NEW
Font size
WorksheetsUjian Bahasa Jawa Kelas VII D
Total questions: 25
Worksheet time: 50mins
Dongeng yaiku....
Sastra lisan kang nyritakake kadadean kang ngedab edabi lan ora tinemu ing nalar
Gancaran kang nyritakake satunggaling prastawa miturut urutan wektu
Karya sastra kang isine kawruh kanggo ndadeake bahan ngajar guna kanggo nggayuh kaluhuran urip
Karya sastra kang isine tembang
Crita kang ana gegayutane karo alam lelembut utawa gaib yaiku....
Fabel
Legendha
Sage
Mite
Gatekno Pratelan Ing Ngisor iki!
1) dicritakan kanthi lisan
2) Anonim
3) Dicritakake kanthi turun temurun
4) Isine nilai-nilai luhur
5) Dicritakake kanthi tulisan
6) Jelas sopo pengarange
7) Dicritakake dening tanggane
8) Isine cara sinau sing bener
Miturut pratelan ing nduwur, titikane dongeng yaiku....
5, 6, 7, 8
1, 2, 5, 6
1, 2, 3, 4
1, 2, 7, 8
Wacana
Kulawargane Pak Sakir kalebu wong ora duwe. Uripe rekasa. Nadyan dheweke mbudidaya kanthi nyambut gawe mempeng, ora wegahan, nangung ewa semono isih kagubed maneka warna kakurangan. Pak Sakir tumindake utama, senajan uripe rekasa. Panjenengane nengenake kejujuran, andhap asor, sabar lan teguh ing panembah. Panjenengane ora tau ninggalake kuwajiban, manembah marang Gusti Kang Akarya Jagad. Mula sajroning urip kang rekasa iku, ora tau kawetu pangresula, ngaruwara utawa ngetoake tembung-tembung ala liyane. Atine sabar lan sumarah.
Panggesangipun keluwarginipun Pak Sakir yaiku....
Kesrakat/melarat
Mubra-mubru/sarwa kecukupan
Biasa mawon
Mulya
Gatekna Pratelan ing ngisor iki!
1) tumindake becik
2) Atine ana wulune
3) Dawa tangane
4) Lembah manah
5) Dawa ususe
6) Kandel imane
Watake Pak Sakir tinemu ing pratelan nomer....
1, 2, 3, 4
1, 2, 5, 6
1, 4, 5, 6
2, 4, 5, 6
"Jujur Mujur Sempulur" iku tegese ....
Wong kang jujur bakal cilaka
Wong kang jujur bakal nemu kamulyan
Wong kang jujur bakal urip sengsara
Wong kang jujur bakal diasingake
Wacana
Ing sawijining dina, nalika Pak Sakir lagi sengkut ngresiki suket ing pategalan, dheweke kaget. Ing sangisore suket ana kendhil kapendhem, didhudhuk banjur dijupuk, kendhil nuli dibukak tutupe. Isine kendhil dhuwit emas kang pating gebyar. Pak Sakir nratab campur bungah, nanging rasa bungah ora suwe, malik grembyang dadi bingung, mangu-mangu, wusanane kendhil dibalekke kaya maune. Ing telenging batin, tuwuh pamikir mbok menawa iku rejekine liyan. Pak Sakir terus jumangkah bali. Ing bang kulon sumamburat abang, nuduhake yen wayahe pancen wis surup, wancine kudu mulih.
Latar wektune dongeng ing dhuwur yaiku....
Esuk
Sore
Awan
Wengi
Wacana
Satekane omah, Pak Sakir nyritakake apa sing dialami ing tegal mau karo bojone. Bojone mau nesu, amarga kendhil mau ko kora digawa bali. Pak Sakir kang sabar iku ora nanduki bojone kang lagi nesu. Dheweke nglungani terus mapan turu. Dene Bu Sakir during trima, dheweke menyang omahe tanggane, saperlu kandha apa kang dialami bojone. Bu Sakir kongkonan tanggane jupuk kendhil mau. Tekan tegal kendhil isih wutuh. Wong kuwi bungah banget. Nanging barang kendhil dibukak, kang ana jero dudu dhuwit emas, nanging ula kan mandi upase. Mula dheweke muring-muring, tuwuh karepe males kadadean kuwi. Kendhil digawa mulih. Wancine tengah wengi, kanthi sesingidan mlebu omahe Pak Sakir liwat lawing mburi, kendhil diselehake ing pawon. Ing pangajab sesuk-esuk kaluwargane Pak Sakir mati dicakot ula jeron kendhil mau.
Miturut pethikan crita ing dhuwur, watake Bu Sakir yaiku....
Setya marang garwa
Seneng mring bandha
Tulus lair batin
Galak nanging gemi
Apa kang ditindakake Bu Sakir sawise dicritani kadadean kang dialami dening Pak Sakir?
Mapan turu
Masak-masak
Menyang omahe tanggane
Menyang pategalan
Kenangapa dene tanggane Pak Sakir dadi dendham karo keluargane Pak Sakir?
Mergo oleh emas akeh
Mergo nemu ula ing kendhil
Mergo dikon ngresiki tegalan
Mergo kesayahen resik-resik
Dongeng “Jujur Mujur Sempulur” kalebu jinising dongeng....
Fable
Legendha
Sage
Farabel
Paraga pokok ing dongeng”Jujur Mujur Sempulur” yaiku....
Pak Sakir
Bu Sakir
Tanggane Bu Sakir
Kendhil
Wacana
Kancil lan Merak
Merak pancen seneng macak, mula tansah nengsemake. Wulune katon edi peni gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sethithik tangga teparone Merak kang padha mara menyang omahe Merak saperlu ngadi busana lan ngadi sarira.
“Aku kepengin supaya nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” Ujare Kancil marang Merak.
“Sandhangan wulu kang tumemplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.
Dongeng ing dhuwur iku kalebu jinising....
Fabel
Legendha
Sage
Farabel
Paraga Merak awatak....
Gumedhe, kemaki
Kepenginan
Gedhe syukure mring Pangeran
Seneng ngunggulake pribadine
Paraga Kancil awatak....
Gumedhe, kemaki
Kepenginan
Gedhe syukure mring pangeran
Seneng ngunggulake pribadine
Wacana
Kancil lan Merak
Merak pancen seneng macak, mula tansah nengsemake. Wulune katon edi peni gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sethithik tangga teparone Merak kang padha mara menyang omahe Merak saperlu ngadi busana lan ngadi sarira.
“Aku kepengin supaya nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” Ujare Kancil marang Merak.
“Sandhangan wulu kang tumemplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.
Tegese tembung kang kacithak kandel ing wacan nduwur yaiku...
Dandan, nyenengake, endah,ngrumat
Besus, mencutake, apik, nindakake
Dandan, ngepengini,asri, njaga
Mbarek, nglegakake, becik, ndandani
kenangapa kancil kepengen darbe wulu kaya Merak?
Wulune merak katon edi peni
Wulune merak alus banget
Wulune merak okeh banget
Wulune merak okeh pigunane
Wacana
Kancil lan Merak
Merak pancen seneng macak, mula tansah nengsemake. Wulune katon edi peni gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sethithik tangga teparone Merak kang padha mara menyang omahe Merak saperlu ngadi busana lan ngadi sarira.
“Aku kepengin supaya nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” Ujare Kancil marang Merak.
“Sandhangan wulu kang tumemplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.
Carane Pangripta olehe nyritakake dongeng ing dhuwur nggunakake Teknik wong....
Kapisan
Kapindho
Katelu
Kepapat
Pak Basuki ngundang kenduri ning daleme Pak Darno, nanging Pak Basuki namung ketemu karo anake Pak Darno. Mula ature kenduri dipasrahake ning putrane suapaya matur dhateng bapakne, mature putrane dhateng Pak Darno inggih punika....
Mangke Bapak didhawuhi kenduri wonten daleme Pak Rahmat jam gangsal.
Mangke Bapak diutus kenduri wonten daleme Pak Rahmat jam lima.
Mangke Bapak dikengken kenduri wonten daleme Pak Rahmat jam lima.
Mangke Bapak kaaturan kenduri wonten
Amarga udan, Sandi anggone mangkat sekolah kudanen. Klambine teles mula ijin dhateng gurunipun bali ngomah badhe ganti klambi.
Ature Sandi dhateng gurune yaiku....
Nuwun sewu Bu, kula ijin kondur badhe gentos busana
Nuwun sewu Bu, kula ijin bali arep ganti klambi
Nuwun sewu Bu, kula ijin wangsul badhe gentos rasukan
Nuwun sewu Bu, kula ijin kondur badhe ganti klambi
Wacana Pacelathon
Ibu : Sin…!
Sinta : Dalem Bu.
Ibu : Iki adhik kok awake anget, sajake arep pilek, tukokno obat nyang apotek ya!
Sinta : Inggih Bu.
Ibu : Enya dhuwite! Kowe arep numpak apa? Sing ngati ati ya. Jujule kanggo sangu sekolah kowe
sesuk esuk.
Sinta : ………………..
Ibu : Iya, padha padha.
Jawabane Sinta marang Ibune sing bener yaiku....
Inggih Bu. Kula numpak sepedha mawon. Maturnuwun nggih Bu, paring sangu kangge benjing.
Inggih Bu. Kula nitih sepedha mawon. Maturnuwun nggih Bu, caosipun sangu kengge benjing enjing.
Inggih Bu. Kula nitih sepedha mawon. Maturnuwun nggih Bu, aturipun sangu kangge benjing enjing.
Inggih Bu. Kula numpak sepedha mawon. Maturnuwun nggih Bu, caosipun sangu kagem benjing enjing.
Wulangan iki wis di terangaken Bu Guru, ya wis dak waca bola-bali, ning koaku isih bingung ya. Tembung sing kacithak kandel iku panulise during ngenut aturan ejaan basa Jawa yaiku….
Diterangake, tak waca, kok aku
Diterangake, dakwaca, ko aku
Dhiterangake, dhak waca, kok aku
Diterangake, dakwaca, kok aku
Tugas basa Jawa saka Bu Guru wis “garap”
Tembung garap yen diowahi nganggo ater-ater tripurusa dadi….
Digarap
Kokgarap
Dakgarap
Garapen
latine yaiku....
Sinau
Bukumu
Mejamu
Krungu
latine yaiku....
Surasa
Wahyudi
Karyana
Kangmas
