wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

untitled

Total questions: 54

Worksheet time: 53mins

Name
Class
Date
1.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. Tantiningsih

d)

R.A. Kartini

2.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

3.

Ketemu mbah wayah esuk ngucapake ... .

a)

sugeng dalu

b)

sugeng enjing

c)

sugeng siang

4.

Puisi modern jenenge...

a)

geguritan

b)

macapat

c)

parikan

d)

kidung

5.

tembung "kuciwa" tegese...

a)

ngupaya

b)

gela

c)

mbelani

d)

ngembangake

6.

Cacahe gatra ora ajeg klebu tetengere ....

a)

tembang macapat

b)

geguritan

c)

prosa

d)

tanggapan

7.

Nalika maca geguritan kuwi gatekake obahing awak kang diarani ....

a)

wirasa

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirama

8.

Ing ngisor iki kang ora klebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ....

a)

mangerteni isine geguritan sing arep diwaca

b)

ngrasakake isi lan kekarepan geguritan

c)

gatekake pocapan lan wiramane

d)

bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi kanthi trep

9.

Geguritan asale saka tembung gurit kang ateges ....

a)

intonasi

b)

tulisan kang awujud tatahan

c)

ekspresi

d)

swara-swara endah

10.

Ing ngisor iki sing nuduhake cirine geguritan yaiku ....

a)

basane endah

b)

wujude paragraf

c)

ana alur critane

d)

gampang dimangerteni

11.

Gatekno ukara ing ngisor iki!

1. sora

2. cekak

3. menthes

4. merdhu


Basa kang digunakake ing geguritan katunjuk nomer ....

a)

1 lan 2

b)

1 lan 4

c)

2 lan 3

d)

3 lan 4

12.

Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kejaba ....

a)

intonasi

b)

ekspresi

c)

klambi

d)

lafal

13.

Titikane geguritan gagrag anyar yaiku ....

a)

ora kaiket paugeran tertamtu

b)

diwiwiti kanthi ukara sun gegurit

c)

isih ngugemi anane guru wilangan

d)

guru lagune pinathok

14.

diparingi hadiah bapak ngucapake ... .

a)

matur nuwun

b)

kula nuwun

c)

tindak pundi

15.

Pak Lik aturana ... wedang kopi

a)

ngombe

b)

dhahar

c)

maem

d)

ngunjuk

16.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

17.

cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku...

a)

siji utawa luweh

b)

ora bisa dietung

c)

loro utawa luweh

d)

akeh banget

18.

ukara ing teks pachelaton yaiku...

a)

dawa boseni

b)

cekak aos

c)

ngelantur

d)

cekak banget

19.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................


Kang ngasilake oksigen yaiku ..............

a)

kewan ingon-ingon

b)

banyu kang resik

c)

tanduran sing subur

d)

manungsa

20.

Sapu Sada

(Dening : Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kebecikan


Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Nalika maca geguritan, solah lan polatan kudu . . .

a)

Nelangsa

b)

seneng

c)

dislarasake

d)

endah

21.

Sapu Sada

(Dening : Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kebecikan


Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Pada (bait) ing puisi ana . . .

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

22.

wujude dialog, ukarane cekak aos/singkat, bahasa apik iku ciri-cirine . . . .

a)

geguritan

b)

pacelathon

c)

cangkriman

d)

parikan

23.

Pacelathon ibu marang bapak, adik marang kangmase. Nggunakake basa . . . .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

24.

Basa kang awujud saka tembung ngoko kabeh ora ono kramane, diarani . . . .

a)

krama alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

25.

"Mas Bayu diutus ibu tumbas lampu LED"

ukara ing nduwur yen diowahi dadi ngoko lugu yaiku . . . .

a)

Mas Bayu diutus ibu tuku lampu LED

b)

Mas Bayu dikongkon ibu tumbas lampu LED

c)

Mas Bayu dipun utus ibu mundhut Lampu LED

d)

Mas Bayu dikongkon ibu tuku lampu LED

26.

Ing ngisor iki tuladhane ngoko alus, kajaba . . . .

a)

kowe apa wis sinau?

b)

Bu Yuli tindak pasar tumbas gula

c)

Mbak Ani sesuk sore tindak Jakarta

d)

Simbah durong sare

27.

Ing ngisor iki carane nulis teks narasi, kajaba ....

a)

nemtokake tema lan amanat crita kang arep ditulis

b)

nemtokake kanggo sapa crita sing arep ditulis

c)

gawe warangka karangan

d)

maca isine teks kanthi setiti

28.

Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine karangan dheskripsi, kajaba ....

a)

ngambarake utawa ngandharake sawijine bab

b)

olehe nggambarake dijelasake kanthi njlimet

c)

sapa wae kang maca kaya-kaya ngalami dhewe kedadean kasebut

d)

anane katerangan sing njelasake papan panggonan

29.

Wong kang duweni peran ing jeroning cerita kasebut ... .

a)

pesen moral/amanat

b)

basa

c)

alur

d)

paraga

30.

Crita sing asale saka masyarakat lan tuwuh ngrembaka jroning masyarakat nanging ora dingerteni sapa sing ngarang utawa nyiptakake diarani ....

a)

geguritan

b)

paribasan

c)

crita rakyat

d)

tembang macapat

31.

Sing termasuk jinise crita rakyat, kajaba ....

a)

fabel

b)

crita lelucon

c)

crita panglipur wuyung

d)

pariwara

32.

Ing ngisor iki kalebu unsur-unsur intrinsik crita rakyat, kajaba ....

a)

mite

b)

alur

c)

tema

d)

setting

33.

Tokoh protagonis yaiku sing duweni sipat …

a)

apik

b)

licik

c)

lucu

d)

elek

34.

Aku lan Pak lik arep menyang Cililitan. Saiki wis tekan Terminal. Ing Terminal rame banget. "Luwih becik yen awake dewe numpak bus Jaya Indah," ujare pak lik. Wong-wong sing liwat sliwar – sliwer gawe aku ora iso ngrungokake wangsulane pak lik.

Pawacan ing dhuwur ing ndhuwur nggambarake latar ing ...

a)

Terminal

b)

Dalan Tol

c)

Cililitan

d)


Bis Jaya Indah

35.

Angga senengane ngapusi kanca-kancane. Amarga gelek diapusi kanca-kancane pada ora percaya apa kan dikandakno Angga.

Amanat pawacan ing dhuwur yaiku ....

a)

kancane angga senengane ngapusi

b)

wong kang seneng ngapusi bakale ora dipercaya

c)

seneng ngapusi disenengi kanca

d)

angga diapusi kancane

36.

Esuk mau Bu Melinda budal menyang Surabaya numpak kereta Gajayana.

Kang kalebu tokoh ing dhuwur yaiku ... .

a)

Esuk

b)

Surabaya

c)

Bu Melinda

d)

kereta Gajayana

37.

Wacana kang njlentrehake prastawa kanti runtut arane ....

a)

Narasi

b)

Argumentasi

c)

Deskripsi

d)

Eksposisi

38.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

39.

Wacanen kanthi satiti!

Dina senin wingi Sofa dolanan layangan mbi Rudi lan Wawan. Cah telu iku dolanaan layangan ana ing ratan. Saking senenge dolanan, ujug-ujug ana mobil sing lewat banter. Bocah telu iku ameh ketabrak. Nanging sopir mobile untung wae iso mandekake mobile kanthi cepet. Sahingga cah telu iku ora ana sing ketabrak. Bocah telu iku langsung diseneni pak sopire. Dikandani nek dolanan layangan ora oleh nang ratan.

Sapa sing dolanan layangan nang ratan ?

a)

Sofa

b)

Rudi

c)

Wawan

d)

Sofa, Rudi lan Wawan

40.

Dina : “ ….. sing gelem tak wenehi roti?

Sinta : “Aku Din, aku gelem.”

Tembung pitakon kang bener kanggo njangkepi ukara ing duwur yaiku ….

a)

apa

b)

ing ngendi

c)

pripun

d)

sapa

41.

seng dado titikane cerita rakyat yaiku, kejaba

a)

ora diweruhi sopo seng ngarang

b)

ono seng ngarang lan penyebarane kanti tulis

c)

penyebarane kanthi lesan

d)

sipate tradisional

42.

dumadine bledug kuwu kalebu crita . . .

a)

sage

b)

legendha

c)

mite

d)

dongeng

43.

Cerita rakyat kang nyeritakake alaming lelembut diarani...

a)

fabel

b)

sage

c)

mite

d)

legendha

44.

Cerita rakyat kang paragane kewan yaiku

a)

Legendha

b)

mite

c)

sage

d)

fabel

45.

Underane perkara utawa gagasan pokok sing dadi dhasar dumadine crita diarani... .

a)

tema

b)

latar

c)

pesan moral

d)

paraga lan watake

46.

Andharan babagan wektu,kahanan,lan papan dumadine crita diarani... .

a)

tema

b)

latar

c)

pesan moral/amanat

d)

Alur

47.

Urut urutan dumadine crita diarani.. .

a)

tema

b)

latar

c)

paraga/watake

d)

alur

48.

Pitutur luhur utawa piwulang sing bisa kapethik saka crita rakyat di arani... .

a)

tema

b)

latar

c)

paraga lan watake

d)

pesan moral/amanat

49.

Crita "Gunung Tangkuban Prau" iku jinise...

a)

Legendha

b)

Mitos

c)

Fabel

d)

Hikayat

50.

Nalika aku mulih saja sekolah, bapak lan ibu wis...

a)

Tekan

b)

Njedul

c)

Dugi

d)

Rawuh

51.

Jam 9 bengi biyasane aku wes turu, dene Bapak lan Ibu dereng ....

a)

Turu

b)

Mangan

c)

Sare

d)

Tilem

52.

Aku maca crita rakyat, dene Bapak nembe .... Koran.

a)

Maos

b)

Mirsani

c)

Tumbas

d)

Ngampil

53.

Dumasine Rawa Pening iku kalebu crita rakyat jinis...

a)

Mitos

b)

Fabel

c)

Dongeng

d)

Legendha

54.

Paragane crita fabel iku awujud ....

a)

Manungsa

b)

Kewan

c)

Lelembut

d)

Wit-witan