wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal WAYANG MAHABHARATA

Total questions: 20

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

1.      Sasuwene ngrungokake cerita wayang ing radhio utawa CD, nalika ngancik pathet sanga, satriya sing sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane). Pitutur sing kamot ing lelakon iku yaiku ....

a)

satriya kudu wani perang

b)

Buta dewe watak seneng ganggu gawe

c)

wong sing bakal mulya gedhe pacobane

d)

aja seneng mapan ing papan sepi

e)

ing alas iku panggonane bebaya

2.
  1.      Ing cerita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa sing cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda. Pitutur sing kamot sajronng cerita iku yen diparibasakake yaiku ....

a)

ing ngarsa sung tuladha      

b)

rawe-rawe rantas, malang-malang putung

c)

teteken tekun bakal ketekan

d)

becik ketitik ala ketara

e)

titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti

3.

Latar cerita iku yaiku ....

a)

Mandaraka

b)

Gandra

c)

Suwala

d)

Dewaka

e)

Hastinapura

4.

Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti yaiku ....

a)

Kurawa

b)

Yudhistira, Bima, lan Arjuna

c)

Pandawa      

d)

  Nakula lan Sadewa

e)

Sunjaya lan Wiyansampana

5.

Undherane cerita sing jumeneng nata Hastinapura yaiku ....

a)

Prabu Pandu  

b)

Prabu Matswapati

c)

Prabu Dhestarasta

d)

Prabu Salya

e)

  Widura

6.

Saka cerita iku, miturut tata aturan ing sajroning karaton sing gumanti nata kudune putra jaler mbarep sang Nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur sing becik yaiku ....

a)

aja rebutan panguwasa

b)

ngalah dhuwur wekasane

c)

nglenggana marang kekurangane   

d)

Nandur bakal ngundhuh

e)

negara sing adiluhung

7.

Gambar wayang iku nuduhake salah sijine anggota keluawarga Pandhawa kang sinebut….nduweni kuku pancanaka lan anak sik palig bagus dhewe. 

a)

Sadewa

b)

Puntadewa

c)

Bima  

d)

Nakula

e)

  Arjuna..

8.

Sawijining tokoh sajrone crita Mahabharata putrane Bimasena (Bima) utawa Werkodara saka keluarga Pandhawa, ibune Hadimbi (Arimbi) asale saka bangsa raseksa. Misuwur kanthi “otot kawat balung wesi”. Tokoh kasebut diarani…

a)

Kartatama

b)

Gatotkaca

c)

Kresna

d)

   Nakula

e)

  Sadewa


9.

Gambar wayang iki yaiku wayang……     

a)

Prabu Drestarasta

b)

Angling Darma

c)

Lesmana

d)

Prabu Kresna

e)

Werkudara

10.

    Ing crita Dewi Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamireng ngerti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani….

a)

Paraga

b)

Watak paraga

c)

Latar

d)

Alur

e)

  Pesan/amanat

11.

Pandawa yaiku Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Wong lima yaiku anak saka Pandu lan Kunti. Diarani Pandawa amarga duwe limang anggota. Minangka titisan para dewa, para Pandhawa duwe kekuwatan sing luar biasa. Kabeh Pandhawa kasebut duwe kekuwatan sing beda lan duwe keahliane dhewe-dhewe. Ing sisih liya, ana Kurawa, bocah-bocah saka Destsarastra sing ora becik lan meri. Minangka crita ing dhuwur watak becik kang bisa dicontho ing laku masarakat yaiku…..

a)

Destsarasta

b)

Yudhistira

c)

Bima

d)

Arjuna

e)

Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa, Pandhu Dewanata lan Kunti.

12.

Guru Drona ndelok potensi gedhe ing kemah Pandawa. Kekuatan Kang kuwasa lan agung. nanging ana sethitik wedi ing guru Drona. Kurawa pancen kudu nate gething, tambah gething lan bakal nemokake puncak ing sawijining dina. Sawijining dina sing ora bisa dingerteni pungkasane. Perang saudara gedhe asring ditepungi minangka perang Batarayudha. Wacan ing dhuwur sipat kang ana ing Kurawa yaiku…..

a)

Sombong utawa gawe masalah

b)

Eman

c)

Tetulung

d)

Wicaksana

e)

Melasan

13.

Amarga Kunthi Kunthi kepingin nyoba, ing wanci awan, aji kawateg. Ing batin kepingin ngrawuhke Dewi Surya. Bathara Surya tumurun, Kunthi kena soroting surya (dipandeng) mbotot during kagungan garwa, saka pitulungan Resi Druwasa, bayi dilairake saka kuping (Karna). Banjur diparingi asmane Karna.

Saka pethilan crita kasebut, sanajan kunthi durUng kagungan garwa nanging mbobot banjur bias nglairake lumantar….

a)

Tangane       

b)

Kupinge

c)

Kukune        

d)

wetenge

e)

Irunge

14.

Wigati uga kanggo dimangerti sawise dadi garwane Drestarasta, mripate Gendari ditutup tandha bektine marang kakung yaiku Prabu Drestarastra  kang wuta. Amarga setyane iku, nalika mbukak, netrane cumlorot cahya. Cahyane ngenani awake Duryudana. Emane ana kang ora kena sorot yaiku papa wewadining wong lanang, mula sanajan dipala, dibanting, dijotos, ditamani gegaman Duryudana panggah ora mati. Dewi Gendari sawise dadi garwane Drestarastra netrane ditutup. Kang ndadekake Dewi Gendari nutup netrane yaiku….

a)

Amarga ora lila kagungan putra kaya Duryudana.

b)

Minangka tandha bektine marang kakunge kang wuta.

c)

Supaya bisa menang nalika perang Bharatayuda.

d)

Menawa panutupe dibuka bias njalari Duryudana kawon ing paprangan.

e)

Dewi Gendari sedih amarga Kurawa wis padha ketekan patine siji mbaka siji.

15.

Harya Suman : Dhasare bapakmu kae wong ora seneng marang regejegan. Anane mung sarwa eklas. Dikapake wae wong sarwa manut. Lha iya, kenangapa yen bapakmu wes manut banjur anake sing satus kuwi apa ya manut kaya wong tuwane kuwi, Ngger.

Saka pethilan kasebut kang duwe kekarepan ora seneng regejegan, anane mung eklas lan manut yaiku….

a)

Kurupati       

b)

Abiyasa

c)

Drestarastra

d)

Kunthi

e)

Pandhu Dewanata

16.

Pandhu lan Madrim seda, nalika Pandhawa isih cilik-cilik. Kunthi mongmong Pandhawa ing Ngastina. Pandhawa tansah dipaksa dening Kurawa, nanging Kunthi paring pitutur supaya tansah ngalah nanging waspada. Kunthi uga tau diwirang-wirangke dening Dursasana. Mula banjur paring sabda rambute diore ora bakal digelung kalamun ora jamas nganggo getihe Dursasana lan durug keset sirahe Dursasana. Sumpahe bias kelakon ana ing lakon wayanag Jambakan. Dewi Kunthi tansah ngemong Pandhawa, wiwit ing negara Ngastina. Dibuang ing alas 13 taun, suwita ing Wiratha, nganti Yudhistira jumeneng nata ing Indraprata, lan tumeka ing perang Bharatayudha.

Budi pakarti luhur Dewi Kunthi saka pethilan crita kasebut yaiku….

a)

Wanita kudu bisa mbuktekake menawa dheweke ibu sing becik kanggo putra-putrane kanthi tansah nyenyuwun marang Gusti apa kang dadi panyuwune.

b)

Wanita sik apik kuwi kudu bias mandhiri ora njagakne wong liya, ora seneng nggunemake liyan, apa meneh dol tiku sing ora perlu.

c)

Dadia ibu sing bias ndhidhik putra kanthi becik lan utama, satemah putra bisa dadi wong sing luhuring budi, bisa nggayuh gegayuhan luhur lan kemukten.

d)

Dadia ibu sing bisa dituladhani kanthi tumindhak-tumindhak kang becik kayata ngalah, ora seneng regejegan, bisa nyiapke panganan kanggo kaluwargane.

e)

Dadia wanita sing utama, bisa gawe ayem kaluwarga, ora nate nggresula, bisa dadi tuladha kanggo putra-putrine.

17.

Drestrarastra isih nyoba nindakake keadilan. Anak-anake minangka Kurawa lan Pandu minangka hak diwenehi pamulangan sing padha saka guru Drona. Nggawe papan kanggo sinau lan praktek kabeh sing ana ing kana. Sedaya Kurawa lan Pandawa kasebut kudu dituruti arahan lan pamulangan sing ditindakake dening guru Drona. Gurune Drona dhewe yaiku Brahmana sing kuat. Kekuwatane lan ketrampilan kanggo nglawan ora ana sing ngalahke. Guru Drona ngajak murid-muride nututi supaya latihan ing wana. Gagasan utama kang ana ing crita ing dhuwur yaiku……

a)

Prabu Destrarastra ngutus putrane supaya menehi pamulangan saka guru Drona.

b)

Prabu Destrarastra ngutus Kurawa

c)

Prabu Destarastra ngamuk

d)

Guru Drona mulang

e)

Guru Drona nesu

18.

“Menawi mekaten, saderengipun kula outbond, langkung rumiyin taken dhumateng Bapak, supados menawi outbond boten gunyak-gunyuk nglelingsemi. “ tembung kang kachetak kandel kuwi menawa didadekake ngoko tegese …..

a)

Nyenengake

b)

ngisin-ngisini

c)

Mongkok      

d)

gawe bungah

e)

Sumringah

19.

Aku (dicaosi) wajik karo gedhang. Tembung njero kurung supaya trep unggah-ungguh e diganti….

a)

Dikeki

b)

diawehi

c)

Diwenehi

d)

dicepaki

e)

Diaturi

20.

Bapak                 : “Ayo wis wengi,, pada turu sesuk mangkat esuk!”

Anak                  : “…………” Lumrahe anak mangsuli nganggo ukara ….

a)

Iya Pak        

b)

boten Pak

c)

Ora Pak

d)

siap Pak

e)

Inggih Pak