wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BJ KLS 6 SEM 1

Total questions: 120

Worksheet time: 4hrs 14mins

Name
Class
Date
1.

Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...

a)

teks informasi

b)

teks penjelasan

c)

teks pernyataan

d)

teks berita

2.

Wacanen kanthi patitis!


Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.


miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

pariwara

3.

teks sing isine ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca diarani teks...

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

teks argumentasi

d)

pariwara

4.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

iklan/pariwara

5.

gambar ing ndhuwur kuwi kalebu jenise...

a)

pawarta

b)

slogan

c)

persuasi

d)

sesanti

6.

gambar ing ndhuwur iku kalebu...

a)

sesanti

b)

pariwara

c)

iklan

d)

pawarta

7.

endi gambar ngisor iki sing kalebu iklan?

a)
b)
c)
d)
8.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.


Irah-irahan sing mathuk kanggo paragraf ing ndhuwur yaiku...

a)

Rekreasi ing Baluran

b)

Taman Nasional Baluran

c)

Rekreasi Keluargaku

d)

Padhang Savana ing Baluran

9.

Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan...

a)

Deskripsi

b)

narasi faktual

c)

persuasi

d)

eksposisi

10.

Salah sijine teks sing diamot ing media cetak(koran, majalah) utawa media elektronik(TV), lan isine pawarta sing lagi anget dadi bahan omongane masyarakat diarani teks...

a)

teks deskripsi

b)

teks pawarta

c)

pariwara

d)

slogan

11.

Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku ....

a)

ukarane ngajak-ajak

b)

ukarane mamerake

c)

ukarane nyenengake

d)

ukarane ngujuk-ujuki

12.

Ing ngisor iki sing dudu kalebu teks informasi yaiku ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

komik

13.

karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene sing maca diarani ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

14.

yen katulis latine ....

a)

buku tulis

b)

buku gambar

c)

buku jawa

d)

buku garis

15.

yen katulis latine ....

a)

gambar gasing

b)

pakar gasing

c)

gambar kucing

d)

cakar kucing

16.

teks sing isine ngandharake fakta, kamomot ana ing media cetak, yaiku ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

17.

"Sapa nandur bakal ngunduh"

Teks iku kalebu jenis e ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

18.

Ing ngisor iki titikane sesanti/slogan

a)

ukarane ngajak-ajak

b)

ukarane mamerake

c)

ukarane nyenengake

d)

ukarane ngujuk-ujuki

19.

ing ngisor iki ukara sing kalebu jinise pariwara/iklan yaiku ....

a)

Ngundhuh wohing pakarti

b)

Gunakna banyu sakcukupe!

c)

Lemah longsor mendhem ewonan omah

d)

Ayo njaga lestarine alam

20.

Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wes dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandang.


teks iku kalebu jenise ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

21.

Sabun deterjen rakyat, ramah lingkungan


teks iku kalebu jenise ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

22.

Ngunduh wohing pakarti


teks iku kalebu jenise ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

23.

Ayo njaga lestarine alam


teks iku kalebu jenise ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

24.

Banyu resik sumber panguripan, openana!


teks iku kalebu jenise ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

25.

Virus corona iku asale saka Negara Cino


teks iku kalebu jenise ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

26.

Teks informasi kang ngandharake fakta diarani ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti

d)

pariwara

27.

Ing ngisor iki titikane teks pawarta, kajaba ...

a)

isine ngajak

b)

ngandharake fakta

c)

kamomot ana ing medhia cetak

d)

isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat

28.

"Negor sauwit, nandur satus bibit!", kalebu teks ...

a)

sesanti

b)

pawarta

c)

persuasi

d)

pariwara

29.

Teks ing gambar ngisor iki kalebu teks ...

a)

pariwara

b)

pawarta

c)

persuasi

d)

slogan

30.

Teks karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca diarani teks ....

a)

persuasi

b)

pariwara

c)

pawarta

d)

slogan

31.

"Ayo tandang, njaga lestarine alam". Kalebu teks ...

a)

persuasi

b)

pariwara

c)

pawarta

d)

iklan

32.

Teks kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku,lan digunakake, diarani ...

a)

teks pariwara

b)

teks pawarta

c)

teks persuasi

d)

teks slogan

33.

Teks pawarta anggone nyusun adhedhasar ....

a)

apa, sapa, kapan, nyapa, neng endi, lan kepriye

b)

apa lan sapa

c)

sebab akibat

d)

basa asing

34.

"Mangsa ketiga dawa, mulane petani cengkeh ing Ponorogo bisa gagal kabeh. Petani kudu siap nanggung rugi jutaan rupiah." Ukara mau kalebu teks ....

a)

pawarta

b)

persuasi

c)

dheskripsi

d)

sesanti

35.

"Lingkungan sing resik uga bisa urip sehat. Urip sehat pikiran uga sehat. Supaya lingkungan kita lestari, ayo kabeh warga kudu tansah sadar njaga kelestarian alam. Aja nebangi alas sembarangan. Amarga bisa njalari rusake lingkungan." Teks kasebut kalebu jenis teks ....

a)

persuasi

b)

pawarta

c)

pariwara

d)

sesanti

36.

Teks Informasi Yaiku?

a)

Sawijining pesen ucapan tembung saka wang liya liwat sesambungan langsung utawa ora langsung kang dwuweni makna lan manfaat. diwara-waraake soko wong siji marang wong liyane

b)

pesen ucapanine ing tembung liya

c)

supaya bisa critakake kedadean

d)

sawijing crita wong siji marang wong liyane

37.

Wujude Teks Informasi ana 4 sebutna apa wae?

a)

Teks deskripsi, Argumentasi, narasi, persuasi

b)

Teks Pawarta, Persuasi, Sesanti/Slogan, Pariwara/iklan

c)

Informasi, narasi, argumentasi, deskripsi

d)

Teks berita, Faktual, eksposisi, deskripsi

38.

Teks Persuasi Yaiku?

a)

Karangan sing isine ngajak-ajak utawa narik kawigatine sing maca

b)

karangan geguritan sing becik

c)

puisi jawa kang apik

d)

isine pawarta

39.

Teks Pariwara / Iklan Yaiku?

a)

Ngandharake fakta

b)

paragraf kasusun dening ukara

c)

Kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake

d)

isine ngelingake

40.

Titiane/cirine teks Pawarta yaiku?

a)

Ngandharake fakta, kaemot ing media cetak, elektronik

b)

Ngajak-ajak

c)

Digunakake lan dideleng

d)

Supaya dituku, lan digunakake

41.

Gambar Ing duwur Kalebu Teks Informasi apa?

a)

Pariwara/iklan

b)

Pawarta

c)

Deskripsi

d)

Sesanti/slogan

42.

Gambar ing duwur iki kalebu Teks?

a)

Pawarta

b)

Slogan

c)

Persuasi

d)

Pariwara/Iklan

43.

Ukara In Ngisor iki seng kalebu Pawarta yaiku?

a)

Desa mawa cara negara mawa tata

b)

Maca yaiku mbukak cendela jagad

c)

Ana kedadean kecelakaan mobil in jalan raya jam 13.00, korban akehe wong 4, sakabehe wes digawa dateng rumah sakit.

d)

ayo padha buang sampah neng tempate

44.

Apa sing dadi cirie teks Persuasi?

a)

Gancaran bebas tanpa ajak-ajak

b)

Ngelengake sing maca

c)

Ngajak lan yakinake sing maca

d)

ora gelem tawa-tawa

45.

Tuladha tembung sesanti yaiku?

a)

Jagung Hibrida Unggul, kualitas unggul

b)

Alon-alon waton Klakon

c)

ngandharake fakta

d)

Ayo nanem pohon gae penghijauan alame

46.

Sawijine karangan kang kaiket mawa paugeran : guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu di arani ...

a)

Tembang macapat

b)

Lelagon campursari

c)

Tembang dolanan

d)

Gendhing manasuaka

47.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

48.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

49.

Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....

a)

Maskumambang

b)

Balabak

c)

Citramengeng

d)

Girisa

50.

Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....

a)

Pangkur

b)

Gambuh

c)

Pocung

d)

Dhandhanggula

51.

Tembung macapat tegese ...

a)

Maca papat-papat

b)

Maca cepat-cepat

c)

Maca seprapat

d)

Maca

52.

Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...

a)

Tengahan

b)

Gedhe

c)

Cilik

d)

Kuna

53.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

54.

Isine tembang pocung iku lumrahe ...

a)

Kasmaran

b)

Getun

c)

Susah

d)

Pitutur

55.

Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru swara

d)

Guru basa

56.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Tembang kasebut kedadean saka ... pada

a)

1

b)

4

c)

5

d)

6

57.

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Tembung "guyub rukun" tegese yaiku ...

a)

Nyawiji

b)

Congkrah

c)

Bubrah

d)

Tukar padu

58.

Dedalane guna lawan sekti


Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku ...

a)

8u

b)

9i

c)

10a

d)

10i

59.

Tembang macapat sing nggambarake masa kanak-kanak sampe remaja kang perlu sinau sakakeh-akeh iku maknane tembang macapat ....

a)

mijil

b)

sinom

c)

asmaradana

d)

pangkur

60.

Cacahe wanda saben gatra jroning tembang macapat diarani ...

a)

Guru wanda

b)

Guru gatra

c)

Guru wilangan

d)

Guru lagu

61.

Tembang macapat kang watake nelangsa keranta ranta yaiku tembang ...

a)

Pangkur

b)

Pocung

c)

Maskumambang

d)

Dhandhanggula

62.

Watake tembang pangkur yaiku ...

a)

Sereng, tegas

b)

Nesu, muntab

c)

Nglokro, sedhih

d)

Grapyak, renyah

63.

tembang kang nggambarake pisahing antarane jiwa lan raga ...

a)

megatruh

b)

durma

c)

dhandhanggula

d)

pocung

64.

tembang kang nggambarake wong kang seneng aweh marang liyane diarani ...

a)

asmradana

b)

durma

c)

gambuh

d)

sinom

65.

Paugeran tembang macapat iku ana telu, yaiku ...

a)

guru gatra, guru wilangan, guru lagu

b)

guru lagu, guru kula, guru liya

c)

guru wilangan, guru siji, guru telu

d)

guru gatra, guru liyane, guru lagu

66.

Geter raosipun manah

swara para janma tansah jejerit

sakabehe wus kagulung

murka aneng samudra

tirta lan samirana samya gumulung

amung bisa andedonga

kamilawase mring gusti


tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ...

a)

gambuh

b)

pucung

c)

asmardhana

d)

pangkur

67.

Pralambange tumrap para nom-nomansawise pada kasmaran ngalami kedadeyan kang endah-endah, yaiku tembang...

a)

Asmaradhana

b)

Mijil

c)

Dhandang gula

d)

pucung

68.

Tembang macapat sing kanggo pralambange tumrap para muda pada kasmaran sawise ing umur remaja yaiku...

a)

Mijil

b)

Gambuh

c)

Asmaradana

d)

pangkur

69.

Tembang macapat sing kanggo pralambang tumrap bocah kang tumapak wayah nom-noman(remaja) yaiku...

a)

dhandanggula

b)

mijil

c)

gambuh

d)

sinom

70.

Tembang macapat sing nduweni watak luwes, manis yaiku...

a)

dhandanggula

b)

gambuh

c)

pangkur

d)

mijil

71.

Asmaradhana

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel kalangkung

Tan kena tinambak arta


Guru wilangan lan guru swarane yaiku. . . .

a)

12u, 6a, 8i, 12a.

b)

12i, 6a, 8i, 8a

c)

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

d)

8i, 8a, 8e, 7a, 8u, 8a

72.

Tibaning Swara ing pungkasaning gatra diarani...

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru lagu

d)

guru wanda

73.

dhong-dhinge swara ing saben pungkasaning gatra, iku diarani ....

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru swara

d)

guru laku

74.

Cacahe gatra tembang Kinanthi yaiku ana ....

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

75.

Ing ngisor iki sing dadi watake tembang Durma yaiku ....

a)

galak

b)

sereng

c)

nglangut

d)

sembrana parikena

76.

Tembang macapat sing nggambarake jabang bayi sing isih kandhutane ibu yaiku ....

a)

mijil

b)

maskumambang

c)

kinanthi

d)

gambuh

77.

Cacahing larik saben sapada yaiku

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru lagu

d)

Guru wanda

78.
Guru Gatra tembang Pangkur yaiku
a)
10
b)
8
c)
7
d)
6
79.
Tembang kang watake seneng, antepan ati lan gagah, mangkelake yaiku tembang
a)
Dhandhanggula
b)
Gambuh
c)
Pocung
d)
Pangkur
80.

Aku mangan rujak petis. Yen diganti basa krama dadi.....

a)

Aku dahar rujak petis

b)

Kula dahar rujak petis

c)

Kula nedha rujak petis

d)

Aku nedha rujak petis

81.

Unen-unen sajerone basa lan kasusastraan Jawa cacahe ana ....

a)

telu

b)

papat

82.

Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku ....

a)

bebasan, saloka, pepindhan

b)

bebasan, paribasan, saloka

83.

Tegese unen-unen "Kebo nusu gudel" yaiku ....

a)

Wong enom njaluk wuruk marang tuwa

b)

Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

84.

Tegese unen-unen "Becik ketitik, ala ketara" yaiku ....

a)

Sembarang tumindhak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

Semabarang wong iso tumindhak ala utawa bechik

85.

Ing ngisor iki sing kalebu bebasan yaiku ....

a)

Mubra-mubru mblabur madu

b)

Mikul dhuwur mendhem njero

86.

Ing ngisor iki sing kalebu paribasan yaiku ....

a)

Ora ana kukus tanpa geni

b)

Lumpuh ngideri jagad

87.

Ing ngisor iki sing kalebu saloka yaiku ....

a)

Kodhok nguntal gajah

b)

Kenes ora ethes

88.

Tegese paribasan "nututi layangan pedhot" yaiku ....

a)

Nindhakake pakaryan kang angel oleh-olehane

b)

Nindhakake pakaryan kang gampang kelakone

89.

Unen-unen kang ngemu teges wantah diarani....

a)

saloka

b)

paribasan

90.

Tegese unen-unen "Yitna yuwana, lena kena" yaiku ....

a)

Sing ati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka

b)

Akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana

91.

Unen-unen sing lumrahe ana jejere yaiku ....

a)

Bebasan

b)

Saloka

92.

Tegese unen-unen "Lambe satumang kari samerang" yaiku ....

a)

dituturi bola-bali meksa ora digugu

b)

Sipate pemimpin bisa dadi

93.

Ing ngisor iki tuladhane paribasan yaiku ....

a)

Udan tangis

b)

Abang-abang lambe

94.

Njagakake endhoge si blorok. Unen-unen kasebut tegese ....

a)

wong kang penggaweane ngingu pitik

b)

Ngarep-arep barang sing durung mesthi

95.

Ungkapan ing ngisor iki kalebu jinise saloka yaiku ....

a)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

b)

Jamur tuwuh ing sela

96.

Unen - unen kang ajeg penganggone mawa teges entar,ngemu surasa pepindan ,kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Cangkriman

97.

Unen - unen kang ajeg penganggone lan duwene teges wantah ,kalebu....

a)

cangkriman

b)

bebasan

c)

saloka

d)

paribasan

98.

Unen -unen kang gumathok sing ngemu surasa pepindhan ,sing dipindhakake iku uwonge ,kalebu......

a)

cangkriman

b)

saloka

c)

paribasan

d)

bebasan

99.

Endhas gundhul dikepeti,tegese....

a)

wes enak isih ketambahan luwih enak

b)

Prekara sepele dadi gedhe

c)

wis lalinmarang asal usule

d)

nawakake ilmu supaya diangsu

100.

Pager mangan tanduran ,tegese....

a)

golek waktu sing apik,lagi tumindak

b)

prekara becikdadi bubrah merga dirusuhi

c)

tandang tanduke tansah ngati ngati

d)

dipercaya malah ngrusak

101.

Tulung menthung .tegese....

a)

katone nulung malah garai susah

b)

duwe masalah sing ora entek -entek

c)

wong sing loman banget ,nganti awake dewe kacingkrangan

d)

dipasrahi sing dadi kesenaengane

102.

kebo nusu gudel,tegese....

a)

wong lungo ,bali maneh menyang asale

b)

wong tuwo njaluk wuruk marang wong enom

c)

paseduluran kang ora bisa akur

d)

disenengi wong akeh

103.

Bathok bolu isi madu,tegese...

a)

golek waktu sing apik

b)

gelem kepenak ora gelem rekasane

c)

barang sing ora duwe aji babar pisan

d)

wong asor nanging sugih kapinteran

104.

Ancik ancik pucuking eri ,tegese....

a)

wong kang tansah sumelang ing kaluputane

b)

gelem kepenak ora gelem rekasane

c)

padu rebuten barang sepele

d)

duwe niyat ala oleh dalan

105.

Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku....

a)

Diwenehi ati ngrogoh rempelo

b)

Nututi layangan pedhot

c)

Pupur sawise benjut

d)

Kebo nusu gudel

106.

Sing kalebu unen-unen jinis bebasan yaiku....

a)

Bathok bolu isi madu

b)

Ula marani gepuk

c)

Kebo kabotan sungu

d)

Kebanjiran segara madu

107.

"Kaya asu karo kucing"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

108.

"Nglungguhi klasa gumelar"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

109.

"Kandang langit kemul mega"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

110.

"Gajah ngidak rapak"


Ukara ing dhuwur kalebu saloka.

a)

Bener

b)

Salah

111.

"Gagak nganggo lare merak"


Unen-unen ing dhuwur kalebu bebasan

a)

Bener

b)

Salah

112.

"Kakehan gludhug kurang udan"


Unen-unen ing dhuwur kalebu bebasan.

a)

Bener

b)

Salah

113.

"Mikul dhuwur mendhem jeru"


Unen-unen ing dhuwur kalebu saloka.

a)

Bener

b)

Salah

114.

(1) ancik-ancik pucuke eri

(2) arep nangkane emoh pulute

(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo

(4) iwak klebu ing wuwu


Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

115.

(1) ber budi bawa leksana

(2) tengu ngedu gajah

(3) mikil dhuwur mendhem jeru

(4) emprit abuntut bedhug


Unen-unen kang kalebu saloka yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (4)

d)

(2) lan (3)

116.

"Timun wungkuk jaga imbuh"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

117.

Becik ketitik, ala ketara

Unen-unen kasebut duweni teges yaiku . . . .

a)

Dituturi bola-bali meksa ora digugu

b)

Sembarang tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

c)

Bisa njunjung derajate wong tuwa

d)

Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek ngenteki

118.

Yitna yuwana, lena kena

Unen-unen kasebut kalebu jinise . . .

a)

Bebasan

b)

Paribasan

c)

Saloka

d)

Tembang dolanan

119.

Yitna yuwana, lena kena

Unen-unen kasebut duweni teges yaiku . . . .

a)

Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka

b)

Karepe ngirit, nanging malah entek akeh

c)

Kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane

d)

Nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa

120.

Unen-unen sing lumrahe ana jejere yaiku ....

a)

Bebasan

b)

Saloka

c)

Paribasan

d)

Pepindhan