NEW
Font size
WorksheetsTembang Macapat
Total questions: 15
Worksheet time: 22mins
Tembang macapat sinom iku duweni teges ...
kumambang
lair
anom
cocok
manis
Guru wilangan lan guru lagune tembang sinom, yaiku ...
8i, 8a, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12i
8i, 8a, 8i, 8a, 7a, 8u, 7i, 8i, 12a
8a, 8i, 8a, 8i, 7a, 8u, 7i, 8i, 12u
8a, 8i, 8o, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12o
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Saben jinising tembang macapat nduweni watak dewek-dewek manut karo kahanane. Watak tembang sinom, yaiku ...
Seneng lan tresna asih
Sengsem, Sedhih, lan prihatin
Luwes lan ngresepake
Sumeh lan Seneng
Rumaket, kulina, lan wani
miturut gambar ing dhuwur kalebu jinis tembang ...
mijil
sinom
gambuh
pangkur
durma
tembang macapat duweni teges ...
maca cepet
maca papat
lagu
tembang
maca papat papat
Tembang macapat cacahe ana ...
9
10
11
12
8
Tembang macapat iku kalebu kasusatran jawa kang jinisee geguritan gagrag....
anyar
lawas
modern
bebas
jawa
Titi laras sajroning tembang Macapat diperang dadi loro yaiku ...
Cengkok lan cakepan
Pelog lan cakepan
Slendro lan Pelog
Pathet lan Slendro
Slendro sanga lan Pelog Manyura
Cacahing Wanda saben sagatra yaiku ...
Guru Gatra
Guru Lagu
Guru Wilangan
Guru Lumaksita
Guru Basa
Tegese Guru Gatra yaiku
Cacahing wanda saben sapada
Cacahing wanda saben sagatra
cacahing gatra saben sapada
cacahing larik saben sagatra
cacahing ukara saben sagatra
Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ...
guru basa
guru lumaksita
guru gatra
guru lagu
guru wilangan
Pangkur
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Tembang Pangkur ing dhuwur iku ana … gatra.
5
6
7
8
9
Tembang Macapat kaiket paugeran ...
Guru lagu lan Guru Basa
Guru lagu lan Guru wilangan
Guru basa, Guru lumaksita, lan Guru lagu
Guru lagu, Guru Wilangan, lan Guru Gatra
Guru swara, Guru Gatra, lan Guru basa
Karya Sastra Serat Tripama kaanggit dening KGPAA Mangkunegara IV. Isine serat Tripama yaiku....
Ngajarake ngenani patuladhan para prajurit supaya duweni watek satriya, teteg, tatag lan tanggon jroning alabuh bangsa lan nagara.
Ngajarake panuntun marang anak supaya bekti marang wong tuwa, rukun karo sedulur, lan tata carane urip bebrayan ing masarakat.
Ngajarake bab piwulang anggone ngadhepi obahing kahanan lan jaman.
Ngajarake kepriye carane mulang anak kang becik, mligine ing kahanan budaya jawa karo prentah agama islam.
Ukara kang duweni ciri wanda utawa tembung kang memper amarga dibaleni, disrempetake, lan digandheng wanda utawa ukara ngarep karo mburine saengga surasane endah, yaiku...
Tembung kriya
Tembung aran
Tembung Garba
Purwakanthi
