wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ujian Akhir Semester I Bahasa Jawa Kelas 6 2024-2025

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Bowo kuwi bocah sregep. Kosok baline sregep yaiku ....

a)

kesed

b)

karep

c)

kasep

d)

kasap

2.

Pak guru lagi nulis ing papan tulis. Tembung nulis yen dikramakake dadi ....

a)

nyerat

b)

nganggit

c)

ngagem

d)

ngasta

3.

Kembang krambil iku arane ....

a)

manggar

b)

mayang

c)

menik

d)

menthik

4.

Panyandrane kanggo tangan kang apik yaiku ....

a)

ndamar kanginan

b)

manggis karengat

c)

nggendewa pinentang

d)

macan luwe

5.

Sing ora perlu digatekake nalika maca pidhato yaiku ....

a)

ekspresi

b)

intonasi

c)

lafal

d)

busana para pamirenge

6.

Wacanen pethikan pidhato ing ngisor iki. Kanggo mangsuli soal nomer 6 – 7

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undangan , Bapak/ Ibu ingkang kulo hormati, rencang-rencang tuwin adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.

Irah-irahan kang cocok kanggo pethikan pidhato ing ndhuwur, yaiku ....

a)

Perpisahan Kelas VI

b)

Penampi Kelas VI

c)

Patemon Kelas VI

d)

Pasrah Kelas VI

7.

Wacanen pethikan pidhato ing ngisor iki. Kanggo mangsuli soal nomer 6 – 7

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undangan , Bapak/ Ibu ingkang kulo hormati, rencang-rencang tuwin adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.

Pethikan pidhato mau diucapake nalika ing ....

a)

salam panutup pidhato

b)

sarampunge pidhato

c)

tengah-tengahe pidhato

d)

pambuka pidhato

8.

Gatutkaca kuwi putrane raden ....

a)

Puntadewa

b)

Janaka

c)

Nakula

d)

Werkudara

9.

Gambar punokawan ing ndhuwur jenenge ....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

10.
  1. Ponorogo kuwi kutha kang kondhang  reoge.

Ukara iku wangsulan saka pitakon ....

a)

Wong ngendi sing dadi reog Ponorogo?

b)

Apa ana reog ing Ponorogo?

c)

Kutha ngendi sing kondang ana reoge?

d)

Saka ngendi reog Ponorogo iku?

11.

Kawruhe jero tapak meri, tegese kawruhe ....

a)

jembar banget

b)

sethitik banget

c)

kawruhe cethek banget

d)

kawruhe adhoh banget

12.

Tembung kang cocok kanggo genepi parikan ing ndhuwur ....

a)

bebas

b)

bungah

c)

bergas

d)

waras

13.

Tembung sing ana jero kurung sing bener ....

a)

dituku

b)

nuku

c)

nukokake

d)

nuku

14.

Gambar wayang ing ndhuwur jenenge ....

a)

Yudhistira

b)

Bima

c)

Arjuna

d)

Nakula

15.

Tanduran telo, pohong, gembili lan uwi iku kalebu …

a)

Palagumantung

b)

Palakitri

c)

Pala kependem

d)

Palawijo

16.

Gatekna tembang Pangkur ing ngisor iki! Kanggo soal nomer 16 – 20!

Pangkur

Mingkar-mingkuring angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji

Tembang Pangkur cocok kanggo ngandharake pitutur luhur ngenani ....

a)

kahanan perang

b)

geguyonan

c)

kahanan apa wae

d)

agama

17.

Tembang Pangkur ing ndhuwur ana ... pada.

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

18.

Tembang Pangkur sapada ana ... gatra

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

19.

Guru wilangan lan guru lagu tembang pangkur yaiku ....

a)

8i, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

8u, 11u, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8u, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i

20.

Tembung angkara tegese ....

a)

nafsu ala

b)

tumindak becik

c)

geguyonan

d)

gawe bubrah

21.

Urutan kang bener saka ukara ing ndhuwur yaiku ....

a)

Putri bocah iku sregep kang sinau

b)

Bocah Putri iku kang sregep sinau

c)

Putri iku bocah kang sregep sinau

d)

Putri bocah iku sregep kang sinau

22.

Ukara ing ndhuwur yen diowahi nganggo basa krama dadi ....

a)

Simbah sek tilem

b)

Simbah nembe sare

c)

Simbah taksih sare

d)

Simbah sek turu

23.

Yen dolanan layangan iku becike ana ing ....

a)

lapangan

b)

ratan sepi

c)

ratan cilik

d)

sekolahan

24.

Basa kramane tembung nggawa, yaiku ....

a)

ngendika

b)

mundhut

c)

ngasta

d)

dhahar

25.

Pitik walik saba kebon. Bedhekan cangkriman ing dhuwur sing bener yaiku ....

a)

duren

b)

salak

c)

nanas

d)

dondong

26.

Ukara jawa ing ndhuwur yen ditulis latin yaiku ....

a)

turu sala

b)

turu pala

c)

tuku gula

d)

tuku pula

27.

Tulisan jawa ing ndhuwur menawa ditulis latin yaiku ....

a)

sina kaca

b)

sana jawa

c)

sinau cara

d)

sinau jawa

28.

Gamelan ing ndhuwur iku jenenge....

a)

demung

b)

gong

c)

siter

d)

kenong

29.

Mumpung isih bocah, kudu golek kawruh. Kawruh tegese ....

a)

tuku

b)

ilmu

c)

lagu

d)

buku

30.

Crita kewan-kewan kang bisa ngomong kaya manungsa, diarani ....

a)

sage

b)

mite

c)

legenda

d)

fabel

31.
  1. Potlot dijupuk Ani.

Ukara mau yen didadekake ukara tanduk sing bener ...

a)

Potlot Ani dijupuk.

b)

Potlot dijupuk Ani.

c)

Ani dijupuk potlot.

d)

Ani njupuk potlot.

32.

Kowe saiki wis kelas enem ... tanduke kudu bisa dadi conto.

a)

laku

b)

tandhang

c)

tindak

d)

duga

33.

Perangan pidato mau diarani ....

a)

adawiyah

b)

bebuka

c)

isi

d)

panutup

34.

Eyang kakung dikongkon dhahar.

Tembung dikongkon benere yaiku ....

a)

dipun aturi

b)

dikengken

c)

dipun kengken

d)

diaturi

35.

Ukara iki sing nggunakake basa ngoko alus sing bener yaiku ...

a)

Bapak dhahar soto, aku mangan bakso.

b)

Bapak dhahar soto, aku dhahar bakso.

c)

Bapak mangan soto, aku mangan bakso.

d)

Bapak mangan soto, aku dhahar bakso.

36.

Ukara iki sing nggunakake basa krama alus sing bener yaiku ...

a)

Budhe lunga peken tumbas beras ketan.

b)

Budhe tindak pasar tumbas beras ketan.

c)

Budhe tindak peken mundhut beras ketan.

d)

Budhe tindak pasar mundhut beras ketan.

37.
  1. Tuku kased menyang toko.

Bocah kesed ....

a)

dadi loro

b)

dadi nglokro

c)

dadi bodho

d)

dadi loyo

38.

Tembung resik kosok baline ....

a)

anyar

b)

putih

c)

reget

d)

wangi

39.

Manawa wangsulane "iya", pitakon kang mathuk yaiku ...

a)

Pira regane tas iki?

b)

Apa omahmu ing Kebumen?

c)

Sapa jenenge bapakmu?

d)

Kapan kowe no Jakarta?

40.

Sing dudu kalebu jenising tembang macapat yaiku ....

a)

Durma

b)

Gambuh

c)

Dhandhanggula

d)

Dolanan

41.

Tibaning suwara saben sak gatra diarani ....

a)

guru wilangan

b)

guru lagu

c)

gatra

d)

pada

42.
  1. Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra.

Palastra padha tegese karo ....

a)

semaput

b)

lunga

c)

mati

d)

ilang

43.
  1. Ancik-ancik pucuking eri.

Tegese paribasan kuwi ....

a)

ora duwe kekuatan maneh

b)

tansah duwe rasa kuwatir amarga nandhang kaluputan

c)

wong pinter mungsuh padha pintere

d)

rebutan barang sing ora mbejaji

44.

Kena iwake aja nganti buthek ....

a)

panggone

b)

wadhahe

c)

banyune

d)

kaline

45.

Ana brambang sasen lima, ayo berjuang ....

a)

labuh negara

b)

nganti mati

c)

sing taberi

d)

nganti rekasa

46.

Maos basa ngokone ....

a)

nulis

b)

ndelok

c)

tuku

d)

maca

47.
  1. Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan nduwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.

Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku ....

a)

Joko Seger

b)

Roro Anteng

c)

Joko Seger lan Rara Anteng

d)

Gunung Lejar

48.

Kang kalebu tembang macapat yaiku ....

a)

Bengawan Solo

b)

Ilir-ilir

c)

Jaranan

d)

Pangkur

49.

Tembang macapat nduweni teges maca papat-papat, yaiku macane saben patang ....

a)

gatra

b)

wanda

c)

lagu

d)

pada

50.

Tembang macapat kaiket ing wewaton. Ing ngisor iki wewaton tembang macapat, kajaba ....

a)

guru gatra

b)

guru wanda

c)

guru lagu

d)

guru wilangan