wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Using - 6

Total questions: 40

Worksheet time: 1hrs 28mins

Name
Class
Date
1.

Minggata sira teka kampung iki, makene sing gawe ruwed!

Kalimah dhuwur kelebu kalimah:

a)

kalimah seron

b)

kalimah takon

c)

kalimah perintah

d)

kalimah njaluk sepura

2.

Kanca-kanca kabeh sepurane hang gedhe ya, isun muleh sulung polae arep sambang adon ring rumah sakit.

Kalimah dhuwur kelebu kalimah ….

a)

Kalimah pamit

b)

Kalimah njaluk sepura

c)

Kalimat perintah

d)

Kalimat warah

3.

Kang kegolong ucap baku ring ngisor iki ….

a)

Gandrung ambi Banyuwangi kaya dene wolak walike picis kenthing.

b)

Embok kula ajros kadhung ngingali jaranan.

c)

Masyarakat Aliyan nganakaken upacara adat Kebo-Keboan kanggo nulak balak.

d)

Kesenian Angklong carok salah sijine kesenian kang kesohor ring Banyuwangi.

4.

Nalika magih urip nong desa iyane muput ngubengi kampung ngerih-ngerih atine tanggane supaya welas lan nguweni sak bungkus sega kanggo ngganjel wetenge, kerana iyane urip sing duwe rupa, saikine serta teka ngumbara iyane dadi uwong, naming kecaruk nyang tangga-tanggane hang tahu weweh sega bungkus larene mbanyu wungkul, solah lan tingkahe malah anggak lali nyang asale.

Paribasan hang tepak kanggo ucap lali nyang asale yaiku ….

a)

Kaya bojog keneng tulup

b)

kaya kacang ninggal kulite

c)

Kaya gabah diinteri

d)

kaya banyu nong godhong tales

5.

Minak Jingga tetep ngotot  nagih janji, iyane ngongkon patihe ngeteraken surat nyang Majapahit, taping Ratu Kencana Wungu tetep wangkot sing gelem dilamar. Minak Jingga muntab atine lan kepingin mbales pokal gawene Kencana Wungu kelawan gawe ruwed ring keraton Majapahit.

Kosok walike ucap ngotot nong kalimah dhuwur yaiku ….

a)

.    wangkot                               

b)

  nerima

c)

mbales budi                           

d)

gawe ruwed.

6.

Karang emas iku digawe teka sabrang dikenceti, diereb, diiris, aju digoreng lan (gula).

Ucap (gula) benere ....

a)

galani  

b)

digulani  

c)

digula

d)

gulali

7.

Nong jero Sanggar Tarine Mbok Sri akeh gong hang (gantung) sak werane tembok.

Ucap (gantung) benere ….

a)

gantungan

b)

gemantung   

c)

gegantungan

d)

gegantung.

8.

Akeh para nom-noman hang ngeleboni sayembara, naming mong siji hang sagah ngadhepi Kebo Marcuet yaiku lare nom gantheng dedege janjang lan gagah perkasa kang aran Jaka Umbaran, anake Minak Subroto ambi Siti Sundari kang asale teka Grati Pasuruan.

Kosok balike ucap sagah nong kalimah dhuwur ….

a)

sanggup                                

b)

wani

c)

  kepelayon                             

d)

mungkir

9.

1. Nalika rijig-rijig latar Agung ditulungi Rahmat.

2. Rijig-rijig latar iku Agung ditulungi Rahmat.

3. Ayo, saiki nong lapangan.

4. Soren bengi Ida ring pasar.

 

Kalimah dhuwur kang kelebu kalimah epektip ….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

10.

Banyuwangi duwe adat penganten dhewek. Adat iku tinggalane mbah buyut bengen kang diuri – uri sampek saiki. Adat penganten Banyuwangi iku bedho ambi adat – adat penganten teka dhaerah liya. Pengantene Wong Using iku biyasahe paese mung sepisan, yaiku nalika arep surup bain. Tata rias penganten wadon lan penganten lanang ana adate kang wis waton.

Mula arane adat kudu dilakoni sak benere. Kadhung sing dilakoni, ana bain balak hang nggarai susahe rakyat utawa masyarakat Banyuwangi.


Wekase wong tuwek, kadung adat sing dilakoni, ana bain balak hang nggarai susahe rakyat Banyuwangi.

Maknane kalimah wekas ring ndhuwur yaiku …

a)

Adat iku sing perlu dilakoni

b)

Adat iku tinggalno bain

c)

Adat iku kudu dilakoni

d)

Adat iku sing penting

11.

Pak guru, kesuk isun sing mlebu sekolah, ono dulur ewuh.

Kalimah ring dhuwur kadung dibasakaken dadine …

a)

Pak guru, mbenjing kula sing mlebu sekolah, ana dulur ewuh.

b)

Pak guru, kesuk kula mboten mlebu sekolah, ana dulur ewuh.

c)

Pak guru, mbenjing kula mboten mlebet sekolah, enten derek nggadah damel.

d)

Pak guru, mbenjing kula mboten mlebet sekolah, ana dulur ewuh.

12.

Kang guru

Ilmu ndika kang kula tiru

Teng wewarahan kula milu

Mula ndika kang kula gugu

Isine geguritan ndhuwur yaiku …

a)

Guru, ilmune perlu ditiru, wewarahane sing dipilu lan digugu

b)

Guru, ilmune perlu ditiru, wewarahane dipilu lan sing digugu.

c)

Guru, ilmune sing perlu ditiru, wewarahane dipilu lan digugu.

d)

Guru, ilmune perlu ditiru, wewarahane dipilu lan digugu.

13.

Ring pacakane gandrung, hang dienggo nutupi weteng sampek sikil arane …

a)

Sembong

b)

Tapih

c)

Oto

d)

Pendhing

14.

Kadung durung gadug semayane sing bakal mandheg. Akhire dilakoni mlaku kedongsang – dongsang, kelaran – laran, ulan – ulanan gadung Sembulung.

Sakwise maca kalimah ring ndhuwur, nurut tanggapan rika yaiku …

a)

Tekad gede dadi upaya nggayuh kekarepan.

b)

Tekad cilik gampang tugel kekarepane.

c)

Tekad cilik sing nduwene karep.

d)

Tekad gede sing dadi upaya nggayuh kekarepan.

15.

Atika : “Mbok Iyah, ayo ndelengbarong sai !”

Jumaiyah : “Emong.”

Atika :”Apuwo mbok ?”

Jumaiyah : “Wadon – wadong kari dhemen ndeleng barong sai, rika iku.”

Rohaenah : “Ya wis aja dipaksa.”

Ring wacan gesah ndhuwur hang sing dhemen ndeleng barong sai yaiku …

a)

Atika

b)

Jumaiyah

c)

Rohaenah

d)

Atika lan Rohenah

16.

Amenah nggundha latar mergane picise hang ilang wis ketemu.

Nggundha latar artine …

a)

Girang

b)

Seneng

c)

Seneb

d)

Ayem

17.

Arane Dartik. Larene pawakan sangsangan, kelambi lan pacaan paran bain hang dienggo nggarai larene tambah ayu lan enak disawang.

Paribasan “Pawakan sangsangan” artine …

a)

Wis dadi kebiasaan ring sak bendinane.

b)

Wong wadon paling ayu sak kancaan.

c)

Kadung nganggo – nganggo pantesan.

d)

Lakune sing leren – leren nemu susah

18.

Wong urip iku butuh nyandhang lan mangan. Dung diawasi oleh wong golek sandhang lan pangan, sing ngerti laku. Ana hang ngalor, ana hang ngidul, ana hang ngulon uga ana hang ngetan. Uripe wong munyer anggone golek sandhang lan pangan.


Uripe wong ring wacan ndhuwur paribasane yaiku …

a)

Lakune kedongsang – dongsang

b)

Mlakune muter – muter

c)

Kaya kethek keneng tulup

d)

Kaya gabah diinteri

19.

Salah sijine rangkaian Banyuwangi Festival ring ulan Maret 2018 yaiku Festival Buah Banyuwangi. Acara iki dianakaken mulai tanggal 18 – 24 Maret 2018 ring Kecamaan Songgon, Banyuwangi. Maneka warna woh – wohan hang dadi andalane Banyuwangi dicepakaken kanggo ngeramekaken acara iki, kaya : duren, manggis, buah naga, gedang, duku, langsat, rambutan, lan alpukat.

Acara iki pancen rame temenan, akeh wong teko kutha liya teka nyang Banyuwangi sak perlu nekani Festival buah iki. Salah sijine buah hang digoleti wong yaiku duren. Maceme duren seru akehe disiapaken kanggo acara iki.

Festival Buah Banyuwangi iki pancen rame temenan.

Ucap rame walikane yaiku …

a)

Riuh

b)

Ruwet

c)

Sepi

d)

Repot

20.

Upacara dina senin gilirane Pak Polisi hang dadi Pembina upacara, kelas 6 ulih tugas wawancara nang Pak Polisi.

Dhaftarehang kudu dicawisaken yaiku …

a)

Arane nara sumber, alamat kantor, lawase megawe, susah senenge dadi polisi.

b)

Arane nara sumber, alamat umah, anake pira, hang wadon megawe paran

c)

Arane nara sumber, lulusan paran, alamat kantor.

d)

Arane nara sumber, alamat, aran rabine, arane anake.

21.

Rasane sega hang diedang nganggo kukusan lebih enak., paran maning nganggo rencek bongkok, rasane segane tambah punel.

Kukusan gunane kanggo …

a)

Napung sega

b)

Ngaru sega

c)

Mucusi beras

d)

Namperi beras

22.

Assalamu’alaikum, Wr. Wb.

Kakak – kakak Pembina kang kula hormati, manga kita sareng – sareng ngucapaken puji syukur teng Gusti Kang Maha Kuwaos, keranten ngantos dinten niki kita saged kempal teng Balai Desa niki keranten kahanan sehat wal afiat.

Adik – adik anggota pramuka peserta Banyuwangi Educatin Jambore hang Luar biasa, Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi wis ngupayaken anane acara iki makene adik – adik bisa dadi wong hang kreatif lan bisa mbangun Banyuwangi dadi lebih apik maning. Mila ayo, nyuksesaken acara Banyuwangi Jambore Educaion tahun iki.

Cukup semanten mugi saget manfaat.


Kalimah penutupe pidhato ndhuwur yaiku …

a)

Assalamu’alaikum, Wr. Wb.

b)

Ngajak adik – adik pramuka

c)

Ngajak Kakak – kakak Pemnina

d)

Cukup semanten mugi saget manfaat

23.

Saiki ana gumuk kang lemahe didhudhuki, sing trima nganggo pacul taping wis nganggo traktor. Lemahe diunjali nganggo prahoto – prahoto proyek. Gumuk iku dijugeri sampek rata ambi sawah. Kadhung wis gedigu riwayate gumuk wis mari. Sing ana tandurane, sing ana sawangan hang endah. Sing keneng nggo ngelencer kaya ring Gumuk Bayu.


Dung rika ndeleng kahanan gedigu, miturut rika …

a)

Karepe hang duwe gumuk wis, arep dienggo paran.

b)

Kudu bisa njaga lestarine gumuk hang ana ring Banyuwangi.

c)

Kadung wis entek, gawe gumuk maning.

d)

Kita njaga tanduran hang ana ring gumuk.

24.

Dina Kamis, tanggal 15 Maret 2018, Banyuwangi keterak belabur. Kedadean iki dialami ambi Kampung Sekowidi. Belabur dibarengi beletok ngelep umah – umahe wong – wong ring Kampung iki. Miturut kabar, belabur iki asale teka kali – kali hang ana ring dhaerah kulon, mergane dhaerah kulon pas udan deres, dadi banyu kali padha munggah. Akibate para warga Kampung Sekowidi padha (……). Untunge kedadean iki sing ana korban menungsa.

Cukupe kalimah hang kosong ring ndhuwur yaiku …

a)

Menyang

b)

Minggat

c)

Ngungsi

d)

Minggir

25.

Acaketah, kadhung para warga sing mbuwang dheket nang kali, banjir gedi sing kira kelaksan.


Kalimah rng ndhuwur kelebu kalimah …

a)

Kritik

b)

Saran

c)

Ajakan

d)

Anjuran

26.

Salah sijine isine ponjen yaiku gedang sak lirang.

Maknane gedang sak lirang yaiku …

a)

Aja sampek morat – marit.

b)

Nguwoh sepisan, laki rabi cukup sepisan.

c)

Laki rabi sing usah awing – awangen.

d)

Nyukupi kebutuhan pawon.

27.

Kadung wis mari ujian lare – lare lega atine, paran maning kadung nerima rapot lan rapote apik. Wik .. ! atine seneng. Lare – lare hang bijine apik seneng polahe ulih hadiah teka apak lane make. Siti rangking siji. Panjaluke nyang wong tuwekekudu dituruti. Kadung sing dituruti Siti sing gelem sinau nang semester ngarep.


Nurut kahanan ndhuwur, wateke Siti yaiku …

a)

Karepe dewek

b)

Pinter

c)

Awehan

d)

Mentalaan

28.

Roziq saben dina mlaku sekolah isuk, sing tau kasep. Roziq larene sopan saben dina arep mlaku sekolah utawa mlaku kegiatan eskul, nyang wong tuweke sing katik lali pamit.


Kalimah pamite Roziq nyang wong tuweke yaiku …

a)

Mak, kula pamit, mboten kasep sekolah.

b)

Mak, kula pamit mlampah kegiatan eskul wonten sekolahan.

c)

Mak, adik sakniki arep mlampah sekolah.

d)

Mak, Roziq sampun mlebet sekolah mboten kasep

29.

Lare – lare cilik iku sakat mau mageh (wadan). Abete sing keneng dikeneng dimenengaken.

Ucap wadan sak benere yaiku …

a)

Madani

b)

Diwadani

c)

Wadan – wadanan

d)

Ngewadani

30.

Anak hang mung siji sijine sing ana mulih. Mbok Apiyah mbelung nangka, ngadep ngarepe lawang.

Wangsalan mbelung nangka artine …

a)

Lali

b)

Susah

c)

Katon – katonen

d)

Ayem

31.

Kalimah hang tepak nganggo partikel yara yaiku …

a)

Bapak rika yara hang klambi abang mau ?

b)

Emak rika yara wis mlaku nang pasar ?

c)

Yara gedigu dadi murid, hang pateng sinau.

d)

rika melakua sulung yara, kang !

32.

Ring Lapangan Kertosari acara iki dianakaken.

2. Ana Perkemahan Banyuwangi Education Jambore Tahun 2018.

3. Pesertane Pramuka Penggalang sak Kwarcab Banyuwangi.

4. Acara iki dianakaken Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi ambi Kwartir Cabang Banyuwangi.


Susunan hang urut kalimah ndhuwur yaiku …

a)

1-2-4-3

b)

1-3-2-4

c)

2-3-4-1

d)

2-4-3-1

33.

“NGINDARI BANJIR, OJO MBUWANG SAMPAH SEMBARANGAN !”

Kalimah poster ring ndhuwur sifate yaiku …

a)

Informasi

b)

Ajakan

c)

Iklan

d)

Larangan

34.

Dawane lakon

Kakang uriip kudu diipat – ipat

Manis nang lambe tibane mesakat

Damar kambang mula cilik urube

Damar sewu kemeredep sak dalan dalan.


Amanate guritan ring ndhuwur yaiku …

a)

Urip manis hang mesakat

b)

Dmar murub sak majase bain

c)

Urip iku sak majase bain

d)

Damar urip kemeredep

35.

Jenange diwadhahi kemarang

Sandhingane kopi kuluban gedhang

Kawah ijen panggonane welirang

Endah ngedani kadung disawang


Isine basanan ring ndhuwur yaiku …

a)

Kawah Ijen panggonane welirang lan endah.

b)

Kawah Ijen panggonane welirang.

c)

Kawah Ijen endah teka kadohan.

d)

Kawah Ijen akeh kemarange.

36.

Penganggone gandrung iki arane...

a)

omprog

b)

ilat-ilat

c)

kelat bahu

d)

pending

37.

Mbok Rodiah ngetap rambute anake nganggo garu.

Ucap garu macane …

a)

Garu

b)

Gyaru

c)

Garau

d)

Gyarau

38.

Ring ngisor iki kuliner Banyuwangi kang biasane dienggo acara selametan yaiku ...

a)

Jangan Kesrut

b)

Pecel pitik

c)

sego tempong

d)

sego pecel

39.

Kalimah takonan kang jawabane, "Kang olah sumping emak" yaiku ...

a)

Paran kang riko olah?

b)

Apuwo emak olah sumping?

c)

Sapa kang olah sumping?

d)

Kelendi carane gawe sumping?

40.

Mbok Hartini ngelawang banyu, saben dina kang diarepi mong rujak kecut.

Ngelawang banyu artine...

a)

ngidam

b)

ayem

c)

kuwatir

d)

susah