Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal bahasa jawa SAS Ganjil

Total questions: 25

Worksheet time: 53mins

Name
Class
Date
1.

Saiki saya akeh wong nggunakake kompor gas awit ….
     

a)

luwih praktis lan luwih resik

b)

regane luwih larang

c)

regane lenga tanah wis larang 

d)

melu program pemerintah

2.

Ing ngisor iki kaluwihane nganggo kompor gas dibandhingna karo kompor lenga biasa, kajaba ....
          

a)

perlu panggonan kang luwih jembar

b)

luwih cepet kanggo olah-olah

c)

gampang dipindhah-pindhah

d)

gampang olehe tuku nang endi-endi ana

3.

Kompor gas iku perlu panggonan sing omber lan cukup hawane sebab…
          

a)

supaya gampang anggone olah-olah

b)

ruwangan sing panas njalari tabung njeblug

c)

ora cedhak karo barang-barang sing gampang njeblug

d)

supaya ngirit las gase ora cepet entek

4.

Kompor gas ora oleh digawe terus tanpa leren-leren sebab…
           

a)

ora gampang rusak

b)

supaya kompor bisa awet  

c)

supaya bisa ngirit gas

d)

kompore bisa njeblug

5.

Piranti-piranti kompor gas sing perlu digatekake yaiku …
        

a)

tabunge anyar apa elek

b)

isine tabung kebek apa ora

c)

yen mari kanggo kudu enggal diresiki

d)

pipa kanggo metune gas

6.

Bapak Ibu, Tamu undangan, warga Karang Ploso ingkang bagya mulya, mekaten andharan kula bab penyakit mengi utawi asma. Mugi-mugi wonten paedahipun. Menawi wonten ingkang dereng pana,utawi wonten pitakenan kula sakanca saking  UNAIR Surabaya tansah sumadya badhe ambiyantu panjenengan.  Menawi wonten lepat anggen kula matur. Mugi dipun agung pangaksami. Wasalamualaikum,wr.wb
Kutipan pidato wonten nginggil kalebet  …

a)

purwaka  

b)

surasa basa

c)

panagarep-arep  

d)

wasana basa

7.

Adigang,adigung,adiguna punika tegesipun tiyang ingkang …
           

a)

kathah seduluripun , sugih lan kathah kancanipun

b)

mameraken drajat lan pangkat, kekiyatanipun lan kapinteranipun

c)

ingkang sekti mandgaguna tapi lembah manah

d)

boten gadahah isin ,sanajan sampun dipun sindir boten ngertos

8.

Urutan kedadeyan  crita ing karya sastra , saka wiwitan nganti wekasana diarani …
           

a)

paraga

b)

alur 

c)

setting

d)

amanah

9.

Kangge nyegah  kenging flu burung, Pakulinan  pola hidup sehat kedah dipun gatosaken . Dhahar seimbang lan bergizi, istirahat ingkang cukup lan olah raga ingkang teratur, saget njaga lan ngindhakaken daya tahaning badan, Menawi wonten ayam. Peksi ingkang kenging infeksi flu burung saenipun dipun besmi kemawon, dene ayam ingkang sehat kedah dipun vaksinasi. Ing bab dhaharan, pangolahing daging ayam kedah milih inking sehat lan dipun masak ngantos suhu 80 derajad Celcius. Yen tigan ngantos 64 derajad celcius.
Gagasan poko pada ing nginggil inggh menika …


        

a)

pola hidup sehat punika dhahar kanthi bergizi, istirahat cukup, olah raga teratur

b)

Ayam,peksi ingkang kenging infeksi kedah dipun besmi

c)

Daging ayam milih ingkang sehat lan dimasak suhu 80 derajat

d)

Kangge nyegah kemging flu burung kedah migatosaken pola hidup sehat

10.

Sadurunge nindakake wawancara, pitakon-pitakon ing wawancara iku becike…
      

a)

ngenteni  saka narasumber

b)

apa jare anggota kelompok  

c)

ngenteni nara sumbere teka

d)

wis dicepakake, cocog karo tujuane 

11.

Ukara sambawa ing ngisor iki sing duwe teges umpama  yaiku …
           

a)

Aku bisaa nandangi dhewe ora ngongkon kowe

b)

sugiha yen wonge medhit ya akeh sing ora seneng

c)

iki mengko panasa ya, supaya klambiku garing kabeh

d)

sesuk tukua sepatu lan tas ing Matahari

12.

Tembung-tembung ing tembang iku diarani …
       

a)

bawa 

b)

buka 

c)

suluk 

d)

cakepan

13.

Sesawangan ing sekolahku saiki nengsemake banget. Tegese  nengsemake yaiku …
     

a)

nyenengake

b)

ngangenake 

c)

nyedihake

d)

nentremake

14.

Ngungak jembare segara, kanthi beninge netra. Netra tegese …

a)

srengenge

b)

banyu

c)

mripat 

d)

rembulan

15.

Sunare bagaskara krasa panas sumelet. Bagaskara tegese …
       

a)

geni

b)

rembulan

c)

lintang 

d)

srengenge

16.

A. Peleme wis kalong loro aja dijupuk maneh
      B. kalong iku mangani pelem sing mateng
      Tembung kalong ing ukara angka A iku tegese …
     

a)

mateng  

b)

entek

c)

suda

d)

jenenge kewan

17.

Wajik kletik gula jawa. Luwih becik sing prasaja. Iku kalebu tuladha …
      

a)

paribasan 

b)

parikan

c)

saloka 

d)

sesanti

18.

Amarga lara untu aku kudu ngombe obat. Basa kramane yaiku …
      

a)

Amargi sakit waja, kula kedah ngunjuk obat

b)

Amargi gerah waja,kula kedah ngunjuk obat

c)

Amargi gerah waja, kula kedah nginum obat

d)

Amargi sakit waja, kula kedah nginum obat

19.

Aja padha ngadeg  bae ,ayo padha lungguh . Basa kramane yaiku …
           

a)

Aja mung jumeneng bae, ayo sami lungguh

b)

Sampun naming jumeneng, mangga sami lenggah

c)

Sampun ngadeg mawon mangga sami lenggah mriki

d)

Sampun namung jumeneng, mangga sami pinarak

20.

Wis telung dina ibu lara weteng. Basa karma aluse yaiku …
         

a)

Wis telung dina ibu gerah madharan 

b)

Pun tigang dinten ibu gerah madharan

c)

Sampun tigang dinten ibu gerah madharan

d)

Wis telung dina ibi sakit madharan

21.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara carita yaiku …
 

a)

Sapa sing bias ngalahake si Badung sing pancen pinter iku

b)

mengko tekaa ing omahku, aku ulang taun

c)

Sinaua yen ora dibarengi dunga ya ora bisa lulus

d)

Akeh musibah ing  Indonesia nalika  mangsa rendheng iki

22.

Jajan iki … bapak, mbok menawa saiki wis kersa …
    

a)

aturna, dhahar 

b)

paringna, dhahar  

c)

paringna, nedha 

d)

aturna, nedha

23.

Supaya bisa ngerteni isi lan maksude geguritan mula sing kudu ditindakake yaiku …

a)

negesitembung-tembung sing utama

b)

duwe swara sing landhung

c)

bisa ngrasakake surasane geguritan

d)

maca geguritane dibolan-baleni

24.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik mula sing kudu digatekake yaiku …

a)

nemokake tema kang kinandhut

b)

lancar lan orane carane ngomong

c)

bisa ngrasakake isine geguritan

d)

njlentrehake ukara siji lan sijine

25.

basa aluse ngombe yaiku ....

a)

mangan

b)

dhahar

c)

ngunjuk

d)

pinarak