Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN 1 UAS JAWA

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Jinis artikel sing sumebar ing masyarakat maneka warna jumbuh karo surasane lan ancase. Salah sijine artikel sing menehi saweneh informasi ngenani samubarang prakara kanthi nyawisake penyengkuyung awujud bukti lan alesan sing tinemu nalar saengga bisa nambahi kawruh pamaca. Upamane pawarta lan artikel lapuran. Mangkono iku klebu jinis artikel ….

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Argumentasi

d)

Persuasi

e)

Narasi

2.

Artikel kang ngrembug prakara sing entheng lan ora mbutuhake pemahaman kang jero diarani artikel …..

a)

Opini

b)

Ilmiah

c)

Praktis

d)

Ringan

e)

Argumentasi

3.

Ora klebu syarat tetembungan sing digunakake nulis irah-irahan artikel yaiku ….

a)

Cekak aos

b)

Ndudut ati

c)

Ngayawara

d)

Cetha

e)

Becik

4.

Ing ngisor iki kang ora klebu titikane artikel yaiku ….

a)

Isine cekak aos, cetha, padhet

b)

Duwe sipat factual lan informatif

c)

Isine mligi panemu tanpa linandhesan data

d)

Ditulis kanthi metode sistematis

e)

Ditulis adhedhasar fakta

5.

Panulisan artikel mujudake tulisan sing kadhapuk saka …..

a)

300 nganti 5000 tembung

b)

300 nganti 10.000 tembung

c)

400 nganti 5000 tembung

d)

300 nganti 1000 tembung

e)

500 nganti 5000 tembung

6.

Ing ngisor iki kang ora klebu jinis artikel adhedhasar ancase yaiku ….

a)

Artikel argumentasi

b)

Artikel ilmiah

c)

Artikel deskripsi

d)

Artikel narasi

e)

Artikel eksposisi

7.

Artikel yaiku teks kang isine sawijining panemu ngenani sawenehing prakara kang kadhapuk saka …..

a)

Pambuka, masalah, dudutan

b)

Pambuka, isi, masalah

c)

Irah-irahan, pambuka, isi, panutup

d)

Irah-irahan, isi, dudutan

e)

Dudutan, isi, masalah

8.

Nyawisake wacan sing dawa dadi sethithik tanpa ngurangi utawa ngelongi gagasan pokok sajroning wacan diarani ….

a)

Nggancarake

b)

Medharake

c)

Njlentrehake

d)

Narasi

e)

Ngringkes

9.

Panulisane artikel kudu nggatekake babagan ….

a)

Panemu

b)

Irah-irahan

c)

Pambuka

d)

Panutup

e)

Isi

10.

Kapisanan ditindakake nalika gawe artikel yaiku ….

a)

Nulis perangan kang mligi

b)

Golek data kang ana gegayutane karo topik

c)

Nemtokake katrangan umum

d)

Nemtokake tema

e)

Ngrembakakake gagasan pokok nganggo ukara panjelas

11.

Gatekna punggelan teks artikel ing ngisor iki!

Mundhake banyu laut, alas-alas kobong, lan owah-owahane mangsa klebu saperangan tuladha saka anane global warming. Menawa dideleng kanthi permati, isih akeh tuladha liyane sing bisa kita temokake ing sakiwa tengen. Mula kanggo ngurangi prakara iki, kitab isa ngupayakake kanthi nandur satus yuta wit kanthi tema “sauwong sauwit” minangka sesulihe alas seng ilang yutonan hektar saben taune.

Paragrap ing dhuwur klebu pethilan saka ….

a)

Isi

b)

Pambuka

c)

Andharan topik

d)

Irah-irahan

e)

Panutup

12.

Gatekna paragrap ing ngisor iki!

Vitamin lan mineral dibutuhake dening awak. Panganan kang ngandhut unsur kasebut antarane buah, daging, susu, kacang – kacangan, lan sayuran. Ngetrapake pola urip sehat ora angel amarga bahan panganan kasebut gampang ditemokak. Kabutuhan vitamin lan mineral kacukupan ndadekake awak ora gampang lara. Mula, wiwit saiki ayo padha ngetrapake pola urip sehat kanthi mangan panganan sing ngandhut vitamin lan mineral sarta olahraga kanthi ajeg.

Adhedhasar surasane, teks ing ndhuwur klebu jinis artikel ……

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Persuasi

d)

Argumentasi

e)

Deskripsi

13.

Artikel kang isine ngenani lauran sistematis ngenani asli kajian utawa panaliten kanthi migunakake basa baku lan ilmiah diarani artikel ….

a)

Opini

b)

Ringan

c)

Ilmiah

d)

Narasi

e)

Praktis

14.

Wacan artikel lumrah kadhapuk pirang-pirang paragraph. Saka akehe wacan kasebut bisa dicekakake kanthi ringkes. Dene babagan sing ora kena dilirwakake nalika ngringkes yaiku …

a)

Pamawase panulis

b)

Kaendahaning basa sajroning wacan

c)

Pambukaning wacan

d)

Isi pokok wacan

e)

Ukara panjelas

15.

Karusakan lingkungan bisa disebabake dening rong jalaran, yaiku faktor alam lan manungsa. Dene ing ngisor iki kang ora klebu rusake lingkungan amarga faktor alam yaiku ….

a)

Tsunami

b)

Longsor

c)

Lindhu

d)

Angin lesus

e)

Panambangan liar

16.

Jinis artikel sing sumebar ing masarakat maneka warna. Salah sijine artikel sing surasane menehi  informasi ngenani samubarang prakara kanthi nyawisake bukti, conto, lan alesan tinemu nalar saengga bisa nambahi kawruh pamaca. Kang mangkono diarani artikel ….

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Argumentasi

d)

Persuasi

e)

Deskripsi

17.

Kitab Ramayana dianggit dening ….

a)

Resi Wiyasa

b)

Empu Kanwa

c)

Empu Panuluh

d)

Resi Walmiki

e)

Yasadipura

18.

Rahwana iku kasatriyane ing ….

a)

Mantili

b)

Ayodya

c)

Alengka

d)

Pancawati

e)

Dandaka

19.

Wujude wayang telung dimensi umume kagawe saka …

a)

Kulit

b)

Kerdhus

c)

Suket

d)

Kayu

e)

Kain

20.

Ing ngisor iki sing ora klebu perangan unsur sing mangun crita wayang saka jero crito yaiku ….

a)

Pamawase pangripta

b)

Alur

c)

Kahanan sosial budaya

d)

Lelewaning basa

e)

Setting

21.

Wayang kang kagawe saka kayu lan nalika ditanggap nganggo kayu sing wis dibolong – bolongi. Dene crita sing kerep ditanggapake yaiku Damar Wulan lan Majapahit diarani wayang …

a)

Klithik

b)

Titi

c)

Beber

d)

Golek

e)

Potehi

22.

Ing ngisor iki kang ora klebu ing Astadasa parwa yaiku …

a)

Adiparwa

b)

Bhismaparwa

c)

Balakandra

d)

Sabhaparwa

e)

Udyogaparwa

23.

Gatekno crita ing ngisor iki!

Ing tengah alas Dewi Sinta weruh kidang kencana sing nengsemake. Banjur nyuwun marang Rama nyekel kidang kasebut. Ora dinyana kidang kasebut Kala Marica minangka utusane Rahwana. Rahwana banjur memba dadi wong wadon tuwa jaluk banyu marang Dewi Sinta. Amarga welas, tangane Sinta banjur metu saka garis sing digawe Laksmana. Sanalika Rahwana nyaut Dewi Sinta nuli digawa mabur menyang Alengka.

Katrangan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku ….

a)

Crita iku klebu ing kitab Balakandra

b)

Crita iku klebu ing kitab Ayodyakanda

c)

Crita iku klebu ing kitab Kiskindakanda

d)

Crita iku klebu ing kitab Sundarakanda

e)

Crita iku klebu ing kitab Aranyakanda

24.

Wayang kang digawe saka akyu lan diklambeni kayadene manungsa diarani wayang ….

a)

Kulit

b)

Klithik

c)

Beber

d)

Golek

e)

Potehi

25.

Crita Mahabharat nyritakake babagan ….

a)

Dewi Sinta kadustha dening Dasamuka

b)

Dewi Sinta nglakoni pati obong

c)

Anoman dadi dutane Prabu Ramawijaya

d)

Perange Pandhawa lan Kurawa ngrebut Astina

e)

Kumbakarna maju perang ngadhepi karo Ramawijaya

26.

Prabu Dasarata kagungan putra cacahe papat saka garwa Dewi Kosalya, Dewin Kekayi, lan Dewi Sumitra. Ing ngisor iki ora klebu putrane Prabu Dasarata yaiku …

a)

Laksmana

b)

Wibisana

c)

Rama

d)

Bharata

e)

Satrughna

27.

Lakon ing gelaran wayang  maneka warna. Dene lakon “Babad Alas Mertani”, “Partakrama”, “Aji Narantaka”, lan “Abimanyu Lair” klebu ing lakon …

a)

Gubahan

b)

Banjaran

c)

Sempalan

d)

Pakem

e)

Carangan

28.

Wayang kang nyritakake babagan perjuwangan rakyat Indonesia nalika mungsuh penjajah diarani wayang …

a)

Menak

b)

Golek

c)

Suluh

d)

Madya

e)

Gedhog

29.

Serat Mahabharata minangka crita kang endah kaperang dadi 18 kitab kang diarani ….

a)

Saptakanda

b)

Astaparwa

c)

Pancadasaparwa

d)

Astadasaparwa

e)

Saptadasaparwa

30.

Paman saka pehak Kurawa kang seneng mitenah, ngedu, lan ngupaya nyirnakake Pandhawa yaiku ….

a)

Duryudana

b)

Pandhita Durna

c)

Patih Sengkuni

d)

Prabu Kresna

e)

Bisma

31.

Pagelaran wayang kulit ing tlatah Jawa ngalami owah – owahan. Umpamane anane paraga Punakawan. Dene sing diarani Punakawan yaiku ….

a)

Semar, Puntadewa, Petruk, Bagong

b)

Semar, Gareng, Petruk, Bagong

c)

Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa

d)

Semar, Gareng, Sukrasana, Bagong

e)

Duryudana, Dursasana, Durmagati

32.

Pagelaran wayang kulit isish dadi klangenane masarakat Jawa. Salah siji sarana kang dianggo ing pagelaran yaiku kain putih dawa kang dijereng ing gawangan sing diarani …..

a)

Blencong

b)

Keprak

c)

Kelir

d)

Kendhaga

e)

Simpingan

33.

Pandhawa lan Kurawa minangka katurunan Bharata kang padha – padha ngangsu kawruh marang ….

a)

Pandhita Durna

b)

Resi Bisma

c)

Prabu Kresna

d)

Patih Sengkuni

e)

Yamawidura

34.

Anoman minangka sawijining wanara kautus dening Rama kanggo niliki dununge Dewi Sinta lan sisik melik Kraton Alengka.

Tembung kang kacithak miring tegese ….

a)

Buta

b)

Kethek

c)

Bajang

d)

Raseksa

e)

Manuk

35.

Ramawijaya yaiku putrane Dasarata karo Dewi ….

a)

Kekayi

b)

Sumitra

c)

Gendari

d)

Kosalya

e)

Madrim

36.

Sajroning penulisan artikel adhedhasar data utawa kasunyatan kang ana. Mangkono klebu salah siji titikan artikel kang diarani …

a)

Informatif

b)

Faktual

c)

Sistematis

d)

Logis

e)

Komunikatif

37.

Ing ngisor iki kang nuduhake artikel persuasi yaiku …..

a)

Ngajak pamaca supaya nindakake marang opo sing tinulis

b)

Nyritakake sawijining kedadean

c)

Menehi informasi ngenani samubarang prakara kanthi nyawisake argument utawa penyengkuyung arupa bukti

d)

Menehi gambaran, gagasan, utawa teori ngenani sabab lan akibat sawijining kedadean

e)

Menehi gambaran samubarang tartamtu kanthi cetha

38.

Sampun siyang, mangga roning mlinjo wonten mriki.

Ukara ing dhuwur mujudake tuladha ….

a)

Parikan

b)

Cangkriman

c)

Pepindhan

d)

Tembung Saroja

e)

Wangsalan

39.

Sampah kanthong plastic kang tansaya numpuk bisa jalari lingkungan reged lan nekakake kapitunan  tumrap manungsa dhewe.

Tembung kapitunan tegese …..

a)

Muspra

b)

Ilang

c)

Karugian

d)

Lelara

e)

Bencana

40.

Jinis artikel adate kapacak ing ariwarti utawa kalawarti mujudake babagan sawijining pokok bahasan tartamtu lan kasengkuyung data saengga pamaca bisa pracaya tumrap panemu sing diwedhar. Artikel iki lumrah katulis dening panulis sing ahli ing babagan tartamtu. Artikel sing dikarepake yaiku artikel ….

a)

Ringan

b)

Opini

c)

Analisis ahli

d)

Praktis

e)

Narasi

41.

Perangan ing artikel iki kudu nggunakake tetembungan sing cetha, cekak aos, lan ndudut ati. Mujudake perangan pisanan sing dideleng dening pamaca. Perangan kang dikarepake yaiku …

a)

Irah-irahan

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Gagasan

e)

Panutup

42.

Nulis artikel ana cara sing bisa ditindakake. Semono uga nalika arep gawe artikel prasaja ana carane. Ing ngisor iki sing ora klebu carane nulis artikel yaiku ….

a)

Nemtokake tema sing arep ditulis

b)

Nulis perangan sing wigati

c)

Golek data sing ana gegayutan karo tema

d)

Ukara panjlentreh migunakake basa sing ngayawara supaya katon akeh

e)

Ing paragraph pungkasan ngandhut dudutan artikel

43.

Teks biografi uga klebu teks artikel. Surasane adhedhasar fakta utawa kasunyatan. Mangkono klebu jinis artikel …..

a)

Argumentasi

b)

Narasi

c)

Praktis

d)

Deskripsi

e)

Opini

44.

Sajroning struktur penulisan artikel sing surasane ngandharake sawijining prakara kang dirembug ing wacan klebu ing perangan …..

a)

Dudutan

b)

Irah-irahan

c)

Isi

d)

Gagasan

e)

Pambuka

45.

Wujud ringkesan sawijining naskah, crita, film, utawa jinis karya liyane tanpa ngilangake unsur intrinsic kang mangun crita kasebut diarani ….

a)

Dudutan

b)

Narasi

c)

Gancaran

d)

Sinopsis

e)

Parafrase

46.

Pandhu Dewanata iku anak nomer loro. Dene kangmase Prabu Drestarastra lan adhine Yama Widura. Mula, Pandhawa anggone ngundang Prabu Drestarastra kanthi sebutan …

a)

Kangmas

b)

Pakdhe

c)

Paklik

d)

Simbah

e)

Paman

47.

Wayang kang kagawe saka kulit utawa kain awujud lembaran, saben beberane nggambarake saadegan crita, diarani wayang …

a)

Klithik

b)

Gedhog

c)

Beber

d)

Titi

e)

Kancil

48.

Pandhita Durna minangka gurune Pandhawa lan Kurawa kang sekti mandraguna. Dene kagungan gaman kang diarani ….

a)

Jimat Kalimasada

b)

Panah Guwawijaya

c)

Kuntawijayadanu

d)

Cupu Cundamanik

e)

Gada Rujakpolo

49.

Kitab Mahabharata surasane nyritakake madege Dewi Srikandhi minangka senapatine Pandhawa adhep-adhepan karo Resi Bisma. Wusanane Resi Bisma gugur dening Dewi Srikandhi kanthi panah Pasopati. Crita kasebut klebu ing kitab ….

a)

Dronaparwa

b)

Udyogaparwa

c)

Bhismaparwa

d)

Adiparwa

e)

Kamaparwa

50.

Lakuning crita saka wiwitan nganti tumekaning pucuking crita tekan pungkasan iku tegese migunakake alur ...

 

 

 

 

 

 

a)

Mundur

b)

Maju

c)

maju mundur

d)

flashback

e)

campuran