wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Carita Legenda

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Legendha Desa Nglimut ing Kabupaten Kendal

Kacarita, ing sisih lor saka Gunung Ungaran, ana salah sijine panggonan utawa tlatah kang gemah ripah loh jinawi. Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan karo tanggane. Uripe ayem, lan ngibadahe uga sregep oleh pangayomaning Gusti, panguripane ora kecingkrangan, cukup lair tumekaning batin. Kahanan kang kaya mengkene mesthi wae dadi kasenengan lan kemeren masarakat sakiwa tengene. Masarakat sakiwa tengene akeh sing pingin pindhah lan nguwasani tlatah kang subur makmur kuwi. Desa kang makmur kaya mangkene akeh wong kang melik lan kepengin nguwasani. Apa maneh kanggone wong kang sugih/konglomerat, sawise krungu kabar manawa ana desa kang gemah ripah loh jinawi iki banjur kepengin nguwasani.

Ora mung sudagar sugih nanging uga para brandhal, kecu, kepengin nguwasani tlatah iku. Kabeh padha kesengsem marang kabar anane papan kang lagi dadi kembang lambe iku. Sudagar sugih iku banjur teka ing papan iku kanthi ngajak anak buahe saperlu nguwasani tlatah kono. Nanging niat alane ora kaleksanan,amarga nalika dicedhaki papan panggonan kasebut mung awujud panggonan kang amba kebak suket ora kaya sing dicritakake wong akeh. Sudagar sugih mau isih durung percaya karo apa sing disawang, banjur utusan marang anak buahe kanggo nliti papan kang dikabarake gemah ripah loh jinawi iku. Sawise ngubengi lan nliti papan kasebut nganti kesel, nanging anak buahe sudagar sugih iku tetep ora nemoni apa sing dikarepake. Sing ana amung ara-ara amba kang kebak tanduran suket lan ri bebondhotan. Penggalihe sudagar sugih kuciwa banget amarga rumangsa diapusi, mula sudagar mau duka banget marang anak buahe. Ora let suwe sudagar mau kondur didherekake anak buahe. Liya dina ana rombongan brandhal, kecu kang kepenging nguwasani tlatah iku. Para brandhal, kecu ngamuk-ngamuk amarga papan kang dicritakake dening wong-wong sapinggiring desa kabeh ora ana kasunyatane. Anane mung lemah kosong kang amba lan kebak sesuketan.

Isih akeh maneh wong-wong sugih sing srakah padha nekani panggonan iku, kabeh ora nemokake apa-apa. Saben disawang saka kadohan katon gemah ripah loh jinawi, nanging sawise dicedhaki ilang utawa nglimuni/ngilang. Sing katon mung papan amba kang dithukuli suket. Wektu iku wong-wong ngarani papan mau nglimut kang tegese nylamur, ilang. Nganti saiki papan kasebut diarani Nglimut. Mapane ing Desa Gonoharjo, Kecamatan Limbangan, Kabupaten Kendal. Nglimut kawentar hawane adhem, seger, lan cocog kanggo panggonan wisata uga dadi arena perkemahan kang nyenengake ati, mligine kanggone para siswa lan para nom-noman.   

                                                            (Kapethik lan kabesut saka Crita Rakyat Jawa Tengah)

Apa tegese tembung gemah ripah loh jinawi?

a)

sugih

b)

subur

c)

adem

d)

atis

2.

Carita legendha iku salah siji jinis carita rakyat kang nyaritakake babagan apa?

a)

babagan lelembut

b)

babagan kapahlawanan

c)

babagan dumadine panggonan

d)

babagan kewan-kewan

3.

Kepriye caritane waktu iku bisa akeh sing ngerti Desa Nglimut?

a)

saka warta (kabar) ing sakiwa tengene masyarakat

b)

saka carita jaman biyen

c)

saka caritane wong tuwa

d)

saka wong njaba sing neka ing kana

4.

Apa wejangan (pesen moral) sing bisa dijupuk saka carita kasebut?

a)

aja seneng ngapusi marang liyan

b)

aja srakah/milik marang samubarang

c)

aja urip cecongkrahan ing masyarakat

d)

aja seneng pamer

5.

"Liya dina ana rombongan brandhal, kecu kang kepenging nguwasani tlatah iku". Ukara kasebut owahana nganggo basa krama alus!

a)

liyanipun dinten wonten rombongan brandhal, kecu kang kepenging nguwasani tlatah kasebut.

b)

sanese dina wonten rombongan brandhal, kecu kang kepenging nguwasani tlatah puniki

c)

sanesipun dinten wonten rombongan brandhal, kecu kang kepenging nguwasani tlatah punika

d)

Saliyanipun dinten wonten rombongan brandhal, kecu kang kepenging nguwasani tlatah punika

6.

Legendha Desa Nglimut ing Kabupaten Kendal

Kacarita, ing sisih lor saka Gunung Ungaran, ana salah sijine panggonan utawa tlatah kang gemah ripah loh jinawi. Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan karo tanggane. Uripe ayem, lan ngibadahe uga sregep oleh pangayomaning Gusti, panguripane ora kecingkrangan, cukup lair tumekaning batin. Kahanan kang kaya mengkene mesthi wae dadi kasenengan lan kemeren masarakat sakiwa tengene. Masarakat sakiwa tengene akeh sing pingin pindhah lan nguwasani tlatah kang subur makmur kuwi. Desa kang makmur kaya mangkene akeh wong kang melik lan kepengin nguwasani. Apa maneh kanggone wong kang sugih/konglomerat, sawise krungu kabar manawa ana desa kang gemah ripah loh jinawi iki banjur kepengin nguwasani.

Ora mung sudagar sugih nanging uga para brandhal, kecu, kepengin nguwasani tlatah iku. Kabeh padha kesengsem marang kabar anane papan kang lagi dadi kembang lambe iku. Sudagar sugih iku banjur teka ing papan iku kanthi ngajak anak buahe saperlu nguwasani tlatah kono. Nanging niat alane ora kaleksanan,amarga nalika dicedhaki papan panggonan kasebut mung awujud panggonan kang amba kebak suket ora kaya sing dicritakake wong akeh. Sudagar sugih mau isih durung percaya karo apa sing disawang, banjur utusan marang anak buahe kanggo nliti papan kang dikabarake gemah ripah loh jinawi iku. Sawise ngubengi lan nliti papan kasebut nganti kesel, nanging anak buahe sudagar sugih iku tetep ora nemoni apa sing dikarepake. Sing ana amung ara-ara amba kang kebak tanduran suket lan ri bebondhotan. Penggalihe sudagar sugih kuciwa banget amarga rumangsa diapusi, mula sudagar mau duka banget marang anak buahe. Ora let suwe sudagar mau kondur didherekake anak buahe. Liya dina ana rombongan brandhal, kecu kang kepenging nguwasani tlatah iku. Para brandhal, kecu ngamuk-ngamuk amarga papan kang dicritakake dening wong-wong sapinggiring desa kabeh ora ana kasunyatane. Anane mung lemah kosong kang amba lan kebak sesuketan.

Isih akeh maneh wong-wong sugih sing srakah padha nekani panggonan iku, kabeh ora nemokake apa-apa. Saben disawang saka kadohan katon gemah ripah loh jinawi, nanging sawise dicedhaki ilang utawa nglimuni/ngilang. Sing katon mung papan amba kang dithukuli suket. Wektu iku wong-wong ngarani papan mau nglimut kang tegese nylamur, ilang. Nganti saiki papan kasebut diarani Nglimut. Mapane ing Desa Gonoharjo, Kecamatan Limbangan, Kabupaten Kendal. Nglimut kawentar hawane adhem, seger, lan cocog kanggo panggonan wisata uga dadi arena perkemahan kang nyenengake ati, mligine kanggone para siswa lan para nom-noman.   

                                                            (Kapethik lan kabesut saka Crita Rakyat Jawa Tengah)

Kenapa Para brandhal kecu padha ngamuk-ngamuk?

a)

sebabe rumangsa diapusi

b)

sebabe kesel ora nemokake apa-apa

c)

sebabe papan kang dicritakake ora ana kasunyatane

d)

sebabe sing katon mung papan amba kang dithukuli suket

7.

Apa sebabe ora padha kasil nguwasani Desa Nglimut?

a)

Sebabe padha kapusan

b)

Sebabe padha kesasar ing alas

c)

Sebabe padha dhuweni niat ala

d)

Sebabe ora ketemu panggonane

8.

" Ing sisih lor saka Gunung Ungaran, ana salah sijine panggonan utawa tlatah kang gemah ripah loh jinawi. Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan karo tanggane". Tembung "cecongkrahan" duweni teges apa?

a)

dolan

b)

padudon

c)

lelungan

d)

omongan kasar

9.

Gagasan, ide, utawa pikiran utama kang dadi dhasare crita diarani ...

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

paraga

10.

Paraga utawa tokoh kang nduweni watak sae/becik/apikan diarani paraga ...

a)

Antagonis

b)

Protagonis

c)

Anonim

d)

Tritagonis