NEW
Font size
WorksheetsLatihan Soal Basa Jawa Bab Sesorah
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarep wong akeh utawa pamireng akeh diarani... .
Geguritan
Sesorah
Tembang
Pacelathon
Gatekno pranyataan ing ngisor iki
1)Surasa / isi
2)Purwaka/ Pambuka
3)Wasana / Panutup
4)Salam Panutup
5)Salam Pambuka
Urutane perangan sesorah kang bener yaiku ... .
5-2-1-3-4
2-5-3-1-4
1-2-3-4-5
1-3-4-2-5
Perangan pambuka ing sesorah yaiku ... .
Salam pambuka, surasa, panutup
Salam pambuka, atur pakurmatan, pamuji syukur
Pambuka, surasa, panutup
Surasa, pangajeng – ngajeng, salam panutup
“ Bapak lan Ibu Guru ingkang ... lan adhi kelas kula ingkang kula tresnani “
Tembung ingkang trep kanggo nglengkapi isi titik – titik salam pambuka sesorah ing ndhuwur yaiku ... .
kinurmatan
kebajikan
katentraman
kabagusan
Gatekna bab- bab ing ngisor iki
1) Ndhingkluk
2) Tangan ngapurancang
3) Nyawang tamu
4) Nguwasani pemirsa
Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomor ... .
4
1
2
3
Sapa sing sesorah manut teks kasebut?
(Teks bisa di zoom)
Kepala Sekolah
Bapak Guru
Ibu Guru
Wali Siswa
Apa isine sesorah kasebut?
Ngandarake bab usaha kripik welud
Kenalan siswa sing anyar
Mupangate wirausaha
Perpisahan kelas 6
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, kula namung pesen satunggal, mangga kangge kula lan rencang-rencang sedaya ampun aras-arasen anggenipun nuntut ilmu, amargi ilmu iku wigatos kangge panguripan ing saklajengipun. Mugi-mugi sesorah kula saged migunani kangge kita sadaya, aamiin. Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah
Perangan sesorah ing dhuwur kalebu … .
isi sesorah
penutup
pembuka
pakurmatan
Nuwun Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu guru ingkang kula bekteni, Bapak Ibu tiyang sepuh murid ingkang kula kurmati, tuwin para kanca kelas VI SD Aspertwo, punapa dene adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani….
Perangan pidhato ing dhuwur kalebu ….
salam pambuka
isine sesorah
salam pakurmatan
panutup sesorah
Wacanen kanthi patitis!
Kula, wakil saking rencang-rencang kelas 6 ngaturaken matur nuwun sanget kagem Bapak/Ibu Guru, ingkang sampun nggulawantah kula lan sak kanca-kanca dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.
Wonten ing adicara menika kula lan rencang nyuwun agenging pangapunten saking Bapak/Ibu guru mugi-mugi kula lan rencang saget nerasaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil kanthi lancar.
Isine punggelan sesorah ing dhuwur yaiku ….
Nyuwun donga supados adicara perpisahan kaleksanan kanthi sae
Nyuwun donga pangestu supados saget nerasaken pawiyatan ingkang luwih inggil
Ngaturaken panuwun dhumateng para rawuh sedaya
Ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Kang Maha Agung
“ Ingkang sampun nggula wenthah lan maringi pinten –pinten ilmu”.
Nggula wenthah dhuwe teges ... .
ngomong
nunggoni
ndidik
momong
“ ... lan mugi – mugi kula sekanca sakmangkenipun dados lare ingkang migunani tumrap agama, nusa, lan bangsa”.
Punggelan sesorah ing dhuwur ngemu maksud ... .
Dudutan
Panyuwunan doa restu
Pengajak-ajak
Pengarep-arep
"Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh."
Ing sajroning sesorah diarani ... .
Salam pambuka
Panyapa
surasa basa
Dudutan
Nalika sesorah marang wong luwih tuwa nganggo basa ... .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Perangan teks sesorah kang ngandharake tujuan utawa inti sarine andharan diarani... .
Purwaka
Surasa basa/isi
Dudutan
Pambuka
Dudutan utawa kesimpulan isine bab ... .
salam pakurmatan
panyapa ingkang para tamu
ringkesane isi sesorah
isine sesorah
Pak Sujadi arep sesorah mula gawe ... dhisik
kerangkane sesorah
isine sesorah
dudutan
purwaka/pambuka
Wasan namung makaten ingkang saged kula aturaken. Bokbilih kathah klentunipun anggen kula matur, tansah nyuwun aguging sih samudra pangaksami.
Ukara kang tinulis kandel kasebut ngemu teges ... .
matur suwun sanget
nyuwun pamit
nyuwun ngapura
matur suwun
Perangan sesorah ing dhuwur kalebu… .
purwaka
surasa basa/isi
dudutan
panutup
Adhedasar teks sesorah kasebut, dhuweni tema bab ... .
lingkungan
kewajiban
nasehat
pendhidhikan
“ Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun ...(1)... rahmat sarta hidayah dhumateng kita, saengga kita saget ...(2)... wonten ing Aula SDN Percobaan 2 kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.
(1) pinaringan , (2) kumpul
(1) menehi , (2) ketemu
(1) pinaringan , (2) makempal
(1) makempal , (2) pinaringan
“Kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun ngapunten”.
Parikan yen ing sesorah manggon ing... .
purwaka
panutup
surasa basa
pambuka
Ing ngisor iki kang kalebu tuladha salam pambuka, yaiku... .
Sugeng enjing para rawuh ingkang kinurmatan.
Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya pinaringan kasehatan.
Cekap semanten atur kula.
Matur nuwun.
Gathekna wacan ing ngisor iki!
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, kula namung pesen satunggal, mangga kangge kula lan rencang-rencang sedaya ampun aras-arasen anggenipun nuntut ilmu, amargi ilmu iku wigatos kangge panguripan ing saklajengipun. Mugi-mugi sesorah kula saged migunani kangge kita sadaya, aamiin. Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah.
Perangan sesorah ing dhuwur kalebu ….
isi sesorah
penutup
salam pambuka
pakurmatan
Gathekna pidhato acak ing ngisor iki!
A. Cekap semanten atur kula, wonten kiranging tata krama, saha suba sita nyuwun gunging pangapunten
B. Mangga kita sesarengan sami mbrasta penyakit Demam Berdarah, kanthi sesarengan ningkataken karesikan ing sakiwa tengen griya saha nggiyataken PSN.
C. Bapak/Ibu warga kelurahan Kaligawe, Kecamatan Gayamsari Semarang ingkang kula urmati saha kula bekteni
D. Kejawi menika mangga sami-sami nanem tanaman ingkang saged ngusir lemut ingkang nularaken penyakit Demam Berdarah, kadosta sere,lan lavender ing saben griya.
Pidhato acak ing dhuwur yen dirakit dadi urutan sing trep, yaiku….
a,b,c,d
b,c,d,a
c,b,d,a
d,c,b,a
Sikap nalika sesorah becike tangane ...
Malangkerik
Sedakep
Ngapurancang
Sesorah yaiku... .
unen-unen kang tetep panggonane lan kudu dibatang utawa mbutuhake wangsulan lan ugo diarani bedhekan utawa batangan.
unen-unen dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.
panguneg-uneg ing isining ati kang kasrat ana ing dluwang (kertas) utawa lembaran kang dikirimake marang wong liya.
micara/matur gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun pangapunten.
Ukara kasebut ing dhuwur dipapananke ana ing .... sesorah
pambuka
penutup
isi
salam
Ing ngisor iki perangane naskah pidhato, kajaba …
adangiyah
pembuka
penutup
isi
Muji syukur marang Gusti Allah iku ing sesorah dipapanake ana ….
pambuka
penutup
isi
salam
