Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa kelas 4

Total questions: 10

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Raden Werkudara


Raden Werkudara kuwi panenggake Pandhawa. Raden Werkudara kuwi satriya Jodhipati. Dedege Werkudara gagah gedhe dhuwur. Kalebu swarane uga gedhe jumleger. Apa maneh yen pinuju nesu, swarane kaya-kaya njugrukake gunung.

Nanging watake satriya pinunjul banget. Raden Werkudara ora seneng umuk, ora goroh, tur ora nate pamer kekuwatane. Kamangka Raden Werkudara kuwi sekti mandraguna. Wesi gligen wae bisa ditoklek nganggo tangane.

Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh banget. Kukune mau bisa kanggo nyuwek-nyuwek cangkeme macan sing galak. Kukune Werkudara sing ampuh kuwi jenenge kuku pancanaka.

Sanajan nduweni kekuwatan kang linuwih satriya perkasa iki ora nduweni sifat kang gumedhe. Dheweke malah dhemen tetulung marang wong liya.


Apa piandele Raden Werkudara kang tumemplek ana awake ?

a)

Pancasana

b)

Panah Pasopati

c)

Wesi Gligen

d)

Kuku Pancanaka

2.

Pratelan ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko alus yaiku…

a)

Priyayi kakung marang garwane.

b)

Srawunge wong dewasa kang wis kulina.

c)

Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.

d)

Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.

3.

Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…

a)

ngaturake salam utawa kula nuwun

b)

ngomong sakepenake nganti saktutuge

c)

ndhodhok lawang paling akeh kaping telu

d)

mlebu menawa wis dimanggakake

4.

Bu Ani - ngapura - nyuwun

tatanane tembung iki yaiku ... .

a)

nyuwun ngapura bu Ani

b)

Bu Ani ngapura nyuwun

c)

nyuwun bu Ani ngapura

5.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

6.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

7.

Pacelathon ibu marang bapak, adik marang kangmase. Nggunakake basa . . . .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

8.

Pak Lik aturana ... wedang kopi

a)

ngombe

b)

dhahar

c)

maem

d)

ngunjuk

9.

Diparingi hadiah bapak ngucapake ... .

a)

matur nuwun

b)

kula nuwun

c)

tindak pundi

d)

saking pundi

10.

Ketemu mbah wayah esuk ngucapake ... .

a)

sugeng dalu

b)

sugeng enjing

c)

sugeng siang

d)

sugeng selamet