Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS I BAHASA DAERAH

Total questions: 35

Worksheet time: 1hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Wacan ing ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon no 1 nganti 3!

..............................................................

"Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia"  ukara kuwi ing saben-saben dina pengetan lingkungan hidup mesthi dikumadhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya. 

        Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunung mbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.

        Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisa mrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisa subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lan cukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong sing logrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing bisa nandhon banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alase supaya tetep bisa dadi paru-parune donya. 

Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa slogan yaiku ....

a)

Alasku paru-paruku

b)

Alasku sehat, paru-paruku sehat

c)

Alasku paru-parune donya

d)

Lestari alasku, lestari bumiku

2.

Ukara inti ing paragrap 1 wacan ing dhuwur yaiku ….

a)

Alase rusak, paru-parune donya rusak.

b)

Alas Indonesia kuwi alas tropis

c)

Alas Indonesia paru-parune donya

d)

Alas tropis prodhusen oksigen

3.

Rusake alas ing Indonesia disebabake saka ….

a)

Godhong-godhong sing logrog nutupi lemah .

b)

Bencana alam lan saka pakal gawene manungsa.

c)

Wit gedhe sing ditegori.

d)

Tanduran kang mati.

4.

Bocah enom puniku,

Kudu ngudi samubarang kawruh,

Lan taberi nandangi sabarang kardi,

Pegawean kasar alus,

Aja nganti siro emoh.

Tembang ing dhuwur arane tembang ....

a)

Pucung

b)

Asmaradana

c)

Gambuh

d)

Kinanthi

5.

Bocah enom puniku,

Kudu ngudi samubarang kawruh,

Lan taberi nandangi sabarang kardi,

Pegawean kasar alus,

Aja nganti siro emoh.

Guru lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

7u - 10u - 12i - 8u - 8o

b)

7o - 10u - 12i - 8u - 8o

c)

7a - 10u - 12i - 8u - 8o

d)

7i - 10u - 12i - 8u - 8o

6.

Nut jaman kapungkur tetep nyawiji, ukara iki mujudake sasmitane tembang ….

a)

Pucung

b)

Pangkur

c)

Gambuh

d)

Sinom

7.

Unen-unen Jawa, tegese ....

a)

tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora nduweni titikan tartamtu.

b)

tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu.

c)

tetembungan tartamtu kang endah.

d)

tetembungan sajerone ukara, kang kasusun miturut adat.

8.

Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku .....

a)

Bebasan, paribasan, saloka

b)

Bebasan, saloka, pepindhan

c)

Saloka, paribasan, pepindhan

d)

Saloka, baradha, pepindhan

9.

Ing ngisor iki tuladha bebasan yaiku .....

a)

Kebo nusu gudel

b)

Lumpuh ngideri jagad

c)

Sirah gundul dikepeti

d)

Mikul dhuwur mendhem jero

10.

Njagaake ndhoge blorok. Unen-unen kasebut tegese ….

a)

Wong kang pagaweyane ngingu pitik.

b)

Ngarep-arep barang sing durung mesthi.

c)

Saben dina mangan lawuhan endhog.

d)

Wong pinter kang muspra nanging ora dianggo

11.

Gathukno aksara Jawa karo tulisan latine kang bener!

a)

1.

Alasku lestari, uripku murakabi

b)

2.

Mangan sega goreng

c)

3.

duku siji

12.

Gathukno titikane teks sing bener!

a)

Karangan isine ngajak, utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca.

Wujud gancaran, isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake,

nawakake.

1.

Teks persuasi

b)

Karangan isine ngandharake fakta, kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik, isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat.

2.

Teks pawarta

c)

Karangan isine mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake.

3.

Teks pariwara/iklan

13.

Gathukno gambar lan katerangane!

a)

1.

iklan

b)

2.

slogan

c)

3.

pawarta

14.

Gathukno jinise tembang sing mathuk!

a)

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

badanira panjang,

tutukira pan pesagi,

saben dina pucung nguntal buntutira.

1.

Pucung

b)

Bocah-bocah dha sekolah,

Wiwit biyen nalika isih cilik,

Sregepa anggolek ilmu,

Wayah esuk lan awan,

Ngrungokake parentahe para guru,

Lan bisa ngerti agama,

Agama ngarsaning Gusti.

2.

Pangkur

c)

Urip bebrayan sing rukun,
Lire sapu sada kaki,
Sing kenceng sira ngesuhnya,
Mesthi angel coklek kaki,
Gampang cinoklek yen buyar,
Mula rukunna den aglis.

3.

Kinanthi

15.

Gathukno ukara karo guru wilangan lan guru lagune sing bener!

a)

Bocah-bocah dha sekolah

1.

8a

b)

Wiwit biyen nalika isih cilik

2.

7i

c)

Sregepa anggolek ilmu

3.

8u

16.

Gathukno tembang pucung karo batangane!

a)

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

badanira panjang,

tutukira pan pesagi,

saben dina pucung nguntal buntutira.

1.

Sabuk

b)

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Sankane ing sabrang

Nggon anggone sang Bupati

Yen lumampah si pucung lambeyan grana

2.

Gajah

c)

Bapak pocung amung sirah lawan gembung

Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mijil baka si pucung dadi dahana

3.

Penthol korek

17.

Gathukno tuladhane unen-unen Jawa sing bener!

a)

Becik ketitik, ala ketara

1.

Paribasan

b)

Nabok nyilih tangan

2.

Bebasan

c)

Ula marani gepuk

3.

Saloka

18.

Gathukna paribasan lan tegese sing bener!

a)

Becik ketitik, ala ketara

1.

Tumindak ala utawa becik bakal konangan.

b)

Tulung menthung

2.

Katone nulung, nanging sejatine ngapusi

c)

Ora tedheng aling-aling

3.

Omong blak-blakan apa anane

19.

Gathukna bebasan lan tegese sing bener!

a)

Lambe satumang kari samerang

1.

Dituturi bola bali meksa ora digugu

b)

Mikul dhuwur mendhem jero

2.

Bisa junjung derajate wong tuwa

c)

Mburu uceng kelangan deleg

3.

Ngoyak barang sepele kelangan barang aji

20.

Gathukna saloka lan tegese sing bener!

a)

Ula marani gepuk

1.

Wong kang njarak kacilakan

b)

Mubra mubru mblabur madu

2.

Wong sing sarwa kecukupan uripe

c)

Kebo nyusu gudel

3.

Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

21.

Gambar iki kalebu teks ... .

(a)  

22.

Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16 Nopember 2019.

Ukara ing duwur kalebu teks ... .

(a)  

23.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara. Uwuh tegese ... .

(a)  

24.

Tegese ukara agama, ageming aji yaiku agama, busana sing paling ... .

(a)  

25.

Nut Jaman kapungkur tetep nyawiji

Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung,

Sinuba sinukarta

ukara iki mujudake sasmitane tembang ... .

(a)  

26.

Mugi pinayungan nugraha.

Guru wilangan lan guru lagu ukara iki ... .

 

(a)  

27.

Wit gedhang arane ... .

(a)  

28.

Sembarang tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan.

Paribasan sing mathuk yaiku … .

(a)  

29.

Sepi ing pamrih rame ing … .

(a)  

30.

Diwenehi ati ngrogoh rempelo. Kalebu jenise … .

(a)  

31.

Sagung pra rawuh sedaya,

Mugi pinayungan nugraha  yekti,

Asih tresna Alloh  satuhu,

Tansaha kasarira,

Puja-puji syukur  saha sembah sujud,

Konjuk ing ngarsa paduka, 

Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur !

4 lines
32.

Coba jelasna titikane teks slogan karo teks iklan !

4 lines
33.

Nggawea Sesanti/Slogan sing isine ngajak lan ngelingake njaga alas !

4 lines
34.

Apa tegese paribasan mburu uceng kelangan dheleg ?

4 lines
35.

Tulisen nganggo aksara jawa ! "Asu belang kalung wang"

4 lines