wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LEBARAN

Total questions: 8

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Tulisen nama lengkap

4 lines
2.

Absen

4 lines
3.

Pilihen kelasmu ...

a)

8A

b)

8B

c)

8C

d)

8D

4.

Tembung sing diwarnani kuning iki gathukna terjemahan kanthi di drag+drop !

Mudik iku ajeg gumathok​ (a)   karo tembung Lebaran. Para pangrantau mulih saka anggone peparan ​ (b)   menyang desa asale kanggo kumpul keluwarga ageng, nemoni tiyang sepuhe ​ (c)   , lan ngudhari rasa kangene marang sedulur. Cara baline pangrantau iku maneka warna, umume ana sing nitih ​ (d)   transportasi umum kayata bus, kereta, carteran, pesawat, lsp lan ana uga sing luwih milih kendharaan pribadhi. Menawa dirunut saka mula bukane ​ (e)   , budaya mudik iku ana sejarahe

Choose from the below words
diartikan
menyudahi
sejarah
dihubungkan
bepergian
orang tuanya
menaiki
asal muasalnya
5.

Tembung sing diwarnani kuning iki gathukna terjemahan kanthi di drag+drop !

Mudik iku wiwitane kalampahan ​ (a)   ing jaman Majapahit lan Mataram Islam. Nalika iku wilayahe Majapahit engga Sri Lanka. Mula kraton Majapahit ndunungake pejabat sing sumebar ing saindhenging ​ (b)   wilayah supaya bisa njaga kekuwasaan. Ing sawetara wektu longgar biasane para pejabat kondur ​ (c)   ing keratonan. Semono uga ing zaman Mataram Islam, para pejabat kondur saperlu laporan marang Raja, ngiras pantes ngulihi keluwarga sing ana ing pusat keratonan. Mula watawis tahun 1970-an tembung mudik banjur wiwit kawentar ​ (d)   lan dadi sawijining tradhisi. Miturut basane, mudik saka tembung jarwa dhosok sing ateges mulih dhisik utawa bali sedhela kanggo tilik sanak sedulur sawise lelungan ngumbara ​ (e)   golek kayan.

Choose from the below words
terulang
selalu
terjadi
seluruh
pulang
terkenal
mengembara
6.

Tembung sing diwarnani kuning iki gathukna terjemahan kanthi di drag+drop !

Tembung mudik ora bisa uwal ​ (a)   saka tembung lebaran, dene lebaran asale saka telung tembung yaiku luberan, leburan, lan laburan. Luberan ateges mbludak ​ (b)   sing karepe ajakan supaya ngokehi anggone zakat fitrah ing pungkase ​ (c)   sasi pasa, uga andum ​ (d)   rezeki menawa duwe kaluwihan. Leburan ateges luntur sing karepe pada nglunturake dosa kanthi cara nyuwun lan paring pangapuran​ (e)   .

Choose from the below words
dipilah
makanan
lepas
melimpah
akhir
membagi
maaf
7.

Tembung sing diwarnani kuning iki gathukna terjemahan kanthi di drag+drop !

Laburan saka tembung labur utawa kapur sing warnane putih sing karepe sawise paring pangapura banjur lebur ​ (a)   dosane lan balik kaya kapur sumawur ​ (b)   warnane putih sing diarani labur. Dene suguhan​ (c)   sing biasane digawe nalika riyaya yaiku kupat saka tembung jarwa dhosok "ngaku lepat"​ (d)   . Kupat dibungkus nganggo godhong janur saka bahasa Arab ja’al nur yaiku "kawetune cahya"​ (e)   , cahyan sing padhang sawise padha jaluk pangapuran.

Choose from the below words
lembek
makanan
luluh
tersebar
salah
cahaya
benar
8.

Tembung sing diwarnani kuning iki gathukna terjemahan kanthi di drag+drop !

Bab sing ajeg ​ (a)   ​ dilakoni dening wong kang mudik kayata sungkem njaluk pangapura marang tiyang sepuh lan sedulur, uga nyuwun pandonga muga gegayuhane ​ (b)   bisa kaleksanan, uga padha ngraketake silaturahmi marang sedulur sing jarang sapa aruh​ (c)   . Nanging sawise lumakune wektu jaman saiki mudik ora mung dadi sarana ngraketake paseduluran, nanging ngiras nuduhake eksistensi dhiri sasuwene ngrantau. Wong sing mudik bakal nggawakake samubarang sing bisa gawe mongkog ​ (d)   lan tresna​ (e)   atine keluwargane.

Choose from the below words
mengabaikan
lelah
keinginannya
bertegur sapa
bangga
sayang
selalu
pasti