NEW
Font size
WorksheetsULANGAN HARIAN BAHASA JAWA GANJIL
Total questions: 45
Worksheet time: 11hrs 15mins
Pilihen wangsulan sing paling trep saka pitakon-pitakon iki ! Artikel kang minangka gegambaran ngenani sawijine bab kalebu jinis …
Deskripsi
Narasi
Argumentasi
Eksposisi
Persuasi
Dheweke ora bisa…jalaran isih nyambut gawe Tembung kriya kang paling trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku …
Sregep
Mlaku
Mulih
Kandha
Ngerteni
Wong sing … sinau kuwi mesthi bisa methik asile ing tembe mburi. Tembung kahanan kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ….
Sregep
Tansah
Gelem
Ora
Pengin
Ing ngisor iki sing dudu tata carane nggawe artikel yaiku…
Nggawe judhul
Evaluasi
Nggawesaka maneka tema
Nggawe cengkorongan
Nyathet bab wigati
Cerita wayang sing biasane disuguhne ing pagelaran wayang kulit kuwi dijupuk saka maneka cerita kuna. Cerita wayang sing kalebu bakune cerita ,dijupuk saka cerita Ramayana lan Mahabarata. Saliyane kuwi uga cerita wayang sing nyebal saka cerita baku Ramayana lan Mahabarata,nanging isih ana sesambungane karo rong cerita kasebutu.Cerita wayang sing kaya ngono kuwi diarani cerita carangan utawa gaweyan dhewe .
Pethikan artikel kasebut bisa diringkes dadi ….
Cerita wayang kuwi kaperang dadi loro yaiku cerita Mahabarata lan Ramayana
Cerita wayang sing baku kajupuk saka Mahabarata lan Ramayana,dene sing ora baku diarani cerita carangan
Sumbere cerita wayang kui ana loro yaiku cerita mahabarata lan Ramayana
Cerita wayang sing ora baku kuwi kajupuk saka cerita Mahabarata lan Ramayana
Sekabehe cerita sing disuguhake ing pagelaran wayang kulit mesthi ana sumbere sing padha antara siji lan sijine
Jinis artikel sing gunane kanggo nambah informasi tumrap para pamaca diarani artikel …
Deskripsi
Narasi
Argumentasi
Eksposisi
Persuasi
Bedane perangan pambuka lan isi kang ana sajrone struktur artikel yaiku …
Ing pambuka sing dirembug yaiku ngenani sekabehane sing ana ing isi,dene ing isi sing dirembug mligi saka judhul
Ing perangan pambuka sing dirembug yaiku ngenani dudutan saka judhul ,dene ing perangan isi sing dirembug luwih umum saka judhul
Ing perangan pambuka sing dirembug yaiku bab mligi ngenani judhul ,dene isi sing dirembug ngenani bab sing luwih umum
Ing pambuka sing dirembug isih bab sing luwih umum saka judhul , dene ing isi sing dirembug wis mligi andharan saka judhul
Ing pambuka sing dirembug ana sesambungane karo judhul,dene yen isi wis ora ana sesambungane karo judhul
Pagelaran wayang minangka salah sawijine seni kang ana ing tanah jawa .Ana maneka andharan ngenani asal usul arane wayang kulit dhewe. Salah sijine yaiku merga pagelaran wayang kuwi sejatine sing dideleng wewayangan (bayangan) saka boneka sing dilakokake dening dhalang. Merga sing deleng kuwi wewayanagan ,mula pagelaran kui diarani wayang.
Sing dadi punjere pirembugan ing pethikan artikel kasebut yaiku …
Jinise wayang
Sebutane wayang
Asal usule tembug wayang
Pagelaran wayang
Wewayangane wayang .
Saka pethikan artikel ing nomer 8, yen artikel kasebut judhule Lakon Mahabara Sajrone Wayang Jawa , Pethikan ing nomer 8 kasebut gathuke dadi perangan…
Panutup
Andharan 1
Isi
Andharan 2
Pambuka
Perangan panutup kang ana ing sawijine artikel isine yaiku ngenani …
Dudutan
Donga
Panemune
Andharan isi
Salam panutup
Andharan kang ana ing artikel , bisa andharan 1,2,3 lan sabanjure, kuwi minangka perangane artikel sing kalebu ing perangan…
Panutup
Andharan 1
Pambuka
Andharan 2
Isi
Urip neng desa .… neng kutha kuwi padha kepenake Tembung panggandheng kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku …
Lan
Utawa
Uga
Sarta
Kapara
Jinise artikel sing isine cerita ngenani sawijine tokoh utama sawijine bab yaiku artikel …
Deskripsi
Narasi
Argumentasi
Eksposisi
Persuasi
Ing ngisor iki sing ora kalebu teks non sastra…
Artikel
Pawarta
Makalah
Cerkak
Esay
Ing jaman saiki , pilihan tetamba tumrape wong sing nandhang lara uga maneka warna .Ana sing milih tamba asipat modern, nanging ana uga sing tetep milih tamba kang sipate tradhisiona.Pawongan kang milih tamba modern,kaya dene mertamodermba neng dokter lan nggunakake obat-obatan,kuwi merga tamba modern dianggep duwe ukuran lan jaminan kwalitas kang cetha. Bab iki jalaran tamba modern umume wis nggunakake panliten-panliten tartamtu amrih bisa ngasilake obat kang pas kanggo lara tartamtu . Dene wong isih milih tamba tradhisional kuwi umume duweni anggepan tamba tradhisional luwih aman lan ramah lingkungan tinimbang tamba modern . saliyane kuwi, tamba tradhisional uga wis kauji turun-temurun wiwit saka leluhur biyen.
ing ngisor iki sing trep karo isine pethikan artikel kasebut yaiku…
Ing jaman saiki sansaya arang wong sing gelem ngombe jamu minangka tambane lelara
Tamba tradhisional apa dene tamba modern,kekarone padha-padha duweni pandhemen dhewe-dhewe
Tetamba kang asipat modern kabukti luwih mandi tinimbang tetamba kang asipat tradhisional
Tetamba kang asipat modern luwih mbebayani tumrap lingkungan lan duweni daya nagehi tumrap awake manungsa
Wong-wong sing isih milih nganggo tamba tradisional kuwi lumrahe dumunung ing desa-desa.
Ing jaman saiki , pilihan tetamba tumrape wong sing nandhang lara uga maneka warna .Ana sing milih tamba asipat modern, nanging ana uga sing tetep milih tamba kang sipate tradhisiona.Pawongan kang milih tamba modern,kaya dene mertamodermba neng dokter lan nggunakake obat-obatan,kuwi merga tamba modern dianggep duwe ukuran lan jaminan kwalitas kang cetha. Bab iki jalaran tamba modern umume wis nggunakake panliten-panliten tartamtu amrih bisa ngasilake obat kang pas kanggo lara tartamtu . Dene wong isih milih tamba tradhisional kuwi umume duweni anggepan tamba tradhisional luwih aman lan ramah lingkungan tinimbang tamba modern . saliyane kuwi, tamba tradhisional uga wis kauji turun-temurun wiwit saka leluhur biyen. wacan kasebut ,geneya kok isih ana wong sing milih nggunakake tamba tradhisional ?
Amarga minangka wujud rasa tresna marang tetinggalane leluhur
Amarga tamba tradhisional luwih murah lan gampang golekane tinimbang tamba modern
Amarga dheweke duweni anggepan yen tamba tradisional kui luwih aman lan ramah lingkungan
Amarga minangka wujud melu aduweni lan angrungkebi marang warisan para leluhur
Amarga kasiyate wis kauji kanthi turun-temurun wiwit para leluhur jaman ing biyen .
Ing jaman saiki , pilihan tetamba tumrape wong sing nandhang lara uga maneka warna .Ana sing milih tamba asipat modern, nanging ana uga sing tetep milih tamba kang sipate tradhisiona.Pawongan kang milih tamba modern,kaya dene mertamodermba neng dokter lan nggunakake obat-obatan,kuwi merga tamba modern dianggep duwe ukuran lan jaminan kwalitas kang cetha. Bab iki jalaran tamba modern umume wis nggunakake panliten-panliten tartamtu amrih bisa ngasilake obat kang pas kanggo lara tartamtu . Dene wong isih milih tamba tradhisional kuwi umume duweni anggepan tamba tradhisional luwih aman lan ramah lingkungan tinimbang tamba modern . saliyane kuwi, tamba tradhisional uga wis kauji turun-temurun wiwit saka leluhur biyen. pirembugan saka pethikan artikel kasebut yaiku …
Tamba modern kuwi sawijine tetamba kang wis kauji lumantar panliten-panliten tartamtu
Wong-wong kang milih tetamba asipat modern apa dene tradhisional kasebut lumrahe padha duweni pengalaman nggunakake kekarone
Pilihan tetamba tumrape wong sing nandhang lelara yaiku ana tamba tradisional lan modern
Maneka warnane jinis tetamba kanggone wong sing nandhang lelara nuduhake yen wong saiki kudu wasis milih tetamba
Kapinterane wong jawa wis kauji wiwit jaman biyen ,kabukti saka anane tamba-tamba tradhisional nganti saiki .
Saka telung jinis obat tradhisional yaiku jamu, Obat Herbal Terstandar ,lan fitofarmaka,jamu kalebu obat tradhisional sing paling kuna,Tegese yaiku jamu wis ana luwih dhisik tinimbang jinis obat tradhisional liyane.Anane jamu wiwit biyen ing tanah jawa ,nuduhake yen leluhure wong jawa pancen kalebu wong sing pinter.Bisa diarani ngono jalaran leluhure wong jawa wis ngerti marang kasiyat kang kinandhut sajrone tanduran-tanduran tumrap kasarasane manungsa.Nganti wusane bisa diracik dadi meneka jamu lan digunakake minangka tetamba kang migunani tumrap masyarakat.
Pratelan ing ngisor iki sing paling trep karo isine pethikan artikel kasebut yaiku ….
Kwaruh ngenani ngracik tetamba diduweni dening wong jawa awit saka sesambungan dagang karo bangsa manca
Anane kwaruh ngenani ngracik tetamba nuduhake yen para leluhur wong jawa pancen kalebu wong-wong sing unggul
Jamu minangka jinis obat tradhisional sing paling kuna,mula kasiyate uga ora bisa dipesthekake
Wong jawa wiwit jaman biyen wis bisa ngolah tetanduran lan ngracik tetanduran kasebut dadi sawijine obat kang asipat modern
Wiwit jaman biyen tanah jawa wis dingerteni min
Saka telung jinis obat tradhisional yaiku jamu, Obat Herbal Terstandar ,lan fitofarmaka,jamu kalebu obat tradhisional sing paling kuna,Tegese yaiku jamu wis ana luwih dhisik tinimbang jinis obat tradhisional liyane.Anane jamu wiwit biyen ing tanah jawa ,nuduhake yen leluhure wong jawa pancen kalebu wong sing pinter.Bisa diarani ngono jalaran leluhure wong jawa wis ngerti marang kasiyat kang kinandhut sajrone tanduran-tanduran tumrap kasarasane manungsa.Nganti wusane bisa diracik dadi meneka jamu lan digunakake minangka tetamba kang migunani tumrap masyarakat.
ukara kang biyenkaping telu ,sing kalebu tembung kahanan yaiku …..
Biyen
Pinter
Pancen
Leluhur
Jamu
Saka telung jinis obat tradhisional yaiku jamu, Obat Herbal Terstandar ,lan fitofarmaka,jamu kalebu obat tradhisional sing paling kuna,Tegese yaiku jamu wis ana luwih dhisik tinimbang jinis obat tradhisional liyane.Anane jamu wiwit biyen ing tanah jawa ,nuduhake yen leluhure wong jawa pancen kalebu wong sing pinter.Bisa diarani ngono jalaran leluhure wong jawa wis ngerti marang kasiyat kang kinandhut sajrone tanduran-tanduran tumrap kasarasane manungsa.Nganti wusane bisa diracik dadi meneka jamu lan digunakake minangka tetamba kang migunani tumrap masyarakat.
pirembukan saka pethikan artikel kasebut yaiku…
Jamu minangka tetinggalan kang bisa dadi bukti yen leluhure wong jawa pancen kalebu wong-wong sing pinunjul
Jamu minangka tetamba wiwit jaman biyen kang wis duweni sipat modern lan kauji kanthi panliten-panliten
Leluhure wong jawa wis pinter ngracik samubarang tetanduran nganti wusane bisa dadi obat kang kauji klinis
Ing saindhenge nuswantara namung leluhure wong jawa sing bisa ngracik tetamba kanthi temenan
Sekabehe jenis tamba tradisional sing digawe dening leluhure wong jawa nyata kabukti kasiyate .
Raden Kumbakarna sejatine isih sedulur karo narendra ing Nalengka., ratu agung sing dadi sesembahane para ratu telukane. Ratu kasebut jenenge Prabu Dasamuka ya Prabu Rahwana Raja .Raden Kumbakarna isih kapernah adhi karo Prabu Dasamuka. Cethane, Prabu Dasamuka duwe adhi cacah telu yaiku Sarpakenaka, Kumbakarna,lan sing Wuragil yaitu Raden Wibisana.
ngisor iki isih kalebu sedulur tunggal bapa karo Raden Kumbakarna adhedhasar pethikan wacan kasebut, kejaba…
Dasamuka
Sarpakenaka
Wibisana
Rahwana
Indrajit
Kocap kacarita ing negara Ngalengka ana sawijine satriya sing tansah ngugemi sipat-sipat utama. Satriya kasebut jenenge Raden Kumbakarna,salah sawijine satriya kang awujud raseksa gedhe dhuwur lan gagah prakosa. Senadyan duwe siyung lan praupane nggegirisi kaya lumrahe raksesa, nanging Raden Kumbakarna tansah ngugemi watak satriya kang utama .tegese dheweke tansah ngugemi marang bebener lan lumaku ing dalan kang bener pethikan wacan kasebut Raden Kumbakarna kuwi awujud ….
Manungsa
Dewa
Jim
Buta
Genderuwo
Ing ngisor iki sing kalebu sumber carita pakem sajrone cerita wayang yaiku …
Mahabarata
Arjuna Wiwaha
Abimanyu Krama
Babad Tanah Jawa
Suryatmaja Maling
Raden Anoman kasil lumebu ing taman sari Praja Ngalengka,Ing kono dheweke kepethuk karo Dewi Sinta.Anoman kandha yen dheweke minangka utusan Prabu Rama Wijaya. Keprungu ature Raden Anoman ,Dewi Sinta bungah banget ,Raden Anoman ngajak Dewi Sinta mlayu ninggalake papan kono,nanging Dewi Sinta ora kersa. Dewi Sinta kandha yen sing marani kudu Prabu Rama Wijaya dhewe .Prabu Rama Wijaya kudu bisa ngrebut kanthi cara kesatriya.
pethikan carita kasebut kelebu salah sawijine carita pakem sing dijupuk saka sumber …
Mahabarata
Ramayana
Rahwana
Bharatayudha
Rama Sinta
Geneya wayang utawa lakon-lakon wayang kuwi uga dianggep kaya ensiklopedi jawa ?
Jalaran sajrone lakon lan pagelaran wayang ngandhut piwulang saha maneka unsur kabudayaan jawa sing jangkep
Jalaran ing pagelaran wayang dhalange tansah nggunakake tembung-tembung sing ngandhut unsur estetika saha sastra sing dhuwur
Jalaran sajrone cerita wayang kasebut bisa nuduhake keprigelan saha kapinterane para pujangga jawa ing jaman biyen
Jalaran sumber-sumbere cerita wayang kajupuk saka kitab-kitab kuna kang minangka kaskayane wong jawa kang banget adiluhung
Jalaran ing pagelaran wayang butuhake paraga kang akeh banget, mula bisa nuwuhake watak gotong royong.
Perang gedhe bharatayuda jaya binangun wis arep kawiwitan. Perang gedhe antarane keturunan kuru yaiku pandhawa musuh kurawa, kang minangka gegambaran saka kabecikan mungsuh angkaramurka. Para kadang Pandhawa pinandhegan dening Raden Seta. Dene sata Kurawa pinandhegan dening Resmi Bisma.
Pethikan carita kasebut dijjupuk saka sumber cerita ….
Bharatayuda
Wayang P
Wayang Madya
Babad Tanah Jawa
Mahabarata
Ukara ing ngisor iki ngemot tembung saroja, kejaba …
Bocah lanang kuwi katon gagah prakosa
Puspita wis kondhang minangka kembang desa
Tindak tanduke tansah diwaspadakake wong liya
Kahanan omahe katon edi peni
Budaya kang adi luhung kudu dilestarekake
Ukara ing ngisor iki sing ana tembung entare yaiku…
Sawijine dina, bocah kuwi bakal konangan
Sanadyan dheweke ayu,nanging ora tau umuk
Muga-muga dheweke tansah bening atine
Kabeh manungsa mbesuk bakale mati
Ora ana sing bisa uwal saka bebaya .
Ing kelase satriya ana pilihan pengurus kelas . Ing wektu kui Satriya maju nyalon dadi ketua kelas . Dheweke katon semangat banget lan percaya yen bakal kapilih dadi ketua kelas . Nalika tumiba ing wayahe pilihan, ndilalah sing kapilih yaiku Bagus. Saka bocah sakelas, sing milih satriya mung bocah 3. Dene liyane padha sarujuk milih Bagus. Bagus dianggep luwih mampu tinimbang Satriya . Ing kelas kuwi pancen padha ngerti yen Satriya kuwi kerep ngapusi. Saben-saben diwenehi jejibahan dheweke kandha saguh, nanging nyatane ora diayahi .Dheweke pancen wis misuwur yen ora bisa dicekel omongane. Mula ora mokal yen akeh sing ora percaya marang dheweke . entar sing trep kanggo nggambarake Satriya ing wacan kasebut yaiku…
Lunyu ilate
Abang kupinge
Jembar segarane
Gedhe endhase
Dawa tangane
Kacarita ing Praja Ngastina ana sawijine pangeran kang kondhang kaloka sekti mandraguna . Pangeran kasebut jenenge Raden Dewabrata. Raden Dewabrata mana putrane raja Ngastina ,Prabu Sentanu ,karo garwa Dewi Gangga. carita kasebut kajupuk saka sumber cerita….
Gaweyan dhewe
Ramayana
Mahabarata
Babad
Cerita rakyat
Patih Gandamana diutus Prabu Pandhu supaya budhal menyang Pringgandani saperlu golek sisik melik ngenani perkara kasebut. Nalika Patih Gandamana wis tumeka ing tapel wates Praja Ngastina lan pringgandani ,dumadakan wis dumadi paprangan luwih dhisik. Prapangan dumadi antarane wadya bala Ngastina kang dipimpin dening para kurawa lumawan para wadya Pringgandani . Enggal-enggal Patih Gandamana weneh pambiyantu marang para wadya pimpinan Kurawa kang katon kuwalahen ngadhepi kridhane wadya Pringgandani . Nalika patih Gandamana lumebu ing papan paprangan. Harya Suman Banjur mrintahake marang para Kurawa supaya Mundur . Ninggalake Gandamana kang dhewekan ngadhepi wadya Pringgandani pimpinane Raden Harimba.
Raden Gandamana kang kondhang sekti mandraguna , nyatane kasil ngundurake wadya bala pringgandani .Raden Harimba sadulur-dulure kapeksa mundur saka papan paprangan. Ing tengah-tengah kedadeyan kuwi,dumadakan Harya Suman nemoni Raden Harimba. Harya Suman kandha yen sejatine Prabu Pandhu ora gelem perang ,nanging sing meksa perang kuwi Gandamana. Mula Raden Harimba kudu bisa mateni Gandamana. Mula saka kuwi , Suman banjur Ngandani Harimba ngenani carane mateni Gandamana .
paragraf ing cerita kasebut kang kalebu golongane wong-wong Ngastina yaiku…
Harya Suman lan Gandamana
Prabu Pandhu,Kurawa lan Raden Harimba
Prabu Pandhu,Pandhawa,lan Kurawa
Gandamana lan Raden Harimba
Suman lan Gathutkaca
Patih Gandamana diutus Prabu Pandhu supaya budhal menyang Pringgandani saperlu golek sisik melik ngenani perkara kasebut. Nalika Patih Gandamana wis tumeka ing tapel wates Praja Ngastina lan pringgandani ,dumadakan wis dumadi paprangan luwih dhisik. Prapangan dumadi antarane wadya bala Ngastina kang dipimpin dening para kurawa lumawan para wadya Pringgandani . Enggal-enggal Patih Gandamana weneh pambiyantu marang para wadya pimpinan Kurawa kang katon kuwalahen ngadhepi kridhane wadya Pringgandani . Nalika patih Gandamana lumebu ing papan paprangan. Harya Suman Banjur mrintahake marang para Kurawa supaya Mundur . Ninggalake Gandamana kang dhewekan ngadhepi wadya Pringgandani pimpinane Raden Harimba.
Raden Gandamana kang kondhang sekti mandraguna , nyatane kasil ngundurake wadya bala pringgandani .Raden Harimba sadulur-dulure kapeksa mundur saka papan paprangan. Ing tengah-tengah kedadeyan kuwi,dumadakan Harya Suman nemoni Raden Harimba. Harya Suman kandha yen sejatine Prabu Pandhu ora gelem perang ,nanging sing meksa perang kuwi Gandamana. Mula Raden Harimba kudu bisa mateni Gandamana. Mula saka kuwi , Suman banjur Ngandani Harimba ngenani carane mateni Gandamana .
Saka wacan kasebut bisa dingerteni yen watake Harya Suman yaiku …
Jirih
Bodho
Gampang nesu
Licik
Drengki

Saka wacan kasebut bisa dingerteni yen watake patih Gandamana yaiku…
Pinter
Gampang nesu
Kendel
Grusa-grusu
Licik
Adhedasar wujude ,ing ngisor iki kalebu jinis wayang klasik ,kejaba…
Wayang beber
Wayang thengul
Wayang wong
Wayang kulit
Wayang suket
Ing ngisor iki kalebu lakon-lakon kanggo wayang kulit purwa , kejaba…
Anoman muksa
Pandhawa swarga
Wiratha parwa
Sumantri ngenger
Duryudana gugur
Ing ngisor iki kang kalebu lakon sajrone pagelaran kulit madya yaiku….
Gathutkaca gugur
Banjaran Karna
Sri Aji Jayabaya
Babad Alas Wanamarta
Petruk dadi Ratu
Raden Dewa Brata ya sang Maharsi Bisma kuwi putra pambarepe Prabu Sentanu kang patutan klawaan Dewi Gangga . Sawise Dewi Gangga ninggalake bumi lan bali menyang kayangan, Prabu Sentanu nuli ningkah maneh karo Dewi Durgandini . Karo Putri Wiratha kasebut, Prabu Sentanu nuli duwe putra loro yaiku Raden Citranggada lan Wicitrawirya.
Raden Dewa Brata ngucapake prasetya ora bakal rabi lan ora bakal dadi raja ing Ngastina,amrih Dewi Durgandini gelem kagarwa dening Prabu Sentanu . Awit saka kuwi ,mula nganti sedane ing perang baratayuda , Raden Dewabrata tetep ora duwe garwa.
Pretelan ngenani Maharsi Bisma ing ngisor iki kang ora trep yaiku…
Bisma duwe dulur tunggal bapa cah loro, yaiku Raden Citranggada lan Wicitrawirya
Raden Dewabrata ngucapake prasetya amrih prabu Sentanu bisa ningkah karo wanita sing ditresnani
Maharsi Bisma kang nduweni jeneng cilik Raden Dewabrata kuwi anake prabu Sentanu karo Dewi Durgandini
Nganti pungkasane uripe, Resi Bisma ora nduweni garwa awit saka sumpahe marang Dewi Durgandini
Resi Bisma ora nate dadi Raja ing Negara Ngastina
Ing NegaraWiratha raden Dewabrata nuli methuki Dewi Durgandini,saperlu ngaturake panglamare bapake, Prabu Sentanu ,marang Dewi Durgandini . Dewi Durgandini mangu-mangu arep mangsuli panglamare Prabu Sentanu. Dewi Durgandini nuli kandha marang Raden Dewabrata ,dheweke gelem nampa panglamare Prabu Sentanu sauger besuk anake Durgandini sing nggenteni kalungguhane Prabu Sentanu minangka raja Ngastina. Raden Dewabrata nyaguhi apa kang dadi panjaluke Durgandini sanadyan nalika kuwi dheweke wis sinengkakake minangka pangeran pati. Durgandini durung marem atine ,awit dheweke kuwatir yen besuk anak turune Dewa Brata bakal nggugat kalungguhane raja Ngastina. Dewabrata nuli ngucapake prasapa yen dheweke ora bakal rabi selawase.
Geneya Raden Dewabrata Ngucapake sumpah ora bakal rabi selawase ?
Jalaran supaya anak turune Durgandini bisa dadi raja ing Ngastina
Jalaran supaya dheweke bisa dadi manungsa utama kang tansah ngabdi marang praja Ngastina lan raja-rajane
Jalaran Prabu Sentanu kepengin banget nggarwa dewi Durgandini ,nganti dheweke lara-laranen
Jalaran supaya Dewi Durgandini gelem nampa panglamare Prabu Sentanu
Jalaran wong sing ditresnani dening raden Dewabrata wis seda,mula dheweke sumpah ora bakal rabi selawase
Ing ngisor iki sing kalebu karakter utama ing Mahabharata yaiku…
Arjuna
Krishna
Yudhishthira
Bhima
Gandhari
Peran wayang ing masyarakat Jawa bisa dianggep minangka …
Media kanggo nglipur masyarakat
Wadah kanggo ngajar nilai-nilai budaya
Acara sing ora penting
Hanya kanggo kalangan elit
Simbol tradisi lan identitas
Ing ngisor iki sing kalebu unsur penting ing pembuatan artikel, kejaba…
Judhul
Isi
Kesimpulan
Referensi
Gambar
Adhedhasar pethikan wacan, geneya kok wayang dianggep minangka media pendidikan budaya ?
Amarga wayang ngandhut piwulang lan nilai-nilai moral sing luhur
Amarga pagelaran wayang tansah diiringi musik tradisional
Amarga wayang bisa narik perhatian bocah-bocah lan wong dewasa
Amarga lakon-lakon wayang asring diadaptasi saka kisah sejarah
Amarga wayang minangka hiburan sing disenengi masyarakat
Artikel kang isine ngenani pandangan utawa pendapat pribadi diarani artikel …
Deskripsi
Narasi
Argumentasi
Eksposisi
Persuasi
Ing ngisor iki sing kalebu jinis teks sastra yaiku…
Artikel
Puisi
Makalah
Esai
Pawarta
Geneya wayang dianggep minangka salah siji warisan budaya sing kudu dilestarikan ?
Amarga wayang ngandhut nilai-nilai sejarah lan budaya
Amarga wayang mung ditonton dening kalangan elit
Amarga pagelaran wayang ora populer ing masyarakat
Amarga wayang ora duwe makna sing jero
Amarga wayang ora bisa narik perhatian generasi muda