WorksheetsSAS JAWA 2024-2025
Total questions: 40
Worksheet time: 24mins
Sawijine teks kanggo nggambarake obyek, panggonan, utawa kedadeyan tartamtu kang anjalari kaya-kaya bisa dirasakake, dideleng, lan dialami dening para pamaca diarani teks ….
persuasi
eksposisi
deskripsi
argumentasi
Irah-irahan sing cocog kanggo wacan ing dhuwur yaiku ....
Ndandani Pantai Serang
Kaendahane Pantai Serang
Kerja Bakti ing Pantai Serang
Pengin Menyang Pantai Serang
Adhedhasar strukture teks wacan ing ndhuwur kalebu ....
panutup
orientasi
klasifikasi
idhentifikasi
Kendharaan sing bisa digunakake kanggo tumuju menyang Jatim Park 2 yaiku ....
bis umum
sepur mini
mobil pribadhi
sepedha montor
Idhentifikasi sing diandharake jroning teks ing ndhuwur yaiku ....
Jatim Park 2 panggone ing sacedhake Jatim park 1.
Dalan tumuju menyang Jatim Park 2 mulus lan penak.
Jatim Park 1 ora ana sesambungane karo Jatim Park 1.
Wis ana kendharaan umum tumuju menyang Jatim Park 2.
Unsur basa jroning teks tanggapan dheskripsi sing digunakake kanggo mangsuli pitakonan apa lan sapa nggunakake tembung ….
aran
kriya
sesulih
kaanan
Ing ngisor iki sing kalebu tembung sesulih yaiku ….
jalaran, mulane, dene, kamangka
aku, kula, kowe, sampeyan, panjenengan
iki, niki, iku, puniku, menika, punika, ngrika
sing, kang, ingkang, sapa, kepriye, pira, geneya
Tembung sing digunakake kanggo ngandharake rasa pangrasa, kayata: rasa seneng, kaget, nggumun, gela, lan kuciwa diarani tembung ....
aran
kriya
kaanan
panyeru
Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay.
Tembung “sendhang, biru, ing, negara, aran” iku mujudake tembung sing durung owah saka asale sing diarani tembung ....
lingga
rangkep
andhahan
kosok balen
Tembung sing digunakake kanggo nggandhengake tembung siji karo tembung liyane, sarta ukara siji karo ukara liyane supaya tambah dawa diarani tembung ....
kriya
sesulih
kaanan
panggandheng
Sing diarani tokoh idhola yaiku ....
Tokoh sing paling disenengi/digandrungi dening sawijine pawongan.
Paraga sing duwe kenalan akeh jroning medhia masa.
Tokoh sing wis kondhang ing ngendi endi panggonan.
Tokoh sing idhentitase wis dingerteni dening wong akeh.
Isi bakune wacan ing ndhuwur yaiku ...
Saben warga ing Indonesia mesthi kenal karo Sudirman.
Sudirman iku sejatine dudu lulusan saka akademi militer.
Sapa sing ora kenal tokoh agung Jendral Sudriman?
Sudriman mujudake tokoh pejuwang saka kalangan tentara.
Ukara-ukara ing ngisor iki sing cocog karo isine wacan ing ndhuwur yaiku ....
Sudirman mujudake pahlawan lan pejuwang sing asale saka tentara.
Sudirman digedhekake saka kalangan kraton lan keluwarga ningrat.
Sudirman anggone berjuwang kanggo njunjung derajate keluwarga.
Sudirman iku mujudake lulusan paling becik saka akademi militer.
Bab sing bisa ditiru lan diteladani saka wacan tokoh idhola ing ndhuwur yaiku ....
idhentitase tokoh idhola
wewatekane tokoh sing prasaja
lelakone tokoh sing rada rumit
kalungguhan lan jabatane tokoh
Pratelan ing ngisor iki sing cocog karo tokoh Ki Hajar Dewantara yaiku ....
Ki Hajar Dewantara nalikane isih cilik asmane Raden Mas Soewardi Soeryaningrat.
RM. Soewardi Soeryaningrat nalika umur 40 taun banjur ganti asma Ki Hajar Dewantara.
RM. Soewardi Soeryaningrat mung duwe pepinginan aktif ing organisasi sosial politik wae.
Krana gedhene lelabuhan Ki Hajar Dewantara banjur diangkat dadi menteri pendhidhikan.
Ciri-ciri teks tokoh idhola adhedhasar wacan ing ndhuwur yaiku ....
Isine ngenani riwayat panguripan sawijine tokoh idhola sing ditulis dhewe.
Duwe struktur kang dumadi saka orientasi, kedadean lan masalah, sarta reorientasi.
Ditulis adhedhasar saka pengalaman-pengalaman sing dialami dening sawijine tokoh.
Isine adhedhasar informasi kanyatan-kanyatan sing diandharake kanthi wujud narasi.
Ki Hajar Dewantara tau nyambut gawe dadi wartawan ing surat kabar yaiku ....
Midden Java
Sedyotomo
Kaoem Moeda
Boedi Oetomo
Wong sing seneng utawa gandrung marang sawijine tokoh, salah siji cirine yaiku ....
Saben-saben wektu kepengin ketemu.
Saben kalodhangan mesthi dicritakake.
Kudu ngerti omahe tokoh sing disenengi.
Kabeh tumindake tokoh kudu bisa ditiru.
Tembung-tembung ing ngisor iki yen ditulis nggunakake aksara Jawa sing kudu nggunakake sandhangan pepet yaiku ...
kelakon, saben, terus
pancen, ngewangi, gawe
mengko, ember, sawijine
cekel gawe, mbesuke, wektu
"Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendharaan umum, yaiku mikrolet jurusan Gadang – Turen – Sendang Biru."
Tembung “pangunjung, kepengin, sendhang biru” mujadake tembung sing wis owah saka asale uga diarani tembung ....
lingga
rangkep
andhahan
kosok balen
Kabudayan asli bangsa Indonesia kang nduweni pangaji-aji adi luhung dening Masyarakat Jawa, tansah diuri-uri lan dilestarekake supaya ora cures yaiku ….
ludruk
jaranan
wayang
kethoprak
Sing minangka dadi undering rembug utawa gagasan baku jroning crita wayang diarani …
alur
tema
latar
paraga
Sing diarani pesen utawa amanat jroning crita wayang yaiku …
Para paraga kang dicritakake jroning crita wayang.
Perangan kang nerangkae papan, wektu lan swasana.
Piwulang lan pitutur luhur ing sajroning crita wayang.
Urut-urutane lakon kang dicritakake ing sajroning crita wayang.
Kanggo rembugan wong kang statuse padha, nanging kanthi rasa hormat (ngajeni) basane awujud ngoko lan krama inggil diarani basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
"Guruku saiki ora bisa teka, jalaran isih lunga menyang Surabaya."
Tembung sing dicap kandel jroning ukara ing ndhuwur benere ....
dugi; kesah
dugi; tindak
rawuh; kesah
rawuh; tindak
Prabu Ramawijaya kuwi titisane Bathara ....
Wisnu
Indra
Bayu
Angi
Sanjata pamungkase Prabu Ramawijaya yaiku ....
sanjata cakra
gada rujakpala
panah gunawijaya
keris pulanggeni
Nalika menyang alas Saptarengga, Pandhu didherekake dening ....
Destarastra
Dewi Kunthi
Dewi Madrim
Resi Kindama
Senajan wujud wanara, prajutite Prabu Rama tansah setya tuhu ing janji.
Dasanama tembung “wanara” yaiku ….
Kapi
Kukila
Maruta
Rewanda
Aksara Jawa ing ngisor iki menawa ditulis kuwalikan yaiku ….
Ra, Ga
Ha, La
Da, Sa
Pa, Ya
Nalika Dewi Kunthi lan Dewi Madrim ngucapake mantra, dewa sing teka jenenge ....
Hyang Darma
Bathara Bayu
Hyang Indra
Hyang Aswin
Putrane Pandhu sing saka Dewi Kunthi jenenge ....
Yudhistira
Bima
Arjuna
Nakula
Lagu-lagu utawa lelagon Jawa sing carane nggarap, carane ngarang, lan carane mainake sarana dimodhifikasi dijumbuhake karo kemajuawane jaman diarani ….
Lelagon kreasi anyar
Tembang kenangan
Gendhing langgam
Lelagon klasik
Ing ngisor iki sing kalebu lelagon kreasi anyar yaiku ....
Nyidham Sari lan Sewu Kutha
Prau Layar lan Wirangrong
Pucung lan Kangen
Balabag lan Sinom
Ing ngisor iki mujudake struktur teks kang knandhut jroning lelagon kreasi, kejaba….
nilai-nilai kautaman
anane rasa kaendahan
ngelmu utawa kawruh
basa kang digunakake
Sewu kutha uwis takliwati,
Sewu ati taktakoni,
Nanging kabeh padha ra ngerteni,
Lungamu neng ngendi,
Pirang taun aku nggoleki,
Seprene durung bisa nemoni
Isi kang kinandhut jroning pethilan lelagon ing ndhuwur yaiku nyritakake ….
carane nyambut gawe
Wong sing kekarepane bakuh
wong sing lagi seneng atine
wong sing lagi bingung
Sewu kutha uwis takliwati,
Sewu ati taktakoni,
Nanging kabeh padha ra ngerteni,
Lungamu neng ngendi,
Pirang taun aku nggoleki,
Seprene durung bisa nemoni.
Pesen moral kang kinandhut jroning lelagon ing ndhuwur yaiku ....
Sakabehing gegayuhan kuwi pancen mbutuhake ragat.
Kekarepan sing bakuh kukuh iku ora gampang nglokro.
Duwe pepenginan apa wae kudu lelandhesan rasa sabar.
Wong urip ing alam donya kuwi kudune seneng lelungan.
Ukara ing ngisor iki sing nggunakake purwakanthi swara yaiku ….
Becik ketitik ala ketara
Saguneme agawe gawok
Ing ngarsa sung tuladha
Ruruh, ririh, rereh ing wewarah
Ukara ing ngisor iki sing nggunakake purwakanthi sastra yaiku ….
Sabegja, begjane wong lali, isih begja kang eling lan waspada.
Wong urip iku kudu wigen, tengen, lan mugen.
Ruruh, ririh, rereh ing wewarah
Janji jujur jajahane mesti makmur.
Yo pra kanca dolanan ing njaba,
Padhang mbulan padhange kaya rina,
Rembulane kang ngawe-awe
Ngelingake aja turu sore-sore.
Tegese tembung “rina” jroning lelagon ing ndhuwur yaiku ….
esuk
awan
sore
bengi
