wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan PAS Ganjil B.Jawa

Total questions: 60

Worksheet time: 2hrs 4mins

Name
Class
Date
1.

Teks profil tokoh uga diarani teks biografi, teks kasebut kelebu teks....

a)

Narasi

b)

Persuasi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

2.

Sing diarani tokoh idhola yaiku ......

a)

Tokoh sing kepingin disenengi wong

b)

Tokoh sing durung tau dikenal wong

c)

Sawijine tokoh sing paling digetingi

d)

Sawijine tokoh sing paling digandrung

3.

Teks sing nggambarake tokoh lan prastawa apa wae sing tau dialami dening tokoh kasebut diarani teks....

a)

Cerita rakyat

b)

Cerita cekak

c)

Pewayangan

d)

Profil tokoh

4.

Saben-saben wong mesthi nduweni tokoh sing paling digandrungi, ing ngisor iki ciri-cirine wong sing nyenengi (ngidholakake) sawijine tokoh, kejaba .......

a)

Tata carane tumidak, patrap, solah, serta apa wae tansah ditiru

b)

Ing saben-saben kalodhangan tansah dicritakak marang wong liya

c)

Saben dina mesthi ketemu lan rembugan ing sadhengah panggonan

d)

Tokoh mau kaya-kaya dadi panutan, lan rumangsa duwe rasa tresna

5.

Bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan keluwargane, diarani....

a)

Penutup

b)

Prastawa

c)

Orientasi

d)

Reorientasi

6.

Apa bedane orientasi lan reorientasi kang ana ing strukture teks profil tokoh ?

a)

Orientasi ngandharake bagean umum, reorientasi ngandharake bagean penutup

b)

Orientasi ngandharake ngandharake bagean penutup, reorientasi ngandharake bagean umum

c)

Orientasi ngandharake kahanan, reorientasi ngandharake peristiwa utawa masalah sing pernah dialami tokoh

d)

Orientasi ngandharake pandangan lan pemawase penulis marang sing diceritakake, reorientasi ngandharake jenengm papan lairan, lan keluwargane tokoh sing diceritakake

7.

Jroning teks profil tokoh ana rong macem tembung, salah sijine tembung sing isih asli lan durung owah saka asale diarani tembung......

a)

Garba

b)

Lingga

c)

Andhahan

d)

Camboran

8.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

Mbak Eni nyapu latar kanthi resik”


Tembung linggane tembung ing dicap kandel yaiku......

a)

Sapu

b)

Nyapu

c)

Kasapu

d)

Disapu

9.

Gatekake ukara-ukara ing ngisor iki!

1. Nak Hari sakniki kagungan putra pira ?

2. Lo, nak Rini olehe rawuh kapan ?

3. Aku nginiki wis rumangsa bungah wis diparingi kalonggaran wektu


Tekan ukara-ukara ing dhuwur ana tembung-tembung kang gawe ngoko alus, yaiku....

a)

Sakniki, Putra, Rawuh

b)

Sakniki, rawuh, diparingi

c)

Kagungan, rawuh, bungah

d)

Kagungan, rawuh, diparingi

10.

Gatekake ukara ngoko alus ing ngisor iki!

esuk – Pak Camat – apa – ditimbali – mau – arep – ? – ya – diutus – Aku


Yen digawe ukara dadi....

a)

Pak Camat ditimbali aku mau arep diutus ana apa ya?

b)

Aku esuk mau ditimbali Pak Camat arep diutus apa ya?

c)

Aku esuk mau diutus Pak Camat arep ditimbali apa ya?

d)

Esuk Pak Camat apa ditimbali mau aku arep diutus ya?

11.

Pak Usman ...... nalika prastawa “perobekan” gendera Landa abang putih biru engga kari abang putih ing Hotel Oranye Surabaya. Tembung sing cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg ing nduwur yaiku....

a)

Ndelok

b)

Mirsani

c)

Nyawang

d)

Nyekseni

12.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.


Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku....

a)

Rafida pinter lan genius

b)

Ing SD melbu kelas akselerasi

c)

Prestasine Rafida ngetutake mbakyune

d)

Umur 14 taun dadi mahasiswi kedokteran

13.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.


Tindak-tanduk sing pantes dituladha saka tokoh ing teks kasebut yaiku......

a)

Kesadharan sinau dhewe

b)

Mlebu kelas akselerasi

c)

Isih enom dadi dokter

d)

Prestasine

14.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.


“Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe”

Ukara ing ndhuwur kelebu bagean teks....

a)

Masalah

b)

Orientasi

c)

Prastawa

d)

Reorientasi

15.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamerintah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional.


Tembung lelabuhan tegese.....

a)

Jasa

b)

Modal

c)

Andhil

d)

Cita-cita

16.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamerintah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani nganthi saiki dadi lambange Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.


Tut Wuri Handayani, sesanti Ki Hajar Dewantara sing pantes dienggo nganti saiki, tegese yaiku.....

a)

Saka mburi tansah nyengkuyung

b)

Ing mburi tansah menehi tuladha

c)

Saka mburi tansah paring tetulung

d)

Ing mburi tansah mnehi pamrayoga

17.

Tuladha ing ngisor iki sing nganggo basa ngoko alus yaiku.....

a)

Mas Nardi sampun rawuh saking Surabaya

b)

Kula diutus tumbas camilan dhateng warung

c)

Sinten ingkang Sampiyan percados dados ketua kelas?

d)

Panjenengan sesuk apa sida tindak menyang Lamongan

18.

“ Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889. Kagungan asma asli RM Suwardi Suryaningrat”. Ukara kasebut migunakake basa....

a)

Krama lugu

b)

Ngoko lugu

c)

Krama alus

d)

Ngoko alus

19.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

“ Paman lagi lunga menyang Solo”.


Yen digawe basa krama alus, ukara ing ndhuwur dadi.....

a)

Paman lagi lunga tekan Solo

b)

Paman lagi tindak dugi Solo

c)

Paman tindak menyang Solo

d)

Paman lunga ana ing Solo

20.

Gatekake ukara ngoko alus ing ngisor iki!

esuk – Pak Camat – apa – ditimbali – mau – arep – ? – ya – diutus – Aku


Yen digawe ukara dadi....

a)

Pak Camat ditimbali aku mau arep diutus ana apa ya?

b)

Aku esuk mau ditimbali Pak Camat arep diutus apa ya?

c)

Aku esuk mau diutus Pak Camat arep ditimbali apa ya?

d)

Esuk Pak Camat apa ditimbali mau aku arep diutus ya?

21.

Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamarentah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara. Lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani nganti saiki dadi lambange Kementriean Pendidikan dan Kebudayaan.


tembung lelabuhan tegese ...

a)

cita-cita

b)

jasa

c)

andhil

d)

modal

22.
Tut Wuri handayani, sesanti saka Ki Hajar Dewantara sing pantes dienggo nganti saiki, tegeyaiku ...
a)
ing mburi tansah menehi tuladha
b)
Saka mburi tansahparing tetulung
c)
ing mburi tansah menehi pamrayoga
d)
Saka mburi tansah nyengkuyunh
23.

Pak Isman ..... Nalika prastawa "perobekan" gendera landa Merah Putih Biru engga kari Merah Putih ing hotel Oranye Surabaya.


Tembung sing cocog kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ...

a)

ndelok

b)

nyawang

c)

nyekseni

d)

mrikseni

24.

Susi Susanti wis (bali) nyumbang medhali marang bangsa lan negara.


Panhapuke tembung jeron kurung yaiku ...

a)

mbaleni

b)

bola-bali

c)

bali-bali

d)

dibaleni

25.
Tuladha ukara sing nganggo basa ngokok alus yaiku ...
a)
Mas Nardi sampun rawuh saking Surabaya
b)
Sinten ingkang sampeyan percados dados ketua kelas?
c)
kula diutus tumbas camilan dhateng warung
d)
Panjenengan sesuk apa sida tindak lamongan?
26.

"Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1898. Kagungan asma aslin RM Suwardi Suryaningrat".


Ukara kasebut mogunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

27.
perangan utawa bagian sing nerangake titikan (ciri) barang, tanda lan sak penunggale diarani ...
a)
identitas
b)
klasifikasi/dhefinisi
c)
dheskripsi
d)
irah-irahan
28.
perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci diarani ...
a)
identifikasi
b)
klasifikasi
c)
dheskripsi
d)
irah-irahan
29.
tembung sing dadi sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang diarani ...
a)
tembung sesulih
b)
tembung penggandheng
c)
tembung penyilah
d)
tembung panguwuh
30.

" Gunung Bromo Misuwur ing saindenging donya"


ukara kui yaiku ...

a)

Tembung aran

b)

tembung kahanan

c)

tembung ancer-anceran

d)

tembung wilangan

31.
ukara ing dhuwur yaiku tembung "misuwur" klebu jenise tembung ...
a)
tembung aran
b)
tembung kriya
c)
tembung kahanan
d)
tembung katrangan
32.
Tembung sing merengake sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang diarani tembung ...
a)
tembung aran
b)
tembung kriya
c)
tembung kahanan
d)
tembung katrangan
33.
Tembung sing nerangake pegawean diarani tembung ...
a)
tembung arah
b)
tembung kriya
c)
tembung kahanan
d)
tembung wilangan
34.

Ibu budhal menyang pasar lewar Kebomas.


"Budhal" menurut jenise tembung ...

a)

tembung kriya

b)

tembung aran

c)

tembung kahanan

d)

tembung wilangan

35.
Ing ngisor iku tuladha saka jenise tembung aran ...
a)
Gunung, jarang, jeep, omah, dalan
b)
Lunga, dolan, tuku, nulis
c)
adah, cedak, ayu, panas
d)
saiki, sesuk, awan, bengi
36.
Ing ngisor iku tuladha saka jenise tembung wilangan ...
a)
Aku, kowe, dheweke
b)
siji, loro, telu, sepuluh
c)
Nalika, karo, banjar
d)
Ah, aduh, oh, hore
37.
panulisane tembung ing ukara ngisor iki bener, kajaba ...
a)
adhiku duwe pitik kate cacah limo
b)
wayah sore akeh kalong mabur golek pangan
c)
ajining dhiri dimunung ana ing lathi
d)
para kadang tani sengkud tandang gawe ing sawah
38.
panganggonane basa ngoko alus sing bener, yaiku ...
a)
Bapak gadhah sawah pirang-pirang hektar
b)
Pak Marto ora weruh yen ana tamu
c)
Siti tumbas sekul tigang bungkus
d)
Bu Prapti dhek wingi mundhut beras limang kilo
39.
Tuladha tembung sing nganggo swara [I] miring yaiku ...
a)
wajik, sapi, ublik, petis
b)
siji, sawi, klambi, mati
c)
lading, kalis, arit, alis
d)
wiwitan, dhuwite, adhine
40.
Ing ngisor iki tuladha saka jenise temung wilangan ...
a)
aku, kowe, dheweke
b)
siji, loro, telu, sepuluh
c)
nalika, karo, banjar
d)
Ah, aduh, oh, hore
41.

Aksara Jawa kasebut yen ditulis nganggo aksara Latin, yaiku...

a)

Seneng maca buku.

b)

Iku senengane maca buku.

c)

Aku seneng maca buku.

d)

Sapa seneng maca?

42.

Sandhangan sing digunakake ing ukara kasebut, yaiku....

a)

Taling

b)

Pepet

c)

Suku

d)

Wulu

43.

Supaya konsonan "r" ing tembung "Seger" bisa diwaca luluh/mati, ditulis kanthi nggunakake sandhangan.....

a)

Wignyan

b)

Pepet

c)

Layar

d)

Taling

44.

Cacahe/jumlahe aksara Jawa ana........

a)

11

b)

22

c)

19

d)

20

45.

Jangkepana/lengkapi urutan aksara Jawa iki!

Ha ..... Ca ..... Ka

Da Ta Sa ..... .....

a)

Pa, Sa

Ga, Ma

b)

Na, Ra

Wa, La

c)

Wa, Sa

Pa, Dha

d)

Na, Ra

Nya, Nga

46.

Ukara aksara Jawa kasebut nggunakake sandhangan....

a)

Wulu

b)

Layar

c)

Pepet

d)

Wignyan

47.

Tembung "Ora" yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake sandhangan......

a)

Taling tarung

b)

Taling

c)

Pepet

d)

Wulu

48.

Sandhangan pengkal kalebu sandhangan apa...

a)

swara

b)

wyanjana

c)

panyigeg wanda

d)

pasangan

49.

Aksara jawa uga diarani...

a)

murda

b)

legena

c)

rekan

d)

angka

50.

Sandhangan "pangkon,wignyan,layar, lan cecak" kalebu sandhangan...

a)

swara

b)

wyanjana

c)

panyigeg wanda

d)

pasangan

51.

"Suku" yaiku sandhangan kanggo swara?..........

a)

I

b)

U

c)

E

d)

O

52.

Menawa ditulis latin unine ....

a)

Ati daya

b)

Adi daya

c)

Ari Raya

d)

Adi Budaya

53.

Menawa ditulis latin unine ....

a)

Rapapa

b)

Parenga

c)

Rapeta

d)

Paringa

54.

Menawa ditulis latin unine ....

a)

Dasasila

b)

Pancasila

c)

Dasamuka

d)

Dasawarna

55.

Tulisan aksara taling tarung yaiku ....

a)
b)
c)
d)
56.

Tulisan aksara jawa sing bener kanggo tembung dijaga yaiku ....

a)
b)
c)
d)
57.

Tulisan aksara jawa sing bener kanggo tembung ukara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
58.

Sandhangan sing digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg diarani

a)

Sandhangan swara

b)

Sandhangan wyanjana

c)

Sandhangan panyigeg wanda

d)

Sandhangan pangkon

59.

Cacahe sandhangan saka ukara kasebut yaiku

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

60.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)