wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Unggah Ungguh

Total questions: 10

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

Ingkang boten kalebet peranganipun unggah-ungguh basa inggih menika ....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Madya

d)

Krama Lugu

2.

Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika wicantenan migunakaken pranatan unggah ungguh ingkang leres kejawi ....

a)

sinten ingkang dipunajak gineman

b)

kenging menapa kedah wonten gineman

c)

wonten pundi anggenipun gineman

d)

menapa ingkang dipunginemaken

3.

Basa ngoko lugu dipunginakaken kagem wicantenan antawisipun ....

a)

pimpinan dhateng andhahanipun

b)

ibu dhateng simbah

c)

siswa dhateng guru

d)

bapak dhateng putranipun

4.

"Mas Awali lagi dhahar sate."
Ukara menika kalebet tuladhanipun basa ....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

5.

Menawi wonten pimpinan wicantenan dhateng andhahanipun ingkang langkung sepuh pramila kedah mawi basa ....

a)

Krama Alus

b)

Ngoko Lugu

c)

Krama Lugu

d)

Ngoko Alus

6.

Wicantenan antawisipun tiyang ingkang kekalihipun dereng sami tepang pramila kedah mawi basa ....

a)

Krama Lugu

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Lugu

d)

Ngoko Alus

7.

"Bapak lagi mangan."

Ukara kasebat menawi dipundamel krama lugu ingkang leres inggih menika ....

a)

Bapak lagi nedha.

b)

Bapak nembe dhahar.

c)

Bapak lagi dhahar.

d)

Bapak nembe nedha.

8.

Basa ingkang dipunginakaken wonten ing Kraton Kasultanan Ngayogyakarta dipunsebat ....

a)

Basa Tata Kraton

b)

Basa Abdi Dalem

c)

Basa Bagongan

d)

Basa Kraton

9.

Yen sirah iku mustaka, menawa gulu iku ....

a)

palarapan

b)

jangga

c)

grana

d)

suku

10.

Yen 10 iku sedasa, dene 25 iku ....

a)

kalih dasa gangsal

b)

selawe

c)

selangkung

d)

gangsal dasa