wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Teks Geguritan Basa Jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Puisi Jawa gagrag anyar sing bebas diarani ....

a)

a. cangkriman

b)

b. geguritan

c)

c. tembang macapat

d)

d. paribasan

2.

Strukture (wangunan) geguritan mujudake gabungan saka ... perangan.

a)

a. 3

b)

b. 4

c)

c. 5

d)

d. 6

3.

Sing ora kalebu strukture geguritan yaiku ....

a)

a. salam pambuka

b)

b. tembung

c)

c. larik

d)

d. bait/ pada

4.

tembung kang nduweni teges entar utawa ora sabenere diarani ....

a)

a. denotatif

b)

b. konotatif

c)

c. persuasif

d)

d. naratif

5.

Saben sapada dumadi saka ... gagasan utama.

a)

a. 1

b)

b. 2

c)

c. 3

d)

d. 4

6.

Runtute swara, sastra, utawa tembung kang ana ngarep karo swara, sastra, utawa tembung kang ana mburi diarani ....

a)

a. pada/ bait

b)

b. larik

c)

c. tembung

d)

d. puwakanthi

7.

Endek-duwur, cendhak-dawa, utawa alus-kasare swara sing diucapake diarani ....

a)

a. purwakanthi

b)

b. wirama

c)

c. surasa/ makna

d)

d. pada/ bait

8.

Dhiksi yaiku ....

a)

a. pilihan tembung

b)

b. pilihan tembang

c)

c. pilihan makna

d)

d. pilihan swara

9.

Tembung ing ngisor iki nduweni teges konotatif, kejaba ....

a)

a. cupet budine

b)

b. meres kringet

c)

c. meres klambi

d)

d. meres pikir

10.

Wong maca geguritan sing paling apik yaiku ....

a)

a. kanthi solah bawa lan patrape dewe-dewe

b)

b. kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan

c)

c. kanthi tanpa solah bawa lan patrap

d)

d. kanthi solah bawa sing digawe-gawe

11.

Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....

a)

a. wirama

b)

b. purwakanthi

c)

c. surasa

d)

d. sastra

12.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

a. katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng

b)

b. katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah

c)

c. katon nelongso supaya sing ngrungokake melu sedhih

d)

d. katoh sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng

13.

Salah sijine cara kanggo mahami geguritan yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/ crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani .....

a)

a. ngowahi gancaran

b)

b. prosa/ crita

c)

c. ngarang gancaran

d)

d. parafrase

14.

Saben sapada geguritan, dumadi saka siji .....

a)

a. tema

b)

b. gagasan

c)

c. gagasan tambahan

d)

d. gagasna pokok

15.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....

a)

a. alus lan nrenyuhake

b)

b. endah lan aji

c)

c. kasar lan mangkelake

d)

d. suci lan nyenengake

16.

Tema karangan yaiku ....

a)

a. gagasn pokok sing arep diwadahi sajerone tulisan

b)

b. gagasan tambahan sing arep diwadhahi sajerone tulisan

c)

c. gagasan tambahan sing diandharake sajerone tulisan

d)

d. gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan

17.

Bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing panggung utawa ngarepe wong akeh kaya ing ngisor iki, kejaba ....

a)

a. olah swara (olah vokal)

b)

b. patrap

c)

c. nyawiji

d)

d. tembung

18.

Geguritan yaiku ....

a)

a. Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.

b)

b. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.

c)

c. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.

d)

d. Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.

19.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. tegese ....

a)

a. cecongkrahan ndadekake kuwat, nanging rukun ndadekake korat-karit

b)

b. rukun kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit

c)

c. cecongkrahan kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit

d)

d. rukun ndadekake kuwat, nanging cecongkrahan ndadekake korat-karit

20.

Guyub tegese ....

a)

a. gregeten mulane ora tumindak

b)

b. greget tumindak bebarengan

c)

c. urip sing selaras

d)

d. urip ngedohi pasulayan

21.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku

Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Gegayuhanku

d)

Guruku

22.

cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...

a)

dhuwur cendheke swara manut ukara

b)

maca karo kesuh-kesuh

c)

diwaca alon kanthi iramane trep

d)

macane aja gemrungsung

23.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

anak

c)

ibu

d)

sedulur

24.

Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....

a)

Migunakake tembung-tembung kang pinilih

b)

Isine mentes

c)

Nganggo basa padinan

d)

Cacahe larikan ora katemtokake

25.

Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....

a)

Ngatur mlebu metune napas

b)

Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng

c)

Kudu ngepasake marang isine geguritan

d)

Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen