Worksheetscangkriman tembang pucung
Total questions: 15
Worksheet time: 1hrs 15mins
Bapak Pocung, putrane bapa lan biyung.
Dudu kakang, dudu mbakyu, dudu adhi.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
gajah
gelang
mic
awakku dhewe
Bapak pocung, bisa nggereng, bisa mbengung.
Kaya manuk rajawali.
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
montor mabur
penthol korek
sepur
sabuk
Bapak pocung maca nulis klawan ngetung.
Digegem, diasta.
Saben-saben si pocung dhahare arta.
Batangane tembang pocung yaiku ... .
montor mabur
hape
gajah
jun
Bapak Pocung, buntut dawa sirah gembung.
Lamun urip nganggo listrik.
Munggah panggung saben ana adicara.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
sabuk
penthol korek
mic
sepur
Bapak pocung mlungker-mlungker.
Manggonmu neng tangan.
jarum mlaku rina wengi.
ngrembug wektu, si pucung migunani.
Batangane tembang pocung yaiku ... .
sabuk
arloji
ula
mic
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sabane ing sebrang
Titihane sang bupati
Yen lumaku si pucung lambeyan grana
Batangane bapak pocung yaiku ... .
arloji
unta
trek
gajah
Bapak pocung tanpa darbe siyung.
Badanira dawa.
Tutuke nira pan pesagi.
Dina-dina nira nedha buntutira.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
gelang
kalung
arloji
sabuk
Bapak pocung rodha papat bisa mbengung.
Wujude kothak dawa.
Mangan barang sakabehing.
Yen wes nggereng banjur lunga tanpa kandha.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
montor mabur
kapal
trek
sepur
Bapak pocung sedulur ana pitu.
Tan ana kang padha.
Urip enem mati siji.
Dulur pitu tan arep urip beberangen.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
dina
penthol korek
mlinjo
klenyem
Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung.
dawa kaya ula.
Pencokanmu wesi miring.
Sing disaba si pocung mung turut kutha.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
trek
sepur
montor mabur
sepeda
Bapak pocung, bunder-bunder saka pohung.
Isi gula jawa.
dipangan sajak mirasa.
Mung ing Jawa, panganan iki kang ana.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
sukun
gedhang
mlinjo
klenyem
Bapak pocung rupane amemba gunung.
Tan ana kang tresna.
Kabeh uwong mesti sengit.
Kang kanggonan den elus-elus tinangisan.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
tatu
sulak
udun
sapu
Bapak pocung amung sirah lawan gembung.
Padha dikunjara.
Mati sajroning ngaurip.
Mijil baka sipucung dadi dahana.
Batangane bapak pocung yaiju ,,, ,
pentjol korek
biting
sapu sada
jam tangan
Bapak pocung, anane ing tanah suci.
Pinter nyimpen toya.
Mangka tumpakane jalmi.
Boyok mbrenjul suku dawa gulu dawa.
Batangane bapak pocung yaiku ... .
ula
wedhus
gajah
unta
Bapak pocung endi lor endi kidul.
Laku tapa brata.
Mung kepengen bisa malih.
Dadi kupu, si pocung wedharing tapa.
Batagange bapak pocung yaiku ... .
semut
uler
enthung
sawang
