Font size
WorksheetsPenilaian Formatif B.Jawa Bab 1
Total questions: 20
Worksheet time: 14mins
1. Kang seng ora kaiket anane guru gatra, guru wilangan, adene guru lagu diarani tembang ...
A. Gedhe
B. Dolanan
C. Tengahan
D. Macapat
2. Tuladhane tembang dolanan kajaba ...
A. Gambuh
B. Buta-buta galak
C. Gundul-gundul pacul
D. Jamuran
3.Tembang dolanan “Jaranan” nuduhake dolanan tradisional sing nggunakake …
A. Bakiak
B. Egrang
C. Jaran kepang
D. Dakon
4. Tembang dolanan nduweni fungsi kanggo …
A. Ngumpulake gamelan
B. Ngarahake kerja keras
C. Ajaran upacara kerajaan
D. Ngasah kreativitas lan ngajarke nilai kabecikan
5. Tujuan utama lan isisne tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani ...
A. Ilmu pengetahuan
B. Ketrampilan
C. Olah raga
D. Budi pekerti
6.“Dadi wong yen turu ojo bengi-bengi”, tembung turu basa krama aluse yaiku …
A. Adus
B. Tilem
C. Siram
D. Sare
7. Bapak lunga menyang surabaya, basa kramane …
A. Bapak kesah menyang Surabaya
B. Bapak tindak dhateng Surabaya
C. Bapak tindak menyang Surabaya
D. Bapak kesah dhateng Surabaya
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi setiti, kanggo jawab pitakon no 8-9!
Raden Werkudara
Raden Werkudara kuwi panenggake Pandhawa. Raden Werkudara kuwi satriya Jodhipati. Dedege Werkudara gagah gedhe dhuwur. Kalebu swarane uga gedhe jumleger. Apa maneh yen pinuju nesu, swarane kaya-kaya njugrukake gunung.
Nanging watake satriya pinunjul banget. Raden Werkudara ora seneng umuk, ora goroh, tur ora nate pamer kekuwatane. Kamangka Raden Werkudara kuwi sekti mandraguna. Wesi gligen wae bisa ditoklek nganggo tangane.
Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh banget. Kukune mau bisa kanggo nyuwek-nyuwek cangkeme macan sing galak. Kukune Werkudara sing ampuh kuwi jenenge kuku pancanaka.
Sanajan nduweni kekuwatan kang linuwih satriya perkasa iki ora nduweni sifat kang gumedhe. Dheweke malah dhemen tetulung marang wong liya.
8. Sapa panenggake Pandhawa kuwi ?
A. Raden Janaka
B. Raden Puntadewa
C. Raden Pandhawa
D. Raden Jodhipati
9. Apa piandele Raden Werkudara kang tumemplek ana awake ?
A. Wesi gligen
B. Kuku pancanaka
C. Pancasana
D. Panah pasopati
10. Gambar ing ngisor iki diarani dolanan ...
A. Egrang
B. Dakon
C. Jaranan
D. Jamuran
16. Jelasne kang diarani tembang dolanan?
17. Sebutna 2 ciri-ciri tembang dolanan!
18. Sebutna 3 wae tembang dolanan sing kok ngertini!
11. Sakdurunge nerangke isine tembang, bab-bab sing kudu dilakoni yaiku ...
A. Ngowahi cakepan (syair) tembang sing isine padha
B. Nerangke tegese ukara-ukara ing sajrone tembang
C. Nerangke tegese tembung-tembung kang utama
D. Ngapalake titi larase tembang sing arep ditegesi
12. Ciri-cirine tembang dolanan yaiku ...
A. Biasane cakepane tembang angel diapalne
B. Akeh-akeh jeneng pengarange ora disebutake
C. Cakepake ora dawa lan ora cendhak nemen
D. Wujude sedherhana lan isine tembang lucu
13. Ing ngisor iki sing kelebu tembang dolanan yaiku ...
A. Kupu kuwi, Jamuran
B. Kidang talun, Gambuh
C. Kinanthi, Gundul-gundul pacul
D. Jaranan, Gugur gunung
14. Kang kalebu dolanan tradisional kajaba ...
A. PS 2
B. Game Free Fire
C. Jamuran
D. Engklek
15. Manfaat dolanan tradisional yaiku ...
A. Ningkatake kerukunan
B. Gawe musuh kekancan
C. Ngajari gotong royong
D. Gawe kesel awak
Wacan ngisor iki wacanen kanthi setiti, kanggo jawab pitakon no 19-20 !!
19. Ajar Toleransi ing Sekolah
Sekolahku
Papanku ngupadi ilmu
Sekolahku
Papan kanggo sinau marang Bapak lan ibu Guru
Sekolahku
Bisa sinau maneka ilmu
Kanthi sregep maca buku
Sarta dhiskusi klawan kanca
Ing Panggonan iki
Aku digulawenthah dadi bocah
Kang ngerti arah
Dadi bocah kang tresna marang wong tuwa
Bekti marang bangsa, agama, lan negara
Ing kene
Aku diwulang bisa nampa
Pambeda
Lan kudu bisa toleransi
Marang anane pambeda
Ing negaraku Indonesia
Ing kene
Aku diwulang
Jumangkah ing dalan padhang
Dalan sing kebak kabecikan
Lan ninggal sakabehe kadurakan
Sing bisa gawe rugine liyan
Apa sing dadi temane tembang ing dhuwur?
20. Jelasne isine tembang ing dhuwur nggunakake basamu dhewe!
