WorksheetsUlangan Harian - Basa Jawa Kelas X - Wilangan 4 Wayang
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Perangan crita kang nepungake para paraga ing crita kasebut, watek wantune, latar papan lan wektu dumadine crita, lan minangka wiwitane mlebu ing sajroning crita, ing struktur teks crita wayang diarani?
Jejer
Pasulayan
Pangudhare prakara
Koda
Perang kembang
Wayang yaiku sawijining wujud seni pagelaran kang awujud drama kang khas. Crita wayang ikuduwe struktur formal sing kadadeyan saka unsur-unsur kang padha gayut antarane siji lan sijine. Apa wae unsur-unsur crita wayang?
Tema, pamawase pangripta, crita, pelukisan paraga, kahanan bebrayan, latar wuri penulis
Tokoh, latar, plot, tema, latar wuri diripta, gaya basa
Alur, penokohan, amanat, tema, latar wuri sastra, relevansi crita karo urip
Konflik, pamawase pangripta, gaya basa, penokohan, tema, plot
Perangan crita kang ngandharake paraga utama ing crita lagi ngalami prakaraa kang ruwet, ing struktur teks crita wayang diarani?
Jejer
Pasulayan
Pangudhare prakara
Koda
Amanat
Perangan crita kang isine minangka pamecahing masalah, ing struktur teks crita wayang diarani?
Pambuka
Pasulayan
Pangudhare prakara
Koda
Amanat
Pokok-pokok crita utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang diandharake pengarang liwat rerangkene crita kalebu unsur intrinsik crita wayang diarani?
Tema
Paraga
Alur
Pamawase pangripta
Latar
Pawongan kang duwe peran sajroning crita kang ngalami kedadean salaras karo dumadine crita diarani?
Tema
Paraga
Alur
Pamawase pangripta
Latar
Paraga kang dadi pangudharing prakara diaran paraga...
Utama
Protagonis
Sampingan
Antagonis
Tritagonis
Prabu Dasamuka lelana napak ing dirgantara. Tembung dirgantara ateges?
Lemah
Gunung
Langit
Segara
Srengenge
Dalan crita utawa rerangkene prastawa kang didhapuk adhedasar hukum kausalitas (gayutan kang nuduhake sebab akibat) arane?
Tema
Tokoh/paraga
Gaya basa
Latar/setting
Plot/alur
Gambaran ngenani waktu, panggonan, lan swasana kang dumadi sajrone crita arane?
Tema
Tokoh/praga
Gaya basa
Latar/setting
Plot/alur
Antawacana yaiku?
Dialog antar paragane wayang
Dialog antar paragane nayaga
Dialog antar paragane wiraswara
Dialog antar paragane dhalang
Dialog antar paragane sindhen
Wayang sing wujude cilik-cilik digawe saka bahan kayu, arane?
Wayang gedog
Wayang golek
Wayang krucil
Wayang wong
Wayang topeng
Anane naskah pakem pedhalangan sesambungane karo teks lakon wayang, gunane kanggo?
Nuntun para dhalang supaya bisa mahami urutan crita wayang sawutuhe
Nuntun para dhalang supaya asli pagelarane bisa luwih apik lan temata
Nuntun para dhalang supaya bisa ngurip-uripi lakon wayang kanthi gampang
Nuntun para penonton supaya bisa mahami apa kekarepane dhalang
Nuntun para penonton supaya bisa krasan nonton pagelaran wayang
Pagelaran lakon wayang, bisa dadi salah sawijine sarana panggulawenthah ing bebagan moral lan kautaman. Jalaran...
Pagelaran warang ora mung asipat tontonan, ning uga tuntunan tumrap penontone
Pagelaran wayang mujudake sarana nikelake devisa negara
Pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasare negara
Pagelaran wayang kang maneka warna jinise, bisa nambahi ilmu lan kawruh tumrap para mudha
Pagelaran wayang mujudake sarana dramatrisasi teks cerita wayang saka negara manca
"Dhuh, Arjuna putraku, sejatine Ibu ora lila ngeculna kowe mergane urung tau weruh kahanan ing alam njaba kana, kawit cilik mung ing samudra kadhasar kene"
Unsur latar sing ana ing sajrone kutipan crita ndhuwur yaiku?
Swasana
Wektu
Panggonan
Alur
Amanat
Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanggo nggarap soal!
Prabu Puntadewa menika nata saking negari Ngamarta, putra pembayunipun Prabu Pandhu Dewanata patutan kaliyan Dewi Kunthi Talibrata. Prabu Puntadewa wiwit mudha taruna sampun misuwur minangka satriya ingkang adil paramarta, sabar drana, boten nate dora, tansah welas asih, lan lila legawa. Sinaosa asring dipunpilara sedherekipun, para Kurawa, dipunarah pati uga garwa kinasihe, Prabu Puntadewa tansah sabar. Sang Prabu ugi dados patuladhan minangka jejering satriya ingkang tansah mikul dhuwur mendhem jero dhumateng tiyang sepuh ugi gurunipun.
Piwulang budi pekerti sing paling trep karo crita wayang ing nduwur yaiku?
Satriya menika kedah kurmat dhumateng gurunipun
Dados manungsa menika kedah tumindak ingkang serik
Manungsa menika kedah sabar saking pacoban menapa kemawon
Minangka putra kedah saged njagi drajatipun tiyang sepuh
Tiyang ingkang jujur menika saged dados lantaraning patoi
Srenggini kuwi anak nomer papate Raden Werkudara karo Dewi Rekawati. Tokoh Srenggini mung ana ing crita wayang gagrag Banyumasan. Srenggini duweni capit cacahe loro kaya kewan yuyu, mergane keturunan saking eyange yaiku Dewa Rekatatama. Kawit cilik Srenggini wis pisah karo bapane, melu ibu lan eyange Dewa Rakatatama. bareng wis diwasa, Srenggeni kepengin nggoleki sapa sejatine bapane.
Saking pethikan crita ing ndhuwur, sejatine sapa bapane Srenggini yaiku?
Dewa Rakatatama
Raden Werkudara
Raden Arjuna
Raden Janaka
Pandhita Durna
Banjur Werkudara aweh syarat maring Srenggini yaiku bakal diaku anak angger bisa mbalekna Prabu Kirmira sepasukane kang nyerbu ing Jodhipati. Nganggo ajian Totok Sewu, Srenggini kasil mateni Prabu Kirmira.
Saking pethikan crita ing dhuwur, bisa dimangerteni angger Srenggini bisa diaku anak dening Werkudara kanthi syarat yaiku?
Srenggini lunga saking Jodhipati
Srenggini bisa ngalahake Pandhita Durna
Srenggini bisa ngalahake Prabu Kirmira
Werkudara ngalahake Srenggini
Srenggini balik menyang Samudra Kedhasar
Dewi Kunti seneng banget nalika krungu kabar putra pambarepe kang nate dilarung ing kali Gangga nyatane isih urip lan madeg dadi adipati ing Awangga. Sawijining dina, sabubare perangantarane Kurawa lan Pandhawa dikumandhangake. Dewi Kunthi ketemu klawan Karna ing pinggiring kali Gangga. Ing kalodhangan iku Dewi Kunthi ngomong menyang Karna ngenani apa kang sanyatane. Sawise kuwi Dewi Kunti ngajak supaya Karna gelem gabung klawan Pandhawa. Nanging panyuwunane Dewi Kunti iki ditolak. Jalaran Karna isih ngrasa lara ati merga diguwang menyang kali Gangga jaman isih cilik biyen. Saliyane iku Karna milih nggabung Kurawa merga sumpahe. Karna nate ngucap sumpah bakal nglindhungi Hastinapura kang wis aweh kamulyan tumrap uripe. Samungkure ngerti kaputusane Karna. Bisane Dewi Kunti mung nggetuni lelakon kang dumadi ing jaman kawuri. Upama wae biyen piyambake ora nglanggar sumpahe. Kahanan ing dina iki menawa wae ora bakal dumadi.
Amanat kang bisa ing petik saka crita wayang ing dhuwur yaiku?
Dadi wong aja gumedhe marang wong tuwa
Dadi wong kudu kang ngerti dhiri
Dadi wong apike mikirake saben konsekuensi
Dadi wong iku kudu manut marang wong tuwa
Dadi wong iku ora oleh gampang isin
Sajrone pagelaran wayang mesthine ana siji macem cara kanggo ngenalake karakter wayang marang penontone. Cara pengenalan karakter karo cara ngolehake penonton nemtokake dhewe liwat dhialog ing sakdawane pagelaran yaiku?
Analitik
Analitik
Pamawase
Dramatik
Pangripta
Crita wayang iku kasusun saka unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Pranyatan iki kang kalebu unsur ekstrinsik carita wayang yaiku?
Menehi pengaruhi ing dalan crita sakabehe
Unsur ekstrinsik bisa dingerteni karo maca
Unsur kang ngandharake gaya nulis crita
Ora bisa diwaca nanging bisa dirasakake
Biyasane ngemot andharan alur utawa plot
Penokohan ngrewangi penonton mbedakake peran lan dampak karakter tinemtu sajroning carita wayang. Ana pirang macem penokohan kang kowe mangerteni?
2
3
4
5
6
Biyasane penonton diajak ngerteni crita adhedhasar plot kang wis ditetepake dening panulise. ana urutan-urutan plot kang runtut saengga struktur kang rapi oleh kawangun. Ana pira urutan plot crita wayang?
3
4
5
6
7
Ana siji tema utawa malah luwih kang diangkat jero pertunjukan wayang. biyasane inti carita wayang kasebut ana ing tahapan alur...
Klimaks
Jejer
Tansaya Ruwet
Pasulayan
Pangudhare praakara
"Nami kula Karna, kula perangan alit saking keluwargi prasaja puniku"
Penggalan ukara crita wayang ing dhuwur yaiku tuladha panulisan sudut pandang kang arupa...
Tritagonis
Kapisan
Katelu
Campuran
Kapindo
Dewi Kunti seneng banget nalika krungu kabar putra pambarepe kang nate dilarung ing kali Gangga nyatane isih urip lan madeg dadi adipati ing Awangga. Sawijining dina, sabubare perangantarane Kurawa lan Pandhawa dikumandhangake. Dewi Kunthi ketemu klawan Karna ing pinggiring kali Gangga. Ing kalodhangan iku Dewi Kunthi ngomong menyang Karna ngenani apa kang sanyatane. Sawise kuwi Dewi Kunti ngajak supaya Karna gelem gabung klawan Pandhawa. Nanging panyuwunane Dewi Kunti iki ditolak. Jalaran Karna isih ngrasa lara ati merga diguwang menyang kali Gangga jaman isih cilik biyen. Saliyane iku Karna milih nggabung Kurawa merga sumpahe. Karna nate ngucap sumpah bakal nglindhungi Hastinapura kang wis aweh kamulyan tumrap uripe. Samungkure ngerti kaputusane Karna. Bisane Dewi Kunti mung nggetuni lelakon kang dumadi ing jaman kawuri. Upama wae biyen piyambake ora nglanggar sumpahe. Kahanan ing dina iki menawa wae ora bakal dumadi.
Latar kang paling bisa ditarik kesimpulan saka crita wayang ing dhuwur yaiku?
Wektu
Swasana
Panggonan
Situasi
Masa lampau
Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanggo nggarap soal iki!
Prabu Puntadewa menika nata saking negari Ngamarta, putra pembayunipun Prabu Pandhu Dewanata patutan kaliyan Dewi Kunthi Talibrata. Prabu Puntadewa wiwit mudha taruna sampun misuwur minangka satriya ingkang adil paramarta, sabar drana, boten nate dora, tansah welas asih, lan lila legawa. Sinaosa asring dipunpilara sedherekipun, para Kurawa, dipunarah pati uga garwa kinasihe, Prabu Puntadewa tansah sabar. Sang Prabu ugi dados patuladhan minangka jejering satriya ingkang tansah mikul dhuwur mendhem jero dhumateng tiyang sepuh ugi gurunipun.
Tema saka crita wayang ing dhuwur yaiku?
Kasekten
Keagamaan
Keteladanan
Perjuangan
Peperangan
Dewi Kunti seneng banget nalika krungu kabar putra pambarepe kang nate dilarung ing kali Gangga nyatane isih urip lan madeg dadi adipati ing Awangga. Sawijining dina, sabubare perangantarane Kurawa lan Pandhawa dikumandhangake. Dewi Kunthi ketemu klawan Karna ing pinggiring kali Gangga. Ing kalodhangan iku Dewi Kunthi ngomong menyang Karna ngenani apa kang sanyatane. Sawise kuwi Dewi Kunti ngajak supaya Karna gelem gabung klawan Pandhawa. Nanging panyuwunane Dewi Kunti iki ditolak. Jalaran Karna isih ngrasa lara ati merga diguwang menyang kali Gangga jaman isih cilik biyen. Saliyane iku Karna milih nggabung Kurawa merga sumpahe. Karna nate ngucap sumpah bakal nglindhungi Hastinapura kang wis aweh kamulyan tumrap uripe. Samungkure ngerti kaputusane Karna. Bisane Dewi Kunti mung nggetuni lelakon kang dumadi ing jaman kawuri. Upama wae biyen piyambake ora nglanggar sumpahe. Kahanan ing dina iki menawa wae ora bakal dumadi.
Tokoh Karna sabenere yaiku temasuk jinis karakter...
Tritagonis
Protagonis
Antagonis
Campuran
Fleksibel
Ing ngisor iki kang dudu kalebu crita wayang yaiku?
Mahabharata
Aji narantaka
Ramayana
Ajisaka
Cindelaras
Asline kabudayan wayang, ora mung agawe para sutresnane rumangsamarem, seneng, merga nduweni tetilaran utawa warisan saka leluhur, nanging...
Ngundhakake asiling devisa saka manca negara
Ngundhakake martabat minangka bangsa berbudaya
Ngundhukake rasa percaya dhiri, dudu bangsa biadab
Ngundhukake kagunan praktis lan wawasan sing jembar
Ngundhukake kawruh lan filsafat hidup
