wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL PSTS BAHASA JAWA KELAS 5 SEMESTER 2

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki pangertene saka teks eksposisi yaiku...

a)

nggambarake samubarang, upamane kahanan, papan, utawa manungsa

b)

nggunakake pancadriya (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangecap, lan pangganda)

c)

ngajak pamaca ndeleng fenomena

d)

ngajak pamaca supaya melu ngrasakake

2.

Wacan eksposisi klebu jinise wacan...

a)

fiksi

b)

nonfiksi

c)

imajinatip

d)

endah

3.

Ing ngisor iki bisa tinemokake wacan eksposisi, kejaba...

a)

internet

b)

ariwarti

c)

tipi

d)

kalawarti

4.

Struktur teks eksposisi kang bener yaiku...

a)

pratelan umum - andharan - panegasan maneh

b)

andharan - pratelan umum - panegasan maneh

c)

pratelan umum - panegasan maneh - andharan

d)

panegasan maneh - andharan - pratelan umum

5.

Salah siji titikan wacan eksposisi yaiku...

a)

ngemot informasi utawa kawruh

b)

urut wektu/kronologis

c)

migunakake basa baku

d)

panulisan kanthi cekak

6.

Tumapaking kridha kang kapisan jroning ngarang yaiku...

a)

nemtokake underan

b)

nggawe irah-irahan

c)

nemtokake ancas

d)

nggawe cengkorongan

7.

Ing ngisor iki irah-irahan sing bisa didadekake wacan eksposisi yaiku...

a)

Dumadine Kutha Surabaya

b)

Bebayane Narkoba

c)

Gathutkaca Gugur

d)

Asal-Usule Gunung Bromo

8.

Ing ngisor iki tuladha wacan eksposisi yaiku...

a)

Rasa kesel lan pegel ilang tumeka ing Pante Wedi Ombo. Pantene katon endah lan bisa digunakake kanggo nglangi.

b)

Jam enem esuk aku wis mangkat tumuju Pante Wedi Ombo. Aku menyang mrana diboncengake bapak numpak sepedhah motor. Udakara rong jam, aku lan bapak wis tekan.

c)

Pante Wedi Ombo nduweni wedhi putih lan alus. Wedhi pantai iki jembar kaya mutiara sing katon gemerlap yen kena sinar srengenge. Hawane seger lan pandelengane katon endah.

d)

Wedi Ombo minangka wisata alam dumunung ing Gunung Kidul, Yogyakarta. Lokasine ana ing Desa Balong, Girisubo, Gunungkidul, Yogyakarta, jarake udakara 70 kilometer saka pusat kutha lan bisa tékan 2 jam.

9.

Pratelan sing bener babagan karangan eksposisi yaiku...

a)

nggambarake kahanan sing manut data ilmiah (fakta) sing sumbere saka panaliten

b)

nggambarake objek, panggon, kedadeyan miturut wektune mulai wiwitan nganti pungkasan

c)

nggambarake objek, panggon, kedadeyan kanthi njlimet lan rinci nganti sing maca kaya ngalami dhewe

d)

ngarep-arep supaya pamaca melu karo kekarepane panulis

10.

Karangan eksposisi asipat...

a)

objektip

b)

subjektip

c)

mehak golongan tartamtu

d)

mehak para priyayi

11.

Kebahasan sajroning teks eksposisi yaiku migunakake basa baku, ing ngisor iki tuladha basa baku yaiku...

a)

dialek Tegal

b)

dialek Banyumas

c)

dialek Jawa Timur

d)

basa kang tembunge mlebu bausastra lan ora diwenehi katrangan enggon- enggonan ing Bausastra

12.

Perangan panegasan maneh ing teks eksposisi momot...

a)

pratelan umum

b)

pambuka

c)

alesan panemu

d)

kasimpulan

13.

Sipat saka wacan eksposisi yaiku...

a)

mbujuk

b)

informatip

c)

nglipur

d)

ngrayu

14.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Penyalahgunaan narkoba mbebayani banget kanggo kasehatan manungsa. Saliyane nduwe efek sing ndadekake panganggo ketagihan, nggunakake obat dhosis dhuwur uga bisa njalari pati kanggo panganggo. Saben jinis obat nduwe efek sing beda. Ana sing njalari jantung deg-degan luwih cepet saka normale, malah luwih bebaya maneh bisa njalari pati amarga overdosis.

Pokok crita paragrap kasebut yaiku...

a)

Penyalahgunaan narkoba mbebayani banget kanggo kasehatan manungsa

b)

Narkoba nduweni efek ketagihan

c)

Narkoba nyebabake overdosis

d)

Efek jantung deg-degan amarga narkoba

15.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Dinda umure 11 taun. Dheweke saiki kelas 5. Dinda sekolah ing SD Maju Karya. Dinda seneng wulu tamplek. Dheweke kepengin dadi juwara wulu tamplek kaya Susi Susanti. Kanggo ningkatake katrampilane, Dinda melu gladhen ing kelompok wulu tamplek jenenge Klub Badminton Surya. Dudutan wacan kasebut yaiku...

a)

Dinda kepengin kaya Susi Susanti

b)

Dinda klangenane wulu tamplek

c)

Dinda kepengin dadi juwara wulu tamplek

d)

Dinda melu gladhen wulu tamplek

16.

Ing ngisor iki sing klebu kagunane tembang macapat yaiku...

a)

dolanan kanggo wong mudha

b)

mbawani gendhing

c)

dolanan kanggo bocah cilik

d)

dolanan kanggo wong tuwa

17.

Bedane antarane guru wilangan karo guru lagu yaiku...

a)

guru wilangan iku cacaning wanda, guru lagu iku tibaning swara

b)

guru wilangan iku tibaning swara, guru lagu iku cacahing wanda

c)

guru wilangan iku cacahing wanda, guru lagu iku larikan ing tembang

d)

guru wilangan iku cacahing wanda, guru lagu iku kumpulane gatra

18.

Paugeran tembang Pocung yaiku...

a)

12a, 6a, 8i, 12a

b)

12u, 6a, 8i, 12a

c)

12u, 6a, 8a, 12a

d)

12u, 6a, 8i, 12u

19.

Tembang macapat sing gatrane paling sithik yaiku...

a)

Maskumambang lan Mijil

b)

Sinom lan Pocung

c)

Maskumambang lan Pocung

d)

Durma lan Pocung

20.

Guru gatrane tembang Pocung yaiku...

a)

4

b)

5

c)

10

d)

12

21.

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer !

Bapak pocung mlungker-mlungker kaya kalung,

manggonmu ing tangan,

jarum mlaku rina wengi,

ngrembug wektu si pocung kagungan guna.

Tembang macapat kasebut yaiku klebu tembang...

a)

Durma

b)

Sinom

c)

Pangkur

d)

Pocung

22.

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer !

Bapak pocung mlungker-mlungker kaya kalung,

manggonmu ing tangan,

jarum mlaku rina wengi,

ngrembug wektu si pocung kagungan guna.
Cacahing wanda gatra kapisan yaiku...

a)

12

b)

6

c)

8

d)

10

23.

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer !

Bapak pocung mlungker-mlungker kaya kalung,

manggonmu ing tangan,

jarum mlaku rina wengi,

ngrembug wektu si pocung kagungan guna.
Paugerane gatra pungkasan yaiku...

a)

12u

b)

6a

c)

8i

d)

12a

24.

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer !

Bapak pocung mlungker-mlungker kaya kalung,

manggonmu ing tangan,

jarum mlaku rina wengi,

ngrembug wektu si pocung kagungan guna.
Guru lagune tembang Pocung yaiku...

a)

a, a, i, u

b)

u, a, i, a

c)

a, a, i, a

d)

a, I, u, e

25.

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan

Bapak pocung mlungker-mlungker kaya kalung,

manggonmu ing tangan,

jarum mlaku rina wengi,

ngrembug wektu si pocung kagungan guna.
Batangane tembang Pocung kasebut yaiku...

a)

gelang

b)

ali-ali

c)

jam tangan

d)

tali

26.

Nggawe cengkorongan utawa reng-rengan crita bisa nggampangake anggone ... karangan.

4 lines
27.

Teks kang momot ide lan gagasan utawa kanggo dibandhingake antara siji lan liyane klebu jinise teks eksposisi ....

4 lines
28.

Wacan eksposisi iku asipat netral, ateges ora mehak marang ....

4 lines
29.

Ancase digawe karangan eksposisi yaiku kanggo njembarake ....

4 lines
30.

Nalika ngandharake panemu lan panyaruwe kanggo menehi tanggepan marang teks eksposisi kudu migatekake ....

4 lines
31.

Tembang macapat kang nggambarake nalika manungsa mati iku dikafani utawa dipocong sadurunge dikubur yaiku tembang ....

4 lines
32.

Tembang Pocung dumadi saka  ... gatra.

4 lines
33.

Paugeran tembang Pocung yaiku .....

4 lines
34.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra iku diarani ....

4 lines
35.

Manungsa mung ngundhuhi wohing pakarti.

Guru wilangan lan guru lagune pethilan tembang kasebut yaiku ....

4 lines
36.

Apa titikan sing paling utama saka teks eksposisi?

4 lines
37.

Apa unsur utama kang mbentuk teks eksposisi?

4 lines
38.

Apa kang diarani macapat

4 lines
39.

Tembang macapat klebu tembang apa

4 lines
40.

Geneya tembang macapat kudu dilestarekake?

4 lines