wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KISI-KISI BAHASA JAWA Kelas XI

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Tujuane maca endah geguritan yaiku....

a)

Sing nyemak lan mirsani bisa mangerteni isi, piweling lan kaendahane geguritan

b)

Bisa menehi tandha andhegan lan intonasi ing teks geguritan

c)

Nemokake struktur lair geguritan

d)

Supaya sing ngrungokake bisa nggumun marang kawasisane sing maca geguritan

e)

Nemokake struktur batin geguritan

2.

Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku....

a)

Imaji lan rasa

b)

Imaji lan tipografi

c)

Tipografi lan diksi

d)

Tema lan amanat

e)

Tema lan imaji

3.

Endahing geguritan iku gumantung kaya kang kasebut ing ngisor iki kajaba....

a)

Pilihane tembung kang mentes

b)

Runtute swara utawa migunakake purwakanthi

c)

Tembung entar kang digunakake

d)

Tembung andhahan kang karimbang

e)

Bagus lan ayune kang maca geguritan

4.

Mas bayu kae dulure Mbak Ratih karo Mas Banu, mula diarani.....

a)

Trio

b)

Pancuran kapit sendhang

c)

Sendhang kapit pancuran

d)

Pendhawa ngedagna

e)

Uger-uger lawang

5.

Kenduren kang ditindakake ing dina lair diarani....

a)

Kenduren wetonan

b)

Kenduren sa'banan

c)

Kenduren bakdan

d)

Kenduren selikuran

e)

Kenduren ruwahan

6.

Upacara adat kang dianakake menawa kandhutane wong wadon wis umur pitung sasi lan lagi ngandhut kang sepisanan yaiku...

a)

Tingkeban

b)

Tedhak siten

c)

Piton-piton

d)

Panggih manten

e)

Krobongan

7.

Ing ngisor iki ubarampe upacara adat tingkeban kajaba....

a)

Jadah pitung warna

b)

Jajan pasar

c)

Keleman

d)

Rujakan

e)

Dhawet

8.

Ing upacara adat tingkeban adicara kang nduweni ancas supaya samengko bayi kang dikandhut lair kanthi gampil tanpa rubeda sawiji apa, yaiku....

a)

Medhot lawe

b)

Siraman

c)

Ganti busana kaping pitu

d)

Milih sega kuning

e)

Dodol dhawet

9.

Sandhangan wignyan dienggo supaya aksara ing mburine diwaca konsonan....

a)

U

b)

H

c)

I

d)

N

10.

Tembung waspa tegese....

a)

Banyu

b)

Idu

c)

Luh

d)

Kabut

e)

Kringet

11.

Sandhangan layar dienggo supaya aksara ing mburine diwaca konsonan....

a)

U

b)

H

c)

I

d)

N

e)

R

12.

Tata cara ingkang nggadhahi pasemon gegambaran ingkang jejeripun tiyang jaler kedah rumaos anggadhahi kewajiban masrahake asil guna kayanipun dumateng garwanipun inggih punika....

a)

Srah-srahan

b)

Sinduran

c)

Midodareni

d)

Timbangan

e)

Kacar kucur

13.

Tatacara punika katindakaken dening tiyang sepuhipun penganten putri minangka tandha menawi penganten kakung menika sampun dipuntampi dados perangan saking kaluwarga. Tatacara punika diwastani....

a)

Srah-srahan

b)

Sinduran

c)

Midodareni

d)

Timbangan

e)

Kacar kucur

14.

Ubarampe kang ana ing gapuraning pahargyan temanten kang ngemu pralambang mugi-mugi tansah linuwihan ing kamulyanipun, kamukten saha kawibawanipun yaiku....

a)

Janur kuning

b)

Ron waringin

c)

Tebu wulung

d)

Cengkir gadhing

e)

Ron kluwih

15.

Jadah pitung werna ing upacara adat tedhak siten tujuane kanggo....

a)

Gambarake uripe bisa kacukupan

b)

Gambarake bocah kareben bisa nyukupi kaperluane

c)

Ngemutake anak kareben bisa waspada ngadhepi alangan

d)

Bocah bisa dadi wong kang dermawan lan seneng tetulung

e)

Gambarake kamulyan bocah

16.

Ancase bocah dituntun mlaku ing pasir yaiku....

a)

Gambarake uripe bisa turah-turah

b)

Gambarake bocah kareben bisa nyukupi kaperluane

c)

Ngemutake anak kareben bisa waspada

d)

Bocah bisa dadi wong kang dermawan lan seneng tetulung

e)

Gambarake kamulyan bocah

17.

Ing ngisor iki yaiku aran liya pranatacara, kajaba.....

a)

Pranata adicara

b)

Pranata titi laksitaning adicara

c)

Pambyawara

d)

Pamedhar sabda

e)

Pranata wicara

18.

Struktur pambuka ing teks pewara kang runtut yaiku....

a)

Salam pambuka, panyapa, atur panuwun, atur puji syukur, pangajak miwiti acara

b)

Salam pambuka, atur panuwun, atur puji syukur, atur pakurmatan, panyapa

c)

Salam pambuka, atur puji syukur, pangajak miwiti acara, panyapa, atur panuwun

d)

Salam pambuka, pangajak miwiti acara, panyapam atur panuwun, atur puji syukur

e)

Salam pambuka, atur pakurmatan, atur pakurmatan, atur panuwun, atur puji syukur, pangajak miwiti acara.

19.

Pambiwara iku kudu bisa ngetrapake kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba....

a)

Basa kang murakabi

b)

Basa kanthi laras leres

c)

Ora bisa dadi patuladhan

d)

Basa kang endah, mikatsih

e)

Basa kang gampang disurasa

20.

Pidhato sambutan iku ditindakake dening sawijining paraga awit saka....

a)

Pangkat utawa kalungguhane

b)

Kapinterane ngluwihi wong liya

c)

Kasugihane beda karo wong liya

d)

Kawasisane ora ana tandingane

e)

Ora ana kang bisa nindakake

21.

Metode pidhato kang katindakake kanthi cara nyawisaken naskah (teks) lajeng dipunapalaken yaiku....

a)

Naskah

b)

Apalan

c)

Langsung

d)

Ekstemporan

e)

Impromtu

22.

Metode pidhato kang katindakake kanthi cara migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung, yaiku metode....

a)

Naskah

b)

Apalan

c)

Langsung

d)

Ekstemporan

e)

Impromtu

23.

Ing panulisan geguritan kawangun saka basa sing endah kayat nggatekake purwakanthi utawa unen-unen liyane sing diarani basa...

a)

Krama

b)

Ngoko

c)

Kawi

d)

Padinan

e)

Rinengga

24.

Jroning mranatacara apadene medharsabda andharan sing isine ngandharake atur pamuji syukur ing ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa sarta atur panuwun marang sing kepareng rawuh iku diarani....

a)

Salam pambuka

b)

Salam pakurmatan

c)

Pambuka

d)

Andharan isi

e)

Panutup

25.

Sandhangan suku yen kasandhang ing aksara Jawa diwaca...

a)

U

b)

H

c)

I

d)

N

e)

E