WorksheetsBAHASA JAWA KELAS 5
Total questions: 40
Worksheet time: 21mins
Dolanan tradhisional iku gunane supaya bocah dadi ....
guyub rukun
bisa juwara
tukaran
bisa egrangan
Yen arep lomba utawa tetandhingan, para siswa kudu sregep latihan lan ....
ora pareng rewel
ora pareng ngremehake liyan
ora pareng tangi awan-awan
ora pareng ndhisiki musuh
Waspadakna gambar ing ngisor iki!
Gambar nuduhake dolanan tradhisional ....
engklek
egrang
gobag sodor
cublak suweng
Ing ngisor iki tuladhane dolanan tradhisional, kejaba ....
dhakon
betengan
slekdhur
game online
// ...., ya gegetok / jamur apa, ya gegetok / jamur hajih, mbejijih saaraara / sira mbadhe jamur apa?//
Tembung kang trep kanggo njangkepi lelagon mau yaiku ....
jamur
jamuran
njamur
njamura
Wacanen kang setiti!
Jam enem esuk aku wis dandan mlipis. Seragam abang putih, dhasi lan topi wis tak anggo. Dina iki aku arep melu lomba egrang ing stadion. Jam setengah wolu, rombongan wis tekan ing stadion. Ing kono wis rame, amarga para peserta lomba dolanan tradisional sing wis padha teka.
Urutan wektu kang ana ing wacan ing dhuwur, yaiku ....
Jam 09.00 aku wis siap, jam 10.00 budhal menyang sawah.
Jam 06.00 aku sarapan, jam 07.30 tekan stadion.
Jam 6.30 aku wis sarapan, jam 10.00 tekan sekolah.
Jam 06.00 aku wis siap, jam 7.30 tekan stadion.
Salah siji titikan/ciri-cirine teks narasi yaiku ....
kronologis
protagonis
antagonis
kritis
Kronologis iku maksude yaiku ....
nyritakake kanthi temenan
nyritakake kedadean urut paragane
nyritakake kedadean urut wektune
nyritakake kedadean karo alasane
Penangane gawe layang kudu ngerti urut-urutane, kayata alamat, saka kutha ngendi sing kirim layang mau, lan sapa sing nulis utawa ngirim layang, iku diarani ....
satata basa
adangiyah
sarana basa
wasana basa
Koran kang terbit ing saben dina iku diarani uga ....
kalawarti
sasiwarti
ariwarti
pekenari
Ing ngisor iki tuladhane tembung saroja yaiku ....
babak bundhas
dawa tangane
nagasari
untu garu
Olehe nata barang mbok sing becik, aja ... bisa mbebayani.
rujak wuni
suwuk sembur
tumpuk undhung
abang-abang lambe
Langite katon ..., srengengene awan iku kumencar padhang.
suka parisuka
jembar bawera
peteng dhedhet
abang mbranang
Yen ditulis ing aksara Latin ....
asmaradana
sekar pangkur
durma
sinom
Bapak pucung rupane amemba gunung,
Tan ana kang tresna,
Kabeh uwong mesthi sengit,
Kang kanggonan den lus-elus tinangisan
Tembang macapat ing dhuwur awujud cangkriman, batangane yaiku ....
andheng-andheng
udun
untu
cantheng
Cacahing wanda suku kata saben sagatra/salarik diarani guru ....
gatra
wilangan
lagu
wanda
"Aku lagi pengen sinau bareng kanca-kanca,'' kandhane Ayuk.
Ukara ing dhuwur yen didadekake ukara carita dadi ....
Ayuk kandha menawa kanca-kancane seneng sinau.
Ayuk kandha menawa dheweke pengen sinau bareng kanca-kancane.
Ayuk kandha menawa dheweke pengen kanca-kancane sinau bareng-bareng.
Ayuk kandha menawa kanca-kancane ngajak sinau bareng-bareng.
Kena ngapa kowe dodol buku?
Ukara ing dhuwur iku basa kramane dadi ....
Kenging napa sampean dodol buku?
Wonten pundi sampean mande buku?
Kenapa panjenengan tumbas buku?
Kenging punapa panjenengan sadean buku?
Pak Sudira iku piyayi sing jembar segarane.
Jembar segarane tegese ....
pinter
seneng nulung
sugih
sabar
Wong sing antri ana ngarep kasir nganti jejel ... tanpa sela.
jejel
rewel
riyel
muntel
Tembung "macul, ngresiki, lan mupuk" kalebu tembung ....
wilangan
kahanan
panyilah
kriya
Para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah.
Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ....
upaya
wektu
tujuan
panggonan
Esuk umun-umun para kadhang tani tumandang gawe menyang sawah.
Ukara ing ndhuwur iku kalebu tembung dwilingga yaiku ....
umun-umun
kadhang tani
tumandang gawe
menyang sawah
Anak wedus jenenge cempe, yen anak sapi jenenge ....
bledug
beyes
pedet
cemeng
Bayu, braja, maruta, pawana, lan samirana iku dasanamane ....
langit
angin
geni
bumi
Gagasan pokok kang dadi dhasaran kanggo ngembangake carita diarani ....
tema
pacelathon
judul
alur
Tanduran kang wite mrambat ing lemah iku diarani pala ....
wija
kependhem
kesimpar
kitri
Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-tembunge diucapake kanthi ngoko kabeh. Basa ngoko lugu iku ora pareng diucapake ....
wong tuwa marang anake
bocah marang kancane
anak marang wong tuwa
wong tuwa marang wong enom
Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe.
Ukara ing dhuwur iku paribasane ....
Desa mawa cara, negara mawa tata.
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
Jer basuki mawa bea.
Adigang adigung adiguna.
Kowe duwe pitik pira?
Yen digawe krama inggil unine ....
Panjenengan kagungan pitik pira?
Sampeyan gadhah ayam pinten?
Panjenengan duwe ayam pinten?
Panjenengan kagungan ayam pinten?
Mustakaweni putranipun Raja Denawa Prabu Niwatakawaca.
Denawa tegese ....
putri
anak
buta
bojo
Tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ....
nyilih
dakgawakna
digawa
kokbalekake
Isine layang tinemu ana ing perangan ....
satata basa
wasana basa
surasa basa
adangiyah
Tokoh wayang sing duwe watak luhur yaiku ....
Kurawa
Pandhawa
Dursasana
Duryudana
Piranti sing digunakake kadang tani methiki pari yaiku ....
pacul
ani-ani
dos
arit
Tukang gawe barang saka kayu iku diarani ....
kemasan
pandhe
jlagra
undhagi
Ngawi, 11 Maret 2025.
Perangane layang iki diarani ....
papan lan titimangsa
satata basa
paprenahan
adangiyah
Wacane ....
Mangan karo ngombe
Mangan roti lapis
Mangan sega goreng
Mangan sate wedhus
Basa kang endah utawa basa sastra, endahe karana dipaesi direngga-rengga utawa dirumpaka diarani basa ....
krama
rinengga
krama desa
bagongan
Untune Ridwan cilik-cilik racak, kang kaya mangkene iki panyandrane untune ....
miji timun
miji semangka
mrongos
gingsul
