wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA 6 KAMIS 20/2

Total questions: 25

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Saiki jaman wis maju, samubarang wis nggunakake teknologi ....

a)

klasik

b)

tradisional

c)

modern

d)

penjajahan

2.

Salah sijine dampak negatif anane golbalisasi kayata anane piranti handphone, internet, whatsapp yaiku ....

a)

kamunikasi tansaya gampang

b)

masyarakat tansaya maju

c)

wektu kanggo sinau suda

d)

sarana nambah sedulur

3.

Cangkriman wujude pepindhan yaiku wujude ....

a)

cekakan

b)

irib-iriban

c)

tembang

d)

plesetan

4.

Cangkriman kang awujud gambar ing ndhuwur yaiku ....

a)

sega sak kepel dirubung tinggi

b)

pitik walik saba amben

c)

wit adhikih woh adhakah

d)

pitik walik saba kebon

5.

Bapak pucung, yen tersinggung adhuh biyung

Bisa ngejur omah, nadyan mobil ora peduli,

Pucung mendha lamun ta siniram tirta.

Tembung ing dhuwur bedekane yaiku ....

a)

geni

b)

sepur

c)

gajah

d)

sewur

6.

Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...

a)

Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

7.

Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....

a)

Dilebokne malah metu

b)

Klambine dilebokne lemari

c)

Bukune dilebokne tas

d)

Klambine gak dilebokne

8.

"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............

a)

slogan

b)

pawarta

c)

geguritan

d)

narasi

9.

Ukara kasebut diwaca

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

10.
a)

ana dina ana upa

b)

ana alangan mungkura

c)

ana catur mingkur

d)

ana catur mungkur

e)

mingkar-mingkuring angkara

11.

Guru gatra yaiku......

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)

12.

Guru Wilangan yaiku....

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)

13.

Tembang ing ngisor iki arane tembang .....

Bocah-bocah dha sekolah,

Wiwit biyen nalika isih cilik,

Sregepa anggolek ilmu,

Wayah esuk lan awan,

Ngrungokake parentahe para guru,

Lan bisa ngerti agama,

Agama ngarsaning Gusti.

a)

Pucung

b)

Asmaradana

c)

Kinanthi

d)

Pangkur

14.

Guru lagu lan guru wilangane tembang ing ngisor iki yaiku ....

Bocah-bocah dha sekolah,

Wiwit biyen nalika isih cilik,

Sregepa anggolek ilmu,

Wayah esuk lan awan,

Ngrungokake parentahe para guru,

Lan bisa ngerti agama,

Agama ngarsaning Gusti.

a)

. 8a – 8i – 8u – 8e – 7a – 8i – 8i

b)

8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i

c)

8h – 11k – 8u – 7n – 12u – 8a – 8i

d)

8a – 11i – 10u – 7a – 12u – 8i – 8a

15.

Unine swara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani ….

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru swara

d)

guru gatra

16.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

badanira panjang,

tutukira pan pesagi,

saben dina pucung nguntal buntutira.


Tembang ing dhuwur jenenge tembang ….

a)

. Gambuh

b)

Pucung

c)

Sinom

d)

Mijil

17.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

badanira panjang,

tutukira pan pesagi,

saben dina pucung nguntal buntutira.


Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu ing tembang dhuwur yaiku …

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

18.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

badanira panjang,

tutukira pan pesagi,

saben dina pucung nguntal buntutira.


Tembang ing dhuwur satemene cangkriman. Batangane …

a)

tali

b)

kalung

c)

sabuk

d)

ula

19.

Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara

Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….

a)

Tasbih

b)

gelang

c)

sepur

d)

kalung

20.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

21.

Gatekno tembang pangkur ing ngisor iki!


Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung,

Sinuba sinukarta,

Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung,

Kang tumrap wong tanah Jawa,

Agama ageme aji,


Mingkar mingkuring angkara tegese....

a)

ngatur mobah-mosike hawa napsu

b)

alaran kepengin nggulawenthah para putra

c)

karakit lumantar endahing tembang

d)

direrengga (dihias) laras wiramane

22.

"Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun pangapunten".

    Ukara kasebut ing dhuwur dipapananke ana ing ....

a)

pambuka

b)

isi

c)

panutup

d)

salam

23.

"Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun pangapunten".

    Ukara kasebut ing dhuwur dipapananke ana ing ....

a)

pambuka

b)

isi

c)

panutup

d)

salam

24.

"Assalamu’alaikum Wr.Wb."

Ukara ing dhuwur klebu perange pidhato ….

a)

surasa

b)

panutup

c)

pambuka

d)

salam pambuka

25.

Ing ngisor iki perangane naskah pidhato, kajaba

a)

pambuka

b)

isi

c)

adangiyah

d)

panutup