wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Remidi bahasa Jawa 24-25

Total questions: 40

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Eksplorasi

2.

ing ngisor iki, kang termasuk struktur teks narasi yaiku ...

a)

Identifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Alur

d)

berita

3.

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.


Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

4.

Teks sing nggambarake objek,panggonan utawa kedadean nganti njlimet/rinci, nganti sing maca kaya nyawang utawa ngalami dewe objek sing digambarake panulis, kalebu teks ... .

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

persuasi

5.

Wacanen kanthi satiti!


Dina senin wingi Sofa dolanan layangan mbi Rudi lan Wawan. Cah telu iku dolanaan layangan ana ing ratan. Saking senenge dolanan, ujug-ujug ana mobil sing lewat banter. Bocah telu iku ameh ketabrak. Nanging sopir mobile untung wae iso mandekake mobile kanthi cepet. Sahingga cah telu iku ora ana sing ketabrak. Bocah telu iku langsung diseneni pak sopire. Dikandani nek dolanan layangan ora oleh nang ratan.


Sapa sing dolanan layangan nang ratan ?

a)

Sofa

b)

Wawan

c)

Rudi

d)

Sofa, Rudi lan Wawan

6.

Surya teka ing sekolah esuk banget, amarga wayahe piket kelas. Dheweke banjur mlebu kelas, njupuk sapu kanggo nyapu kelase. durung suwe olehe nyapu, kancane, sari, Dimas, lan Dina pada teka. saiki bareng-bareng padha ngresiki kelase.


Miturut jenise wacan ing ndhuwur kalebu teks...

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

persuasi

7.

Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

argumentasi

d)

eksposisi

8.

Endahe taman bisa dibeberake nganggo paragraf…

a)

dheskripsi

b)

persuwasi

c)

narasi

d)

eksposisi

9.

Lampu neyon madhangi. Tumpukan buku temata. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono. Lagi nulis. Sisih tengene ana laci. Piranti garisan, spidhol, lan liyane didodok kono. Ana tempelan jadwal pelajaran.

Paragraf iku nggambarake …………

a)

meja tamu

b)

meja guru

c)

meja kepala sekolah

d)

meja sinau

10.

Panganan khas daerah Gresik iku pudhak. rasane enak teksture empuk. Bungkuse wernane putih. Bien isie Wenae putih Saiki werna werna ana sing Abang kan ijo. Panganan Iki akeh di temui neng pasar pasar sak Gresik.


Wacan ing duwur termasuk...

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Eksposisi

d)

Persuasif

11.

Srengenge isih panas-panase, watara antara jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan ibune, mesti wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwen alasaan yen sore-sore angine wes ora pati banter maneh.

Saka wacan ing nduwur iku, paragane yaiku ... .

a)

Ibu lan bapak

b)

Bapak lan Rudi

c)

Rudi lan adhine

d)

Ibu lan Rudi

12.

Struktur teks deskripsi ana telu yaiku

a)

identifikasi, klasifikasi, lan deskripsi bagean

b)

identifikasi, asimilasi lan komunikasi

c)

identifikasi, struktur, lan narasi

d)

identifikasi, struktur bagean, lan narasi cerita

13.

Saka gambar ing nduwur iku yen digawe teks narasi yaiku ... .

a)

Dina Rebo iki aku lan kanca-kancaku arep janjian ing Perpustakaan Kota. Panggonane nyaman lan adem. Jam 8 esuk wes janjian ing ngarep latare perpustakaan. Ani, Dadang lan Faisal wis podho teka. Sinau kelompok bareng kanca-kanca pancen nyenengake.

b)

Perpustakaan iki panggonan sing nyaman gawe maca buku. Akeh koleksi buku lan gratis yen arep nyilih bukune.

c)

Ing sajroning perpustakaan iku akeh koleksi buku lan majalah. Pengunjung oleh nyilih paling akeh telung buku wae.

d)

Panggonan sing adem lan nyaman kuwi gawe maca buku yaiku perpustakaan. Tapi ing wayah pandemi saiki, kabeh panggonan umum kuwi isih ditutup karo pemerintah.

14.

Gambar ing nduwur iku yen digawe teks deskripsi yaiku ... .

a)

Bandara ing Surabaya jenenge bandara Juanda

b)

Bandara Juanda iku ana ing kutha Surabaya. Panggonan transit gawe penumpang montor muluk sing saka luar negeri utawa ing dalam negeri.

c)

Transit penumpang saka montor muluk iku ing jenenge bandara

d)

Yen arep numpak montor muluk iku panggone ing bandara. Ing Surabaya jenenge bandara Juanda

15.

Wong-wong mesti padha nonton. Najan wujude mung kertas, nanging dibutuhake nganti setaun lawase. Barang iki kadhang angkane dibunderi, kanggo nengeri kedadean utawa rencana sing bakal dilakoni. Wacan iku deskripsi ngenani ...

a)

Meteran

b)

Handphone

c)

Tanggalan

d)

Buku bahasa jawa

16.

Teks wacan kang ngandharake kedadeyan kanthi urut (kronologis), yaiku...

a)

dheskripsi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

persuasi

17.

Ciri-ciri teks narasi yaiku…, kajaba

a)

nggunakake pancaindera

b)

nyritakakae kedadean runtut miturut wektu

c)

wacan narasi kudu ono swasana lan alur crita

d)

wacan narasi kudu ono paraga, papan

18.

Kang sepisan kudu ditindakake kanggo nulis karangan dheskripsi yaiku...

a)

gawe salam pembuka

b)

wawancara marang sadhengah pawongan

c)

nemtokake tema

d)

gawe salam penutup

19.

Ciri-ciri teks deskripsi yaiku….

a)

nggatekake urutan wektu

b)

nggunakake pancadriya

c)

awujud kabar berita

d)

menehi informasi pengetahuan

20.

Perangan unsur sajrone pawarta yaiku...

a)

1W+5H

b)

6W+2H

c)

2W+6H

d)

5W+1H

21.

Pawarta yaiku...

a)

micara ana ing sangarepe wong akeh

b)

tetembungan memper syair kang endah

c)

informasi ngenehi sawijing prastawa kang dumadi

d)

tembang kang dilagokake nalika dolanan

22.

Pawarta kang diwartakake iku becike pawarta kang aktual. Aktual tegese...

a)

penting

b)

cekak aos

c)

isih anyar

d)

jangkep

23.

Pawarta lumantar medhia TV utawa radhio klebu jinise pawarta...

a)

opini

b)

fakta

c)

lisan

d)

tulis

24.

Unsur-unsur 5W+1H kuwi klebu unsur-unsur sing baku tumprap teks pawarta. Unsur kang ngemot papan kedadeyan ing sajroning pawarta iku diarani...

a)

what

b)

why

c)

where

d)

when

25.

Golek informasi saka wong kang diarani narasumber kanthi cara kagiyatan pitakon wangsulan, diarani...

a)

wawancara

b)

wartawan

c)

narasumber

d)

ariwati

26.

Ashedasar wektune, jenise wacan pawarta ana 3, kajaba...

a)

pawarta dadakan

b)

pawarta ndinan

c)

pawarta bulanan

d)

pawarta crita

27.

Manuk emprit menclok godhong tebu, dadi murid sing……

 Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing nduwur yaiku

a)

hormat wong tua

b)

seneng ngguyu

c)

sregep sinau

d)

guyup rukun

28.

Unsur pawarta kang ngrembug babagan apa sing dadi punjering pawarta utawa informasi sing arep diwartakake yaiku...

a)

sapa

b)

apa

c)

ana ngendi

d)

kepriye

29.

Cacahing wanda saben gatra

a)

guru wilangan

b)

guru lagu

c)

guru gatra

d)

guru wanda

30.

Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip

Guru lagu tembang ing ndhuwur yaiku

a)

u, i, a, i, a, p

b)

u, i, m, i, a, i

c)

u, i, a, i, a, i

d)

u, g, a, i, a, p

31.

Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip

Guru gatra tembung ing nduwur yaiku ana...

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

32.

Guyub rukun salh sawijine contoh tembung...

a)

saroja

b)

camboran

c)

entar

d)

paribasan

33.

Naga sari yaiku salah sawijine contoh tembung

a)

saroja

b)

entar

c)

paribasan

d)

camboran

34.

Wujud teks pawarta kang bisa dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta marang wong liya kasebut pawarta...

a)

cetak

b)

lisan

c)

elektronik

d)

crita

35.

Tibane swara ing pungkasaning gatra diarani...

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru lagu

d)

guru wanda

36.

Palaporan ngenani sakabehing kedadeyan kang lagi wae dumadi kang kapacak ing medhiya cetak utawa digiyarake lumantar medhiya elektronik diarani ....

a)

geguritan

b)

pawarta

c)

tembang

d)

lelagon

37.

Pawarta sing durung dingerteni bener/lupute kedadeyan sing sabenere diarani ....

a)

kabar manuk

b)

kabar keluwarga

c)

kabar bungah/susah

d)

kabar nagara

38.

Adhedhasar lingkungan geografis, jinise pawarta diperang ....

a)

politik, hukum, lan budaya

b)

cithak, lan elektronik

c)

lokal, regional, lan nasional

d)

ndinan, dadakan, lan crita

39.

Warta/kabar kang di terbitake kala kala yaiku ...

a)

Ariwarti

b)

Kalawarti

c)

Warta

40.

Pawarta saka kadadeyan langsung/nyata yaiku ....

a)

A. Opini

b)

B. Mitos

c)

C. Fakta

d)

D. Campuran