wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sandiwara Basa Jawa

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.
Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku....
a)
gancaran ’prosa’, cerkak ’cerpen’, lan sandhiwara ’drama’
b)
gancaran ’‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
c)
tembang ‘nyanyian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
d)
pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
e)
babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
2.
Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake....
a)
uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk.
b)
uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan
c)
uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung
d)
uripe manungsa lumantar kesenian tradhisional
e)
uripe manungsa lumantar sutradhara
3.
Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang....
a)
jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
b)
pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
c)
pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’sing nonton.
d)
basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
e)
dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
4.
Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku....
a)
psychological conflict, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane.
b)
social conflict, pasulayan ing sanjerone batin sawijining pawongan.
c)
social conflict lan psychological conflict.
d)
antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa.
e)
amarga rebutan warisan.
5.
Sapa pawongan sing menang sajrone pasulayan, ....
a)
bakal terus melu mubeng cakra manggilingan.
b)
bakal manggon ing papan sing ngisor (mlarat, ina, utawa asor).
c)
bakal menang maneh ing pasulayan sabanjure.
d)
bakal ora bisa dikalahake ing pasulayan sabanjure.
e)
bakal manggon ing papan sing dhuwur (sugih, pangkat, utawa drajat).
6.
Mula yen lagi pinuju ana ing papan sing dhuwur (menang pasulayan) kudu bisa ngedohi sipat ....
a)
suradira jayaningrat lebur dening pangastuti
b)
amemayu hayuning bawana
c)
sadumuk bathuk sanyari bumi
d)
adigang, adigung, lan adiguna
e)
rawe-rawe rantas malang-malang putung
7.
Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake....
a)
antawacana (dhialog)
b)
indra pangecap utawa pangrasa
c)
indra pangrungu (audhio)
d)
audhio visual elektronik
e)
perkakas kang canggih
8.
Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani….
a)
jejer (orientasi)
b)
pasulayan (komplikasi)
c)
pangudhare prakara (resolusi)
d)
pungkasaning crita (kodha)
e)
owahing crita (revolusi)
9.
Umume, sandhiwara migunakake alur....
a)
maju
b)
flash back
c)
campuran
d)
mundur
e)
wolak-walik
10.
Teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake....
a)
kramagung
b)
pituduh akting
c)
pituduh pocapan
d)
pituduh bloking
e)
pituduh gladhen
11.
Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula ....
a)
biasane migunakake basa baku
b)
basane kecampuran tembung ora baku
c)
basane trep karo unggah-ungguh basa
d)
ukarane dawa lan jangkep
e)
basane standar kaya basa Jogja-Solo
12.
Maneka warna jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane, yaiku ....
a)
ngowahi gancaran dadi prosa
b)
ngowahi guneman dadi dhialog
c)
ngowahi guneman dadi antawacana
d)
ngowahi janturan dadi antawacana
e)
ngowahi antawacana dadi janturan
13.
Prodhuksi sandhiwara radhio bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen ….
a)
sekabehe pawongan kasangkut ing proses prodhuksi kanthi linambaran rasa seneng.
b)
sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
c)
sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab.
d)
sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
e)
sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
14.
Jalaran mung disemak kanthi dirungokake, mula pamaraga/pemain sandhiwara radhio kudu temen temen nduweni swara ...
a)
kang bisa kaprungu endhek-dhuwur dening panyemak.
b)
kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani.
c)
kang bisa kaprungu kanthi jelas dening panyemak.
d)
kang bisa diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine.
e)
kang bisa kepenak dirungokake kaya swarane waranggana.
15.
Tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa), bisa dicritakakae dening ....
a)
sutradhara
b)
pamaraga
c)
penulis naskah
d)
narator
e)
edhitor
16.

Ing sandhiwara bahasa Jawa iku sing kudu digatekake sakliyane dialog yaiku pilihan tembung. Pilihan tembung iku uga diarani.....

a)

Mentes

b)

Diksi

c)

Fiksi

d)

Non Fiksi

17.

Menawa gawe dialog ing sandhiwara basa Jawa kudu mangerteni....

a)

Gedhe cilike artine

b)

Unggah ungguh

c)

Pilihane kalimat

d)

Pilihane tembung

18.

Gatekna pratelan iki!

I. Klimaks

II. Padudon

III. Pangenalan

IV. Pamungkasan

Urutane alur sandiwara sing bener saka kawitan nganti pungkasan yaiku ….

a)

I - II - III - IV

b)

II - III - IV - I

c)

III - IV - I - II

d)

III - II - I - IV

e)

IV - I - II - III

19.

Paraga ing sandiwara basa jawa kaperang dadi telu yaiku ...

(a)  

20.

Sing ora kalebu perangan sing ditindakake nalika ngrantam (nyusun) teks sandiwara yaiku ….

a)

Nemtokake paraga

b)

Ngatur obahing paraga

c)

Nemtokake alur & setting

d)

Ngrancang ringkesane cerita

e)

Nemtokake tema

21.

Sandiwara kang mung ngandelake swara pocapan paraga, swara narator, & swara iringan musik utawa piranti liyane, diarani sandiwara ….

a)

TV

b)

Radio

c)

Boneka

d)

Wayang

e)

Panggung

22.

Perangan awal saka sawijining sandiwara sing biasane digunakake kangge nyeritakake gambaran sandiwara sing arep dimainke kanthi cara umume diarani....

a)

Monolog

b)

Epilog

c)

Dialog

d)

Prolog

23.

ing crita drama utawa sandiwara kudu ana sing diarani...supaya crita sandiwara mau bisa urip.

a)

Konflik

b)

Alur

c)

Urutan

d)

Tragedi

24.

Nambahi variasi omongan nalika dialog nanging ora ngowahi isine cerita jroning pamentasan drama utawa teater diarani ….

a)

Improvisasi

b)

Ekspresi

c)

Gesture

d)

Casting

e)

Mimik

25.

Sing ora kalebu unsur ekstrinsik naskah sandiwara yaiku ...

a)

Sosial budaya

b)

Amanat

c)

Biografi

d)

Agama

e)

Politik

26.

Ing pagelaran drama uga nduweni unsur estetis. Unsur estetis yaiku ….

a)

Duwe pesen moral

b)

Minangka karya fiksi

c)

Ngandhut unsur kaendahan

d)

Ngandharake perkara sosial

e)

Ngangkat cerita sing lagi viral

27.

Ludrug & kethoprak minangka seni drama tradisional Jawa, ngrembaka ing Jawa Tengah lan Jawa Timur. Ludrug luwih bisa lestari nganti saiki amarga….

a)

Ngangkat cerita tentang kerajaan

b)

Ngangkat cerita tentang kepahlawanan

c)

Nganggo basa Jawa keraton sing temata

d)

Ngangkat cerita Ramayana & Mahabarata

e)

Ngangkat cerita anyar sing ana ing masyarakat

28.

Kang ora kalebu cara kanggo mangerteni watake paraga bisa dimangerteni yaiku ...

a)

Pocapane paraga

b)

Pocapane pangripta

c)

Apa sing ditindakake paraga

d)

Katrangan saka paraga liyane

e)

Digambarake langsung dening pangripta

29.

Sandiwara sing pacelathone dilagokne lan diiringi musik utawa gamelan diarani ….

a)

Sendratari

b)

Opera

c)

Ludrug

d)

Komedi

e)

Tragedi

30.

sawijining karya sastra kang wujude pecelathon (dialog) lan gerak diarani ...

(a)  

31.

Sandiwara yaiku maragakake sawijining paraga kalebet...

a)

papanipun

b)

latare

c)

watakipun

d)

aluripun

32.

Sandiwara iku gadhah unsur intrinsik, ingkang boten kalebu unsur instrinsik sandiwara yaiku...

a)

alur

b)

paraga

c)

latar

d)

sosial budaya masyarakat

33.

Sandiwara iku minangka karya sastra ingkang nggadhahi pesen moral. Pesen moral ingkang kamot ing sandiwara lumrahe lumantar paraga....

a)

utama

b)

pembantu

c)

tambahan

d)

antagonis

34.

Ing sandiwara Andhe-Andhe Lumut paraga utamane yaiku...

a)

Kleting Abang

b)

Kleting Ijo

c)

Mbok Randha Dhadhapan

d)

Andhe-Andhe Lumut

35.

Nalika arep nyebrang kali, Yuyu Kangkang boten purun nyebrangake Kleting Kuning. Watage Yuyu Kangkang yaiku...

a)

Seneng tetulung

b)

culika

c)

emban cindhe emban siladan/pilih kasih

d)

ora blaka/jujur

36.

Kleting Abang lan Kleting Ijo duwe watag kang....

a)

Antagonis

b)

Protagonis

c)

Tetragonis

d)

Becik

37.

Saben dina Kleting Kuning didhawugi umbah-umbah ing kali dening Mbakyune. Kleting kuning nglakoni umbah-umbah. Watage Kleting Kuning yaiku....

a)

Seneng tetulung

b)

ora becik

c)

ora blaka

d)

seneng lelungan

38.

Nalika arep nyebrang ing kali, Yuyu Kangkang njaluk syarat marang Kleting Abang lan Kleting Ijo. Latar panggonan ing sandiwara kasebut yaiku...

a)

ing omah

b)

ing sawah

c)

ing kali

d)

ing alas

39.

Yuyu kangkang gelem nulungu nyebrangake Kleting Abang,kanthi syarat tertemtu. Pesen moral kang kamot ing crita kasebut yaiku...

a)

yen tetulung kudu ekhlas

b)

tulung menthung

c)

aja gelem nulungi wong ora becik

d)

kudu sregep nyambut gawe

40.

Andhe-Andhe Lumut pungkasane crita dados garwane....

a)

Kleting Abang

b)

Kleting Kuning

c)

Kleting Ijo

d)

Kleting ungu