Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Formatif kls 9

Total questions: 55

Worksheet time: 2hrs 45mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

Fitri tuku alat kanggo nemtokake arah

 

Maksud saka ukara camboran ing ndhuwur yaiku....

a)

Fitri tuku jam

b)

Fitri tuku peta

c)

Fitri tuku kompas

d)

Fitri tuku stopwatch

2.

Gatekna tuladha ing ngisor iki!

1.        Adhikmu mangane akeh

2.        Sepedaku anyar

3.       Budi nendhang bal

4. Yani nyatet pelajaran

 

Sing kelebu tembung kriya

(kata kerja) yaiku nomer....

a)

1 lan 2

b)

2 lan 3

c)

3 lan 4

d)

1 lan 4

3.

Sing diarani amanat ing drama tradisional yaiku......

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi cerita kang digelar ing pementasan

b)

Piwulang kang kinandhut ana ing njero cerita utawa pementasan.

c)

Piwulang kang ana ing njabane cerita utawa pagelaran.

d)

Gegambaran swasana lumakuning cerita kang ginelar.

4.

Gatekna perangane teks pidato ing ngisor iki!

 

“ Puja puji syukur konjuk dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula arupi kesehatan jasmani lan rohani, saengga ing wekdal punika kita saged ngawontenaken pepanggihan kangge ngrembag bab kaleksananing lomba karesikan lingkungan”

 

Perangane teks pidato ing ndhuwur kelebu struktur tek pidato awujud....

a)

Pambuka

b)

Andharan isi

c)

Salam pambuka

d)

Salam pakurmatan

5.

Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!

Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh

Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Klething Abang yaiku ....

a)

sabar

b)

wicaksana

c)

galak

d)

gampang iri

6.

Gatekna teks drama tradisional ing ngisor iki !

 

Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ndhingkik para Nawang sing lagi adus.

Jaka Tarub : Wah,sapa kuwi? Ya Jagad Dewa Bathara, ayu-ayu

Tenan rupane.”

Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang. Tujuane supaya bisa tetepungan karo salah sijine utawa kabeh para Nawang.

Jaka Tarub : “Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae

wis!”

Rada sauntara, para Nawang banjur padha mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhange dhewe-dhewe.

Nawang Sari : “Ayo padha mentas, langit wis arep peteng”

Nawang Sekar : “Ayo bali, sesuk mrene maneh”

Nawang Wulan : “(bingung tolah-toleh) Lho... ana ngendi

slendhangku?”

 

Sapa Nawang sing dadi garwane karo Jaka Tarub ?

a)

Nawang sari

b)

Nawang wulan

c)

Nawang sekar

d)

Dewi nawang

7.

Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga....

a)

Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern.

b)

Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diiringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri.

c)

Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika

d)

Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton.

8.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!

1.        Nemtokake tema, idhe pokok drama

2.        Nemtokake peraga/tokoh lan watak-watake

3.        Nemtokake wektu, latar panggonane cerita

4.        Miwiti nulis draf skenario karo nggambarake jiwane naskah

5.        Ngrancang alur cerita, adegan lan dhialoge peraga

6.        Yen skenario wis dadi diwaca maneh bola-bali supaya luwih apik

 

Urutana cara nulis skenario ing ndhuwur kanti bener!

a)

1, 2, 3, 4, 5, 6

b)

1, 2, 3, 5, 4, 6

c)

1, 2, 5, 3, 4, 6

d)

1, 2, 5, 4, 3, 6

9.

Sebutna salah siji jenise drama tradisional !

(a)  

10.

Pagelaran drama tradisional sing njukuk cerita saka lakon Mahabarata lan Ramayana. kelebu jenis drama tradisional apa ?

(a)  

11.

Sebutna salah siji unsur intrinsik kang ana ing drama tradisional !

(a)  

12.

Piwulang kang kinandhut ana ing njero cerita utawa pementasan, diarani ?

(a)  

13.

Gatekna petilan teks drama tradisional ing ngisor iki!

 

Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.

Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.

Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."

………………………………………………………………………..

                                                                              

Apa judul drama tradisional ing nduwur !

(a)  

14.

Gatekna petilan teks drama tradisional ing ngisor iki!

 

Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.

Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.

Roro Jonggrang  nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."

………………………………………………………………………..

Apa syarat sing wenehi Roro Jongrang marang Bandung Bondowoso ?

(a)  

15.

Gatekna petilan teks drama tradisional ing ngisor iki!

 

Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.

Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.

Roro Jonggrang  nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."

………………………………………………………………………..

Kerajaan sing dipimpin Bandung Bondowoso yaiku….

(a)  

16.

Perangane pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang gusti kang maha agung diarani. . . .

(a)  

17.

Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi ancas lan tujuwan tertamtu diarani....

a)

Ndonga

b)

Nembang

c)

Maca geguritan

d)

Tanggap wacana

18.

Miturut kahanane pidato kaperang dadi telu, yaiku kahanan resmi, kahanan setengah resmi, kahanan ora resmi. Sing diarani kahanan setengah resmi yaiku......

a)

Pidato kang tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora keiket wektu, isi tetep kudu runtut, nanging isih bisa dikembangake

b)

Pamicara bisa ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pemirenge, ora keiket dening wektu

c)

Pidato sing ditindakake dening pejabat ana ing acara resmi sing keiket dening wektu lan isine

d)

Pemicara bisa ngandharake babagan kang keiket anane wektu lan isi

19.

Pidato sing ditindakake dening para pejabat ing acara resmi sing keiket karo wektu lan isine iku kaya pidato ing acara....

a)

Sambutan kepala sekolah

b)

Serah terima pengantin

c)

Upacara HUTKEMRI

d)

Rapat RT karo warga

20.

Gatekna wacan ing ngisor iki!


“Saiki wes wayahe ulan Agustus, wes meh wayahe akeh lomba-lomba sing bakal diadakno ing RW 1 kaya biasane. Tahun iki pak Adi (ketua RW 1) bakal ngadakno lomba karnaval saben RT, beda kaya tahun biasane seng ora ana lomba karnaval. Sedurunge diumumna, pak Adi ngajak kumpul santai karo para RT ing balai RW 1 kanggo bahas lomba agustusan iki”.


Tuladha wacan ing nduwur kelebu jenis pidato.......

a)

Resmi

b)

Dadakan

c)

Ora resmi

d)

Setengah resmi

21.

Gatekna tugas pranatacara ing ngisor iki!


1. Nyiapake lan nrancang acara

2. Mbukak acara

3. ...............................

4. Ngatur lan nyumanggaaken para tamu jronng acara

5. Nrangkum kabeh lumakune acara

6. Nutup acara


Tugas pranatacara ing ngisor iki sing trep kanggo jangkepi cecek-cecek ing nduwur yaiku....

a)

Atur panuwun marang sing padha rawuh

b)

Ngatrur acara lan lumakune acara

c)

Ngandharake tujuwane patemon

d)

Ngandharake susunan adicara

22.

pidhatokang kudu ditindadake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut diarani pidhato . . . .

(a)  

23.

Saben dina tansah takantu Rawuhmu ing ngarep kelasku Saben dina tansah taktunggu Pangandikanmu kanggo sliraku. Tembung saben dina lan tansah neng geguritan dhuwur dibaleni minangka angetrape purwakanthi ing geguritan. Purwakanti kang dimaksud yakuwe ....

a)
purwakanthi swara
b)
purwakanthi basa
c)
purwakanthi sastra
d)
purwakanhi ukara
24.

Andhedasar kegunaane, geguritan ana 3 yakuwe geguritan deskriptif, geguritan naratif lan geguritan pasemon. Geguritan kang isine nggambarna kondisi utawa peristiwa yaiku ....

a)

naratif

b)

pasemon

c)

persiatif

d)

deskriptif

25.

Jroning teks tanggap wacana jenise ana loro, yaiku pidato lan pranatacara. Loro-lorone nduwe strukture dewe-dewe. Sing mbedakake strukture teks pidato lan pranatacara yaiku......

a)

Pambukane

b)

Andharan isine

c)

Salam pambukane

d)

Salam pakurmatane

26.

" Dhumateng ingkang ngrasuk agami sanesipun Islam kula aturaken bagyan yuwana lan rahayu! Mugi-mugi kawilujengan saha kasarasan tansah kasarira wonten ngarsa panjenengan sedaya". Ukara ing nduwur kelebu struktur teks pranatacara bagiyan....

a)

Isi

b)

Panutup

c)

Pambuka

d)

Kesimpulan

27.

Struktur teks asil observasi kang mujudake andharan umum ngenani teks laporan asil observasi diarani....

a)

Pambuka

b)

Panutup

c)

Saran

d)

Isi

28.

Saiki kalen mburi omah kae banyune mambeg, resikana supaya iline banyune bisa....

a)

Banter

b)

Lancar

c)

Bening

d)

Mili

29.

Sakehing tembung ing nerangake barang utawa sing dianggep barang iku diarani tembung....

a)

Kriya

b)

Aran

c)

Kahanan

d)

Katerangan

30.

Bapak lunga menyang pasar legi numpak sepeda.

Lunga menyang pasar basa kramane ....

a)

Tindak menyang pasar

b)

Tindak dhateng peken

c)

Tindak menyang peken

d)

Lunga dhateng peken

31.

Tembung "jumeneng" yen katulis aksara Jawa yaiku ….

a)

b)

c)

d)

32.

Struktur teks drama kang dadi panutup lan mujudake perangan pungkasan jroning teks drama kang awujud dudutan lan piweling sing dijupuk saka teks drama diarani...

a)

dhialog

b)

monolog

c)

epilog

d)

prolog

33.

Struktur teks drama sing awujud pacelathon utawa pirembugan kang kudu diucapake dening paraga drama diarani.....

a)

monolog

b)

epilog

c)

dhialog

d)

prolog

34.

Paraga sing tansah lelawanan karo paraga utama, biasane digething penonton jalaran tumindake ora becik utawa watake ala diarani paraga...

a)

tritagonis

b)

protagonis

c)

pentagonis

d)

antagonis

35.

Pitutur luhur utawa piwulang kang kinandhut jroning naskah drama kang diandharake lumantar adegan lan dhialoge para paraga diarani ....

a)

pesen moral

b)

seting

c)

alur

d)

pitutur luhur

36.

Unsur teks drama kang nerangake papan panggonan kanggo main drama, wektu dumadine kedadeyan, lan kahanan (situasi) kang dicritakake jroning pagelaran drama diarani ....

a)

amanat

b)

alur

c)

paraga

d)

seting

37.

Unsur teks drama kang mujudake rerangkening crita utawa rerangkening konflik para paraga saka wiwitan nganti tumekane pungkasan diarani ....

a)

paraga

b)

amanat

c)

seting

d)

alur

38.

Miturut jinise drama diperang dadi 2, yaiku drama ...

a)

Tradhisional lan modheren

b)

Turgi lan klasik

c)

Gagrag anyar lan modheren

d)

Tradhisional lan klasik

39.

Dene seni drama tradhisional sing critane nyritakake kedadeyan ing paguripan saben dinan. Dilakokake dening wong kanthi basa Jawa Surabayaan, diarani ...

a)

Wayang kulit

b)

Wayang wong

c)

Lodrug/ludruk

d)

Kethoprak

40.

Aluring crita drama sing olehe nyritakake biasane dijujug saka pungkasan, nalikane wis arep rampung banjur mbaleni crita sadurunge diarani alur ....

a)

lurus

b)

campuran

c)

maju

d)

mundur

41.

Kanggo nandakake rasa pangapunten, luwih becik nganggo tembung...

a)

Sorry

b)

Nyuwun pangapunten

c)

Sepurane

d)

Maaf ya

42.

Kang kedah dipun mangertosi babagan urip bebrayan wonten ing sekolah utawi wonten ing sadengah masyarakat yaiku

a)

Mboten Nate hormat kaliyan para guru

b)

Ngendika kirang sae kaliyan sesepuh

c)

Hanggadhahi unggah ungguh kang sae

d)

Dados lare ingkang nakal

43.

Tata krama njaluk tulung marang wong liya yaiku...

a)

Njaluk kanthi sopan lan andhap asor

b)

Nengok lan ngakak

c)

Marani karo muring-muring

d)

Langsung ngresula

44.

Gambar menika nedahaken bilih nalika wonten tiyang khotbah utawi nerangake sawijining bab, kedah..

a)

Ninggalake kewajiban mirengake

b)

Merem

c)

Mirengake kanthi teliti / gatekake

d)

Mendel namung mrisani

45.

Kanggo nuduhake rasa hormat marang tamu, tuan rumah kudu...

a)

Ngladeni kanthi apik

b)

Njaluk tamu ngladeni dhewe

c)

Mlayu saka omah

d)

Nyopot sepatu

46.

Yen arep matur marang wong tuwa, kudu nganggo tembung...

a)

Aku

b)

Kula

c)

Aku kan sampeyan

d)

Koe

47.

Sapa sing rene ? Ukara iki diarani……

a)

Ukara panantang

b)

sambawa

c)

pangipat-ipat

d)

pitakon

48.

Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama

b)

Krama inggil

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama andhap

49.

Pranatacara kuwi yen ngucapake ukara lan tembunge kudu cetha. Yen nganti salah ucap bakal ngurangi kawibawane pranatacara. iki kalebu olah swara babagan...

a)

logat

b)

pocapan

c)

prana

d)

intonasi

e)

kajiwan

50.

endi sing bener?


a. Aku mau tuku koco moto, amergo mripatku loro

b. Aku mau tuku kaca moto, amerga mripatku loro

c. Aku mau tuku kaca mata, amergo mripatku lara

d. Aku mau tuku kaca mata, amerga mripatku lara

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

51.

Mbah, sampean punapa sampun ngombe jamu?


ukara kasebut apa wis bener?

a)

bener

b)

salah, kudune: Mbah panjenengan punapa sampun ngombe jampi?

c)

salah, kudune: Mbah sampean punapa sampun ngunjuk jampi?

d)

salah, kudune: Mbah panjenengan punapa sampun ngunjuk jampi?

52.

Sadurunge pagelaran diwiwti, sutradara nganakake sayembara kanggo milih paraga utama kang pas karo karakter ing drama.


Sutradara kasebut lagi nganakake...

a)

chasing

b)

cashin

c)

editing

d)

cushion

e)

casting

53.

Pesen utawa nila-nilai moral kang disampekake marang pamiarsa kalebu salah sawijining unsur intrinsik teks drama ...

a)

tema

b)

amanat

c)

dudutan

d)

epilog

e)

alur

54.

Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen ....

a)

sekabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi nduweni rasa seneng.

b)

sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi nduweni rasa seneng.

c)

sekabehe pawongan makarya kanthi nduweni rasa seneng lan tanggung jawab.

d)

sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi nduweni rasa seneng.

e)

sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi nduweni rasa seneng.

55.

Paraga drama nalika guneman ijen ing panggung diarani ...

a)

dialog

b)

monolog

c)

epilog

d)

prolog

e)

casting