Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS B. Jawa-Kelas 4 SMT 1-2024/2025

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki sing dudu tuladhane fabel yaiku ....

a)

serat kancil tanpa sekar

b)

dongeng rawa pening

c)

dongeng sato kewan

d)

peksi glantik

2.

Crita rakyat Asal Usul Banyuwangi iku kalebu jinise dongeng ....

a)

legendha

b)

mite

c)

sage

d)

fabel

3.

Alas, kraton lan desa kalebu unsure ....

a)

amanat

b)

paraga

c)

latar

d)

tema

4.

Sing kalebu unsur paraga yaiku ....

a)

aji saka

b)

desa dhadapan

c)

duraka marang wong tuwa

d)

legenda candhi prambanan

5.

Dongeng sing paragane kewan diarani ....

a)

fabel

b)

legendha

c)

mite

d)

sage

6.

Gatekna pethikan pacelathon ing ngisor iki!

Bu Bandi : “Wis, Le, ora usah ngorek-orek papan kene, becike ayo poto bareng

kanggo kenang-kenangan.”

Watake Bu Harun yaiku ...

a)

Galak

b)

Cethil

c)

Wicaksana

d)

Golek senenge dhewe

7.

Gatekna pethikan pacelathon ing ngisor iki!

Toni : “Kabeh kudu manut karo aku, amarga aku anake Kepala Sekolah.”

Watake Hanung yaiku ...

a)

Boros

b)

Gumedhe

c)

Srakah

d)

Loma

8.

Gatekna pethikan pacelathon ing ngisor iki!

Ikbal : “Pak Guru punapa badhe kondur?.”

Ukara kuwi migunakake basa ...

a)

Ngoko alus

b)

Ngoko lugu

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

9.

Semaken wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 9-10!

Nyuwun Pangestu

Aldo

: “Bu, kula nyuwun pangestu, benjing-enjing badhe tes semester kalih.”

Ibu

: “Dakpangestoni, Do cah bagus, sing garap ya sing tenang, aja seneng nirun

kancane ya?”

Aldo

: “Boten Bu, kula sinau saestu kok. Dados boten perlu nirun kanca malih,

nirun, japlak niku rak mboten sae ta Bu?”

Ibu

: “Bener Do, dakdongakake muga-muga kowe bisa garap tes kanthi gampang

lan oleh biji sing apik!

Aldo

: “Matur nuwun, Bu. Mangke menawi angsal juwara nyuwun hadiah nggih,

Bu?”

Ibu

: “Ah kowe kuwi lho, diiwenehi ati ngrogoh rempela.”

Aldo

: “Hadiahe buku wacan sing kathah nggih, Bu?”

Ibu

: “Ah, ya embuh, ora sah ngarani dhisik!”

Aldo

: “Nggih sampun Bu, kula badhe sinau.”

Ibu

: “Y awes kana sinau sing tenanan.”

Cacahe paraga pacelathon ing dhuwur yaiku ....

a)

Loro

b)

Telu

c)

Papat

d)

Lima

10.

Surasane pacelathon kang ditindakake dening Aldo lan Ibune yaiku jaluk ...

a)

Pangestu nalika arep ujian

b)

Hadiah

c)

Ati ngrogoh rempela

d)

Dhuwit

11.

Underane crita uga diarani ....

a)

Alur

b)

Tema

c)

Wejangan

d)

Latar

12.

Para leluhur ing tanah Jawa, menawa nyebut angkasa kanthi sebutan ....

a)

Ibu bumi

b)

Jonggring saloka

c)

Ibu pertiwi

d)

Bapa angkasa

13.

Sakjrone crita ana papan kedadeyane kang uga diarani ....

a)

latar

b)

paraga

c)

alur

d)

tema

14.

Crita kang ana gegayutane kaliyan sejarah, nyritakake kabisan, lan kasekten yaiku ....

a)

dongeng

b)

sage

c)

legendha

d)

mite

15.

Kang diarani tema yaiku ....

a)

posisine pengarang

b)

papan panggonan

c)

paraga ing crita

d)

ide dhasar

16.

Teks narasi isine ....

a)

Nggambarake proses kedadean

b)

Nyritakake proses kedaean

c)

Nyritakake kahanane objek

d)

Nggambarake kahanane objek

17.

Sandhangan aksara Jawa kaperang dadi ....

a)

loro

b)

telu

c)

papat

d)

lima

18.

Ing ngisor iki paaryan kang klebu tanpa tandha jasa yaiku ....

a)

dhokter

b)

guru

c)

perawat

d)

pengusaha

19.

Guru bisa medharake materi lumantar medhia ....

a)

watu

b)

kayu

c)

buku

d)

kursi

20.

Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba ....

a)

geguritan

b)

artikel

c)

panyandra manten

d)

parikan

21.

Pak Sarno adus kringet kanggo nguripi keluwargane lan nyekolahake putrane. Tembung adus kringet kalebu tembung ....

a)

entar

b)

saroja

c)

garba

d)

camboran

22.

Tembung entar sing nduweni teges : omongane mencla-mencla, yaiku ....

a)

dawa tangane

b)

lamis lambene

c)

landhep pikire

d)

lunyu ilate

23.

Tembung kang duweni teges ora sawantahe yaiku ....

a)

tembung garba

b)

tembung saroja

c)

tembung entar

d)

tembung camboran

24.

Tembung sarwendah iku asale saka tembung ....

a)

sarwa + endah

b)

sarwe + endah

c)

sarwe + indah

d)

sarwi + endah

25.

Tembung ing ngisor iki ingaran tembung garba yaiku ....

a)

prapteng

b)

sanak sedulur

c)

adhem ayem

d)

tanem tuwuh

26.

Ayu pinter, tur luhur budhine. Tembung kang kacithak kandel sajrone ukara kasebut nduweni teges ....

a)

tindak tanduke ala

b)

tindak tanduke becik

c)

tutur tembunge kasar

d)

tutur tembunge alus

27.

Udan tangis kaya-kaya nelesi omahe Bu Asih. Tembung udan tangis sajrone ukara kasebut tegese ....

a)

akeh kang padha lara

b)

akeh kang padha rekasa

c)

akeh kang padha mati

d)

akeh kang padha nangis

28.

Ing ngisor iki klebu jinis-jinise basa rinenggo yaiku ....

a)

geguritan,ngoko alus,kromo lugu

b)

tembung sarojo,tembung entar lan tembung garba

c)

ngoko lugu,ngoko alus,kramo lugu

d)

purwokanthi lan parikan

29.

Saliyane nduwe rupo kang ayu, Ratri ugo bocah kang andhap asor. Tembung kang kacithak kandel sajroning ukara kasebut kalebu jenis....

a)

tembung Saroja

b)

tembung camboran

c)

tembung entar

d)

tembung garba

30.

Tulisan sing gagasan pokoke diandharakake kanthi cara ngambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa nglami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ….

a)

dheskripsi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

eksposisi