantar youtube
c)
Pawarta cethak amarga ditulis ing kalawarti
d)
Pawarta cethak amarga ditulis ing radhiyo
e)
Pawata lisan amarga ditulis dening reporter
20.
Ukara ‘‘pinanggih malih kaliyan kula Ahmad Fariza...’’. Ahmad Fariza menika tiyang ingkang dipunsebat....
a)
Reporter
b)
Narasumber
c)
Panulis
d)
Pambiwara/MC
e)
Paraga