wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KUIS KELAS 8 SEMESTER GANJIL

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Apa irah-irahan film kang wis kokdeleng wingi?

a)

Memedi

b)

Memedi Manuk

c)

Weden Sawah

d)

Memedi Sawah

2.

Miturutmu, kepriye watake Putra?

a)

Seneng tetulung

b)

Seneng ngganggu kanca

c)

Sregep sinau

d)

Manut prentahe guru

3.

Kepriye watake Alit?

a)

Sabar narima

b)

Galak yen digodha

c)

Wani marang guru

d)

Gampang nesu

4.

Pitutur luhur apa kang ora ana ing film kasebut?

a)

Aja seneng ngremehake kanca

b)

Dadi bocah sing sabar ora gampang nesu

c)

Yen ana tumindak ala kudu diwales ala

d)

Aja mbully kanca

5.

Ing film kasebut, masalah kang diadhepi dening Alit diwiwiti nalika ....

a)

Putra nyilih guntinge Alit

b)

Arini nuturi Alit

c)

Asil prakaryane Alit lan Arini diremehake

d)

Pak guru nimbali Arini kanggo presentasi

6.

Tokoh utama ing film kasebut yaiku ....

a)

Putra

b)

Alit

c)

Arini

d)

Pak Guru

7.

Masalah ing film kasebut dipungkasi nalika ....

a)

Kangmase Alit ngutus nggawe memedi sawah

b)

Alit presentasi asil karyane ngenani memedi sawah lan njlentrehake maknane

c)

Putra ora nggodha Alit maneh

d)

Alit menyang sawah karo kangmase

8.

Pitutur luhur apa kang bisa dijupuk saka film iku mau?

a)

aja seneng nglarani sapepadha manungsa

b)

barang sing sepele mesthi ora ana paedahe

c)

wong kere kudune diece

d)

kekancan kudu ndeleng sugih lan orane

9.

Tetembungan kang duweni teges ora sabenere diarani tembung ....

a)

saroja

b)

entar

c)

baliswara

d)

yogyaswara

10.

Tetembungan kang dumadi saka rong (2) tembung sing duweni teges padha utawa meh padha digunakake bebarengan diarani lan duweni teges mbangetake yaiku tembung ....

a)

entar

b)

baliswara

c)

yogyaswara

d)

saroja

11.

Dewa-dewi kalebu tembung ....

a)

saroja

b)

entar

c)

yogyaswara

d)

baliswara

12.

Gedhe sirahe kalebu tembung ....

a)

baliswara

b)

entar

c)

yogyaswara

d)

saroja

13.

Anjani putra kalebu tembung ...

a)

baliswara

b)

entar

c)

saroja

d)

yogyaswara

14.

Padhang jingglang kalebu tembung ....

a)

yogyaswara

b)

entar

c)

baliswara

d)

saroja

15.

Ing isor iki kang kalebu tembung saroja yaiku ....

a)

dawa tangane

b)

jembar segarane

c)

ireng njanges

d)

putra-putri

16.

Tetembungan ing isor iki, kang kalebu tembung yogyaswara yaiku ....

a)

mudha-mudhi

b)

raja putri

c)

adus kringet

d)

dawa tangane

17.

Lunyu ilate tegese ....

a)

omongane nglarani ati

b)

omongane ora bisa dipercaya

c)

omongane akeh banget

d)

omongane sing apik-apik

18.

Bedane bebasan lan saloka yaiku ....

a)

bebasan ana sing dipindhakake, saloka ora ana sing dipindhakake

b)

bebasan ora ana sing dipindhakake, saloka ana sing dipindhakake

c)

bebasan sing dipindhakake kahanan/ sifate wong, saloka sing dipindhakake wonge

d)

bebasan tegese wantah, saloka tegese entar

19.

Unen-unen kang ajeg panganggone, duweni teges entar, sing dipindhakake wonge, lan diwiwiti tembung aran yaiku ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

baliswara

20.

Ing isor iki kang kalebu paribasan yaiku ....

a)

jer basuki mawa bea

b)

nguthik-nguthik macan dhedhe

c)

timun mungsuh duren

d)

kebo nusu gudel

21.

Unen-unen ing isor iki kang ora kalebu saloka yaiku ....

a)

kutuk marani sunduk

b)

nututi layangan pedhot

c)

timun mungsuh duren

d)

pitik trondhol diumbar ing pedharingan

22.

Unen-unen ing isor iki kang kalebu jinise bebasan yaiku ....

a)

Tut wuri handayani

b)

Bebek mungsuh mliwis

c)

Nyeret pring saka pucuk

d)

Rawe-rawe rantas malanng-malang putung

23.

Unen-unen ing isor iki kang duweni teges ngupayakake baline barang sepele nanging ora imbang karo resikone yaiku ....

a)

ngubak-ngubak banyu bening

b)

timun mungsuh duren

c)

nyeret pring saka pucuk

d)

nututi layangan pedhot

24.

Ula marani gepuk duweni teges ....

a)

nemu penak tanpa ngalami rekasa

b)

njarag marang wong kang wis lerem nesune

c)

wong kang marani utawa njarag marang bebayane dhewe

d)

anak sing tumindak ala nanging wong tua kang naggung isin

25.

Ing ngarsa sung tuladha duweni teges ....

a)

yen ing buri kudu menehi panjurung

b)

yen pengin mulya mesthi butuh bandha

c)

yen ing ngarep kudu bisa dadi conto/ tuladha

d)

sapa sing salah bakal konangan

26.

Unen-unen iki kalebu jinise basa rinengga ....

a)

paribasan

b)

saloka

c)

bebasan

d)

yogyaswara

27.

Ing isor iki kang ora dibutuhake kanggo nindakake wawancara yaiku ....

a)

narasumber

b)

pewawancara

c)

daftar pitakonan

d)

radhiyo

28.

Nalika nindakake wawancara marang wong kang luwih tua kudune nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

29.

Ukara ing isor iki kalebu ukara hagnya yaiku ....

a)

Tutupen lawange!

b)

Digawanana sega ya ora dipangan.

c)

Tasku digawe adhiku.

d)

Muliha isuk supaya aku isa sinau.

30.

Ing isor iki kang kalebu ukara sambawa yaiku ....

a)

Garapen soal ing isor iki!

b)

Budhala saiki!

c)

Budhala kawit mau aku ora keri.

d)

Mangana ing kene wae!

31.

Ukara sambawa ing isor iki kang duweni teges saupama ....

a)

Njupuka jajan mau aku saiki ora luwe.

b)

Adhiku njupuka jajan ya supaya aku bisa njaluk.

c)

Bondan maneh njupuka, aku sing cedhak wae ora uman.

d)

Njupuka sega akeh aku tetep luwe.

32.

Aku maneh ngertia, Marni sing adhine wae ora. Ukara sambawa kasebut tegese ....

a)

upama

b)

senajan

c)

muga-muga

d)

mokal

33.

Ukara sambawa ing ing isor iki sing duweni teges senajan yaiku ....

a)

Bapakku nganggoa jaket ya supaya ora kadhemen.

b)

Nganggoa kaos kaki, mesthi sikilku ora lara.

c)

Nganggoa jas udan aku tetep teles kebes.

d)

Susan maneh nganggoa, aku sing duwe wae ora.

34.

Rosinta mlebua ya ya, supaya bisa takjak menyang perpustakaan.

Ukara sambawa kasebut duweni teges ....

a)

muga-muga

b)

senajan

c)

mokal

d)

upama

35.

Adhedhasar mediane, jinise pariwara kaperang dadi ...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

36.

Ana iklan ing televisi isine ngajak irit banyu. Miturut ancas utawa tujuane, pariwara kasebut kalebu ing pariwara ...

a)

komersial

b)

non komersial

c)

audio visual

d)

televisi

37.

Ana pariwara ing youtube, isine nawakake kopi. Adhedhasar wujude, pariwara kasebut kaelbu pariwara ....

a)

komersial

b)

audio

c)

visual

d)

audio visual

38.

Headline/ punjer saka pariwara kasebut yaiku ....

a)

Ukara

Enak rasane, murah regane

b)

Ukara

diskon 20%

c)

Ukara

Yen Panjenengan Ambal Warsa

d)

Ukara

Warung Suminar

39.

Tagline utawa sesanti saka pariwara kasebut yaiku ....

a)

ukara

diskon 20%

b)

ukara

njupuk lawuh sasenenge, imbuh sega sawarege

c)

ukara

yen panjenengan ambal warsa

d)

ukara

enak rasane, murah regane

40.

Amplifikasi/ awake pawiwara saka gambar kasebut yaiku ....

a)

ukara

diskon 20%

b)

ukara

warung suminar

c)

ukara

yen panjenengan ambal warsa

d)

ukara nyawisake masakan desa