NEW
Font size
WorksheetsMilah lan Ngolah Informasi kanthi Tlesih
Total questions: 15
Worksheet time: 23mins
"Mangkane iku ayo sekolah sing tenanan"
Ukara iki kalebu jinis teks...
Deskripsi
Narasi
Persuasif
Argumentasi
Teks persuasif yaiku..
Teks kang njlentrehake kadadean
Teks kang njlentrehake obyek
Teks kang nyeritakake gagasan
Taks kang isine pangajak
Wacan kang arupa panyaruwe kanggo ngowahi panemune wong liya yaiku....
Deskripsi
Narasi
Argumentasi
Eksposisi
Teks deskripsi yaiku...
Njlentrehake obyek kanthi cetha
Nyeritakake pengalaman
Nggunakake basa kang endah
Ana konflik ing sajrone cerita
Teks kang nyertiakake kedadean kanthi runtut diarani....
Teks narasi
Teks deskripsi
Teks persuasif
Teks argumentasi
Teks sing ngandharake sawijine informasi utawa kawruh kang disusun kanthi cekak lan padhet diarani . . . .
narasi
persuasi
eksposisi
deskripsi
argumentasi
Ing ngisor iki sing kalebu titikan saka artikel argumentasi yaiku . . . .
objek digambarake kanthi cetha lan rinci
nduweni data faktual supaya pamaos precaya
nuwuhake prekara utawa konflik sajrone crita
ngandhut ukara kang asipat ngajak pamaos
cekak, padhet, lan akurat
Ing ngisor iki sing kalebu titikan saka artikel eksposisi yaiku . . . .
pamaos kaya-kaya melu ngrasakake apa kang diandharake sajrone teks
fakta digunakake minangka piranti konkritasi lan kontribusi
lumrahe disengkuyung kanthi alesan kang kuwat
isine ngenani panemu panyerat
prastawa kang diandharake nduweni urutan wektu
Urutan struktur teks narasi kang bener yaiku . . . .
orientasi - komplikasi - koda - resolusi
orientasi - komplikasi - resolusi - koda
orientasi - koda - komplikasi - resolusi
orientasi - resolusi - komplikasi - koda
orientasi - komplikasi - konkritasi - koda
Perangan teks narasi sing medharake carane paraga utama anggone ngrampungake prekarane diarani . . . .
identifikasi
koda
resolusi
komplikasi
orientasi
Amarga dampak negatif saka rokok akeh banget tumrap kasarasan awak, ayo kita padha ngadohi rokok. Yen kita wis ngadohi rokok, awak bakal seger waras, nyuda polusi udara, lan ora ngrugekake wong liya.
Ukara kasebut minangka perangan . . . .
pambuka
panjelas
panutup
orientasi
komplikasi
Nalika dina Minggu dhek wingi, aku lan kulawargaku lunga menyang Museum Angkot. Museum Angkot minangka salah sawijine objek wisata kang kaloka ing kutha Batu. Aku mbiyantu ibu nyiyapake panganan kanggo bekal, dene kang masku ngrewangi bapak nyiyapake montor. Amrih ora kena macet, aku lan kulawargaku budhal saka omah jam 07.00 esuk.
Perangan kasebut nuduhake menawa teks ing dhuwur kalebu jinise teks . . . .
deskripsi
eksposisi
persuasi
argumentasi
narasi
Wacanen teks ing ngisor iki!
Nalika nyawang busana adat iku aja mung disawang blegere wae, nanging kudu ngerteni lan mahami apa kang sejatine. Amarga saben busana kang digawe dening leluhur biyen mesthi duwe karep lan pitutur kang luhur. Upamane tata cara panganggone keris, ana kang dumunung ing mburi uga dumunung ing ngarep. Panggonane keris kang ana ing ngarep iku ora nandhakake yen wong Jawa iku seneng gelut utawa padudon. Nanging iku minangka pratandha yen wong Jawa iku kebak ing pangati-ati. Mula pusakane dumunung ing ngarep.
Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...
NARASI
DESKRIPSI
EKSPOSISI
ARGUMENTASI
PERSUASI
Wacanen teks ing ngisor iki!
Ing tanah Jawa miturut pangandhikaning para nimpuna lan peneliti, aksara Jawa wis ana udakara 700 M (Riyadi, 1996: 15) kang ing titi wanci iki diarani carakan. Kanthi mangkono, nuduhake yen manungsa Jawa iwiwt kuna biyen wis bisa maca lan nulis. Bab iki uga nuduhake yen wong Jawa duwe peradaban kang wis dhuwur. Amarga cendhek dhuwuring peradaban bisa ditonton saka anggone bisa maca lan nulis, utawa wis bisa ngenal aksara. Mula saka iku, awake dhewe kudu bombong yen para leluhur iku wis bisa maca lan nulis, tegese awake dhewe iku pranyata turunan piyayi kang lantip.
Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacan ...
NARASI
DESKRIPSI
EKSPOSISI
ARGUMENTASI
PERSUASI
Wacanen teks ing ngisor iki!
Candhi Borobudur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud persegi lan telu wujud bunder, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong.
Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacan...
NARASI
DESKRIPSI
EKSPOSISI
ARGUMENTASI
PERSUASI
