wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN BASA JAWA BAB 2

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Basa krama kaperang dadi loro, yaiku ... .

a)

lugu lan alus

b)

ngoko lan krama

c)

ngoko lan ora ngoko

d)

krama lan ora krama

2.

Basa Jawa ngoko kaperang dadi loro yaiku... .

a)

lugu lan krama

b)

ngoko lan alus

c)

ngoko lan krama

d)

lugu lan alus

3.

Ukara "Pak Sartono ngasta wonten pundi?" klebu basa ... .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

4.

Ukara ing ngisor iki kang klebu basa krama alus yaiku ... .

a)

Bapak badhe ngersakaken dhahar menapa?

b)

Bapak ajeng ngersakaken dhahar menapa?

c)

Bapak badhe ngersakake dhahar menapa?

d)

Bapak ajeng ngersakake dhahar menapa?

5.

Ukara "Budhe, menapa simbah mboten kersa maem?" tembung maem sing bener yaiku....

a)

nedhi

b)

mangan

c)

madhang

d)

dhahar

6.

Sari menyang omahe Bawa arep (jupuk) buku basa Jawa. Tembung jero kurung benere....

a)

dijupuke

b)

njupuke

c)

dijupuk

d)

njupuk

7.

Ukara krama alus ing ngisor iki sing bener yaiku ... .

a)

Bu Sari, kula badhe nyuwun pirsa?

b)

Bu Sari, kula arep nyuwun pirsa?

c)

Bu Sari,kula ajeng nyuwun pirsa?

d)

Bu Sari, aku arep nyuwun pirsa?

8.

Basa ngoko iku prayoga digunakake kanggo....

a)

murid marang guru

b)

anak marang wong tuwa

c)

wong enom marang wong sing luwih tuwa

d)

wong sing luwih tuwa marang wong enom

9.

Pak Beja samenika mulang kelas sekawan.

Supaya dadi basa krama alus sing mapan, tembung sing kudu diganti yaiku ....

a)

samenika-saiki

b)

kelas-ruwang

c)

mulang-mucal

d)

sekawan-papat

10.

Sumi dikongkon ibune tuku gula pasir sekilo. Kepiye anggone nembung marangbakule nganggo krama alus...

a)

Bu mundhut gendhis pasir sekilo.

b)

Bu, tumbas gula pasir setunggal kilo.

c)

Bu, mundhut gendhis pasir setunggal kilo.

d)

Bu, tumbas gendhis pasir setunggal kilo

11.

Bawa didhawuhi ibune tuku brambang ana warung. Ing dalan ketemu Bu Siwi.Bawaanggone matur karo Bu Siwi....

a)

Bu Siwi badhe tindak pundi?

b)

Bu Siwi ajeng ten pundi?

c)

Bu Siwi tindak pundi?

d)

Bu Siwi ten pundi?

12.

Dina Senen Sinta arep ora menyang sekolah amarga arep melu simbahe menyangPemalang.Anggone matur karo bu guru yaiku....

a)

Nyuwun pangapunten Bu, benjang Senen kula ijin mboten mlebet sekolah

b)

Nyuwun sewu Bu, benjang Senen kula ijin mboten mlebet sekolah

c)

Sugeng siang Bu, benjang Senen kula ijin mboten mlebet sekolah

d)

Nyuwun pirsa Bu, benjang Senen kula ijin mboten mlebet sekolah

13.

Ukara"Aku ngeterke ibu menyang Puskesmas" krama aluse sing bener....

a)

Kula nderek ibu dateng Puskesmas

b)

Kula ndereke ibu dateng Puskesmas.

c)

Kula nderekaken ibu dateng Puskesmas.

d)

Kula nderekake ibu dateng Puskesmas.

14.

Simbah maringi (tutur) marang mbak Sari. Tembung jero kurung benere ....

a)

ditutur

b)

pitutur

c)

ndaktutur

d)

koktuturi

15.

Sari didhawuhi ibune menehake layang marang simbahe. Prayogane Sari matur....

a)

Nyuwun pangapunten Mbah, kula dipun utus ibu nyaosaken layang kagem simbah.

b)

Nyuwun pangapunten Mbah, kula didhawui ibu nyaosaken serat kagem simbah

c)

Nyuwun pangapunten Mbah, kula dipun utus ibu maringaken serat kagem simbah.

d)

Nyuwun pangapunten Mbah, kula dipun utus ibu nyaosaken serat kagem simbah.

16.

Adhiku (pangan) mie ayam karo Tono. Tembung sing ana njero kurung sing bener yaiku....

a)

mangan

b)

dipangan

c)

panganan

d)

dakpangan

17.

Ibu (tandur) lombok ana pekarangan omah. Tembung sing ana njero kurung sing bener yaiku....

a)

ditandur

b)

nandur

c)

ditanduri

d)

nanduri

18.

Bapak (tulis) layang kanggo mbak Siwi. Tembung sing ana njero kurung sing bener yaiku....

a)

ditulis

b)

koktulis

c)

daktulis

d)

nulis

19.

Sapine pakdhe Jono (pakan) suket. Tembung sing ana njero kurung sing bener yaiku....

a)

pakani

b)

pakanono

c)

dipakani

d)

kokpakani

20.

Aku (jaluk) brambang ana daleme budhe Siti. Tembung sing ana njero kurung sing bener yaiku....

a)

dijaluk

b)

njaluk

c)

jaluki

d)

jaluken