wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ujia AKhir Semester 1 Bahas Jawa Kelas 6 2024/2025

Total questions: 50

Worksheet time: 51mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen kanthi patitis!


Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.


miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

pariwara

2.

teks sing isine ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca diarani teks...

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

teks argumentasi

d)

pariwara

3.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

iklan/pariwara

4.

Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...

a)

teks informasi

b)

teks penjelasan

c)

teks pernyataan

d)

teks berita

5.

gambar ing ndhuwur kuwi kalebu jenise...

a)

pawarta

b)

slogan

c)

persuasi

d)

sesanti

6.

gambar ing ndhuwur iku kalebu...

a)

sesanti

b)

pariwara

c)

iklan

d)

pawarta

7.

endi gambar ngisor iki sing kalebu iklan?

a)
b)
c)
d)
8.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.


Irah-irahan sing mathuk kanggo paragraf ing ndhuwur yaiku...

a)

Rekreasi ing Baluran

b)

Taman Nasional Baluran

c)

Rekreasi Keluargaku

d)

Padhang Savana ing Baluran

9.

Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan...

a)

Deskripsi

b)

narasi faktual

c)

persuasi

d)

eksposisi

10.

Salah sijine teks sing diamot ing media cetak(koran, majalah) utawa media elektronik(TV), lan isine pawarta sing lagi anget dadi bahan omongane masyarakat diarani teks...

a)

teks deskripsi

b)

teks pawarta

c)

pariwara

d)

slogan

11.

Teks sing isine ngenani kadadeyan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cithak, utawa laporan ing medhia elektronik diarani teks...

a)

Narasi

b)

Argumentasi

c)

Pawarta

d)

Eksposisi

12.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kuwi pancen bener-bener ana lan dumadi iku nuduhake menawa pawarta iku...

a)

Bener

b)

Akurat

c)

Lengkap

d)

Manjila

13.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake saora-orane kudu nyakup 5W+1H iku nuduhake menawa pawarta iku...

a)

Bener

b)

Akurat

c)

Lengkap

d)

Manjila

14.

Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/ hutan lindung sing dilindungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.


Sapa sing duwe tanggung jawab njaga lestarine alam Indonesia!?

a)

Masyarakat

b)

Pemerintah

c)

Presiden

d)

Kabeh warga negara Indonesia

15.

Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/ hutan lindung sing dilindungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.


Apa sing dijaga ing Taman Nasional kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli?

a)

Alam

b)

Tanduran

c)

Kewan

d)

Kabeh jawaban bener

16.

Tembung pitakon sing nakokake geneya bisa kedadeyan kaya mangkono yaiku...

a)

Sapa

b)

Ing ngendi

c)

Kapan

d)

Geneya

17.

.... sing kok gawa?

Tembung pitakon sing trep yaiku...

a)

Apa

b)

Sapa

c)

Kapan

d)

Ing ngendi

18.

Tembang macapat cacahe ana

a)

10

b)

11

c)

12

d)

13

19.

Tembang macapat duweni paugeran. Tembung Paugeran tegese

a)

Nada

b)

Nasehat

c)

Pilihan

d)

Aturan

20.

Guru gatra yaiku

a)

Tibaning swara ing punvkasaning gatra

b)

Cacahing baris saben sapada

c)

Cacahing pada saben sawanda

d)

Cacahing suku kata saben sapada

21.

Pilihana kang kalebu tembang macapat ing ngisor iki

a)

Megatruh

b)

Maskumambang

c)

Gugur gunung

d)

Kidang talun

e)

Kinanthi

22.

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Bapak pocung dudu watu dudu gunung

Sangkane ing sabrang

Ngon ingone sang bupati

Yen lumaku si pocung lambeyan grhana


Paugeran kang trep karo tembang Pocung ing nduwur yaiku...

a)

Guru gatra 4

b)

Guru wilangan lan guru lagu

12u, 6a, 8i, 12a

c)

Guru gatra 5

d)

Guru wilangan lan guru lagu

4u,8u, 6a, 8i, 12a

23.

Tembang Kinanthi nduweni watak...

a)

Ngenes

b)

Ngresepake

c)

Asih

d)

Prihatin

24.

Tembang kang nduweni watak Grapyak yaiku

a)

Kinanthi

b)

Asmarandhana

c)

Pangkur

d)

Pocung

25.

Tembang kang tegese ngejak manungsa nyingkirake angkara murka utawa hawa nafsu yaiku

a)

Pocung

b)

Durma

c)

Pangkur

d)

Maskumambang

26.

 

Pangkur

Pasulayan karo sedulur,

Iku mung ngisin-isini,

Kanthi padha rebutan,

Perkara kang tanpa aji,

Iku kayata bebasane,

Rebut balung tanpa isi.

 

      

  Pangkur iku kalebu salah sijine tembang ….

a)

dolanan

b)

  macapat

c)

langgam

d)

campursari

27.

Pangkur

Pasulayan karo sedulur,

Iku mung ngisin-isini,

Kanthi padha rebutan,

Perkara kang tanpa aji,

Iku kayata bebasane,

Rebut balung tanpa isi.

 

   Tembang ing ndhuwur dumadi saka … gatra.

a)

5

b)

6

c)

   7

d)

8

28.

Karo sedulur iku becike …

a)

  pasulayan

b)

guyub rukun

c)

padha rebutan

d)

gampang meri

29.

Tembung “pasulayan” jroning tembang ing ndhuwur tegese ….

a)

seneng tetulung

b)

njaluk menang

c)

seneng tukaran

d)

       guyub rukun

30.

Tembang macapat sing guru gatrane paling akeh yaiku tembang ….

a)

       Kinanthi

     

b)

  Pangkur

      

c)

Asmaradana

       

d)

            Dhandhanggula

31.

7.    Sing dadi paugerane tembang macapat yaiku ....

    

a)

     guru gatra, guru sastra, guru lagu

   

b)

      guru lagu, guru swara, lan guru sastra

   

c)

    guru gatra, guru wilangan, lan guru wanda

     

d)

    guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

32.

Cacahe gatra saben pada jroning tembang macapat diarani ….

a)

       guru wanda

     

b)

  guru gatra

   

c)

    guru wilangan

     

d)

  guru lagu

33.

Cacahe wanda saben gatra jroning tembang macapat diarani ….

    

a)

   guru wanda

      

b)

  guru gatra

      

c)

   guru wilangan

    

d)

    guru lagu

34.

Dhong-dhinge utawa tibane swara ing saben-saben pungkasane gatra jroning paugeran tembang macapat diarani ….

      

a)

guru wanda

    

b)

   guru gatra

    

c)

   guru wilangan

d)

       guru lagu

35.

Wong sing neng sekolah, penggawehane ngulang murid-murid yoiku?

a)

Polisi

b)

Dokter

c)

Guru

d)

Penjaga

36.

Sing dicekel wong kasebut basa kramane yaiku....

a)

rambut

b)

sirah

c)

rikma

d)

asta

37.

pitik walik sobo ... (badhkane=nanas)

a)

kebon

b)

sawah

c)

ratan

d)

kali

38.

sego sak kepel di rubung... (bedhekane=salak)

a)

tinggi

b)

semut

c)

laler

d)

angkrang

39.

(1) ancik-ancik pucuke eri

(2) arep nangkane emoh pulute

(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo

(4) iwak klebu ing wuwu


Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

40.

Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

41.

Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe

paribasane ....

a)

Rawe-rawe rantas, malang-malang putung

b)

Negara mawa tata, Desa mawa cara

c)

Jer basuki mawa bea

d)

Adigang adigung adiguna

42.

Unen-unen ana ing Basa lan Kasusastran Jawa cacahe ana ....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

43.

Sing ora kalebu unen-unen ing Basa lan Kasusastran Jawa yaiku ....

a)

pepindhan

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

44.

Unen-unen Basa Jawa sing nganggo gegambaran barang utawa kewan yaiku ....

a)

pepindhan

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

45.

Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom, paribasane ....

a)

kebo kabotan sungu

b)

kebo nusu gudel

c)

ula marani gepuk

d)

gajah nguntal slangkrah

46.

Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak, paribasane ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

anak polah bapa kepradah

d)

rawe-rawe rantas malang-malang putung

47.

Melu sengsarane ora melu kepenake, paribasane yaiku ....

a)

bathok bolu isi madu

b)

gupak pulut ora melu mangan nangkane

c)

ana gula ana semut

d)

sepi ing pamrih rame ing gawe

48.

Ula marani gepuk, tegese yaiku ....

a)

prakara cilik dadi prakara gedhe

b)

paseduluran sing ora bisa rukun

c)

njarag marani bebaya

d)

melu sengsarane ora melu senenge

49.

Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

sepi ing pamrih rame ing gawe

c)

kriwikan dadi grojogan

d)

kaya banyu karo lenga

50.

Wong tuwa sengsara uripe amarga kakehan anak, paribasane ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kebo kabotan sungu

c)

ana gula ana semut

d)

ula marani gepuk