wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA - PASINAON 1

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Mijil, Kinanthi, Pucung, Sinom, Pangkur, Asmaradana, Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Maskumambang, lan Megatruh kalebu jinise tembang....

a)

kenangan

b)

dolanan

c)

macapat

d)

jawa

2.

Gegambaran ngenani cakriking tembang sing kamot sajero tembang diarani .... tembang macapat.

a)

watake

b)

sasmitane

c)

pangriptane

d)

titikane

3.

Cacahe larik saben sapada diarani guru ....

a)

lagu

b)

gatra

c)

wilangan

d)

tembang

4.

Cacahe wanda saben sagatra diarani guru ....

a)

lagu

b)

gatra

c)

tembang

d)

wilangan

5.

Tibane swara ing pungkasaning gatra diarani guru ....

a)

tembang

b)

gatra

c)

lagu

d)

wilangan

6.

Tembang Maskumambang nduweni watak ....

a)

susah utawa sedhih lan melas asih

b)

tinarbuka mula pantes kanggo nelakake pitutur

c)

seneng, antepan ati, lan gagah

d)

sakepenakake lan kurang greget

7.

Paugerane tembang macapat Maskumambang yaiku ....

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a

c)

8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

d)

12i, 6a, 8i, 8a

8.

Apan kaya mangkono watek kaneki

Sanadyan wong tua

Yen duwe watek tan becik

Miwah tindak tan prayoga

Miwah tindak tan prayoga

Tembung kang kacethak kandhel tegese (a)  

9.

Isine tembang Maskumambang ing dhuwur yaiku senajan wong tuwa ....

a)

wateke ala tetep ditiru

b)

wateke ala, ora patut diconto

c)

wateke apik, ora patut diconto

d)

ora patut diconto

10.

Ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglakokake tembang yaiku ....

a)

pathet

b)

pedhotan

c)

laras

d)

cengkok

11.

Ing ngisor iki sing kalebu tembang macapat, kajaba ....

a)

Gundhul-Gundhul Pacul

b)

Pocung

c)

Kinanthi

d)

Maskumambang

12.

Ing wayah sore ibu nyapu latar.

Basa kramane tembung sore, yaiku ....

a)

enjang

b)

wengi

c)

sonten

d)

siyang

13.

Bapak badhe tindak wonten kantor.

Tembung tindhak pada karo tembung....

a)

teka

b)

lunga

c)

bali

d)

mulih

14.

Simbah bali saka pasar mlaku.

Ukara ing nduwur kui yen diowahi basa krama inggil dadi ....

a)

Simbah bali saking pasar mlampah.

b)

Simbah wangsul saka peken mlaku.

c)

Simbah kondur saking peken mlampah.

d)

Simbah wangsul saking peken mlampah.

15.

Ing ngisor iki dadi paugerane tembang macapat, kejaba guru . . . .

a)

lagu

b)

wilangan

c)

gatra

d)

tembang

16.

Saben tembang macapat duweni filosofi dhewe-dhewe. Filosofine tembang Maskumambang yaiku nggambarake....

a)

jabang bayi kang isih ana ing Jurrahim ibu

b)

bocah kang wis lair lan jelas priya utawa wanita

c)

yen manungsa bakal pisah ruhe saka raga

d)

yen manungsa duweni rasa tresna marang liyan

17.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis,

Sambate mlas arsa,

Luhnya marawayan mili,

Gung tinameng astanira.

Isine tembang macapat ing dhuwur yaiku ....

a)

Gathutkaca ora bisa nangis

b)

Gathutkaca nangis banter nrenyuhake, luhe mili ditutupi nganggo tangan

c)

Gathutkaca yen nangis ora metu eluhe

d)

Gathutkaca yen nangis ora banter

18.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis. Tembung kang kacethak kandhel pada tegese karo ....

a)

banter

b)

alon

c)

cepet

d)

ireh

19.

Gung tinameng astanira

Basa ngokone tembung kang kacethak kandhel yaiku ....

a)

sikil

b)

sirah

c)

irung

d)

tangan

20.

Aku lara weteng, yen simbah gerah . . . .

a)

padharan

b)

weteng

c)

sikil

d)

untu

21.

Salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang duweni sawehening paugeran yaiku tembang . . . .

a)

kenangan

b)

tengahan

c)

macapat

d)

lagu

22.

Bapak wis kondur saka Bandhung.

Kondur basa ngokone yaiku . . . .

a)

lunga

b)

mulih

c)

tindhak

d)

manggon

23.

Tembang macapat iku kaiket ing paugeran . . . .

a)

guru gatra, guru basa, lan guru lagu

b)

guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

c)

guru swara, guru basa, lan guru sastra

d)

guru swara, guru lagu, lan guru wilangan

24.

Tembang Maskumambang iku kedadean saka . . . gatra

a)

3

b)

5

c)

2

d)

4

25.

Tembang macapat mujudake salah sijine jinis lagu daerah utawa tradisional jawa. Jinise tembang macapat kuwi ana . . . .

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12