NEW
Font size
WorksheetsPARIBASAN, BEBESAN, SALOKA
Total questions: 30
Worksheet time: 45mins
Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen basa jawa, kejaba....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Geguritan
Unen-unen sing isine arupa menungsa diumpamake kewan utawa barang yaiku....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku....
Diwenehi ati ngrogoh rempelo
Nututi layangan pedhot
Pupur sawise benjut
Kebo nusu gudel
Sing kalebu unen-unen jinis bebasan yaiku....
Bathok bolu isi madu
Ula marani gepuk
Kebo kabotan sungu
Kebanjiran segara madu
"Kaya asu karo kucing"
Unen-unen ing dhuwur kalebu....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
"Nglungguhi klasa gumelar"
Unen-unen ing dhuwur kalebu....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
"Kandang langit kemul mega"
Unen-unen ing dhuwur kalebu....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
"Gajah ngidak rapak"
Ukara ing dhuwur kalebu saloka.
Bener
Salah
"Gagak nganggo lare merak"
Unen-unen ing dhuwur kalebu bebasan
Bener
Salah
"Kakehan gludhug kurang udan"
Unen-unen ing dhuwur kalebu bebasan.
Bener
Salah
"Mikul dhuwur mendhem jeru"
Unen-unen ing dhuwur kalebu saloka.
Bener
Salah
(1) ancik-ancik pucuke eri
(2) arep nangkane emoh pulute
(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo
(4) iwak klebu ing wuwu
Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(2) lan (4)
(1) ber budi bawa leksana
(2) tengu ngedu gajah
(3) mikil dhuwur mendhem jeru
(4) emprit abuntut bedhug
Unen-unen kang kalebu saloka yaiku nomer....
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (4)
(2) lan (3)
"Timun wungkuk jaga imbuh"
Unen-unen ing dhuwur kalebu....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Andi iku bocah sing seneng ngapusi lan ora sopan marang wong tuwa. Dheweke kerep gawe onar ing sekolah, nganti asring diceluk guru lan wong tuwane dipanggi menyang sekolah. Merga kelakuane Andi sing ala, wong-wong ing desane dadi ora ngajeni bapak lan ibune.
Pitakonan:
Paribasan apa sing cocog kanggo nggambarake kedadian ing crita mau?
Anak polah bapa kepradhah
Becik kethithik ala ketara
keplok ora tombok
jalukan ora wewehan
Rina lan keluargane pindhah saka Jawa menyang Bali amarga bapake kerja ing kono. Ing sekolah anyar, Rina ngerti yen ana adat lan aturan sing beda karo desane biyen. Tuladhane, ing Bali ana tradisi Nyepi sing kudu dihormati, lan ana aturan-aturan adat sing kudu dituruti. Rina banjur sinau lan beradaptasi karo kabudayan anyar supaya bisa rukun karo warga sak panggonan.
Pitakonan:
Paribasan apa sing cocog kanggo nggambarake kedadian ing crita mau?
rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Desa mawa cara negara mawa tata
Jer basuki mawa beya
sepi ing pamrih rame ing gawe
Dina iku, Bagas njaluk dipinjami dhuwit marang kancane, Reza. Bagas janji bakal mbalekake sajrone seminggu. Nanging, wis tekan sewulan, Bagas durung mbalekake dhuwit mau. Nalika Reza njaluk maneh, Bagas malah ngindari lan ora gelem mbayar utange.
Pitakonan:
Paribasan apa sing cocog kanggo nggambarake kedadian ing crita mau?
Jer basuki mawa beya
Kalah cacak menang cacak
Anak polah bapa kepradhah
Jalukan ora wewehan
Dina iki, Rini lagi wisuda saka universitas. Dheweke rumangsa seneng banget amarga bisa ngrampungake kuliahe kanthi apik. Nalika kuliah, Rini kudu kerja sambilan kanggo mbantu biaya pendhidhikane. Sanajan kadang kesel lan kudu ngorbanake wektu dolan, dheweke tetep semangat amarga ngerti yen sukses mbutuhake perjuangan lan pengorbanan.
Pitakonan:
Paribasan apa sing cocog kanggo nggambarake kedadian ing crita mau?
tut wuri handayani
kumenthus ora pecus
Jer basuki mawa beya
keplok ora tombok
Siti ora seneng karo Ana, nanging dheweke ora wani nglawan langsung. Mula, Siti ngojok-ojoki Rina supaya nglawan Ana. Rina sing ora ngerti niat ala Siti banjur nyerang Ana. Pungkasane, kabeh wong ngerti yen Siti sing nyebabake masalah.
Pitakonan :
Paribasan apa sing cocog kanggo nggambarake kedadian ing crita mau?
Nulung menthung
Nabok nyilih tangan
Sing sapa salah seleh
Keplok ora tombok
Siti kepengin dadi juara kelas lan dipujeni wong tuwané, nanging dhèwèké ora tau sinau lan mung ngandelake contekan nalika ujian. Nalika asil ujian metu, dhèwèké kuciwa amarga ora oleh nilai sing apik.
Pitakonan:
Apa bebasan sing cocok kanggo sikapé Siti?
arep jamure emoh watange
angon ulat ngumbar tangan
ancik-ancik pucuking eri
diwenehi ati ngrogoh rempela
Pak Warto duwe warung cilik ing desané. Ing cedhak warungé ana warung liyané sing diduweni Pak Karyo. Sanajan padha-padha dodolan, Pak Warto tetep rukun lan ora nglarani warung liyané. Dhèwèké tetep adol kanthi jujur lan ora ngucapake ala bab warung tanggané.
Pitakonan:
Bebasan apa sing cocok kanggo sikapé Pak Warto?
ancik-ancik pucuking eri
dudu berase ditempurake
dikena iwake aja nganti buthek banyune
mburu uceng kelangan deleg
Rina janji arep melu kerja bakti ing desané sesuk esuk. Nanging, sore iku dhèwèké ngowahi pikiran lan milih dolan karo kanca-kancané. Besuké, nalika warga desa padha kerja bakti, Rina malah ora rawuh lan ora tanggung jawab marang janjiné.
Pitakonan:
Bebasan apa sing cocok kanggo sikapé Rina?
emban cindhe emban siladan
dudu berase ditempurake
esuk dhele sore tempe
diwenehi ati ngrogoh rempela
Sari pengin menang sayembara hadiah cilik ing pasar, mula dhèwèké ngentèkaké dhuwit tabungané kanggo tuku tiket undian. Nanging, nganti akhiré sayembara, dhèwèké ora menang apa-apa. Dhuwit tabungan sing sakjané arep digunakaké kanggo tuku sepatu sekolah malah entèk tanpa hasil.
Pitakonan:
Bebasan apa sing cocok kanggo sikapé Sari?
angon ulat ngumbar tangan
mburu uceng kelangan deleg
emban cindhe emban siladan
kadang konang
Bayu dikenal minangka bocah sugih lan seneng mbayari kanca-kancané nalika dolan. Akeh wong sing kepengin cedhak lan dadi kancané. Nanging, nalika keluargané Bayu nemui masalah keuangan lan dhèwèké ora bisa nraktir maneh, kanca-kancané padha ngadoh lan ora gelem dolan karo dhèwèké maneh.
Pitakonan:
Bebasan apa sing cocok kanggo kanca-kancané Bayu?
kadang konang
diwenehi ati ngrogoh rempela
arep jamure emoh watange
dudu berase ditempurake
Laras bocah sing prasaja lan ora tau pamer. Dhèwèké ora seneng ngaton-aton kapinterané, mula akeh kanca-kancané sing ngira dhèwèké biasa wae. Nanging, nalika ana lomba pidato ing sekolah, Laras ndadak menang juara pertama lan kabeh wong kaget karo kepinterané sing luar biasa.
Pitakonan:
Saloka apa sing cocok kanggo Laras?
asu belang kalung wang
asu gedhe menang kerahe
bathok bolu isi madu
kebo bule mati setra
Joko mung pedagang cilik sing durung nduwé pengalaman ngurusi bisnis gedhé. Nanging, amarga kepengin sugih cepet, dhèwèké utang gedhé kanggo mbukak toko mewah tanpa persiapan sing matang. Akhire, dhèwèké kesulitan mbayar utangé lan tokoné ora laku, mula dhèwèké rugi gedhé.
Pitakonan:
Saloka apa sing cocok kanggo sikapé Joko?
bebek mungsuh mliwis
gagak nganggo elaring merak
cecak nguntal empyak
gajah ngidak rapah
Roni dudu wong sugih, nanging dhèwèké seneng nyilih klambi lan barang-barang larang saka kancané supaya katon kaya wong tajir. Dhèwèké uga kerep pamer ing media sosial lan ngaku nduwé bandha akeh. Nanging, nalika kancané ngajak mangan ing restoran mewah, dhèwèké ora bisa mbayar lan alane ketok.
Pitakonan:
Saloka apa sing cocok kanggo sikapé Roni?
bathok bolu isi madu
cecak nguntal empyak
gajah ngidak rapah
gagak nganggo elaring merak
Pak Rudi minangka pejabat sing duwé kuwasa ing desané. Dhèwèké kerep nglanggar aturan, kaya nggunakake dhuwit desa kanggo kapentingané pribadi. Sanajan warga wis ngerti tumindaké, ora ana sing wani nglawan amarga dhèwèké duwé jabatan dhuwur lan kuwasa.
Pitakonan:
Saloka apa sing cocok kanggo sikapé Pak Rudi?
gajah ngidak rapah
asu belang kalung wang
belo melu seton
asu gedhe menang kerahe
Tono lan Joko padha-padha pinter ing kelas. Tono sregep sinau, dene Joko uga cerdas lan tansah entuk nilai apik. Nanging, amarga padha-padha pinter, Tono lan Joko kerep saingan lan ora gelem ngalah siji lan sijiné. Saben lomba, loro-lorone mesthi pengin menang lan ora gelem kalah.
Pitakonan:
Saloka apa sing cocok kanggo sikapé Pak Rudi?
Bebek mungsuh mliwis
Asu belang kalung wang
Gagak nganggo elaring merak
Gajah ngidak rapah
