Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMEDIAL BAHASA JAWA KELAS XII

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.
Ing ngisor iki kang ora kalebu panganggone basa ngoko lugu, yaiku . . . .
a)
marang wong sing sadrajad
b)
marang wong sing wis kulina
c)
marang wong sing luwih enom
d)
marang wong sing luwih tuwa
e)
marang wong sing saumuran
2.
Basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung karma inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa . . . .
a)
ngoko lugu
b)
ngoko alus
c)
krama lugu
d)
krama madya
e)
krama alus
3.
Ing ngisor iki kang ora kalebu panganggone basa ngoko alus, yaiku . . . .
a)
wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur
b)
sedulur enom marang sedulur tuwa
c)
anak marang bapak lan ibune
d)
ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan (amarga wis kulina)
e)
marang wong sing drajade luwih dhuwur
4.
Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa krama lugu yaiku.....
a)
Kowe dikongkon mangan saiki
b)
Panjenengan diaturi dhahar saiki
c)
Sampeyan dipunkengken nedha sapunika
d)
Panjenengan dipunaturi dhahar sapunika
e)
Sampeyan dipunaturi dhahar sapunika
5.
Kowe ketemu Bu Zaki ing apotek Sakinah lagi tuku obat. Kepriye pitakonmu sing bener marang Bu Zaki?
a)
“Badhe tindak pundi, Bu?”
b)
“Mundhut obat kagem sinten, Bu?”
c)
“Tumbas obat ta, Bu?”
d)
“Sugeng enjing Bu, badhe tumbas napa dhateng mriki?”
e)
“Njanur gunung Bu, tindak dhateng mriki”.
6.
Ibu kesah menyang Bandung wingi sore. Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi ragam basa krama lugu kang bener yaiku...
a)
Ibu lunga menyang Bandung wingi sore.
b)
Ibu tindak dhateng Bandung kalawingi sonten.
c)
Ibu kesah dhateng Bandung kalawingi sonten.
d)
Ibu tindak menyang Bandung wingi sore.
e)
Ibu lunga dhateng Bandung kalawingi sonten.
7.
…. Pak Guru materi kanggo ulangan semester nganti bab telu. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku…
a)
sanjange
b)
kandhane
c)
dhawuhe
d)
omonge
e)
jarena
8.
Ukara sing salah panganggone unggah-ungguh basane yaiku…
a)
Pakdhe sampun tindak dhateng Surabaya.
b)
Kula badhe wangsul rumiyin.
c)
Kula badhe siram rumiyin.
d)
Eyang putri sampun dangu sarenipun.
e)
Mas Adi wingi tindak Kediri karo Mbak Devi.
9.
. . . punapa kersa dhahar ulam?
a)
Ndika
b)
Sampeyan
c)
Panjenengan
d)
Kowe
e)
Kula
10.
Cerkak ing dhuwur nggunakake pamawase pangripta . . . .
a)
wong kalima
b)
wong kapisan
c)
wong kapapat
d)
wong kapindho
e)
wong katelu
11.
Cerkak ing dhuwur nggunakake alur . . . .
a)
maju
b)
mundur
c)
campuran
d)
flashback
e)
sorot balik
12.
Panganggit cerkak ing dhuwur yaiku . . . .
a)
Winarno
b)
Pak Selan
c)
Sudarmi
d)
Sri Astutik
e)
Kolipah
13.
Titikane crita cekak kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba . . . .
a)
migunakake basa gancaran
b)
isine bab lelakon utawa kedadeyan ing masyarakat
c)
ana paraga utama lan paraga panyengkuyung
d)
isine ora ngandhut pitutur, piweling, pasemon, lan liya-liyane
e)
isine ngandhut pitutur, piweling, pasemon, lan liya-liyane
14.
Babagan sing kudu digatekake kanggo maca crita cekak kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba . . . .
a)
ekspresi
b)
artikulasi
c)
volume swara
d)
intonasi
e)
busana
15.
Kalungguhane pengarang ing sajroning crita diarani . . . .
a)
pamawas
b)
tema
c)
latar
d)
alur
e)
paraga
16.
Crita cekak kalebu jinise karya sastra . . . .
a)
puisi
b)
gancaran
c)
tembang
d)
kidung
e)
suluk
17.
Crita sing ringkes, lucu, narik kawigaten, nyenengake nanging uga nduweni maksud, uga sindiran diarani . . . .
a)
cerkak
b)
saribasa
c)
drama
d)
banyolan
e)
anekdot
18.
Perangan kang nuduhake wiwitane paragrap kang tujuwane menehi gambaran isi teks diarani . . . .
a)
abstraksi
b)
orientasi
c)
krisis
d)
reaksi
e)
koda
19.
Perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepiye prastawa kasebut dumadi, biasane kanthi pengenalan paraga, wayah lan panggonan yaiku....
a)
abstraksi
b)
orientasi
c)
krisis
d)
reaksi
e)
koda
20.
Perangan kang nuduhake perkara kang diadhepi dening paraga nganti klimaks sajrone teks anekdot diarani.....
a)
abstraksi
b)
orientasi
c)
krisis
d)
reaksi
e)
koda
21.
Perangan kang nuduhake carane paraga ngrampungake perkara kang diadhepi sajrone teks anekdot diarani.....
a)
abstraksi
b)
orientasi
c)
krisis
d)
reaksi
e)
koda
22.
Ing ngisor iki sing ora kalebu ciri-cirine anekdot, yaiku . . . .
a)
Ana gegayutane karo kedadeyan sabendina
b)
Nggunakake tembung panggandheng
c)
Ora ngamot pesen moral
d)
Ana unsur lucu
e)
Ngamot sindiran
23.
Urut-urutane struktur teks ing teks anekdote sing bener, yaiku . . . .
a)
Orientasi-abstraksi-krisis-reaksi-koda
b)
Abstraksi-orientasi-reaksi-krisis-koda
c)
Abstraksi-orientasi-krisis-reaksi-koda
d)
Krisis-abstraksi-orientasi-reaksi-koda
e)
Orientasi-reaksi-krisis-abstraksi-koda
24.
Sing kalebu perangan orientasi saka teks anekdot ing dhuwur, yaiku . . . .
a)
Tertib lalu lintas kudu ditegakake
b)
Pengendara ditilang
c)
Motore pengendara kudu ditinggal
d)
Polisi ngadhakake operasi lalu lintas
e)
Polisi ngetokake surat tilang
25.
Sing kalebu reaksi saka teks anekdot ing dhuwur, yaiku . . . .
a)
Tertib lalu lintas kudu ditegakake
b)
Polisi ngadhakake operasi lalu lintas
c)
Pengendara ditilang
d)
Motore pengendara kudu ditinggal
e)
Polisi ngetokake surat tilang