Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS GANJIL BASA JAWA KELAS 8

Total questions: 47

Worksheet time: 57mins

Name
Class
Date
1.

NAMA

4 lines
2.

KELAS

4 lines
3.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

 (1) Bu Siti mundhut gedhang raja setangkep.

(2) Sumantri goleki adhine.

(3) Sapine diangon dening Sakri ing pinggir alas Jabon

 (4) Kripik gedhang agung didadekake unggulan kabupaten Lumajang

(5) Biyasanipun panjenengan pikantuk pesenian saking pundi kemawon?

Kang klebu ukara tanduk ditujokake angka ...

a)

(1) lan (2)

b)

(3) lan (5)

c)

(2) lan (4)

d)

(4) lan (5)

4.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

(1) Bu Siti mundhut gedhang raja setangkep

(2) Sumantri goleki adhine

(3) Sapine diangon dening Sakri ing pinggir alas Jabon

(4) Kripik gedhang agung didadekake unggulan kabupaten Lumajang

(5) Blyasanipun panjenengan pikantuk pesenan saking pundi kemawon?

Kang klebu ukara tanggap ditujokake angka ...

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (4)

c)

(3) lan (4)

d)

(4) lan (5)

5.

Pawongan (tokoh) kang dianggep nduweni katrangan kang diperlokake diarani ...

a)

Dewawancara

b)

Narasumber

c)

Pomiarsa

d)

Pranata bara

6.

Tembung ing wawancara kang biyasane kanggo nakokake wong yaiku ...

a)

who

b)

why

c)

when

d)

where

7.

Tembung ing wawancara kang biyasane kanggo nakokake wayah yaiku ...

a)

who

b)

why

c)

when

d)

where

8.

Tembung ing wawancara kang biyasane kanggo nakokake alesan yaiku ...

a)

who

b)

why

c)

when

d)

where

9.

Tembung ing wawancara kang biyasane kanggo nakokake papan panggonan yaiku ...

a)

who

b)

why

c)

when

d)

where

10.

Gatekna wacan ing ngisor ikil

Tomas kuwi sawijining siswa kelas 11 ing SMK Karanganyar. Sawijining dina, ana pertandingan persahabatan futsal. Sing ngenekake yaiku SMK Karya Nugraha Boyolali. Dadi, minggu ngarep bakal ana pertandingan ing antarane SMK Karanganyar lan SMK Karya Nugraha Boyolali. Ing wektu-wektu sadurunge pertandingan kuwi Tomas latihan kanthi sregep lan dhisiplin. Kamangka sadurunge Tomas ora tau melu latihan. Nanging wektu pertandingan ndilalah gawang SMK Karanganyar bisa dijebol dening SMK Karya Nugraha Boyolali. Dadi pertandingan dimenangake SMK Karya Nugraha Boyolali kanthi skor 6-0 Sawise pertandingan kuwi, Tomas wis ora tau melu latihan kanca-kancane maneh.

Paribasan kang trep kanggo crita ing dhuwur yaiku …

a)

obor blarak

b)

 bobor oncor

c)

kebo kabotan sungu

d)

 ana catur mungkur

11.

Crita kang surasane fakta riwayat uripe uwong kang ditulis dhewe sinebut ...

a)

otobiografi

b)

cerkak

c)

novel

d)

crita sambung

12.

Ing sajroning cerkak, karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi langsung dening pengarang diarani teknik ...

a)

analitik

b)

dramatik

c)

persuatip

d)

objektip

13.

Karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi lingkungan kauripan tokoh lan dalan pikirane tokoh, diarani teknik ...

 

a)

analitik

b)

dramatik

c)

persuatip

d)

objektip

14.

Satya murca ing embanan. Tegese ...

a)

wiwit wit-witan padha brindhil

b)

lemah-lemah padha nela

c)

tuk-tuk padha pipet

d)

wiwit akeh udan

15.

Tembung garba lan kerata basa klebu camboran ...

a)

tugel

b)

wutuh

c)

wudar

d)

tunggal

16.

Paraga tambahan ing cerita uga dijenengi ...

a)

protagonis

b)

antagonis

c)

tritagonis

d)

figuran

17.

Ing cara mawas, ukara langsung yaiku ukara sing jejere sing ngomong, uga diarani paraga ke …

a)

pisan

b)

pindo

c)

katelu

d)

papat

18.

Dina iki, 4 Juni 2016, Kutha Solo tansah rame. Tuladha kasebut klebu latar ...

a)

panggonan

b)

wektu

c)

swasana

d)

watak

19.

Sajake warga desa padha katon ayem tentrem lan sayuk rukun mangun desa. Tembung ayem tentrem lan sayuk rukun kalebu tembung ...

a)

saroja

b)

camboran

c)

entar

d)

lugas

20.

Susilowati olehe mlaku gandheng renteng karo kancane. Tembung gandheng renteng klebu tembung ...

a)

saroja

b)

camboran

c)

entar

d)

lugas

21.

Yen wong tuwamu repot ya aja digegam tangane. Tembung digegem tangane tegese ...

 

a)

males resik-resik

b)

anteng neng njero

c)

nesu karo wong tuwa

d)

ora gelem tandhang gawe

22.

Pak boletos: tapak kebo lelene satus. Klebu cangkriman ...

a)

awujud blenderan

b)

sinawung ing tembang

c)

awujud wancahan

d)

awujud pepindhan

23.

Ing ngisor iki sing kudu disiapake sakdurunge nindakake wawancara, kajaba nemtokake ...

a)

tujuan

b)

biaya 

c)

tema

d)

narasumber

24.

Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude ...

a)

daptar pitakonan sing kanggo takon

b)

tape recorder kanggo ngrekam

c)

ringkesan materi sing arep ditakokake

d)

dheskripsi sing arep ditakokake

25.

Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kejaba ...

a)

supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep

b)

supaya ora ana pitakonan kang kliwatan

c)

supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah

d)

supaya anggone nindakake wawancara bisa cepet

26.

Sing klebu tuladhane ukara tanduk yaiku ...

a)

Aku nampa pesenan sawayah-wayah

b)

Barang dagangan dakkirim seminggu ping pisan

c)

Kripik rasa original sing paling disenengi konsumen

d)

Jamu iki diprodhuksi wiwil taun 2009

27.

Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, apike gunakake basa ...

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

28.

Dina iki penjenengan arep tindak ngendi, Mas? Yen ora ana acara aku arep nyuwun tulung. Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

29.

Mangsa rendheng wus tumiba, mula saka iku awake dhewe kudu bisa njaga kewarasane dhewe-dhewe. Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

30.

Aku nduwe niyat, yen ing kelas wolu iku kudu bisa antuk prestasi kang nyenengake bapak lan ibu. Pratelan iku gunakake basa ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

31.

Le, aku sesuk terno menyang puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol. Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

32.

Wektu nggone pakdhe kagungan kersa, sampeyan apa ora ngerti? Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

33.

Aku sakulawarga nalika lelungan menyang Yogya bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang ngerti papan iku. Basa kang pryoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

34.

Mas, panjenengan napa sios tindak dhateng Solo. Basa kang digunakakae yaiku ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

35.

Crita bisa awujud fakta uga bisa awujud fiksi utawa mung gawe-gawe. crita kang surasane wujude crita kang critane sinambung sinebut ...

a)

cerkak

b)

novel

c)

cerbung

d)

otobiografi

36.

Panggonan crita ing endi konflik dipecahkan kasebut ...

a)

klimaks

b)

penyelesaian

c)

komplikasi

d)

eksposisi

37.

Titik minat paling dhuwur sajrone pangerten konflik lan titik crita sing ngandung aksi paling akeh yaiku ...

a)

klimaks

b)

penyelesaian

c)

komplikasi

d)

eksposisi

38.

Setting,situasi lan tokoh utamane klebu ...

a)

klimaks

b)

penyelesaian

c)

komplikasi

d)

eksposisi

39.

Gatekno unsur-unsur ing ngisor iki!

  1. 1. Tema

  2. 2. Paraga

  3. 3. Sosial

  4. 4. Etika

  5. 5. Budaya

  6. Kang klebu unsur ekstrinsik, ditujokake angka ...

a)

1,2

b)

2,3

c)

3,5

d)

4,1

40.

Gatekno unsur-unsur ing ngisor iki!

  1. 1. Tema

  2. 2. Paraga

  3. 3. Sosial

  4. 4. Etika

  5. 5. Budaya

  6. Kang klebu unsur intrinsik, ditujokake angka ...

a)

1,2

b)

2,3

c)

3,5

d)

4,1

41.

Crita cekak yaiku karangan cekak kang awujud ...

a)

prosa

b)

gancaran

c)

piwulang

d)

tuladha

42.

"Ibuk, tindak dhateng toko bandhe....menapa? Kok mboten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe ... buku tulis kangge cathetan." Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kesebut yaiku ...

a)

mundhut, mundhut

b)

tumbas, tumbas

c)

mundhut, tumbas

d)

tumbas, tuku

43.

Jelasna pangertene unggah-ungguh basa Jawa!

4 lines
44.

Jelasna pangertene basa ngoko lugu lan kegunaane sarta tuladha ukarane!

4 lines
45.

Basa krama digunakake kanggo sopo? Sebutna 3 tuladhane!

4 lines
46.

Sebutna apa wae seng kalebu unsur intrinsik cerkak!

4 lines
47.

Tulisna telu wae tuladha tembung camboran!

4 lines