wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Undha usuk basa

Total questions: 155

Worksheet time: 4hrs 1mins

Name
Class
Date
1.

Undha-usuk basa kuwi kaperang dadi loro yaiku . . . . .

a)

basa ngoko lugu lan ngoko alus

b)

basa ngoko alus lan krama inggil

c)

basa ngoko lan basa krama

d)

basa krama lugu lan ngoko lugu

2.

Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa ngoko lugu yaiku . . . .

a)

Bapak tindak dhateng Semarang kalawau enjing.

b)

Bapak kesah dhateng Semarang kalawau enjing.

c)

Bapak tindak dhateng Semarang mau esuk.

d)

Bapak lunga menyang Semarang mau esuk.

3.

Suramenggala             : “Nduk Cempluk! Ana apa iki? Bengok-bengok ana dalan. Byuh-byuh praupanmu pucet kaya kentekan getih. Esuk-esuk masa ana dhemit ta, Nduk?”

Cempluk                                 : “Pak, Panjenengan tulungi tiyang punika, Pak!” (karo nuding menyang pasar) “Panjenengan tulungi Pak!”

Suromenggala                         : “Hentoh-hentoh rak malah saya ora cetha. Ana apa iki? Ayo matura sing genah, ana apa?”

Cempluk                                  : “Gentho, Pak. Gentho putranipun Paman Surogentho ndamel geger wonten peken nggepleg tiyang ngantos klenger.”

Basa kang digunakake dening Suromenggala marang Cempluk ing pethikan teks drama kasebut yaiku . . . .

a)

ngoko alus

b)

krama lugu

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

4.

Panjenengan kula bektakaken jampi saking wana, Raden.

Ukara kasebut yen kaowahan nganggo basa ngoko alus dadi . . . .

a)

Panjenengan kula astakaken jampi saking wana, Raden.

b)

Panjenengan dakgawakake jamu saka alas, Raden.

c)

Sampeyan kula bektakaken jampi saking wana, Raden.

d)

Sampeyan dakgawakake jamu saka alas, Raden.

5.

Ibu mangan sate ayam.

Ukara ing ndhuwur yen diowahi miturut undha usuk sing bener, yaiku. . . .

a)

Ibu maem sate ayam

b)

Ibu dhahar sate ayam

c)

Ibu nedha sate ayam

d)

Ibu nedhi sate ayam

e)

Ibu mangan sate ayam

6.

Simbah lara untune saka sore.

Yen diowahi dadi basa krama alus sing bener, yaiku. . .

a)

Simbah lara untunipun saka sore

b)

Simbah gerah untune saking sore

c)

Simbah gerah wajane saking sonten

d)

Simbah gerah wajanipun saking sonten

e)

Simbah lara wajane saka sonten

7.

Tetembungan undha usuk kang digunakake ibu marang bapak ing dalem, wong

tuwa marang wong enom kang isih ngajeni, wong

sing wis padha-padha akrab lan ana usaha saling

ngurmati, yaiku. . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko andap

8.

Tetembungan undha usuk sing digunakake bocah karo bocah, wong tuwa marang bocah, yaiku. . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

e)

krama inggil

9.

Sawijining panaliten nuduhake yen akeh bocah enom ora mahir nganggo basa krama. Ing antarane solusi ing ngisor iki, endi sing paling efektif kanggo nguri-uri undha usuk basa Jawa?

a)

Mung nggunakake basa krama ing acara adat lan resmi wae.

b)

Ngajarke undha usuk basa Jawa liwat media interaktif kaya dolanan lan video.

c)

Nglarang panggunaan basa Indonesia supaya bocah luwih trampil basa Jawa.

d)

Nindakake lomba pidato basa Jawa saben taun tanpa program rutin sinau basa.

10.

Nalika Parjo nyedhaki simbah lan matur, “Sim, aku arep tuku jajan neng warung,” simbah kaget lan kandha yen Parjo kudu nganggo basa krama. Apa kekeliruan Parjo nalika ngomong?

a)

Parjo kudu nggunakake basa krama ing saben rembugan tanpa kecuali.

b)

Parjo bisa nggunakake basa lumrah amarga basa krama mung perlu nalika ing acara resmi.

c)

Simbah kudu ngidini Parjo nggunakake basa lumrah amarga bocah enom angel basa krama.

d)

Parjo ora nggatekake undha usuk basa amarga ora nggunakake krama alus marang simbah.

11.

Wiwit cilik, Rini tansah nganggo basa Indonesia ing kulawargane. Nalika mlebu sekolah menengah, dheweke kesulitan nganggo basa krama. Endi solusi paling tepat supaya Rini bisa nguwasani basa krama?

a)

Rini mung sinau basa krama yen ana ujian utawa lomba.

b)

Rini kudu tansah nganggo basa krama sanajan karo kanca sebaya.

c)

Rini bisa latihan nganggo basa krama karo wong tuwa lan guru, lan nyoba nggunakake ing saben kesempatan.

d)

Rini ora perlu sinau basa krama amarga saiki basa Jawa wis kurang dienggo bocah enom.

12.

Setitekna perangan wacan iki kanthi patitis!

.

Putri Malu Kanggo Tamba Angel Turu

.

Ing karang padesan tetuwuhan kang wite kebak eri iki ana kang nyebut “Pis Kucing” utawa “Putri Malu” [Mimosa Pudika Linn]. Godhonge cilik-cilik bentuke lonjong. Wernane ijo semu abang. Anehe godhong kasebut yen kesenggol bakal nutup [mingkup] kanthi teratur. Tanduran Putri Malu nduweni kembang bentuke kaya bal, wernane jambon lan uwohe cilik-cilik meh padha kembang pete. 

Ing negara China tanduran kasebut wis dibudidayakake minangka tamba pawongan kang angel banget bisa turu [insomnia], bronkhitis lan uga lelara rematik.

.

 


Teks wacan ing ndhuwur migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

e)

krama madya

13.

Setitekna perangan wacan iki kanthi patitis!

.

Putri Malu Kanggo Tamba Angel Turu

.

Ing karang padesan tetuwuhan kang wite kebak eri iki ana kang nyebut “Pis Kucing” utawa “Putri Malu” [Mimosa Pudika Linn]. Godhonge cilik-cilik bentuke lonjong. Wernane ijo semu abang. Anehe godhong kasebut yen kesenggol bakal nutup [mingkup] kanthi teratur. Tanduran Putri Malu nduweni kembang bentuke kaya bal, wernane jambon lan uwohe cilik-cilik meh padha kembang pete. 

Ing negara China tanduran kasebut wis dibudidayakake minangka tamba pawongan kang angel banget bisa turu [insomnia], bronkhitis lan uga lelara rematik.


Tandhuran Putri Malu ndhuweni kembang bentuke koyo bal. 

Panulise tembung kacithak kandel sing bener yaiku ...

a)

Tandhoran, duweni, koyok

b)

Thandhuran, nduweni, kayak

c)

Tanduran, nduweni, kaya

d)

Tandhuran, nduwe, kaya

e)

Tanduran, nduweni, koyok

14.

Setitekna perangan wacan iki kanthi patitis!

.

Putri Malu Kanggo Tamba Angel Turu

Ing karang padesan tetuwuhan kang wite kebak eri iki ana kang nyebut “Pis Kucing” utawa “Putri Malu” [Mimosa Pudika Linn]. Godhonge cilik-cilik bentuke lonjong. Wernane ijo semu abang. Anehe godhong kasebut yen kesenggol bakal nutup [mingkup] kanthi teratur. Tanduran Putri Malu nduweni kembang bentuke kaya bal, wernane jambon lan uwohe cilik-cilik meh padha kembang pete. 

Ing negara China tanduran kasebut wis dibudidayakake minangka tamba pawongan kang angel banget bisa turu [insomnia], bronkhitis lan uga lelara rematik. 

.
Tembung lelara tegese...

a)

Sakit

b)

Penyakit

c)

Penyakiten

d)

Bundhas

e)

Tatu

15.

Basa jawa nduweni rong werna basa yaiku ngoko lan krama. Dene yen dibage maneh miturut undha-usuk basa, perangane basa ngoko yaiku ...

a)
ngoko lugu lan ngoko andhap
b)
ngoko alus lan krama inggil
c)
ngoko lugu lan ngoko alus
d)
krama inggil lan krama lugu
e)
krama madya lan ngoko madya
16.
  1. Aku mangan sega rawon lan ibuku mangan sega pecel.

  2. Yen didadekake basa krama alus yaiku ...

a)
Kula nedha sekul rawon lan ibu kula nedha sekul pecel.
b)
Kula nedha sekul rawon lan ibu kula dhahar sekul pecel.
c)
Kula dhahar sekul rawon lan ibu kula nedha sekul pecel.
d)
Kula dhahar sekul rawon lan ibu kula dhahar sekul pecel.
e)
Kula mangan sekul rawon lan ibu kula nedha sekul pecel.
17.
  1. Basa sing ora trep klawan undha usuke antarane panganggone ing Bapak lan Aku, yaiku ...

a)
Bapak dhahar, kula nedha
b)
Bapak dhahar, kula adus
c)
Bapak siram, aku adus
d)
Bapak mangan, kula dhahar
e)
Bapak siram, kula nedha
18.
  1. Tuladha basa krama lugu sing bener yaiku...

a)

Lik, sampeyan mengko sida teka mrene tah?

b)

Ndhuk, ibu pundhutna gula rong kilo!

c)

Bu, kula ijin badhe dhateng wingking!

d)

Saben dipunutus sinau mesthi alesan.

e)

Aku ora oleh melok pakdhe lunga.

19.

Ibu : "Aja kesusu turu, solat isyak dhisi, rin!"

Rina : "Inggih, Buk. Kula sampun solat. Menawi ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin!"

ing punggelan teks kasebut, ibu migunbakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

20.

"Bapak maca koran karo ngombe kopi ing latar"

ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi basa ngoko alus yaiku. ...

a)

Bapak maos koran karo ngunjuk kopi ing latar.

b)

Bapak maca koran karo ngombe kopi ing latar

c)

Bapak maos koran kaliyan ngunjuk kopi ing latar

d)

Bapak maca koran kaliyan ngombe kopi ing latar

21.

ngoko lugu digawe kanggo omong-omongan marang....

a)

bapak

b)

simbah

c)

kanca

d)

Pak Guru

22.

yen ketemu Bapak ibu guru wayah awan ngucapke....

a)

sugeng enjing

b)

sugeng siyang

c)

sugeng sonten

d)

sugeng dalu

23.

Bapak budhal nyambut. buhdal krama inggile...

a)

kesah

b)

tindak

c)

kondur

d)

nitih

24.

krama inggile mata yaiku....

a)

mustaka

b)

angga

c)

paningal

d)

rikma

25.

ditimbali matur ....

a)

nuwun

b)

dalem

c)

mboten

d)

sampun

26.

"Ibuku wis balik saka pasar numpak pit motor', Tembung kasebut minangka dadi basa krama Alus .....

a)

Ibu kula sampun kondur saking peken nitih sepedha motor.

b)

Ibu kula wis kondur saking peken nitih sepedha motor.

c)

Ibuku sampun kondur saking peken nitih sepedha motor.

d)

Ibu kula sampun kondur saka pasar nitih sepedha motor.

e)

Ibu kula wis wangsul saka pasar nitih sepedha motor.

27.

Wuwuhan kang dumunung ing sangarepe tembung lingga, yaiku .....

a)

Ater-ater

b)

Seselan

c)

Panambang

d)

Lingga

e)

Andhahan

28.

Tembung kang wis owah saka asale tuladha tembung 'tukua' yaiku ......

a)

Tembung Andhahan

b)

Tembung Lingga

c)

Tembung Wod

d)

Tembung Dasar

e)

Unda Usuk Basa

29.

tembung 'gumuyu' minangka tembung andhahan amarga ......

a)

oleh ater-ater

b)

oleh seselan

c)

oleh panambang

d)

ora owah

30.

Kala wingi bukune wis dakwaca. Ukara kasebut tuladha ukara.....

a)

gothang

b)

tanggap

c)

tanduk

d)

pitakon

31.

jenis ragam basa manut panggonane sing trep manut unggah ungguh yaiku ...

a)

basa formal - basa informal

b)

basa tulis - basa lisan

c)

basa ngoko - basa krama

d)

basa gancaran - basa sastra

e)

basa rinengga - basa madya

32.

ragam dialek surabayaan, bojonegoroan, malangan lan sapanunggale, ragam basa sing dititik saka ...

a)

panggonane

b)

wilayahe

c)

sapa sing nganggo

d)

situasine

e)

kumpulane

33.

" Nalika ketemu wong sepisan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon ukara."


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

34.

" Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama".


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

35.

Ukara ing ngisor iki paling trep manut aturan unggah-ungguh yaiku ...

a)

kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu

b)

kula sampun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu

c)

kula empun nedha arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu

d)

kula sampun nedhi yatra, nanging dereng diparingi ibu

e)

kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu

36.

Adhedhasar pamawasmu ngenani gambar bagan ing dhuwur, pangetrape basa ing saben patemon pacelathon, jagongan utawa cangkrukan beda-beda. Miturut gunane basa kaperang dadi telung golongan. Basa Jawa minangka basa budaya yaiku ...

a)

basa jawa mujudake salah sijine budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong jawa apa dene wong-wong manca negara

b)

basa jawa mujudake salah sijine budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong jawa.

c)

Basa jawa digunakake kanggo medharake saweneh kawruh

d)

Basa jawa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair awit saka sesambungane keluarga utawa masyarakat kiwa tengene

e)

Wangsulan A lan B bener

37.

Adhedhasar pamawasmu ngenani telung gambar ing dhuwur, pangetrape basa ing saben panggon beda-beda. Minangka pribadi lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan jalaran ...

a)

Ing endi lan karo sapa kita rembugan panggonane basa pada wae

b)

Panggonane basa ing warung kopi padha karo ing arisan

c)

Bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe yen jagongan, basa e padha wae

d)

Para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae

e)

Beda papan lan bab kang dirembug bisa ndadekake beda panggonane basa

38.

Ibu : Bapak wis ... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

39.

Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!

Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.


Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

Ngoko dan krama

40.

Adhik .... susu, kula .... es teh ugi bapak .... kopi

Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Ngombe, nginum, ngunjuk

b)

Nginum, nginum, ngunjuk

c)

Ngombe, ngombe, ngombe

d)

Nginum, nginum, ngunjuk

e)

Ngombe, ngombe, ngunjuk

41.

Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....


Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, dhahar

b)

Nedha, nedha

c)

Nedha, mangan

d)

Nedha, dhahar

e)

Dhahar, nedha

42.

Anis : mengko sore sido latihan ora san?

Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.


Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Madya

e)

Krama Alus

43.

Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

44.

Jingglengono pacelathon ing ngisor iki !

Bagus : Drun, nyang endi ?

Badrun : Lapangan, melu ta?

Bagus : Gak, kadhung semayan karo adul

Badrun : Ana acara ta

Bagus : Biasa motor anyar, Mas Bro

...

Sarampunge nyemak pacelathon ing dhuwur, nggunakake ragam basa apa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

e)

basa krama madya

45.

Jingglengono 5 ukara ing ngisor

1. wong tuwa marang wong enom

2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane

3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane

4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor

5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni


Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....

a)

1,2,3

b)

1,2,4

c)

2,3,4

d)

2,4,5

e)

3,4,5

46.

Kang diarani unggah-ungguh basa yaiku...

a)

undhag-undhage basa kang ora ngandhut tata karma

b)

undhag-undhage basa kang ngandhut tata karma

c)

Undhag-undhage basa lisan kang ngandhut tata karma

d)

undhag-undhage basa tulis ngandhut tata karma

e)

undhag-undhage basa isyarat kang ngandhut tata karma

47.

Ragam unggah-ungguh basa ana ing ngisor iki, kajaba....

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Krama madya

d)

Krama lugu

e)

Krama Alus

48.

Ing ngisor iki kang dadi titikane basa ngoko alus yaiku...

a)

basa ngoko kang kacampuran ragam basa krama alus

b)

basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa krama alus

c)

basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa ngko

d)

basa ngoko kang tembunge dienggo saben dina

e)

basa ngoko kang tembunge basa rinengga

49.

Basa ngoko kang ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani…

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

50.

Basa kang digunakake marang wong sing sadrajat amarga durung raket yaiku…

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

51.

Mas, sampeyan mengko didhawuhi bapak menyang daleme pakdhe. Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku...

a)

krama

b)

ngoko

c)

ngoko alus

d)

krama alus

e)

krama lugu

52.

Bapak nembe kemawon...kula mboten wantun nggigah. Ganepe ukara kasebut kang trep yaiku...

a)

tilem

b)

turu

c)

sare

d)

bobok

e)

merem

53.

Kula sampun.....menawi boten saged ndherek. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...

a)

ngomong

b)

kandha

c)

matur

d)

ngendika

e)

ngucap

54.

Ukara-ukara ing ngisor iki luput unggah-ungguhing basa, kajaba...

a)

Eyang sakit waja sampun tigang dinten

b)

Putranipun Bu Nanik dipuntampi wonten UGM

c)

Kula badhe tindak dhateng Madiun

d)

Ageman kula sampun kanthah

e)

Adhik dhahar pisang goring

55.

Menawa omongan karo wong sing luwih tuwa sing kurang pengalaman, prayogane kudu...

a)

ngetokake kapinterane

b)

tetep andhap asor

c)

pamer kabisane

d)

ngremehake

e)

nganggep bodho

56.

Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu...wedang jahe.

a)

ngombe

b)

ngunjuk

c)

nyruput

d)

ngeglak

e)

nenggak

57.

Bab kang ora digatekake nalika nulis teks pacelathon (drama) yaiku…

a)

nggawe salah siji tema kang bakal digawe drama

b)

nemtokake paraga lan wewatakane paraga kasebut

c)

nggawe alur carita, adegan, lan pacelathon saka paraga

d)

nulis ubarampe kang bakal digawe

e)

nemtokake latar wektu lan papan panggonan carita

58.

Adhiku durung gelem mlebu sekolah“. Yen disalin dadi basa krama alus yaiku...

a)

Adhiku dereng gelem mlebet sekolah.

b)

Rayi kula durung gelem mlebu sekolah

c)

Adhi kula dereng gelem mlebet sekolah

d)

Rayi kula dereng kersa mlebet sekolah

e)

Rayi kula durung purun mlebet sekolah

59.

Gatekna pratelan drama ing ngisor iki!

Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?” Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?” Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.” Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.” Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.” Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas. Pratelan drama ing ndhuwur nggunakake ragam basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Krama alus

d)

Krama inggil

e)

krama

60.

Le, aku sesuk terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol. Ragam basa kang digunakake yaiku.…

a)

Ngoko lugu

b)

Krama alus

c)

Ngoko alus

d)

Krama desa

e)

Ngoko

61.

Panjenengan punapa badhe (a)   dhateng Malang?

62.

Ham, Bu Guru mau (a)   nggarap tugas ing kaca pira?

63.

Jangkepana tabel iki!

(a)  

64.

Jangkepana tabel iki!

(a)  

65.

Jangkepana tabel iki!

(a)  

66.

Nyuwun tulung panjenengan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku ……

a)

Ngoko alus

b)

Ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

67.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Alus

d)

Krama Lugu

68.

Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama Alus

b)

Krama lugu

c)

Ngoko Alus

d)

Ngoko Lugu

69.

Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama lugu

d)

Krama Alus

70.

Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …

a)

Basa Ngoko Alus

b)

Basa Krama Alus

c)

Basa Krama Lugu

d)

Basa Ngoko Lugu

71.

Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko Alus

b)

Basa Ngoko Lugu

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

72.

Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!


Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”

Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”

Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”

Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”

Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”

Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.


Pratelan dialog ing ndhuwur nggunakake ragam basa..

a)

ngoko alus

b)

krama lugu

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

73.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

krama lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

74.

Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!

(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane)

Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?”

Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.”

Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?”

Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV”

Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”

Bagas : “Inggih, Bu!”


Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan dialog kasebut yaiku....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama Alus

d)

Krama lugu

75.

Unggah-ungguh basa kang trep pangetrapane yaiku....

a)

Adhi kula sampun dhahar kalawau.

b)

Bu, panjenengan ingkang mbeta tas punika, kula ingkang ngasta buku!

c)

Kula tindak dhateng sekolahan, bapak kesah dhateng kantor.

d)

Pak Guru kondur, kula ugi ndherek wangsul.

76.

Panjenengan napa wis dhahar? Ukara menika mlebet jenising basa

(a)  

77.

Xyla sampun sinau unggah-ungguh basa Jawa. Ukara kasebut ngangge jenising basa (a)  

78.

Nalika Firman isih turu Bapak tindak kerja. Ukara menika ngangge basa...

(a)  

79.

Ibu nyuwun pangapunten, kula badhe dhateng wonten pakiwan. Ngangge basa napa ukara menika...

(a)  

80.

Ronaldo seneng banget sinau basa Jawa. Ukara menika ngangge basa...

(a)  

81.

sampeyan menapa sampun nedha? Ukara menika nganggo basa...

(a)  

82.

Kanca kula boten mlampah amarga gerah. Ukara menika bener napa luput?

(a)  

83.

Bu Suryanti mangkat menyang sekolah. Ukara menika luput. Ukara ingkang leres...

(a)  

84.

kula mundhut sate ayam wonten Samirono. Ukara menika luput. Ukara ingkang leres...

(a)  

85.

Pigunane basa Ngoko Alus kanggo, kejaba...

a)

A. Guneman marang wong kang enom utawa drajade luwih cendhek

b)

B. Guneman marang wong drajade dhuwur nanging wis rumaket

c)

C. Wong Ngudarasa utawa guneman dhewe

d)

D. Kanggo sesorah utawa pidato sing sifate umum

86.

Bapak saiki kagungan pimpinan anyar, dene pimpinane riyin kanca sekelas nalika SMA. Basa kang trep dipungunakaken Bapak marang pimpinanipun inggih menika ….

a)

Krama lugu

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko lugu

d)

Krama alus

e)

Krama Inggil

87.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya, basa madya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah, basa madya

e)

basa daerah, aksara jawa, ngoko, krama

88.

Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?

a)

Sapada Kanca

b)

Anak marang Bapak/Ibu

c)

Murid marang Guru

d)

Guru marang murid

e)

Adik marang Mas/Mbak

89.

‘Saben dina, awakmu sekolah opo numpak sepeda motor?’

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....

a)

Saben dina, riko sekolah opo nitih sepeda motor?

b)

Saben dina, sampeyan sekolah opo nunggang sepeda motor?

c)

Saben dina, sampeyan sekolah opo numpak sepeda motor?

d)

Saben dinten, panjenengan sekolah nopo nitih sepeda motor?

e)

Saben dina, panjenengan sekolah nopo numpak sepeda motor?

90.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Krama madya

91.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

e)

Griya kulo adoh, Pak

92.

Mengko sore, bapak arep tindak menyang toko buku Gramedia.

Ukara kuwi kalebu tataran basa

a)

Krama

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Inggil

d)

Ngoko Lugu

e)

Krama Alus

93.

Kepiye anggonmu omong marang Bapakmu, ngandhani menawa Bapak kon mulih sedhela karo Simbah?

a)

Bapak kon mulih sedhela karo Simbah.

b)

Bapak didhawuhi Simbah kondur sekedhap.

c)

Bapak diaturi Simbah kondur sekedhap.

d)

Bapak didhawuhi Simbah wangsul sekedhap.

e)

Bapak didhawuhi mulih sedhela karo Simbah.

94.

Eyang mundhut pirsa, “Apa bapakmu wis omong welingku, Le?”

Kula mangsuli, “Inggih, Eyang. Bapak sampun …..........”

Tembung kang trep kangge njangkepi ukara ing ngandhap inggih menika ….

a)

Kandha

b)

Semaur

c)

Ngendika

d)

Matur

e)

Ngandani

95.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken.

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Alus

d)

Krama Lugu

e)

Krama Madya

96.

Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!


Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”

Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”

Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”

Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”

Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”

Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.


Pratelan dialog ing ndhuwur nggunakake ragam basa..

a)

ngoko alus

b)

krama lugu

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

97.

Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!

(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane)

Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?”

Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.”

Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?”

Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV”

Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”

Bagas : “Inggih, Bu!”


Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan dialog kasebut yaiku....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama madya

d)

Krama lugu

e)

Krama Inggil

98.

" Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama".


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

99.

Ibu : Bapak wis ... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

100.

Anis : mengko sore sido latihan ora san?

Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.


Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Madya

e)

Krama Alus

101.

Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

102.

Jingglengono pacelathon ing ngisor iki !

Bagus : Drun, nyang endi ?

Badrun : Lapangan, melu ta?

Bagus : Gak, kadhung semayan karo adul

Badrun : Ana acara ta

Bagus : Biasa motor anyar, Mas Bro

Sarampunge nyemak pacelathon ing dhuwur, nggunakake ragam basa apa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

e)

basa krama madya

103.

Jingglengono 5 ukara ing ngisor

1. wong tuwa marang wong enom

2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane

3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane

4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor

5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni


Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....

a)

1,2,3

b)

1,2,4

c)

2,3,4

d)

2,4,5

e)

3,4,5

104.

Basa ngoko iku basa kang lumrah digunakake ing masyarakat, duweni watak ....

a)

ngajeni

b)

guyonan

c)

penting

d)

mirunggan

e)

rumaket

105.

Basa ngoko Yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa ....

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama

d)

krama alus

e)

krama lugu

106.

Nalika adhik .... , aku ya ...., lan ibu uga ....

Tembang kanggo njangkepi supaya trep kanggo unggah-ungguhe .....

a)

mangan - mangan- mangan

b)

nedha - nedha - nedha

c)

mangan - mangan - nedha

d)

mangan - mangan - dhahar

e)

nedha- nedha - dhahar

107.

Wekdal Bapak ...., kula ....

Tembung kanggo njangkepi supaya tepat kanggo Unggah-ungguhe yaiku .....

a)

dhahar - siram

b)

dhahar - adus

c)

nedha - siram

d)

mangan - adus

e)

mangan - siram

108.

Ibu .... kula, kula lajeng .... Bapak.

Tembang kanggo njangkepi supaya trep karo Unggah-ungguhe .....

a)

nambali - nimbali

b)

ngaturi - ngaturi

c)

ngundang - ngundang

d)

nimbali - ngaturi

e)

ngundang - nimbali

109.

Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih.

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko Alus

b)

Ngoko Lugu

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

e)

Krama inggil

110.

Kagatosna  pacelathon menika!

Farrel              :”Kula nuwun”

Bu Dwi            :”E, Mas Farrel. Kadingaren sore-sore mrene. Mangga lenggah!”

Farrel               :”….”

Bu Dwi            :”Ora dadi ngapa, rak ya padha slamet ta?”

Wangsulanipun Farrel ingkang trep miturut unggah-ungguh basa, inggih menika ….

a)

“Nyuwun pangapunten sowan wonten griyanipun ibu.”

b)

Nyuwun pangapunten sowan wonten dalemipun ibu.”

c)

“Nyuwun ngapura sowan wonten dalemipun ibu.”

d)

“Nyuwun ngapura sowan wonten griyanipun ibu.”

e)

“Nyuwun pangapunten tindak dalemipun ibu”.

111.

Ragam basa kang digunakake kanggo wong tua kang arep ngendika karo cah enom yaiku…

a)

Krama alus

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu

112.

“Aku wingi ngombe es mula dina iki watuk”

Ukara iki menawa ana ing unggah ungguh basa bisa klebu ragam basa apa?

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

113.

Ragam basa jawa kang kabeh tembung gunakake krama lan ora ana campuran ngoko utawa madya yaiku...

a)

Krama lugu

b)

Krama alus

c)

Ngoko alus

d)

Krama ndesa

114.

“Pak Lukita sajane gerah apa ta Yu? Kok sesasi pisan tindak rumah sakit”

Miturut unggah-ungguh basa Jawa, ukara ing ndhuwur iku klebu ragam basa apa….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

115.

Rusman : Assalamuallaikum wr wb, kula nuwun pak badhe nyuwun pirsa Rizal punapa wonten dalem?

Pak Darno : Waalaikumsalam iya le, Rizal ana ing omah nanging iki mau nembe dikongkon biyunge tuku tabung gas. Ana apa?

Rusman : Menika kula badhe wangsulake buku Basa Jawa kagunganipun Rizal ingkang kula ampil kala wingi.

Pak Darno : Ooo ya le, kene daktampanane mengko yen Rizal wis mulih bisa dakcaosake bocahe.

Rusman : Inggih pak menika bukunipun Rizal. Menawi mekaten kula pamit rumiyin nggih pak. Matur nuwun wasalamuallaikum

Pak Darno : Ya le, ati ati ya

Miturut pacelathon ing nduwur Rusman anggone matur karo Pak Darno gunakake ragam basa apa?

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

116.

Siti : Kula nuwun, leres menika ruang karyawan?

Tika : Inggih leres mbak, wonten punapa?

Siti : Tepangaken kula Siti karyawan enggal wonten Rumah Sakit Bhakti

Tika : Ooo ingkang karyawan enggal ta? Nggih mangga, kula Tika. Sampeyan dalemipun pundi mbak Siti?

Siti : Inggih mbak Tika, griya kula Nusukan. Menawi sampeyan mbak?

Tika : ............................................................

Pacelathon kang ana ing ndhuwur iku gunakake ragam basa apa?

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

117.

Siti : Kula nuwun, leres menika ruang karyawan?

Tika : Inggih leres mbak, wonten punapa?

Siti : Tepangaken kula Siti karyawan enggal wonten Rumah Sakit Bhakti

Tika : Ooo ingkang karyawan enggal ta? Nggih mangga, kula Tika. Sampeyan dalemipun pundi mbak Siti?

Siti : Inggih mbak Tika, griya kula Nusukan. Menawi sampeyan mbak?

Tika : ............................................................

Ukara kang trep kanggo ngisi wangsulane paraga Tika yaiku...

a)

Dalemku Banyuagung

b)

Dalem kula Banyuagung

c)

Griyaku Banyu agung

d)

Griya kula Banyuagung

118.

“Menawi kepengin boten gampil …. kita kedah njaga imunitas lan …. Vitamin”

Coba pilihen tembung kang leres kanggo jangkepi ukara ing nduwur yaiku…

a)

Lara, ngombe

b)

Lara, ngunjuk

c)

Gerah, ngombe

d)

Gerah, ngunjuk

119.

Drajat : Nyuwun pangapunten Pak Sujiwo kula badhe (1)...... kelas amarga samenika (2)...... mumet. Kula badhe (3)...... UKS

Pak Sujiwo : Ooo ya mas mangga

Drajat : Matur nuwun Pak

Tembung kang trep kanggo jangkepi tandha titik angka (2) yaiku....

a)

Sakit

b)

Gerah

c)

Padharan

d)

Mustaka

120.

Ragam basa kang ora pareng digunakake siswa amarga ora trep karo tata krama lan subasita yaiku....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Basa Jawa kasar

d)

Krama Ndesa

121.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan pirepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama desa

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama lugu

122.

Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

ngoko desa

123.

Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

e)

krama desa

124.

Pak dhokter mau dhawuh karo Simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

e)

kramantara

125.

Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake Bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

kedhaton

126.

Mas, menawi sampeyan kondur betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama alus

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama lugu

e)

basa kedhaton

127.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

kramantara

128.

Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit, ukara kasebut gunakake unggah-ungguh basa...

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

basa kedhaton

e)

ngoko lugu

129.

Simbah saweg tilem, ukara kasebut kalebu ukara...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

ngoko desa

130.

Simbah saweg sare, ukara kasebut kalebu ukara...

a)

krama lugu

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

basa kedhaton

e)

krama alus

131.

sawise rampung anggone mangan, para tamu banjur dikon padha mlebu ruangan rapat. Ukara kasebut migunakake basa ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

basa resmi

132.

O1 lan O2 padha gineman. O1 minangka Penutur, dene O2 yaiku ...

a)

mitra tutur

b)

caturan

c)

pacelathon

d)

pirembagan

e)

jejer

133.

Nyuwun tulung Panjenengan pundhutaken dhaharan kagem adicara rapat mbenjang enjang. Ukara kasebut kalebu basa ...

a)

ngoko lagu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko biyasa

134.

Menawi Panjenenegan nitih pit montor, sampun supe ngasta ngagem helem. Ukara kasebut migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko andhap

d)

krama alus

e)

krama lugu

135.

Guru Basa Jawaku asmane Pak Afif. Basa krama alus kang pener yaiku ...

a)

Dwija Basa Jawa kula asmanipun Pak Afif

b)

Dwija Basa Jawaku asmanipun Pak Afif

c)

Guru Basa Jawa kula asmanipun Pak Afif

d)

Dwija Basa Jawa kula asmane Pak Afif

e)

Guru Basa Jawaku asmanipun Pak Afif

136.

Jenis ragam basa manut panggonane sing trep manut unggah ungguh yaiku ...

a)

basa formal - basa informal

b)

basa tulis - basa lisan

c)

basa ngoko - basa krama

d)

basa gancaran - basa sastra

e)

basa rinengga - basa madya

137.

Ibu: Bapak wis . . . . ?

Bapak: Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu: Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak: Lo, Bu Wira wis kondur ta?

Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

138.

Ibu: Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!

Rina: Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.

Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

Ngoko dan krama

139.

Dipun sekecakaken anggenipun. . . , kula ugi nembe kemawon . . .

Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, dhahar

b)

Nedha, nedha

c)

Nedha, mangan

d)

Nedha, dhahar

e)

Dhahar, nedha

140.

Anis: mengko sore sido latihan ora san?

Santi: sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.

Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Madya

e)

Krama Alus

141.

Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

142.

Jingglengono 5 ukara ing ngisor

1. Wong tuwa marang wong enom

2. Wong/bocah marang padha sak umurane

3. Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane

4. Wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor

5. Ngrembug wong liya kang perlu diajeni

Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....

a)

1,2,3

b)

1,2,4

c)

2,3,4

d)

2,4,5

e)

3,4,5

143.

Sampeyan punika yoganipun sinten?

Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

krama kasar

144.

Anggen kula ngrantos panjenengan kalawau sampun dangu sanget.

Yen diowahi ing basa ngoko lugu yaiku. . .

a)

Anggonku nunggu sampeyan mau wis suwe banget.

b)

Anggen kula nengga sampeyan wau sampun dangu sanget.

c)

Anggonku nunggu kowe mau wis suwe banget.

d)

Anggen kula nengga panjenengan wau sampun dangu sanget.

e)

Anggen adalem ngantos panjenengan wau sampun dangu sanget.

145.

Bapak mulih saka sawah jam sepuluh esuk.

Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .

a)

Bapak kondur saka sawah jam sepuluh esuk.

b)

Bapak kondur saking sabin jam sedasa enjing.

c)

Bapak wangsul saking sabin jam sedasa enjing.

d)

Bapak wangsul saka sawah jam sepuluh esuk.

e)

Bapak mulih saking sawah jam sepuluh enjing.

146.

Omahmu wis disapu apa durung?

Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku. . .

a)

Dalemipun panjenengan sampun dipunsapu punapa dereng?

b)

Griyanipun sampeyan sampun dipunsapu punapa dereng?

c)

Dalemipun panjenengan wus disapu apa durung?

d)

Griyanipun panjenengan wis disapu apa durung?

e)

Griyanipun panjenengan sampun dipunsapu apa durung?

147.

Mangana dhisik wae!

Yen diowahi basa krama lugu yaiku. . .

a)

Panjenengan dhahar rumiyin mawon.

b)

Sampeyan nedha rumiyin mawon.

c)

Panjenengan dhahar dhisik wae!

d)

Sampeyan nedha dhisik wae!

e)

Sampeyan dhahar disik kemawon!

148.

Kowe digawakake obat saka godhong suruh.

Basa krama aluse yaiku. . . .

a)

Panjenengan diastakake obat saka godhong suruh.

b)

Sampeyan dipunbektakaken jampi saking ron suruh.

c)

Panjenengan dipunastakaken jampi saking ron suruh.

d)

Sampeyan dipunastakaken jampi saking ron suruh.

e)

Sampeyan dipunastakake usada saking godhong suruh.

149.

Susi: “Mbak, njenengan mau wis dhahar apa durung?”

Dina: “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”

Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Susi ing pacelathon kasebat, inggih menika ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama

d)

ngoko

e)

krama inggil

150.

Simbah: “Kowe mau saka ngendi Na?’

Nana: “Saking ......... budhe Siti Mbah.”

Simbah: “Masmu Joko ana neng ....... ora?”

Nana: “Boten wonten Mbah. Mas Joko tilem wonten ......... Mas Doni.”

Rerangkening tetembungan ingkang trep kangge njangkepi pacelathon kasebat, inggih menika .....

a)

griyanipun - omah - daleme

b)

griyane - griya - omahipun

c)

dalemipun - griya - griyane

d)

dalemipun - omah - griyane

e)

griyanipun - omah - omahe

151.

Basa ngoko iku basa kang lumrah digunakake ing masyarakat lan duweni watak ....

a)

ngajeni

b)

guyonan

c)

penting

d)

mirunggan

e)

rumaket

152.

Basa ngoko Yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa ....

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama

d)

krama alus

e)

krama lugu

153.

Basa Jawa ana basa krama lan basa ngoko

a)

Bener

b)

Salah

154.

Basa kramane sirah yaiku asta

a)

Bener

b)

Salah

155.

Yen ngomong karo adek nganggo basa krama alus

a)

Bener

b)

Salah