wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembang Kreasi Kelas 7

Total questions: 10

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Lagu-lagu utawa tembang Jawa sing carane nggarap, carane ngarang, lan carane mainake sarana dimodifikasi dijumbuhake karo kemajuwane jaman diarani tembang....

a)

klasik

b)

kenangan

c)

kreasi anyar

d)

Gending langgam

2.

Tembang kreasi anyar kuwi nuruti kesenengane para pandhemen, supaya lagu-lagu Jawa bisa disenengi dening sapa wae. Ing ngisor iki seng kelebu tembang kreasi anyar yaiku....

a)

Tembang “Prau Layar” lan tembang tengahan

b)

Tembang gedhe lan lan tembang macapat

c)

Tembang macapat lan tembang “Kangen”

d)

Tembang “Kangen” lan “Sewu Kutha”

3.

Turi-turi putih, suwe ora jamu, buta galak, jamuran, ilir-ilir, swara suling. Iki kelebu tembang kreasi anyar yaiku wujude campursari tembang....

a)

Sekar gendhing

b)

Langgam

c)

Macapat

d)

Dolanan

4.

Ing tembang campursari ana instrumen kang ngirigi yaiku gabungan antarane pentatonis lan diatonis. Ing ngisor iki sing kelebu instrumen pentatonis yaiku....

a)

Gitar, biola, drum

b)

Kendang, gong, suling

c)

Suling, biola, slenthem

d)

Keyboard, bas guitar, organ

5.

Strukture tembang kreasi anyar kuwi ora ana struktur kang dadi pathokan, sifate bebas, nanging amarga wujud tembang kudu nduweni titi laras lan cakepan. Sing diarani cakepan yaiku...

a)

Syair tembang

b)

Tangga nada

c)

Notasi

d)

Swara

6.

Geter raosipun manah

swara para janma tansah jejerit

sakabehe wus kagulung

murka aneng samudra

tirta lan samirana samya gumulung

amung bisa andedonga

kamilawase mring gusti


guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat kasebut ...

a)

8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

b)

12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i, 7a, 7i

7.

cacahe wanda (suku kata) ing saben gatra diarani ...

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru basa

8.

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel kalangkung

Tan kena tinambak arta


Cacahing gatra saking tembang ing nduwur yaiku. . . .

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

9.

Asmaradhana

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel kalangkung

Tan kena tinambak arta


Guru wilangan lan guru swarane yaiku. . . .

a)

12u, 6a, 8i, 12a.

b)

12i, 6a, 8i, 8a

c)

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

d)

8i, 8a, 8e, 7a, 8u, 8a

10.

Krama inggile kowe yaiku

a)

Sampeyan

b)

Panjenengan

c)

Dheweke

d)

Kula